wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS Bahasa Jawa Kelas 7

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Saka maneka warna basa cara kang paling cetha lan gampang ditampa dening wong liya yaiku kanthi migunakake basa ....

a)

lisan

b)

tulis

c)

sastra

d)

sasmita

2.

Miturut wacan kasebut kang ora kalebu sarana kanggo mujudake gagasaning manungsa yaiku....

a)

pocapan

b)

tulisan

c)

sasmita

d)

kebatinan

3.

Kang wigati tumrape wong kang nggunakake basa lisan kanggo guneman yaiku kanthi migunakake basa kang bener supaya ....

a)

apik yen disawang

b)

wangun dirungokake

c)

bisa gawe seneng ing ati

d)

gampang dimangerteni karepe

4.

Wawan: "Ris, ayo menyang perpustakaan!"

Aris : "Ya ayo, aku uga kepingin nyilih buku crita wayang"

Wacana pacelathon ing dhuwur kalebu unggah-ungguh basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

5.

Jam setengah pitu ibu Ranti wis rawuh ing sekolahan. Ukara kasebut miturut unggah-ungguhe migunakake basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

6.

Bu Ranti: "Jenengmu sapa Mas?"

Wildan: "...."

Wangsulane Wildan kang trep yaiku.... (ngoko lugu)

a)

"Jenengku Wildan!"

b)

"Jeneng kula Wildan!"

c)

"Nama kula Wildan!"

d)

"Asma kula Wildan!"

7.

Bu Ranti: "Mas Fadli, omahmu ngendi?"

Fadli : "...."

Ukara kang trep kanggo mangsuli pitakonan kasebut yaiku.... (ngoko alus)

a)

Griyaku Kembang Putihan!

b)

Griya kula Kembang Putihan!

c)

Omah kula Kembang Putihan!

d)

Dalem kula Kembang Putihan!

8.

Guruku basa Jawa... Bu Linda.

Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku....

a)

jenenge

b)

namane

c)

namine

d)

asmane

9.

Pranyatan kang ora trep karo unggah-ungguhe nalika pamitan yaiku.....

a)

Patrape sopan ora kesusu.

b)

Matur kanthi basa kang becik.

c)

Sinambi mlayu amarga kesusu.

d)

Aja lali nyuwun dongane wong tuwa.

10.

Ukara-ukara ing ngisor iki kang paling trep miturut unggah-ungguh kanggo pamitan yaiku....

a)

"Bu, wis ya aku mangkat sekolah!"

b)

"Wis ya Pak, aku mangkat sekolah!"

c)

"Bu, kepareng kula tindak sekolah rumiyin!"

d)

"Pak, kepareng kula nyuwun pamit bidhal sekolah!"

11.

Nalika kowe mlaku liwat ngarepe bapak kang lagi lenggah, becike matur .....

a)

"Nuwun sewu nderek langkung, Pak!"

b)

"Klamit riyin nggih, Pak!"

c)

"Permisi, Pak!"

d)

"Mit, Pak!"

12.

Nalika kowe mlaku ing dalan banjur arep nglancangi ibu RT kang ana ing sangarepmu, kepriye ature kang trep karo unggah-ungguh?

a)

Nuwun sewu, Bu. Kula tak nglangkungi penjenengan!

b)

Nuwun sewu, Bu. Kula badhe nglancangi njenengan!

c)

Nuwun sewu, Bu, Kepareng kula ngrumiyini!

d)

Nuwun sewu, Bu. Kula tak dhisik nggih!

13.

Kang ora kalebu tatakramane nalika mlaku ing dalan yaiku.....

a)

Mlaku ing sisih kiwa

b)

Mlaku kanthi waspada lan ngati-ati

c)

Mlaku karo jejer-jejer ngebaki dalan

d)

Ora sinambi gojegan lan ora karo dolanan Hp

14.

Gambar rambu-rambu lalulintas iki mengku teges.....

a)

protelon

b)

prapatan

c)

penggokan

d)

Jegongan

15.

Gambar rambu-rambu lalulintas iki mengku teges.....

a)

protelon

b)

prapatan

c)

ati-ati

d)

stop

16.

Jam pitu esuk bel tandha piwulangan wis keprungu. Kelas pitu A wulangan basa Jawa jam kesiji, mula para siswa becike atur salam kanthi matur ....

a)

Sugeng enjang, Bu!

b)

Sugeng siyang, Bu!

c)

Sugeng sonten, Bu!

d)

Sugeng dalu, Bu!

17.

Balqis ketemu Bu Reny ing toko buku Gramedia. Sikape Balqis kang becik yaiku....

a)

ndhelik

b)

meneng wae

c)

ethok-ethok ora weruh

d)

methukake nyalami lan aruh-aruh

18.

Unggah-ungguhe Elly kanggo aruh-aruh kang trep yaiku....

a)

Badhe mundhut menapa, Bu?

b)

Badhe tumbas menapa, Bu?

c)

Ajeng tumbas napa, Bu?

d)

Ajeng mundhut apa, Bu?

19.

Jam setengah pitu Bu Ranti wis... ora let suwe Brian uga.... Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur kasebut yaiku....

a)

teka, teka

b)

dugi, dugi

c)

rawuh, teka

d)

dhateng, rawuh

20.

Jam setengah pitu Linda wis ... sekolah, sakbanjure bapak uga... makarya. Ukara kasebut bakal genep lan trep unggah-ungguhe menawa digenepi nganggo tembung-tembung....

a)

tindak, mangkat

b)

mangkat, kesah

c)

mangkat, tindak

d)

tindak, kesah

21.

Ukara-ukara ing ngisor iki endi kang genep lan trep unggah-ungguhe?

a)

Bapak dhahar sesarengan kaliyan ibu.

b)

Bulik Riana kesah dhateng Surabaya.

c)

Pak Jaka gadhah buku crita kathah.

d)

Simbah nedha bubur kacang ijo.

22.

Nyuwun pangapunten bu, kula badhe ... alamat dalemipun Pak Dedi, ingkang wonten

Semarang.

a)

nyuwun pirsa

b)

mudhut pirsa

c)

tanglet

d)

matur

23.

Nalika prei unggah-unggahan kelas aku sakanca padha dolan ing curug Banyu Niba. Pengalamanku ing papan iku nyenengake banget. Crita kang dialami banjur ditulis diarani ....

a)

Crita pengalaman

b)

Crita sambung

c)

Crita cekak

d)

Crita roman

24.

Bab kang ora ana ing sajrone crita pengalaman yaiku...

a)

Paraga utawa tokoh

b)

Kedadeyan kang dumadi

c)

Pacelathon antarane paraga

d)

Papan lan wektune prastawa/kedadeyan

25.

Kang ora kalebu pigunane crita pengalaman yaiku....

a)

Minangka sarana ngudhar reruweting pikir

b)

Minangka piwulang/guru kang utama

c)

Minangka panglipur

d)

Minangka srawung

26.

Crita kang nggambarake pengalaman kang nyenengake yaiku.....

a)

Nandhang kacilakan numpak montor

b)

Wisata menyang Guwa Cemara

c)

Ora munggah kelas nalika SD

d)

Ditinggal seda eyang putri

27.

Pengalaman kang nggambarake lelakon sedhih yaiku....

a)

Dadi juwara lomba sesorah

b)

Dadi juwara lomba macapat

c)

Kelangan sedulur kang ditresnani

d)

Oleh undian saka acara jalan sehat

28.

Ibu mundhut jajanan pasar awujud wajik, cara lan kacang brol. Ukara iku migunakake tembung lingga yaiku.....

a)

mundhut

b)

jajanan

c)

awujud

d)

wajik

29.

Pinuju liburan sekolah aku karo keluargaku dolan menyang pesisir Guwa Cemara. Tembung 'pinuju' tegese ....

a)

ngepasi

b)

tujuwan

c)

pepinginan

d)

pungkasan

30.

Saka ngomah tekan Gowa Cemara adohe udakara sepuluh kilo. Tembung 'udakara' tegese ....

a)

cedhake

b)

papane

c)

wektune

d)

kira-kira

31.

Pengalamanku ndherek ibu menyang pasar Kota Gedhe idhep-idhep kanggo wisata. Tembung rangkep kang tinemu ing ukara kasebut yaiku....

a)

pengalamanku

b)

idhep-idhep

c)

kota gedhe

d)

ndherek

32.

Sakbubare PAS aku pit-pitan menyang Guwa Selarong bebarengan karo kanca- kancaku. Tekan guwa selarong aku karo kanca-kanca padha poto-potonan nganggo hp. Crita pengalaman iki kalebu crita kang....

a)

mboseni

b)

nguciwani

c)

nyenengake

d)

marahi sedhih

33.

Saka ngomah tekan Goa Cemara adohe udakara sepuluh kilo. Tembung 'udakara' tegese ....

a)

cedhake

b)

papane

c)

wektune

d)

kira-kira

34.

Pengalamanku nalika isih SD banget gawe sedhi atiku. Tembung 'sedhih' tegese padha karo tembung....

a)

seneng

b)

gumbira

c)

sungkawa

d)

bagya mulya

35.
panganggonane basa ngoko alus sing bener, yaiku ...
a)
Bapak gadhah sawah pirang-pirang hektar
b)
Pak Marto ora weruh yen ana tamu
c)
Siti tumbas sekul tigang bungkus
d)
Bu Prapti dhek wingi mundhut beras limang kilo
36.

"Ki Hajar Dewantara miyos ing Jogjakarta tanggal 2 Mei 1898. Kagungan asma aslin RM Suwardi Suryaningrat".


Ukara kasebut mogunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

37.

Sakbubare PAS aku pit-pitan menyang Guwa Selarong. Tembung 'pit-pitan'

kadhapuk saka tembung lingga....

a)

ngepit

b)

pitku

c)

pite

d)

pit

38.

Terangna pigunane crita pengalaman!

4 lines
39.

Apa wae kang kudu digatekake nalika gawe crita pengalaman?

4 lines
40.

Tulisen pengalaman kang nyenengake kang wis tau kok alami!

4 lines