wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UPACARA ADAT

Total questions: 10

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

Iring-iringan manten kakung mbeta kembang mayang sing digawa 2 manggolo, lan iring-iringan manten putri mbeta kembang mayang sing digawa 2 domas yaiku prosesi....

a)

panggih

b)

balangan gantal

c)

wiji dadi

d)

sinduran

e)

sungkeman

2.

Panganten ketemu lan mandheg atarane 2-3 meter lan sigap padha mbalang buntelan godhong suruh yaiku prosesi....

a)

wiji dadi

b)

panggih

c)

balangan suruh

d)

sinduran

e)

dhahar klimah

3.

Upacara adat mitoni minangka upacara adat kang wus lumaku ing tanah Jawa, mligine Jawa Tengah. Mitoni kuwi asale saka tembung pitu. Upacara iki dianakake wektu calon ibu ngandhut utawi mbobot pitung sasi. Makna calon bayi umur pitung sasi kuwi wis duweni raga kang sempurna. Miturut wong Jawa wetengan umur pitung sasi proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sempurna ing sasi kaping pitu. Upacara adat mitoni ing dhaerah liya uga diarani upacara tingkeban kuwi duweni ancas supaya jabang bayi kang dikandhut dening calon ibune bisa slamet ora ana alangan apa-apa menawa lair diparingi gampang. Mitoni bisa dilaksanakake ing dina apa wae, nanging adat saben dipilih dina kang apik, yaiku senin awan nganti bengi lan jumat awan nganti bengi, dianakake ing wektu awan utawa sore.

Irah-irahan kang trep kanggo wacan ana ing ndhuwur yaiku...

a)

A. Mitoni

b)

B. Brokohan

c)

C. Puputan

d)

D. Tedhak Siti

e)

Panggih Penganten

4.

1.      Mitoni ing dhaerah liya uga diarani upacara adat ....

a)

A. Brokohan

b)

B. Tingkeban

c)

C. Tedhak siti

d)

D. Mbedhah bumi

e)

Selapanan

5.

Upacara adat ingkang katindakaken dening tiyang jawa kangge putra ingkang ngancik umur 7 lapan inggih punika upacara....

a)

Selapanan

b)

sepasaran

c)

supitan

d)

tedhak siten

e)

mitoni

6.

Upacara adat ingkang ajeg katindakaken dening kulawarga ageng kraton Ngayogyakarta ing saben wulan Mulud kangge mengeti dinten wiyosipun Kanjeng Nabi Muhammad inggih punika upacara adat ....

a)

labuhan

b)

bekakak

c)

sekaten

d)

kirab kyai Pleret

e)

jumenengan

7.

Toya ingkang kangge siram calon ibu kaparingan sekar setaman, dene ingkang limrah kaginakaken utawi sinebut sekar setaman inggih punika ....

a)

mawar, mlathi, telasih

b)

mawar, kenanga, telasih

c)

mawar, mlathi, kanthil

d)

semboja, kanthil, kenanga

e)

semboja, mlathi, kanthil

8.

Ing acara wiyosan pirantos ingkang kaginakaken ing antawisipun inggih punika cengkir gadhing cacah kalih ingkang ginambaran paraga ringgit/ wayang. Paraga ingkang limrahipun kagambar inggih punika....

a)

Rama-Lesmana

b)

Kresna - Janaka

c)

Janaka-Sumbadra

d)

Subali-Dewi Tara

e)

Bathara Kala-Dewi Kamaratih

9.

Menawi jaman rumiyin rikala dereng wonten USG, kangge nginten-nginten putranipun jaler punapa estri saged katindakaken rikala upacara tingkeban inggih punika ing acara ....

a)

luwaran

b)

simparan

c)

sigaran

d)

brojolan

e)

wiyosan

10.

Sasampunipun nindakaken siraman calon ibu lajeng sesuci, dene toya ingkang kangge sesuci punika toya ingkang medal saking ....

a)

klapa mudha

b)

keran toya

c)

ember

d)

siwur

e)

kendhi