Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Tembung Andhanan

Total questions: 32

Worksheet time: 54mins

Name
Class
Date
1.

Budhal, mangkat, maca, mlaku. Tembung-tembung iki kalebu jenis tembung ... .

a)

Aran

b)

Kriya

c)

Panyilah

d)

Kahanan

2.

Aku ditukokake bakso iga dhekwingi dina setu. Tembung setu kalebu jenise tembung ... .

a)

Kahanan

b)

Wilangan

c)

Katrangan

d)

Panggandheng

3.

Hore! bijiku satus. Ukara iki nggunakake tembung panguwuh kanggo nerangake rasa ... .

a)

Nesu

b)

Susah

c)

Seneng

d)

Sengsara

4.

Sepisan, kapindho, katelu. Tembung-tembung iki klebu jenise tembung ... .

a)

Katrangan

b)

Wilangan

c)

Kahanan

d)

Sesulih

5.

Ing ngisor iki sing klebu tembung tembung kanthi swara jejeg yaiku ... .

a)

soto, loro, obat

b)

kobong, lonthong, bolong

c)

motor, slonjor, molor

d)

mokong, lonjong, wong

6.

Wujude tembung iku diperang/dibagi dadi loro yaiku ... lan ...

a)

lingga lan kahanan

b)

lingga lan andharan

c)

lingga lan andhahan

d)

lingga lan katrangan

7.

Tembung lingga yaiku tembung sing ... saka asale.

a)

durung owah

b)

mesthi owah

c)

wis owah

d)

kurang owah

8.

Tembung-tembung ing ngisor iki sing ORA klebu tembung andhahan yaiku ... .

a)

nyekel

b)

nuthuk

c)

pedhes

d)

ngopi

9.

Mleba-mlebu, tura-turu, mloka-mlaku. Tembung-tembung rangkep iki klebu jenis tembung apa?

a)

Dwilingga

b)

Dwilingga salin swara

c)

Dwipurwa

d)

Dwiwasana

10.

Tembung lingga sing dirangkep diarani ... .

a)

Dwilingga

b)

Dwilingga salin swara

c)

Dwipurwa

d)

Dwiwasana

11.

Tembung camboran iku diperang/dibagi dadi loro yaiku tembung camboran ... lan camboran ...

a)

wancah lan tugel

b)

wutuh lan tugel

c)

cambor lan tugel

d)

cambor lan wutuh

12.

Tembung sing mratelakake tandang gawe (solah bawa) lan lumakune kahanan.

Disebut tembung...

a)

Aran

b)

Wilangan

c)

Kahanan

d)

Kriya

13.

- manungsa (pulisi, tentara, sopir),

– kewan (kucing, jaran, pitik),

– wit-witan/woh-wohan (jambu, jati, jeruk, kacang),

– sepatu, lemari, sapu, keset, meja, kursi.

Iku klebu tembung...

a)

Aran konkrit

b)

Aran abstrak

c)

Kriya tanduk

d)

Kriya tanggab

14.

Surate ditulis Anggi.

Tembung ditulis klebu...

a)

Aran konkrit

b)

Aran abstrak

c)

Kriya tanduk

d)

Kriya tanggab

15.

Bunga nggambar motor mabur ing blabag.

Tembung nggambar klebu jenis tembung....

a)

Kriya tanggab

b)

Aran konkrit

c)

Kriya tanduk

d)

Aran abstrak

16.

Dheweke lagi tuku sepatu saiki.

Dheweke klebu tembung...

a)

Wilangan

b)

Katrangan

c)

Kahanan

d)

Sesulih

17.

Swara /a/ jejeg ana ing tembung...

a)

Manak, sanak, mangan

b)

Maca, lara, mata.

c)

Manak, maca, sanak

d)

mangan, lara, mata

18.

Klebu tembung andhahan..

a)

Nyate, mangan. lara

b)

Mangan, pete , lara

c)

Mangan, nyate, mara

d)

Nyate, Mara. Pete

19.

Swara /i/ miring ana ing tembung

a)

Kucing, Bening. Mancing

b)

Mancing. Iwak. Kali

c)

Putih. Kucing. Maling

d)

Mari, MIli. . Siji

20.

Kawit esuk kok mung mloka mlaku wae.

Tembung mloka mlaku iku klebu tembung andhahan....

a)

Dwi Lingga Wantah

b)

Dwiwasana

c)

Dwipurwa

d)

Dwi Lingga salin swara

21.

Ibuku yen riyaya nggawe madumangsa.

Madu mangsa klebu tembung...

a)

Andhahan

b)

Camboran

c)

Dwilingga

d)

Wancahan

22.

Kang klebu tembung lingga..

a)

Maca. rana, saka.

b)

Saka, kana, lara

c)

Mara, rana, maca

d)

Maca,mrana, nglara

23.

Tembung meja, buku, gelas lan tepak iku kalebu jinise tembung...

a)

Aran

b)

Kriya

c)

Kahanan

d)

katerangan

24.

Ing ngisor iki kang kalebu kang kalebu tuladha tembung andhahan mawi seselan "in" yaiku....

a)

tumindak

b)

ditandur

c)

gumantung

d)

tinulis

25.

Sing ora kalebu tembung rangkep yaiku...

a)

undur-undur

b)

mloka-mlaku

c)

lelunga

d)

lelampahan

26.

Unsur basa jroning teks tanggapan dheskriptif sing digunakake kanggo mangsuli pitakonan apa (what) lan sapa (who) nggunakake tembung ….

a)

aran

b)

kriya

c)

kahanan

d)

sesulih

27.

Bedane tembung kaanan karo tembung katrangan yaiku ....

a)

tembung kaanan digunakake kanggo nerangake tembung aran tembung katrangan digunakake kanggo nerangake tembung kriya

b)

tembung kaanan digunakake kanggo nerangake tembung kriya tembung katrangan digunakake kanggo nerangake tembung aran

c)

tembung katrangan mujudake tembung sing mratelakake barang tembung kaanan mujudake tembung sing mratelakake solah bawa

d)

tembung katrangan mujudake tembung sing mratelakake solah bawa tembung kaanan mujudake tembung sing mratelakake barang.

28.

Tembung sing gunane kanggo nggandhengake tembung siji karo tembung liyane ing sawijine frase, sarta ukara siji karo ukara liyane supaya dadi tambah dawa.

a)

kriya                      

b)

sesulih

c)

panggandheng

d)

kahanan

29.

Adhuh, sikilku sing koksenggol iku mau lara banget!

Tembung-tembung sing dicithak kandel jroning ukara ing ndhuwur yen dideleng saka jinise tembung kanthi urut kalebu jinse tembung ....

a)

panggandheng; aran; kriya tanggap                         

b)

                          panggandheng; kriya tanggap; aran

c)

panyeru; aran; ancer-ancer  

d)

panyeru; aran; kriya tanggap

30.

Ukara-ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung katrangan yaiku ....

a)

Bocah-bocah saben esuk padha mlaku-mlaku bebarengan.

b)

Kanca-kancane adhikku pinter-pinter ora ana sing bodho.

c)

Kowe sarapana ing warung wae merga segane mambu.

d)

Budi mengko ora sida melu pentas jalaran kostume amoh.

31.

Trap-trapane ater-ater tripurusa ing ukara ngisor iki kang bener, yaiku …

a)

Bu Tanti disaponi ana kelas

b)

Pak Dirman apa kokparani?

c)

Kok ngono ya nulise

d)

Aja dakdilipur Ibu nangis

32.

Ukara ing ngisor iki migunakake tembung kang mawa seselan yaiku ….

a)

Saben dina dheweke kumudu kudu mulih.

b)

Sapa sing ngawekake kupat iku.

c)

Pak Danu wegah dijaluki tulung

d)

Sawise mangan dheweke nglungani