Font size
WorksheetsUlangan Bahasa Jawa
Total questions: 30
Worksheet time: 18mins
Pencemaran lingkungan dadi bebayan panguripane makhluk hidup utawa wit - witan, kewan, lan manungso. Ing antarane bisa nyebabake mundhune daya repreduksi. Tembung bebaya tegese . . . .
bahaya
sebab
tujuan
sarana
Lingkungan kang tercemar utawa reged bisa ngrusak panguripane spesies tanduran, kewan lan manungsa. Spesies tegese . . . .
barang
jenis
akeh
wit -witan
Memayu hayuning bawana mujudake filosofi utawa ajining kaluhuran ngenani panguripan ing ….
alam ndonya
alam surga
ndalem omah
dalan
Pawarta sing diandharake kuwi kudune akurat, tegese informasi sing dindharake ….
bener-bener dumadi
kudu nyakup 5W+1H
kudu bias dipercaya
dingerteni wong akeh
Salah siji tata carane maca teks pawarta yaiku ….
olehe maca kudu banter lan cepet
maca nganggo pengeras swara
sing diwaca mung judhule wae
olehe maca kudu bener lan cetha
Sinom iku sijine jinis tembang ….
dolanan
gedhe
macapat
tengahan
Tembang sinom ing dhuwur ana pirang gatra . . . .
6
7
8
9
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatuh
Kapatuh pan dadi awon
Guru wilangan ing tembang macapat ing dhuwur yaiku ....
8, 10, 12, 7, 7
7, 7, 8, 8, 9, 9
7, 10, 12, 8, 8
7, 9, 10, 7, 8
Tembang sing dudu tembang macapat yaiku .
asmaradana
sinom
cublak-cublak suweng
pucung
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Yen lumaku si pucung ngumbar swara. Tembang pocung ing dhuwur batangane ....
sepur
kalung
ula
sabuk
Pak Budi maos koran wonten kantor. maos basa ngokone ....
nulis
ndelok
tuku
maca
Pitik tukung lan padhang bulan kalebu tembang ....
keroncong
dolanan
pop
macapat
Ing ngisor iki bab-bab sing kudu digatekake anggone maca geguritan, kajaba ....
kudu apal isine geguritan
kudu nggatekake pocoan lan wiramane
bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake
Apa jeneng sandhangan ing dhuwur . . . .
cecak
layar
pangkon
wignyan
Artine aksara jawa ing samping yaiku . . . .
Hartini njipik majalah jayabaya
Hariono nyilih majalah jayabaya
Hartini nyilih majalah jayabaya
Hariono nyilino majalah jayabaya
Ing ngisor iki bab-bab sing kudu digatekake anggone maca geguritan, kajaba ....
kudu apal isine geguritan
kudu nggatekake pocapan lan wiramane
bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake
Nama wayang ing dhiwur yaiku . . . .
Arjuna
Krisna
Gatutkaca
Raden Wijaya
Nalika isih aran Jabang Tetuka, Gathutkaca dijedhi ana ing kawah . . . .
candra antrakusuma
candra buwana
candrarasa
candradimuka
Nalika sish bayi, wujude Gathutkaca yaiku . . . .
kunta wijayadanu
buntel
topeng
raseksa
Gathutkaca nalika isih bayi diwenehi aran . . . .
jabang bayi
jabang raseksa
jabang bocah
jabang tetuka
Asmane Ibune Gathutkaca yaiku . . . .
Drupadi
Arimbi
Pregiwara
Srikandi
Arane senjatane Gathutkaca sing dianggo ing dada yaiku . . . .
nanggala
kotang antrakusuma
pasopati
alugara
Cacahe gatra saben sapada ing tembung macapat diarani ....
guru gatra
guru wilangan
guru sastra
guru lagu
Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ....
guru lagu
guru sastra
guru gatra
guru wilangan
Wacanen kang patitis wacan tembang macapat ing ngisor iki!
Kinanti
Padha gulungen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
ing kaprawiran den kaesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.
Dadia lakunireku,
cegah dhahar lan guling,
lan aja sukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.
Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anelulari.
Tembang ing dhuwur kalebu jenise tembang Macapat ....
asmaradana
pucung
kinanthi
maskumambang
Kancil lan Baya
Ana ing sawijining dina, kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir kali. Dheweke lagi susah mergane wetenge krasa luwe. Wis wiwit wingi kancil ora kelebon panganan babar pisan.
Desane kancil saiki lagi ana pagebluk. Timun-timun sing ditanduri pak tani padha mati. Pas mlaku ana ing cedhak wit randhu sing nggo tetenger desa kuwi kancil ketemu karo kelinci. Kelincine ngandani kancil enek timun seger nang sebrang kali.
Kancil akhire mlaku nang kali. Kancil bingung merga ana baya nang njero kali. Akhire kancil ngapusi baya. Kancil ngandani lak diutus kanjeng Nabi nyebar undangan kenduri. Kancil kudu ngitung jumlah kewan sing urip nang alas, salah sijine baya.
Tokoh paraga ing cerita dongeng ing dhuwur yaiku . . .
(a)
prayoga kawruhana, tembung prayoga tegese yaiku . . .
(a)
Ngandharake kedadean sabenere, iki salah sijine ciri . . .
(a)
R.A. Kartini
R. A. Kartini asale saka Jepara, lair 21 April 1879. Panjenengane putra bupati Jepara.
Nalika ngancik dewasa, R. A. Kartini dipingit nganti oleh jodho. R. A. Kartini mbrontak, sajroning pingitan ora oleh metu saka pekarangan omah,ora entuk sekolah, apa maneh sesambungan karo kanca-kancane. Jroning ati, R. A. Kartini pingin kaum wanita bisa sekolah lan entuk pendhidhikan kang murwat.
Nalika ngancik dewasa, R. A.Kartini dipundhut garwa Bupati Rembang. Garwane R. A.Kartini menehi panyengkuyung marang cita-citane R. A Kartini. Mula Kartini banjur ngedekake sekolah wanita. Ing kana, kaum putri diajari, maca, nulis, njahit, ngrenda, mbatik, masak, lan ketrampilan liyane.
Semangate R. A.Kartini kanggo majokake kaume tambah gedhe amarga uga oleh dukungan saka mitra kenthele, yaiku Abendanon.Liwat layang-layange Abendanon, Kartini bisa entuk wawasan anggone ngedekake sekolah putri. Sakbanjure layang-layang R. A. Kartini dikumpulake dadi buku kanthi judhul Habis Gelap Terbitlah Terang.
Nanging eman, during bisa ngrasakake kasile, R. A. Kartini wis kapundhut dening Gusti, nalika nglairake putrane kapisan. Semana gedhene dharma bektine R. A. Kartini tumrap nusa bangsane.
R. A. Kartini lair ing (a)
Sandhangan swara taling tarung unine (a)
