wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH Ganjil Basa Jawa 2024

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Seni pagelaran (tontonan) asli Indonesia kang banget ngrembaka ing pulo Jawa lan Bali yaiku...

a)

Kethoprak

b)

Ludruk

c)

Teater

d)

Wayang

e)

Jaranan

2.

Ukara ing kiwa iki yen diowahi dadi aksara Jawa dadi…

a)

Aku bocah pinter tur awehan

b)

Aku arep sinau sregep lan gemi

c)

Aku bocah sing sregep sinau

d)

Aku bacoh sing seneng mlaku

e)

Aku bocah sing sregep maca buku

3.

Aksara swara gunane ...

a)

Kanggo nulis jeneng wong lan jeneng apa wae, kalebu pangkat utawa kalungguhan

b)

Kanggo nulis pangkat utawa kalungguhan

c)

Kanggo nulis tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa nganti arang kang sumurup asale ditulis tanpa swara

d)

Kanggo nulis tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa nganti arang kang sumurup Asale ditulis tanpa swara lan nulis pangkat utawa kalungguhan

e)

Kanggo nulis tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa lan nulis jenenge kutha, desa, nagara utawa uwong

4.

Miturut sejarahe, wayang kang asale saka negara manca iku, dianggit maneh lan bisa luwih ngrembaka lumantar kaprigelan lan kawicaksanane ....

a)

Para Wali kang nyebarake kabudayan lan agama

b)

Para orientalis walanda wiwit abad 19 lan abad 20

c)

Para sarjana kesenian lan kabudayan kang kreatif

d)

Para sutrisna kabudayan Jawa kareben lestari

e)

Para Dhalang minangka sarana golek pangupa jiwa

5.

Teks carita wayang sing digelar sajrone pentas pewayangan, bisa dadi sarana pasinaon basa, jalaran ....

a)

antawacanane dhalang bisa kaprungu endhek-dhuwure dening para siswa sajerone

nyinau nyimak basa Jawa

b)

undha-usuke basa kang diandharake para paraga sajrone wayang, bisa didadekake tuladha

c)

panggunaning basa kang laras karo unggah-ungguh

d)

paraga Dhalang nalika ngurip-uripi wayange, bisa sinambi mulang basa Jawa

e)

basaning teks carita wayang biasane laras karo basa sing digunakake para siswa saben dinane.

6.

Resi Suwandagni wis katon LENGGAH sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan. Tembung sing kacithak huruf gedhe, basa ngokone yaiku ….

a)

Lenggah

b)

Jinjit

c)

Lingguh

d)

Pinarak

e)

Lungguh

7.

Arjuna kejaba sugih bojo, uga sugih kawruh ( ilmu ), sugih gaman lan mantran, sugih guru. Meguru marang Begawan Padmanaba antuk aji telung warna, yaiku: 1. Aji Sepiangin, dayane aji yen kawateg, kebating lakune Arjuna tan prabeda kaya kebating angin. Lakune bisa ngungkuli lakuning barat, 2. Aji Malayabumi, Arjuna bisa ilang sapalungguhan, 3. Aji Sempaliputri, Arjuna bisa manijing ajur ajer. Pusakane pirang-pirang. Kang asring digunakake: Keris Pulanggeni, Kalanadhah, Panah Merdaging, Rodha Dhadhali, Haryas Sangkala, Sarutama, Pasopati. Arjuna menika lakunipun saged rikat sanget amargi kagungan….

a)

Aji Sepiangin

b)

Aji Malayabumi

c)

Aji Sempaliputri

d)

Rodha Dhadhali

e)

Panah Merdaging

8.

Ing Suralaya, Bathara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus seangga sejatining manungsa. Sang guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang sing bungkus.

Latar kedadeyan ing crita kasebut ana ing....

a)

Suralaya

b)

Astina

c)

Kraton

d)

Kaputren

e)

Amarta

9.

Ukara "Aku arep lungo menyang pasar" yen ditulis gawe basa karma inggil dadi…..

a)

Aku badhe tindak menyang pasar

b)

Kula badhe tindak dhateng peken

c)

Inggih, kula badhe tindak dating peken

d)

Mboten, kula boten badhe tindak

e)

Kula badhe tindak ingkang wingi

10.

Guru Basa Jawaku asmane Pak Puguh. Basa krama alus kang pener yaiku ...

a)

Guru Basa Jawaku asmanipun Pak Puguh

b)

Guru Basa Jawi kula asmanipun Pak Puguh

c)

Guru Basa Jawa kula asmanipun Pak Puguh

d)

Guru Basa Jawi kula asmane Pak Puguh

e)

Guru Basa Jawiku asmanipun Pak Puguh