wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Memahami sesorah 2

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Tata cara nindakake sesorah kanthi cara dadakan lan durung ana naskahe. diarani jinise sesorah....

a)

impromptu

b)

apalan

c)

naskah

d)

memoriter

2.

Cara nindakake sesorah kanthi cara ngapalake teks kang wis ana utawa sing wis digawe sadurunge, kalebu jinise sesorah....

a)

ngapalake

b)

improvisasi

c)

maca teks

d)

ekstemporer

3.

Perangan kang medharake wosing gati sesorah yaiku....

a)

purwaka

b)

wosing atur/isi

c)

panutup

d)

atur pakurmatan

4.

Wacanen pethilan teks sesorah ing ngisor iki.

Kula kinten mekaten ingkang saged kula aturaken. Mbok menawi kathah kalepatan anggen kula matur ugi kiranging tata trapsila, kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Pethilan sesorah kasebut arane

a)

atur pakurmatan

b)

atur puji sokur

c)

ukara panutup

d)

salam panutup

5.

Wacanen pethilan teks sesorah ing ngisor iki.

Kridha kasebut adhedhasar lelimbangan kawontenan lingkungan ingkang kedah dipunresiki. Saluran-saluran toya punika menawi mangsa jawah mboten saged mili toyanipun. Pramila saking punika, karang taruna badhe nyuwun pambiyantu para kadang sedaya, para sepuh, lan para mudha taruna saiyeg saeka praya gugur gunung reresik. Dene para ibu saged mbiyantu panyengkuyung unjukan lan dhaharan sawontenipun.

Pethilan sesora kasebut diarani sesorah....

a)

persuasif

b)

argumentatif

c)

rekreatif

d)

informatif

6.

Gathekna pethilan sesorah ing ngisor iki!

Ingkang sepisan, kula ngaturaken sugeng rawuh. Mugi- mugi rawuhipun para rawuh sedaya tansah damel rumaketing pasadherekan antawisipun warga sekolah. Kaping kalihipun kula nyuwun pangapunten, mbokmenawi anggenipun ngangsu kawruh tansah damel kuciwa bapak saha ibu dwija, kathah tumindak ingkang mboten mranani ing penggalih, kula tansah nyuwun pangapunten ingkang kathah. Kaping tiga, kula nyulihi para kanca kelas IX, nyuwun idi pangestu mugi-mugi sasampunipun lulus saking pawiyatan punika, saged katampi ing SMA/SMK ingkang dipun idham-idhamaken. Aamiin.

Bab wigati kang diandharake ing pethilan sesorah kasebut yaiku....

a)

atur puji sokur mring Gusti Allah

b)

matur nuwun, nyuwun pangapunten, nyuwun pangestu

c)

purwaka atur, isi, panutup

d)

nyuwun pangapunten, isi, lan panutup

7.

Gathekna pethilan sesorah ing ngisor iki!

Ingkang sepisan, kula ngaturaken sugeng rawuh. Mugi- mugi rawuhipun para rawuh sedaya tansah damel rumaketing pasadherekan antawisipun warga sekolah. Kaping kalihipun kula nyuwun pangapunten, mbokmenawi anggenipun ngangsu kawruh tansah damel kuciwa bapak saha ibu dwija, kathah tumindak ingkang mboten mranani ing penggalih, kula tansah nyuwun pangapunten ingkang kathah. Kaping tiga, kula nyulihi para kanca kelas IX, nyuwun idi pangestu mugi-mugi sasampunipun lulus saking pawiyatan punika, saged katampi ing SMA/SMK ingkang dipun idham-idhamaken. Aamiin.

Tembung nyulihi padha tegese karo....

a)

mandhegani

b)

ngancani

c)

makili/wakil

d)

mimpin

8.

Gathekna pethilan sesorah ing ngisor iki!

Ingkang sepisan, kula ngaturaken sugeng rawuh. Mugi- mugi rawuhipun para rawuh sedaya tansah damel rumaketing pasadherekan antawisipun warga sekolah. Kaping kalihipun kula nyuwun pangapunten, mbokmenawi anggenipun ngangsu kawruh tansah damel kuciwa bapak saha ibu dwija, kathah tumindak ingkang mboten mranani ing penggalih, kula tansah nyuwun pangapunten ingkang kathah. Kaping tiga, kula nyulihi para kanca kelas IX, nyuwun idi pangestu mugi-mugi sasampunipun lulus saking pawiyatan punika, saged katampi ing SMA/SMK ingkang dipun idham-idhamaken. Aamiin.

Ing sesorah kasebut, kang nyulihi para siswa ngakoni menawa saksuwene ngangsu kawruh pancen duwe....

a)

kanca akeh

b)

jajan akeh

c)

kaluputan

d)

panemu

9.

Gatekna pethilan teks sesorah ing ngisor iki!

Sumangga kula lan panjenengan sedaya tansah ngonjukaken raos sokur dhumateng Gusti Kang Maha Kawasa, awit saking rahmat saha sihipun saged pepanggihan ing papan punika kanthi kalis ing rubeda.

Ukara kasebut minangka perangan sesorah kang diarani...

a)

atur kaluputan

b)

atur pambagyaharja

c)

atur puji sokur

d)

atur pamitan

10.

Gatekna pethilan teks sesorah ing ngisor iki.

 

Sumangga, kula lan panjenengan tansah ngonjukaken raos sokur dumateng Gusti Kang Maha Kawasa. Awit sedaya kala wau saking rahmatipun Gusti.

Ukara kasebut minangka atur puji sokur kang lumrah mapan ing perangan sesorah....

a)

ukara panutup

b)

pambuka

c)

wosing gati

d)

salam pambuka