NEW
Font size
WorksheetsKelas 7- Bahasa Jawa - Penilaian Tengah Semester 1
Total questions: 35
Worksheet time: 31mins
Sawijine teks sing isine ngenani gegambaran utawa andharan sawijine panggonan, swasana, sikap-sikape lan pawakane sawijine pawongan, apa dene gegambaran ngenane wewujudan sawijine barang kanthi jangkep lan jelas diarani teks ....
tanggapan dheskriptip
eksposisi
argumentasi
persuasi
Strukture teks tanggapan dheskriptip yaiku ....
orientasi, klasifikasi, dheskripsi umum, lan panutup
orientasi, dheskripsi umum, lan dheskripsi bagiyan
orientasi, klasifikasi, dheskripsi bagiyan, lan panutup
dheskripsi umum, dheskripsi bagiyan, lan panutup
Jroning struktur teks tanggapan dheskripsi perangan sing mujudake dudutan (kesimpulan) saka panulis kanggo nandhesake bab-bab sing dianggep wigati lan khusus diarani ....
orientasi
dheskripsi umum
panutup
dheskripsi bagiyan
Jroning struktur teks tanggapan dheskripsi perangane teks sing nerangake peprincene objek kang luwih rinci lan jangkep adhedhasar tanggapane panulis (apa sing dedeleng, dirungu, lan dirasakake dening panulis) diarani ....
orientasi
dheskripsi umum
panutup
dheskripsi bagiyan
Jroning struktur teks tanggapan dheskripsi perangane teks sing nerangake andharan umum lan jenenge objek sing arep diandharake jroning teks kasebut. diarani .....
orientasi
dheskripsi umum
panutup
dheskripsi bagiyan
Gatekna teks ing ngisor iki!
Kejaba ndeleng kaendahaning alam ing sangisore wit-witan kang edhum, ing pantai Serang uga nduweni konservasi penyu ing sajroning kala mangsa diumbar utawa diculake ing segara. Nalika aku pas plesiran ing pantai Serang ora kurang saka 100 penyu sisik diculake
menyang segara.
Teks ing ndhuwur yen dideleng utawa dianalisis adhedhasar strukture teks, kalebu perangane ....
orientasi
dheskripsi umum
panutup
dheskripsi bagiyan
Gatekna teks ing ngisor iki!
Sapa wae sing kepengin plesir menyang Pantai Serang gampang banget. Saka kutha Blitar mbutuhake wektu kurang luwih 90 menit, liwat Lodoyo, terus tumuju arah
Panggungrejo, banjur bisa tekan pantai Serang, Saka Lodoyo wis ana papan pituduh arah sing nuduhake dalan tumuju Panggungrejo, semono uga ing sadawane dalan uga ana tulisan
sing nuduhake dalan tumuju pantai Serang.
Teks ing ndhuwur yen dideleng utawa dianalisis adhedhasar strukture teks, kalebu perangane..
dheskripsi umum
panutup
orientasi
dheskripsi bagiyan
Ciri-cirine utawa tengerane teks tanggapan dheskriptip yaiku ....
Ngandharake utawa nggambarake sawije bab utawa kedadeyan.
Olehe nggambarake mung satleraman wae ora perlu dijelasake.
Para pamaca mung ngangen-angen ngenani andharan sing diwaca.
Jroning ngandharake kudu dikantheni alesan sing luwih kuwat
Tujuwan panulisan teks dheskripsi yaiku ....
Kanggo aweh palapuran ngenani sawijine kegiyatan.
Kanggo ngyakinake marang pamaca supaya seneng.
Ngyakinake marang para pamaca supaya bisa kepencut.
Njelasake sawijine bab kanthi gamblang marang wong liya.
Unsur basa jroning teks tanggapan dheskriptif sing digunakake kanggo mangsuli pitakonan apa (what) lan sapa (who) nggunakake tembung ....
aran
kriya
kaanan
sesulih
Gatekna teks ing ngisor iki!
Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur sing banget nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara. Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan propinsi Jawa Timur kang dumadi saka patang wilayah, yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan Matang. Dhuwure gunung Bromo yaiku 2.392 meter saka lumahe segara. Gunung Bromo minangka obyek wisata
kang wis misuwur ing saindengingdonya didadekake icon wisata dening pamarentah Propinsi Jawa Timur.
Teks ing ndhuwur yen dideleng utawa dianalisis adhedhasar strukture teks, kalebu
perangane
orientasi
dheskripsi umum
panutup
dheskripsi bagiyan
Tembung sing mratelakake tandang gawe (solah bawa) lan lumakune kahanan diarani tembung ....
kaanan
kriya
sesulih
aran
Bedane tembung kaanan karo tembung katrangan yaiku ....
tembung kaanan digunakake kanggo nerangake tembung aran
tembung katrangan digunakake kanggo nerangake tembung kriya
tembung kaanan digunakake kanggo nerangake tembung kriya
tembung katrangan digunakake kanggo nerangake tembung aran
tembung katrangan mujudake tembung sing mratelakake barang
tembung kaanan mujudake tembung sing mratelakake solah bawa
tembung katrangan mujudake tembung sing mratelakake solah bawa
tembung kaanan mujudake tembung sing mratelakake barang.
Tembung sing gunane kanggo nggandhengake tembung siji karo tembung liyane ing sawijine frase, sarta ukara siji karo ukara liyane supaya dadi tambah dawa.
kriya
sesulih
panggandheng
kaanan
Tembung kang mratelakake kahanan utawa watak sawijine barang/bab. Tembung kaanan nerangake tembung aran diarani tembung ....
kriya
sesulih
katrangan
kaanan
Adhuh, sikilku sing koksenggol iku mau lara banget!
Tembung-tembung sing dicithak abang (warna merah) jroning ukara ing ndhuwur yen dideleng saka jinise tembung kanthi urut kalebu jinse tembung ...
panggandheng; aran; kriya
panggandheng; kriya; aran
panyeru; aran; ancer-ancer
panyeru; aran; kriya
Ukara-ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung katrangan yaiku ....
Bocah-bocah saben esuk padha mlaku-mlaku bebarengan.
Kanca-kancane adhikku pinter-pinter ora ana sing bodho.
Kowe sarapana ing warung wae merga segane mambu..
Budi mengko ora sida melu pentas jalaran kostume amoh.
Ukara-ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung kaanan yaiku ....
Yen ngono aku mulih sesuk esuk bareng karo Mas Hari.
Dhik Roni wingenane dipundhutake sepedhah montor anyar.
Manuke dara yen dideleng ora ketara merga mabur dhuwur.
Akhire budi keperksa digendhong jalaran olehe nangis kejret.
Sawijine pawarta sing komplit kuwi kudu nyakup 5 W + 1 H, tegese kena kanggo mangsuli pitakon ....
pira, apa, kapan, ing ngendi, geneya, kepriye
endi, geneya, sapa, apa, ing ngendi, sepira
sapa, apa, kapan, ing ngendi, kepriye, geneya
saka ngendi, apa, sapa, kapan, kepriye, geneya
Tembung sing gunane kanggo ngancer-nganceri panggonan utawa kanggo ngancer-nganceri tembung aran lan tembung sipat, diarani ....
tembung panyilah
tembung ancer-ancer
tembung kriya
tembung panyeru
Ukara-ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung kaanan yaiku .
Yn ngono aku mulih sesuk esuk bareng karo Mas Hari.
Dhik Roni wingenane dipundhutake sepedhah montor anyar.
Manuke dara yen dideleng ora ketara merga mabur dhuwur.
Akhire budi keperksa digendhong jalaran olehe nangis kejret.
Sawijine pawarta sing komplit kuwi kudu nyakup 5 W + 1 H, tegese kena kanggo mangsuli pitakon...
pira, apa, kapan, ing ngendi, geneya, kepriye
endi, geneya, sapa, apa, ing ngendi, sepira
sapa, apa, kapan, ing ngendi, kepriye, geneya
saka ngendi, apa, sapa, kapan, kepriye, geneya
Sing diarani tokoh idhola yaiku....
tokoh sing kepengin disenengi wong
sawijine tokoh sing paling digandrungi
tokoh sing durung tau dikenal wong
sawijine tokoh sing paling digethingi
Ing ngisor iki mujudake ciri-cirine wong sing nyenengi (ngidholakake) sawijine tokoh, kejaba...
Ing saben-saben kalodhangan tansah dicritakake marang wong liya.
Tata carane tumindak, patrap, solah, sarta apa wae tansah ditiru.
Saben dina mesthi ketemu lan rembugan ing sadhengah panggonan
Tokoh mau kaya-kaya dadi panutan, lan rumangsa duwe rasa tresna.
Tembung sing isih asli lan durung owah saka asale diarani tembung....
lingga
garba
andhahan
camboran
Tembung sing wis owah saka asale merga oleh wuwuhan, kacambor, karangkep, lan kawancah diarani tembung ...
garba
lingga
andhahan
entar
Yen kepengin nulis teks sawijine tokoh idhola, bab-bab sing kudu digatekake yaiku ----
saben dina kudu bisa ketemu karo tokoh kasebut
kudu ngerti informasi saakeh-akehe bab tokoh iku
saora-orane kudu kenal karo keluwarga tokoh iku
kudu wis tau omong-omongan karo tokoh kasebut
Ukara-ukara ing ngisor iki nggunakake basa ngoko kang baku yaiku ....
Kancamu mau apa ora kokperhatekake?
Aku mengko bengi kepeksa ora bisa hadir.
Mangga sesarengan memanjatkan puji sukur
Anggonmu ngupakara tanduran kuwi kepriye?
Penganggone basa ngoko alus jroning ukara ing ngisor iki sing paling trep yaiku ...
Panjenengan mengko bengi yen purun nyare kene aku malah seneng.
Aku wingi olehku ndhawuhi pak Mantri pacen ana klerune sethithik
Yen ngono mengko panjenengan mundhut pirsa dhewe marang Anis.
Yen sampeyan kepergun gadhah buku mengko dakparingi temenan
Ukara-ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa ngoko alus yaiku....
Adhikku nganti saiki isih durung tangi.
Kula mangke dalu badhe tilem ngriki.
Bapak ora sida tindak menyang Malang
Panjenengan punapa boten kersa rawuh?
Pak Lurah saiki ora bisa teka, amarga arep lunga menyang Surabaya.
Tembung sing dicithak miring benere ...
dugi; kesah
rawuh; kesah
dugi: tindak
rawuh: tindak
Laporane wis dakwenehake pak camat, nanging ora gelem nampa.
Ukara ing ndhuwur manut unggah-ungguh sing bener kudune....
Laporane wis dakparingake pak camat, nanging ora kersa nampa.
Laporane wis daksukakake pak camat, nanging ora purun nampa.
Laporane wis dacaosake pak camat, nanging ora kersa nampa.
Laporane wis dakcaosake pak camat, nanging ora gelem nampa.
Ing ngisor is bab bab sing kudu digatekake nalika ngningkes lan njupuk dudutan (menyimpulkan) isi sawijine teks tanggapan deskriptif yaiku....
Maca teks kasebut swara sing banter santa lagu lan pocapan sing trep.
Ngerti strukture utawa perang perangane teks tancapan deskripsi
kudu ngerti pangerten, ciri-ciri, lan watake teks tanceapan deskripsi
Bisa ngerti sakabehejinis tembung sing ana ing sajtone teks kasebut
Wisata Pantai Kenjeran Surabaya nduweni daya pangeram-eram sing beda karo papan wisata gisik samodra liyane.
Tembung daya pangeram-eram tegese ....
pepenginan
ciri khas
daya tarik
pengaruh
Gatekna punggelan teks ing ngisor iki!
Pesisir Pulo Merah, yaiku jeneng sing pas kanggo ngarani pesisir sing manggon ing desa Sumberagung kasebut. Diarani pesisir Pulo Merah jalaran wedhi ing sadhawane pesisir rupane semu abang. Saka pesisir nyawang mangidul katon pulo-pulo sing apik banget. Ing
mangsa ketiga pulo-pulo mau yen kena sunare srengenge mantulake cahya warna semu abang, jan nengsemake banget. Apa maneh sesawangan mau didheleng nalika ngancik sore, wayah srengenge meh angslup.
Ing mangsa ketiga sesawangan Pesisir Pulo Merah katon apik banget jalaran....
wedhi ing sadhawane pesisir rupane semu abang.
saka pesisir nyawang mangidul katon pulo-pulo sing apik banget
kena sunare srengenge mantulake cahya warna semu abang.
ngancik sore, wayah srengenge meh angslup.
