NEW
Font size
WorksheetsS W . PANGKUR KLS 8
Total questions: 30
Worksheet time: 30mins
Sekar Pangkur menika wonten ......gatra
10
9
8
7
Kang diarani guru Wilangan yaiku.....
Cacahing gatra saben sapada
cacahing wanda saben sagatra
cacahing pada saben sapupuh
cacahing larik saben sagatra
Sri Sususuhunan Pakubuwana IV iku raja ing kraton....
Kasunanan Surakarta Hadiningrat
Yogyakarta Hadiningrat
Mangkunegaran Surakarta
Kaultanan Pajang
Pangkur pada 10
Alaning liyan denandhar, ing beciking liyan dipunsimpeni, becike dhewe ginunggung, kinarya pasamuwan, nora ngrasa alane dhewe ngendhukur, wong kang mangkono wateknya, nora pantes denpedhaki.
Tumindake manungsa kaya kang diandarake ing tembang kasebut kalebu tumindak sing....
nistha
utama
becik
prayoga
Pangkur pada 10
Alaning liyan denandhar, ing beciking liyan dipunsimpeni, becike dhewe ginunggung, kinarya pasamuwan, nora ngrasa alane dhewe ngendhukur, wong kang mangkono wateknya, nora pantes denpedhaki.
"Alaning liyan den andhar". Tembung den andhar tegese ....
diomongake
didhelikake
disimpen
diapiki
"Nora ngrasa alane dhewe ngendhukur,". Tembung nora lan ngendhukur ing ukara kasebut tegese padha karo....
datan, akeh banget
ora, apik banget
tan, sithik banget
ora, seneng banget
Pangkur pada 5
Mapan wateke manungsa,
pan katemu ing laku lawan linggih,
solah muna-muninipun,
pan dadya panengeran,
kang apinter kang bodho miwah kang luhur,
kang asor lan kang malarat,
tanapi manungsa sugih.
Manut tembang kasebut watak manungsa bisa didelengi saka....
mlaku, lungguh, ngadek, pintere
mlaku, lungguh, tingkah-lakune, omongane
mlaku, tingkah-lakune, ngomong, turu
mlaku, lungguh, turu, ngomong
Mapan wateke manungsa,
pan katemu ing laku lawan linggih,
solah muna-muninipun,
pan dadya panengeran,
kang apinter kang bodho miwah kang luhur,
kang asor lan kang malarat,
tanapi manungsa sugih.
Nilai karakter saka pada 5 tembang Pangkur kasebut yaiku....
wong kang pinter mesthi uripe luhur
wong miskin ora prelu diangkat derajate
tindak tanduk lan ngomong sing becik
wong sugih perlu dijeni
Deduga lawan prayoga,
myang watara reringa aywa lali,
iku parabot satuhu,
tan kena tininggala,
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng anendra,
duga-duga nora kari.
Deduga lawan prayoga. Tembung prayoga tegese yaiku....
apik
awak
para anak
para yogа
Deduga lawan prayoga,
myang watara reringa aywa lali,
iku parabot satuhu,
tan kena tininggala,
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng anendra,
duga-duga nora kari.
Myang watara reringa aywa lali. Tembung aywa lali tegese...
aja klalen
kerep klalen
padha klalen
seneng klalen
Deduga lawan prayoga,
myang watara reringa aywa lali,
iku parabot satuhu,
tan kena tininggala,
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng anendra,
duga-duga nora kari.
Tembung reringa tegese...
ngajeni
ngati-ati
ngregani
sembrana
Pangkur pada 4
Kalamun ana manungsa,
anyinggahi dugi lawan prayogi,
iku watake tan patut,
awor lawan wong kathah,
wong degsura ndaludur tan wruh ing edur,
aja sira cedhak-cedhak,
nora wurung neniwasi
isi saking sekar pangkur kasebat inggih menika
aja cedhak-cedhak karo wong kang seneng tetulung marang liyan
wong kang tumindak ala lan ora nduwe tata krama kudu dikumpuli
wong kang ora nduweni tata krama lan sawenang-wenang karo wong liya kudu diapiki amarga bakal gawe senenge ati
aja cedhak-cedhak marang wong kang ora ngerti tata krama lan ala tumindake amarga bakal ngrugekake awake dhewe.
Deduga lawan prayoga,
myang watara reringa aywa lali,
iku parabot satuhu,
tan kena tininggala,
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng anendra,
duga-duga nora kari.
Manut tembang Pangkur kasebut anggone kita lungguh, ngadeg, mlaku, ngucap,meneng lan turu kuwi...
klalen duga prayoga
kudu klalen duga prayoga
kudu nganggo duga prayoga
ora prelu nganggo duga prayoga
Pangkur
Mapan watake manusa,
pan ketemu ing laku lawan linggih,
solah muna-muninipun,
pan dadi panengeran ingkang,
kang apinter kang bodho miwah kang luhur,
kang sugih lan kang melarat,
tanapi manungsa singgih.
Guru lagune tembang Pangkur gatra kaping lima yaiku....
hur
luhur
u
ur
Serat Wulangreh menika wonten ....tembang
13
12
11
10
Tembang kang ana ing serat Wulangreh kang nduweni jumlah pada (bait) paling akeh yaiku tembang...
Sinom
Dhandhanggula
Maskumambang
Pangkur
Arane tembang tengahan kang ana ing serat Wulangreh yaiku tembang....
Wirangrong, Balabak
Jurudemung, Wirangrong
Balabak, Girisa
Girisa, Wirangrong
Serat wulangreh (1)
Serat Wulang Putri (2)
Serat Wedhatama (3)
Serat Wulang Sunu (4)
Saka andharan kasebut kang ora kalebu anggitane Si SusuhunanPakubuwana IV yaiku katulis ing nomer....
1
2
3
4
Sekar pangkur kang winarna.
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip.
Ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana.
Adat waton puniku dipun kadulu.
Miwah ingkang tata krama,
den kaesthi siyang ratri.
Gatra/baris kang nduweni teges becik kokmangetenana/dimangerteni yaiku....
Ala lan becik puniku,
Miwah ingkang tata krama,
prayoga kawruhana
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip.
Sekar pangkur kang winarna.
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip.
Ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana.
Adat waton puniku dipun kadulu.
Miwah ingkang tata krama,
den kaesthi siyang ratri.
Guru wilangan lan guru lagune gatra kaping -2 yaiku....
10a
10i
11i
12i
Sekar pangkur kang winarna. ( 1 )
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip. ( 2 )
Ala lan becik puniku, ( 3 )
prayoga kawruhana. ( 4 )
Adat waton puniku dipun kadulu. ( 5 )
Miwah ingkang tata krama, ( 6 )
den kaesthi siyang ratri. ( 7 )
Gatra kang nduweni tembung kosok balen (lawan kata) katulis ing gatra kaping....
4
5
6
7
"Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip". Tembung lelabuhan nduweni teges....
pangurbanan, pengabdian
Pakaryan, kautaman
pangurbanan , kautaman
pengabdian, pakaryan
Sekar Pangkur wonten ing serat Wulangreh menika wonten....pada
14
15
16
17
Pangkur pada 4
Kalamun ana manungsa,
anyinggahi dugi lawan prayogi,
iku watake tan patut,
awor lawan wong kathah,
wong degsura ndaludur tan wruh ing edur,
aja sira cedhak-cedhak,
nora wurung neniwasi.
"Aja sira cedhak-cedhak". Tembung sira nggadhahi teges....
aku
Kowe
Wong
Bocah
Sekar Pangkur menika kalebet jinising tembang....
tembang dolanan
tembang cilik
tembang gedhe
tembang tengahan
Pangkur pada 4
Kalamun ana manungsa,
anyinggahi dugi lawan prayogi,
iku watake tan patut,
awor lawan wong kathah,
wong degsura ndaludur tan wruh ing edur,
aja sira cedhak-cedhak,
nora wurung neniwasi
"Wong degsura ndaludur tan wruh ing edur". Tembung wruh nduweni teges....
bodho
gumedhe
ngeyel
Ngerti
Pangkur pada 5
Mapan wateke manungsa,
pan katemu ing laku lawan linggih,
solah muna-muninipun,
pan dadya panengeran,
kang apinter kang bodho miwah kang luhur,
kang asor lan kang malarat,
tanapi manungsa sugih.
Ing tembang kasebut ana tembung-tembung kosok-balen (lawan kata). Kang ora kalebu tembung-tembung kosok balen ing tembang kasebut yaiku....
asor-luhur
bodho-pinter
sugih-malarat
ngomong-meneng
"Becike dhewe ginunggung". Ukara iki nduweni teges....
nggugu kekarepane dhewe
ora ngerti apike wong liya
apike dhewe dialem/dipuji
Apike wong liya diece/dicela
aja sira cedhak-cedhak,
nora wurung neniwasi.
Tembung neniwasi saka tembang kasebut nduweni teges....
gawe seneng
gawe mulya
gawe rusak
gawe becik
angucap meneng anendra,
duga-duga nora kari.
Tembung nendra iku nduweni teges....
mangan
turu
ngombe
lunga
