WorksheetsBasa Jawa kls 6 smst 2
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Tembung "globalisasi" iku asale saka tembung "globe" sing tegese ....
bal bunder
mendunia
donya
di dunia
Ing ngisor iki sing kalebu dhampak positipe globalisasi yaiku ....
ilange budaya asli
majune teknologi
komunikasi saya angel
ilange gotong-royong
Tibane mengisor, sing digoleki mendhuwur, batangane ....
andha
perau bocor
gentheng bocor
benik
Batangane "ontong gedhang". Cangkrimane : Pak Demang klambi abang ....
disuduk manthuk-manthuk
disawang malah ilang
rupamu kaya kranjang
Penggaweyane saba blumbang
Bapak pucung, wujud mlungker kaya kalung
Nuduhake rina wengi
Lamun mati bingung wektu sang bendara
Bedhekane yaiku ....
tasbih
gelang jam
ali-ali
binggel
Pitik walik saba meja, batangane ....
nanas
nangka
sulak
sapu
Pitik walik saba kebon, batangane ....
nanas
nangka
sulak
sapu
Kebo picak kalebu cangkriman ....
awujud pepindhan
awujud blenderan
sinawung ing tembang
awujud wancahan
"Pitik walik saba kebon" kalebu cangkriman ....
awujud pepindhan
awujud blenderan
sinawung ing tembang
awujud wancahan
Manut wujude, cangkriman iku kaperang dadi ....
enem
papat
telu
pitu
"Lawa lima kalong telu dadi pira ?"
kalebu cangkriman ....
awujud pepindhan
awujud plesetan
sinawung ing tembang
awujud wancahan
"Lawa lima kalong telu dadi pira ?"
batangane ....
2
4
6
8
"Dikethok malah mundhak dhuwur" batangane ....
wit gedhang
clana
tali
kayu
Sing klebu cangkriman plesetan yaiku ....
Bocor malah enak
Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan diliwati
Segara beldhes
Sega sakepel dirubung tinggi
Yen arep pidhato, becike gawe ....
cengkorongan
gagasan baku
naskah pidhato
struktur teks pidhato
Muji syukur ing ngarsaning Allah kalebu perangan ... pidhato.
pambuka
isi
panutup
dudutan
Kanggo persiapane nulis teks pidhato becike gawe ....
ukara
dudutan
cengkorongan
gagasan baku
Ing ngisor iki sing ora kalebu gagasan baku sajroning pambuka pidhato yaiku ....
dudutan
puji syukur
salam pambuka
pakurmatan
Pidhato kanthi ngapalake naskah luwih dhisik diarani ....
impromtu
memoriter
ekstemporan
naskah
Miturut swasanane, pidhato utawa sesorah kaperang dadi ....
Pidhato kenegaraan karo pidhato perpisahan
Pidhato ing sekolahan karo pidhato ing manten
Pidhato pengetan Hardiknas karo pidhato presiden
Pidhato resmi karo pidhato ora resmi
Pidhato kanthi maca teks/naskah diarani ....
impromtu
memoriter
ekstemporan
naskah
Impromtu yaiku metodhe pidhato sing ....
tanpa nganggo persiapan
kanthi ngapalake naska
kanthi maca naskah
nyiapake pokok-pokok pidhato
Dudutan, panyuwunan pangapura, lan salam panutup, iku kalebu ... pidhato
pambuka
isi
panutup
dudutan
Sing kalebu cangkriman plesetan yaiku ....
Bosok malah enak
Wong adol krambil dikepruki
Segara beldhes
Sega sakepel dirubung tinggi
Bapak pucung amung sirah lawan gembung
Padha kinunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka si pucung dadi dahana
Bedhekane yaiku ....
ali-ali
penthol korek
dom bolah
binggel
Adoh-adoh diparani, ....
banjur dicekel
bareng cedhak diliwati
bareng cedhak dibruki
ora tau diliwati
Bapak pucung, saben dina tansah bingung,
Badanira panjang,
tutukira pan pesagi,
saben dina pucung nguntal buntutira
Batangane tembang pucung ing dhuwur yaiku ....
sepur
sabuk
penthol korek
gajah
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula,
Pencokanmu wesi miring,
Yen lumaku si pucung ngumbar swara.
Cangkriman ing dhuwur batangane ....
ula
kalung
sepur
sabuk
Bapak pucung, dudu watu dudu gunung,
sabamu ing alas,
ngon ingone Sang Bupati,
prapteng marga si pucung lembehan grana.
Cangkriman iki batangane ...
gajah
sabuk
sepur
penthol korek
Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung
Ngambah jumantara
Kaya manuk rajawali
Wira wiri nggawa barang lan manungsa
Batangane ....
montor mabur
sepur
gajah
manuk
