Font size
WorksheetsUJIAN AKHIR SEMESTER 1 BAHASA JAWA KELAS 6
Total questions: 60
Worksheet time: 5hrs 0mins
"Hutan Indonesia Paru-Paru Dunia" ukara kuwi ing saben-saben dina pengetan Lingkungan Hidup mesthi dikumadhangake saindenge donya. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe sadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-parune donya.
Kanyatane saiki alas ing Indonesia meh kabeh wis rusak. Rusake alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawene manungsa. Rusak merga saka bencana alam, umpamne: gunung mbledhos, gempa bumi/lindhu, yen rusake amarga kobong, banjir bandhang, tanah longsor bisa uga disebabake pokal gawene manungsa.
Panguripan ing ngendi wae mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat, sing bisa mrodhuksi oksigen sing resik ya tanduran sing subur. Tanduran bisa subur yen lemahe uga subur. Subure lemah kuwi yen akeh humuse lan cukup banyune, humuse sing akeh asale saka godhong-godhong sing gogrog nutupi lemah, banyune akeh yen ana oyod-oyode wit gedhe sing bisa nandhon banyu sajroning lemah. Mulane ayo dilestarekake alase supaya tetep bisa dadi paru-parune donya.
Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yen arupa slogan yaiku.....
Alasku paru-paruku
Alasku sehat, paru-paruku sehat
Alasku paru-parune donya
Lestari alasku, lestari bumiku
"Hutan Indonesia Paru-Paru Dunia" ukara kuwi ing saben-saben dina pengetan Lingkungan Hidup mesthi dikumadhangake saindenge donya. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe sadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-parune donya.
Kanyatane saiki alas ing Indonesia meh kabeh wis rusak. Rusake alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawene manungsa. Rusak merga saka bencana alam, umpamne: gunung mbledhos, gempa bumi/lindhu, yen rusake amarga kobong, banjir bandhang, tanah longsor bisa uga disebabake pokal gawene manungsa.
Panguripan ing ngendi wae mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat, sing bisa mrodhuksi oksigen sing resik ya tanduran sing subur. Tanduran bisa subur yen lemahe uga subur. Subure lemah kuwi yen akeh humuse lan cukup banyune, humuse sing akeh asale saka godhong-godhong sing gogrog nutupi lemah, banyune akeh yen ana oyod-oyode wit gedhe sing bisa nandhon banyu sajroning lemah. Mulane ayo dilestarekake alase supaya tetep bisa dadi paru-parune donya.
Ukara inti ing paragrap 1 wacan ing dhuwur yaiku....
Alase rusak, paru-parune donya rusak.
Alas Indonesia paru-parune donya
Alas Indonesia kuwi alas tropis
Alas tropis prodhusen oksigen.
"Hutan Indonesia Paru-Paru Dunia" ukara kuwi ing saben-saben dina pengetan Lingkungan Hidup mesthi dikumadhangake saindenge donya. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe sadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-parune donya.
Kanyatane saiki alas ing Indonesia meh kabeh wis rusak. Rusake alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawene manungsa. Rusak merga saka bencana alam, umpamne: gunung mbledhos, gempa bumi/lindhu, yen rusake amarga kobong, banjir bandhang, tanah longsor bisa uga disebabake pokal gawene manungsa.
Panguripan ing ngendi wae mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat, sing bisa mrodhuksi oksigen sing resik ya tanduran sing subur. Tanduran bisa subur yen lemahe uga subur. Subure lemah kuwi yen akeh humuse lan cukup banyune, humuse sing akeh asale saka godhong-godhong sing gogrog nutupi lemah, banyune akeh yen ana oyod-oyode wit gedhe sing bisa nandhon banyu sajroning lemah. Mulane ayo dilestarekake alase supaya tetep bisa dadi paru-parune donya.
Ukara sing dadi cirine teks persuasi wujud pangajak ana ing paragrap...
1
2
3
4
Yen kepengin awakmu tetep sehat, ngombea jamu herbal asil ramuane Mak Bawor sing wis kondhang nganti tekan ngendi-endi.
Ukara ing duwur kalebu jinise teks.....
Pawarta
Persuasi
Slogan
Pariwara
Ing ngisor iki sing dadi ciri-cirine teks sesanti yaiku.....
Ngandharake informasi bab kaluwihane prodhuk.
Isine tetembungane bisa nuwuhake rasa semangat.
Isine nawakake barang/prodhuk marang wong liya
Isine adu akurat ngugemi paugeran 5W+1H
Sawijine teks sing isi lan andharane kanggo ngajak, ngyakinake, ndayani, mangaribawani (mempengaruhi) lan kanggo narik kawigatene wong liya (sing maca) diarani teks....
narasi
persuasi
dheskripsi
argumentasi
Sawijine teks sing isine ngenani crita lelakon uripe manungsa, ana paragane (tokohe), ana temane, ana alur critane, lan ana pesen morale diarani teks....
narasi
persuasi
dheskripsi
argumentasi
Mingkar mingkur ing angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrihkertata pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji
Tembung ing dhuwur arane tembang.....
Sinom
Durma
Pangkur
Asmaradhana
Mingkar mingkur ing angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrihkertata pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji
Guru lagu lan wilangane tembang ing dhuwur yaiku....
8a-11i-8e-7a-11u-8a-8i
8a-11i-8u-7a-12u-8a-8i
8a-11i-8u-7a-12u-8a-6i
8a-12i-8u-8a-12u-8a-8i
Mingkar mingkur ing angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrihkertata pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji
Isine tembang macapat ing dhuwur yaitu ngenani....
Kanggo wong enom kang kudu nglestarikne budaya jawo
Kanggo siswa kudu sregep sekolah
Kanggone wong Jawa menehi pitutur marang putrane ngenani urip kudu siap marang bebaya
Kanggone wong Jawa menehi pitutur marang putrane ngenani nahan hawa nepsu lan agama iku dadi pepathokaning urip wajib ditindakake
Mingkar mingkur ing angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrihkertata pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji
Tembung "luhung" tegese....
Males
Linuwih
Pinter
Prigel
Cacahe gatra saben pada jroning tembang macapat diarani....
Guru wanda
Guru gatra
Guru wilangan
Guru lagu
Cacahe wanda saben gatra jroning tembang macapat diarani......
Guru wanda
Guru gatra
Guru wilangan
Guru lagu
Dgong-dhinge ing pungkasane gatra jroning paugeran tembang macapat diarani.....
Guru swara
Guru gatra
Guru wilangan
Guru lagu
Unen-unen kang ajeg penganggone mawa teges tartamtu (pepindhan saemper pasemon) sing disemoni sipat utawa kahanane wong/barang diarani.........
paribasan
bebasan
saloka
parikan
Unen-unen kang ajeg penganggone mawa teges tartamtu (pepindhan saemper pasemon) sing disemoni wonge utawa ulah kridhaning manungsa diarani......
paribasan
bebasan
saloka
parikan
Wong sing kegedhen penggayuh (kekarepan) kena diparibasakake.....
Ngubak-ubak banyu bening.
Kakehan gludhug kurang udan.
Kebanjiran segara madu.
Kegedhen empyak kurang cagak.
Tegese bebasan kebo kabotan sungu
Wong kang kesrakat uripe merga dhemen apus-apus.
Wong kang kesrakat uripe merga dhemen mangan turu.
Wong kang kesrakat uripe merga kakehen anake.
Wong kang kesrakat uripe merga kakehen pakaryane.
Sing mbedakake antarane paribasan kalawan bebasan lan saloka
Tembunge lumrah, dene bebasan lan saloka tembunge entar(kias).
Tembunge lumrah, bebasan lan saloka tembunge endah.
Tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lugu.
Tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lumrah.
Ukoro ing ngisor Iki sing kelebu bebasan yaiku
Sepi ing pamrih rame ing gawe.
Arep nangkane emah pulute.
Kebo kebotan sungu.
Ula marani gepuk.
Ukoro ing ngisor iki sing kelebu saloka yaiku
Bathok bolu isi madi
Kebanjiran segara madu
Mikul dhuwur mendhem Jero
Legan golek momongan
Olehmu tuku gambar wayang Kuwi ana ngendi? Ukara ing dhuwur owahana dadi ngoko Alus
Olehipun sampean tumbas gambar wayang iku ana ngendu
Olehipun panjenengan mundhut gambar wayang iku ana ngendi
Olehipun panjenengan tumbas gambar wayang niku saking pundhi
Olehmu mundhut gambar wayang niku saking ngendi
Bu guru boten siyos kesah dhateng Solo, amargi yoganipun dereng wangsul. Ukara ing dhuwur owahana dadi Krama Alus
Bu guru boten siyos tindak dhateng Solo, amargi putranipun dereng kundur
Bu guru boten siyos kesah dhateng Solo, amargi yoganipun dereng kundur
Bu guru ora sido budhal menyang Solo, amarga anak e durung mulih
Bu guru ora sido tindak menyang Solo, amarga putranipun urung kundur
Tiyang ingkang mboten kersa dhahar boten susah dipunpeksa. Ukara ing dhuwur owahana dadi ngoko lagu.....
ukara ing dhueur owahana dadi ngoko lugu....
Wong sing ora gelem dhahar ora usah dipeksa
Wong sing ora gelem mangan ora perlu dipeksa
Tiyang ingkang ora gelem mangan boten susah dipunpeksa
Tiyang ingkang mboten kersa dhahar boten susah dipunpeksa.
Aksara Jawa iku yen ditulis latine....
Katon apik
Katon cetha
Anak kadhal
Mangan roti
Aksara Jawa iku yen ditulis latine....
Ngangkat watu
Ngangkat tatu
Bakat duku
Bangkat watu
Ing ngisor Iki sing melbu jenise sandangan aksara jawa yaiku.....
Sandangan swara, panyigeg, lan wyanjana
Sandangan swara, wyanjana lan pasangan
Sandangan swara, pangkon lan pasangan
Sandangan lagu, layar, lan sigeg
Wingi sore jam 14.00 dam kali brantas mbludak, manut katerangan Pak Kamituwa ana 7 omah ing sakiwa tengene kali kelem. Ukara ing duwur kalebu jinise teks....
Pawarta
Persuasi
Slogan
Pariwara
Ing teks informasi jenis argumentasi, isine mbutuhake bukti, tujuwane yaiku supaya....
sing maca bingung
sing maca yakin lan percaya tumrap informasi sing disampekake
sing maca bisa mbayangake kedadeyan prastawane
sing maca mangerteni alure crita sing disampekake
Dolan Menyang Taman Maerakaca
Nalika preinan, Bawa, Asti, Puji, lan bapak ibune piknik. Bawa sakulawarga padha piknik mengyang Taman Maerakaca. Bawa topinan, nyangklong tustel ing pundhake, lan nganggo tas pinggang. Wah, kaya wartawan cilik.
"Mas, aku difoto," panjaluke Asti adhine.
Asti lan Puji padha rangkulan difoto dening Bawa. Bapak ibune mung ngawasi solah tingkahe putrane. Jeprat-jepret, pindhah kana pindhah kene. Sakulawarga padha eksen. Bawa dadi juru potret kaya fotografer. Kaendahane Taman Maerakaca kang asri gawe Bawa lan sekeluarga betah.
Manut isine wacan topik kang cocok yaiku...
Kesenengan
Pariwisata
Kabudayaan
Prastawa
Jaman saiki bocah-bocah wis akeh sing ora bisa basa krama marang wong tuwa. Kepara olehe ngenganggo sandhangan uga wis niru wong kutha. Mangkono mau padha ora krasa yen dheweke arep kelangan budaya. Carane wong sesrawungan niru-niru wong manca. Mula wong Jawa kudu bisa njaga bangsane kanthi ngetrapake unggah-ungguh lan tata trapsilane wong Jawa.
Isining crita kasebut yaiku...
Njaga bangsane wong Jawa
Lali marang basa Jawa
Lunture unggah-ungguh basa
Ora bisa tata krama
Tembang sing dudu tembang macapat yaiku ....
Asmaradana
megatruh
cublak-cublak suweng
kinanthi
Ing ngisor Iki sing kelebu bab-bab sing kudu dilakoni supaya nerangake isine tembang macapat, kajaba...
Nerangake tegese tembung-tembung kang utama
Ngudhari tegese tembang kang angel dingerteni
Nggathuk-nggathukake tegese saben ukara, kepriye sambung rapete saben-saben ukara kesebut
Ngandharake tetembungan sing bisa muwuhake rasa semangat
Sinom
Dadi siswa kang prayoga,
Ora cukup amung wasis,
Ning ana perkara liya,
Lan wajib kita nglakoni,
Mring guru aja wani,
Ngabekti klawan mituhu,
Meneng lan wigatekna,
Yen ana kang nuturi,
Klawan kanca ora gampang cecongkrahan
Isine tembang sinom ing dhuwur yaiku ngenani.....
Jejering murid sing males
Carane supaya dadi sugih
Jejere murid sing becik
Kuwajibane anak
Kowe Kuwi mbok aja.......mosok wanine ngomong yen lagi ora ana wong.
Kleyang kabur kanginan
Wedi rai wani silit
Bathok balo isi madu
Kebo kebotan sungu
Tegese saloka arep nangkane emoh pulute....
Gelem kepenake, emoh rekasane
Ora bisa rukun
Kegedhen kekarepan
Mung kanggo genep-genepan wae
wong uri ing alam donya kuwi sabisa - bisa kudu tumindak sing ecik aja gumedhe utawa sombong.wong sing tumindhak becik utawa ala besuk mesti akal konangan
Mulane ugemana anane unen-unen ....
Becik ketitik ala ketara
Yitna yuwana lena kena
Tengu ngedu gajah
Sadumuk bathuk sanyari bumi
Wanda jroning tembang macapat diarani.....
Larik utawa baris
Bait/koplet
Pakecapan
Tembang pirang-pirang pada kang isih sejenis
Ukara ngisor iki minangka perangane layang bagean panutup kanggo wong sing luwih tuwa sing paling bener yaiku...
Dakkira cukup semene dhisik, menawa ana clathuku kang ora beber sing gedhe pangapurane
Kulo kinten cekap semnaten rumiyin, menawi woten luputku aku nyuwun pangapura.
Dakkira cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
Wasana cekap semanten rumiyin, Eyang, mbenjing menawi wonten wekdal keng wayah sowan.
Sampean Napa dereng sumerap menawi yoganipun pakdhe pejah?
ukara ing dhuwur kelebu basa (a)
Pawarta, pariwara, persuasi lan slogan kelebu jenise teks...
(a)
Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah, Rumaketing kekadangan mahani jejeging kamulyan.
ukara ing dhuwur jenise teks (a)
sawijine teks sing isi lan andharake kanggo ngajak, ngyakinake, ndayani, mangaribawani (mempengaruhi) lan kanggo narik kawigatene wong liya (sing maca) diarani teks (a)
Pariwara iku bisa diarani (a)
Basa ngoko dicampuri Krama Inggil dadi basa (a)
Cacahe tembang macapat yaiku ana (a)
Paugerane tembang macapat iku ana (a)
Tembang apa sing cacahe gatra paling akeh (a)
Tembang pirang-pirang pada kang sejenis diarani (a)
Pocung
Marang liyan kudune sing guyub rukun,
urip sesandhingan,
sanadyan beda agami,
Nyembadani mring katentremaning praja
Tembang macapat ing dhuwur gatra 4 duweni guru wilangan lan lagu (a)
Puisi tradisional Jawa kang awujud tembang kang kaiket paugeran-paugeran tertentu diarani tembang (a)
Bedane bebasan Karo saloka ana ing (a)
Unen-unen sing wis gumathok racikane (ora kena diowahi), lan ngemu teges tetandhingan, pepindhan, saemper pasemon diarani (a)
Lengkap ana saloka ing ngisor Iki.
Diwenehi ati (a)
Lengkap ana bebasan ing ngisor Iki.
Anak polah Bapak (a)
Kakehen gludhug kurang udan.
Tembung ing dhuwur kelebu (a)
Aksara Jawa jumlahe ana pira (a)
Sandangan "wulu" gawe vokal huruf
(a)
Kelompokna kanthi cocog karo kategorine!
ber budi bawa leksana
tuna salak bathi sanak
ketapang ngrangsang gunung
kere munggah bale
endhas gundhul dikepeti
mubra-mubru blabur madu
bapak mboten kersa (a) marga aku durung (b)
