wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Deskripsi Omah Adat

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Omah adat Jawa ing antarane diarani ... .

a)

rumah gadang

b)

umah panjang

c)

iglo

d)

joglo

e)

gapura

2.

Perangan omah iki ana ing ngarep dhewe, biasane digunakake kanggo pertemuan.

Perangan omah iki diarani ... .

a)

pendapa

b)

teras

c)

omah agung

d)

senthong

e)

pringgitan

3.

Pendapa ing omah joglo nduweni saka guru minangka pralambang arah angin yaiku lor, kidul, wetan, lan kulon. Saka guru kasebut cacahe ...

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

4.

Perangan omah joglo kang dienggo kanggo nanggap wayang diarani ... .

a)

pendapa

b)

teras

c)

pringgitan

d)

omah dalem

e)

gandhok

5.

Perangan kang nduweni pralambang manungsa ora kena boros, tansah gemi, setiti, lan ngati-ati ing omah joglo diarani ... .

a)

pringgitan

b)

pendapa

c)

teras

d)

krobongan

e)

gandhok

6.

Ruangan iki wujude persegi lan ditutup tembok ing patang sisi. Perangan iki sipate khusus lan pribadi, biasane digunakake kanggo kumpul keluarga.

Perangan iki jenenge ... .

a)

teras

b)

pendapa

c)

pringgitan

d)

dalem agung

e)

senthong

7.

Ruangan iki istimewa. Biasane digunakeka kanggo ngaso lan turu sing duwe omah. Seliyane iku uga kanggo nyimpen pusaka lan bisa uga kanggo nindakake ibadah. Ruangan iki diarani ... .

a)

pendapa

b)

pringgitan

c)

dalem agung

d)

gandhok

e)

senthong

8.

Gambar kasebut perangan umah joglo kang fungsine kanggo ruang keluarga lan minangka pralambang kanggo njaga wibawa.

Perangan kasebut diarani ... .

a)

dalem ageng

b)

pendapa

c)

teras

d)

senthong

e)

pringgitan

9.

Seliyane omah joglo, omah tradhisional Jawa ana bentuk liyane kang luwih sederhana, Omah iku diarani ... .

a)

omah panjang

b)

iglo

c)

limasan

d)

gadang

e)

joglo

10.

Karangan kang isine nggambarake sawijining bab kanthi rinci diarani ... .

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

argumentasi

d)

persuasi

e)

eksposisi

11.

Miturut gambar iki, Angka 1 kuwi arane....

a)

Pendhapa

b)

Senthong

c)

Pringgitan

d)

Pakiwan

e)

Padhasan

12.

Nomor 2 kuwi arane...

a)

Pendapa

b)

Pringgitan

c)

Dalem agung

d)

Pawon

e)

Senthong

13.

Miturut gambar, nomor 3 arane....

a)

Pendhapa

b)

Dalem agung

c)

Senthong

d)

Pawon

e)

Pringgitan

14.

Miturut gambar iki, angka 4 arane....

a)

Pawon

b)

Pringgitan

c)

Senthong tengah

d)

Senthong Tengen

e)

Senthong Kiwa

15.

Miturut panemumu, endi sing diarani omah panggang pe kuwi?

a)
b)
c)
d)
e)
16.

Ruwangan kang wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Dene kang digunakake kanggo kluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi) yaiku...

a)

Teras utawa pendhapa

b)

Pringgitan

c)

Dalem agung

d)

Krobogan/ senthong

e)

Pakiwan

17.

Papane ana ing mburi dhewe, fungsine kanggo masak. Sanajan wewangunane katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadhi lan duwe nilai luhur. Papan kuwi arane...

a)

Pendhapa

b)

Pringgitan

c)

Dalem agung

d)

Senthong

e)

Pawon

18.

Penyu

Penyu minangka salah sawijine fauna laut sing urip ing pulo kabeh samudera ing dunia. Ing dunia, ana 7 spesies penyu, 6 ing antarane ana ing Indonesia. Penyu diklasifikasikake mbebayani kanthi kritis.

Jenis penyu sing ana ing Indonesia, yaiku penyu hijau, penyu sisik, penyu belimbing, penyu pipih, lan penyu tempayan.

Penyu belimbing minangka paling gedhe, kanthi ukuran dawa awak 2,7 meter lan bobot 600-900 kilogram. Dene penyu paling cilik minangka penyu lekang, kanthi bobot 50 kilogram.

Penyu umume migrasi jarak sing adoh ing wektu sing ora suwe. Jarak 3.000 kilometer bisa ditempuh sajrone 58-73 dina.

Kabeh jenis penyu laut ing negeri iki dilindhungi miturut Peraturan Pemerintah Nomor 7 tahun 1999 babagan Pengawetan Jenis Tumbuhan dan Satwa.

Uwong ora tanggung jawab mburu penyu kanggo njupuk carapace lan nggawe aksesoris kayata gelang, liontin, lan diawetake kanggo dipamerake isih akeh banget nganti saiki.

Penyu minangka spesies sing wis urip ing bumi nganti mayuta-yuta taun lan bisa urip nganti saiki. Penyu nglampahi akeh wektu ing segara nanging induke bakal ndharat nalika wayahe ngendhog.

Penyu nduweni sepasang sikil ngarep kanthi wujud sikil dayung sing menehi ketangkasan kanggo nglangi ing banyu.

 Yen ditilik saka isine wacan, teks ing dhuwur kalebu ...

a)

deskripsi

b)

eksposisi

c)

argumentasi

d)

persuasi

e)

narasi

19.

Ngandhakake prekara wanodya tansah anyar lan ndudut ati amarga ora bakal kentekan isu. Sasuwene lumaku donya iki, wanodya mung nglakoni urip sosial, ekonomi, lan politik kang ora patia wigati dibandhingake karo wong lanang. Kanthi cara struktural uga fungsional wanodya tansah kasingkirake. Suwalika, minangka ibu rumah tangga, wanodya tansah misuwur. Pitakonane, nganti kapan kahanan kaya mangkene iki bakal lumaku?Kamangka wis akeh cara lan upaya kanggo ngowahi kahanan iku, mligine saka para pakar wanodya.

Para siswa bisa milih luwih saka siji wangsulan ...

Adhedasar wacan kasebut, kang dadi underane perkara yaiku ....

a)

wanodya kang urip kumalungkung

b)

wanodya kang beda karo wong lanang

c)

wong lanang kang nguwasani urip wong wadon

d)

wong wadon kang nrima ing pandum

e)

wong lanang kang sawenang wenang

20.

Titikane paragrap :

(1) Mbudidaya supaya sarujuk

(2) Proses supaya wong percaya lan bisa nampa kang dikarepake panulis/ celathu

(3) Tansah ngendhani dredah

Adhedasar pratelan kasebut ing dhuwur, kalebu paragrap ...

a)

eksposisi

b)

argumentasi

c)

deskripsi

d)

narasi

e)

persuasi

21.

Gatekna pratelan iki !

(1) nemtokake underane utawa tema perkara sing arep ditulis

(2) Ngumpulake data saka maneka sumber, nyusun cengkorongan utawa kerangka sing cocok karo underan sing dipilih

(3) Nemtokake ancas nulis wacana eksposisi

(4) Ngembangake cengkorongan dadi wacana eksposisi sing wutuh

Carane nulis wacan kang bener yaiku ...

a)

1 -3- 2- 4

b)

1- 2-3 - 4

c)

4- 3- 2- 1

d)

4- 2- 3- 1

e)

4- 1- 2- 3

22.

Katrangan kang ora kalebu ciri teks deskripsi yaiku ….

a)

Menehi gambaran sawijining barang, panggonan, lan swasana.

b)

Gegambaran dilakokna kanthi migunakake panca indera.

c)

Nduweni ancas (tujuan) supaya pamaca kaya-kaya melu ngrungokna, weruh, lan ngrasakna.

d)

Menehi andharan ngenani sawijining objek kang dideskripsikake.

e)

Nyeritakake kanthi runtut sawijining panggonan lan swasana.

23.

Ciri khas saking omah adat Joglo, yaiku duweni ...

a)

senthong tengah

b)

pringgitan

c)

saka guru lan tumpangsari

d)

pendhapa

24.

Ukara deskripsi kang pas kanggo gambar kasebut yaiku ...

a)

Pigunane kanggo nampa tamu. Perangan iki dibukak tanpa ana

wates ruwangan. Wujud kang tinarbuka

b)

Papan iki aran senthong. Senthong kuwi digunakake kanggo ngaso, uga kanggo nyimpen pusaka lan piranti aji liyane.

c)

Papan iki lumrahe kanggo nggelar wayang utawa upacara tradhisional liyane.

d)

Pigunane kanggo masak lan kamar mandi. Papan iki prasaja banget, mapan ana ing perangan mburi.

e)

Mapan ana ing perangan mburi. Sanajan prasaja, perangan iki kalebu pribadhi lan duwe nilai luhur.

25.

Perangan omah Joglo iki duweni kagunan, kagunane yaiku ...

a)

kanggo nyimpen pusaka lan piranti aji liyane

b)

kanggo masak lan kamar

mandi

c)

kanggo nampa tamu

d)

kanggo patemon karo wong akeh

e)

digunakake dening kulawarga