Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Refleksi Bahasa Jawa

Total questions: 57

Worksheet time: 1hrs 17mins

Name
Class
Date
1.

Sapa sing saben Isuk Mbantu Ibune nyapu?. Ukara iki kagolong ukara..............

a)

Pakon

b)

Andharan

c)

Pitakon

d)

Katrangan

2.

Jaranan, cublak cublak suweng, iku kagolong tembang.....................

a)

campursari

b)

dolanan

c)

guyonan

d)

anak-anak

3.

Ing Tembang menthog-menthog, lakune menthog................

a)

cepet banget

b)

ora rikat

c)

megal-megol

d)

rika

4.

Ing tembang gundhul-gundhul pacul, bocah sing gundhul ana tembang iku nyunggi.................

a)

Panci

b)

Wakul

c)

dandang

d)

tampah

5.

salah siiji cara hemat listrik ing omah, yaiku....

a)

nggunakake AC

b)

Yen awan lampu dipateni

c)

Nonton TV suwe

d)

Yen gak digawe banyu ora dipateni

6.

Saka ngendi ibumu?

Ukara iki kagolong ukara....

a)

Pitakon

b)

Pawarta

c)

Pakon

d)

kandha

7.

Ngisor iki tuladha tembang dolanan yaiku....

a)

Pucung

b)

Kidang talun

c)

Kartonyono medhot janji

d)

Mundur alon-alon

8.

Sing ora termasuk cara ngemat energi yaiku . . . .

a)

Mateni lampu sawise digawe

b)

Nggawe banyu secukupe

c)

Ndelok TV kaet isuk tekan sore

9.

Ibu : Najwa

Najwa : . . . . .

Ibu : tumbasno gula yo nduk

Najwa: Inggih bu


Ukara kang trep kanggo mangsuli Ibu yaiku . . . . .

a)

Ana apa bu?

b)

Iyo bu

c)

dalem bu

10.

Yen liwat ngarepe wong sing luwih tua matur . . . .

a)

Nyuwun sewu

b)

Sepuntene

c)

awas arep liwat

11.

Pari kang ditandhur katon ....

a)

ijo royo royo

b)

lemu-lemu

c)

gedhe-gedhe

d)

dhuwur-dhuwur

12.

Yen bocah - bocah ketemu karo bapak / ibu guru, wajibe ...

a)

Mblayu

b)

Meneng

c)

Nyapa aruh

d)

Nesu

13.

Asal usule kutha Surabaya iku Tarunge kewan baya karo...

a)

Lele

b)

Hiu

c)

Sura

d)

Iwak hias

14.

Kenapa menungsa kudu ngemat energi?

a)

Supaya lampune ora cepet rusak

b)

Supaya ora didukani bapak lan ibu

c)

Supaya bisa hemat duit lan njaga sumber daya alam

15.

Endi seng termasuk anjuran ngemat energi?

a)

Ojo nyetel TV!

b)

Ayo cah bareng-bareng nggawe banyu secukupe!

c)

Ojo ngguwak sampah sembarangan!

16.

Crita pengalaman di critakake marakake ngguyu kang ngrungokake diarani crita ... .

a)

lucu

b)

sedih

c)

nyata

d)

fiksi

17.

Bapak tindak Solo nitih bis, budhale saka ... .

a)

pasar

b)

terminal

c)

stasiun

d)

rumah sakit

18.

jujur >< culika

kandel >< tipis

kasar >< ....


kasar kosok balene yaiku ...

a)

lunyu

b)

gronjal

c)

kasap

d)

alus

19.

Padhang bulan padhange kaya...

a)

Lintang

b)

Srengenge

c)

Awan

d)

Rina

20.

Yen diparingi dhuwit utawa panganan matur...

a)

Sampun

b)

Nuwun

c)

Nyuwun

d)

Nyuwun pangapunten

21.

Crita kang disenengi bocah cilik yaiku ...

a)

dongeng

b)

babad

c)

cerpen

22.

Crita kucing karo macan klebu jinising ... .

a)

fabel

b)

legenda

c)

mitos

23.

Fitri tuku roti nang pasar.

jejere ukara iku ... .

a)

Fitri

b)

tuku

c)

roti

24.

mangsa akeh udan diarani ... .

a)

mangsa bedhiding

b)

mangsa rendeng

c)

mangsa ketiga

25.

Anak pithik arane ...

a)

meri

b)

manuk

c)

kuthuk

26.

Bapak numpak sepur.

numpak benere ...

a)

numpak

b)

nitih

c)

munggah

27.

Anak tikus diarani ...

a)

cindhil

b)

gogor

c)

meri

28.

Mangsa angel oleh pangan diarani ...

a)

paceklik

b)

pagebluk

c)

padadaran

29.

puisi ing basa Jawa diarani ... .

a)

geguritan

b)

sanepa

c)

macapat

30.

Adi ngerjakne PR panggah "ngresula". Ngresula tegese....

a)

Seneng

b)

Susah

c)

Sambat

d)

Marem

31.

Wong sing maragakake crita yaiku....

a)

Tema

b)

Paraga

c)

Latar wektu

d)

Panggonan

32.

......... sing nandur jagung?

a)

Piro

b)

Sapa

c)

Opo

d)

Kulo

33.

Simbah durung teka. Tembung "teka" krama aluse....

a)

Rawuh

b)

Dhateng

c)

Dugi

d)

Lungo

34.

Adhik sare ing kamar. Ukara sing bener....

a)

Adhik tilem ing kamar

b)

Adhik turu ing kamar

c)

Adhik tilem wonten kamar

d)

Adhik turu wonten kamar

35.

Astane adhik lara. Astane benere....

a)

Sikil

b)

Kuping

c)

Lambe

d)

Tangan

36.

Yen matur karo Ibu utawa Bapak becike kudu....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama alus

d)

Krama

37.

Ing ngisor iki seng klebu kewan galak yaiku...

a)

Kucing

b)

Tikus

c)

Macan

d)

Kidang

38.

Sing kalebu kewan ingon-ingon....

a)

Gajah

b)

Kucing

c)

Macan

d)

Kidang

39.

Nalika arep mlebu papan wisata kudu tuku....

a)

Kwitansi

b)

Nota

c)

Karcis

d)

Obat

40.

Bapak ndelok bal-balan. Owahana dadi Krama alus...

a)

Bapak mrisani bal-balan

b)

Bapak ndelok bal-balan

c)

Bapak nyawang bal-balan

d)

Bapak nonton bal-balan

41.

Pesen utawa tuladha becik sing bisa dijupuk saka isine crita yaiku...

a)

Latar wektu

b)

Amanat

c)

Tema

d)

Paraga

42.

Dina senin bocah sinau ing sekolah. Latar wektu seng pener yaiku....

a)

Bocah

b)

Sinau

c)

Dina senin

d)

Sekolah

43.

Nalika maca geguritan kudu nggatekake wirama kang tegese . . .

a)

isining geguritan

b)

alon, banter, cetha lan samaring swara

c)

obahing awak

d)

ngucapake swara

44.

Nalika maca sawijining geguritan kudu nggatekake wirasa kang tegese . . .

a)

dawane ukara

b)

pathokan

c)

rasaning swasana ati

d)

pocapan kang cetha

45.

Irah-irahe geguritan ing nduwur yaiku . . .

a)

Kembang Mlati

b)

Pahlawan

c)

Makam pahlawan

d)

Nangis

46.

Geguritan ing ngisor iki kang nyritaake rasa syukur marang Gusti Allah amarga wes dikaruniai alam kang apik yaiku . . .

a)
b)
c)
d)
47.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. ningsih

d)

R.A. Kartini

48.
Wong sing nulis geguritan diarani . . .
a)
panggurit
b)
penulis
c)
pamaos
d)
dening
49.

Geguritan uga diarani ...

a)

parikan

b)

paribasan

c)

puisi jawa

d)

saloka

50.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Tembung santosa pada tegese karo ...

a)

rusak

b)

mulya

c)

rukun

d)

rembug

51.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng

b)

Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia

c)

Katun Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat

d)

Katun sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih

52.

Kang digateake nalika maca geguritan, kajaba ...

a)

intonasi

b)

irama

c)

mimik wajah/ekspresi

d)

guru lagu lan guru wilangan

53.

Mandheg lakune pocapan sajroning maca geguritan kang ditemtokake dening gantining gatra (larik) yaiku ....

a)

intonasi

b)

tandha wacan

c)

jedha

d)

titik

54.

Ing ngisor iki kang ora klebu bab-bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku ....

a)

mangerteni isine geguritan sing arep diwaca

b)

ngrasakake isi lan kekarepan geguritan

c)

gatekake pocapan lan wiramane

d)

bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi kanthi trep

55.

Geguritan asale saka tembung gurit kang ateges ....

a)

intonasi

b)

tulisan kang awujud tatahan

c)

ekspresi

d)

swara-swara endah

56.

Ing ngisor iki kang kudu digatekake nalika maca geguritan, kejaba ....

a)

intonasi

b)

ekspresi

c)

klambi

d)

lafal

57.

Puisi bahasa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok diarani ….

a)

a. Geguritan

b)

b. Larik

c)

c. Pada

d)

d. Surasa