NEW
Font size
Worksheetslatian soal basa jawa
Total questions: 40
Worksheet time: 28mins
Bu, sore mau aku diwenehi dhuwit dening simbah. Ukara kasebut iku kleru, dene benere yaiku …
Bu, aku mau disukani dhuwit dening simbah sonten wau.
Bu, kula wau sonten dipuncaosi dhuwit dening simbah.
Bu, kula wau sore dipunsukani dhuwit dening simbah.
Bu, sonten wau kula dipunparingi arta kaliyan simbah.
Dhik, bapak mau lunga menyang ngendi? Ukara kasebut iku ora trep miturut unggah-ungguh, dene benere yaiku …
Dhik, bapak wau kesah dhateng pundi?
Dhik, bapak wau tindak dhateng pundi?
Dhik, bapak wau kondur saking pundi?
Dhik, bapak mau tindak menyang ngendi?
Kowe mulih sekolah banjur kepethuk pakdhemu sing arep tindak sawah. Kepiye anggonmu aruh-aruh?
Pakdhe badhe tindak sabin?
Pakdhe saking tindak sabin?
Arep menyang sawah apa piye Dhe?
Wah, ajeng teng sabin ta Dhe?
Uwong kang tetepungan/kenalan, lumrahe sepisanan nyuwun priksa babagan asmane. Ing ngisor iki basa kang bener nalika tetepungan yaiku …
Ditepungke, sapa jenengmu?
Nuwun sewu, sapa jenengan?
Nyuwun ngapunten, jenengan sapa?
Nuwun sewu, panjenengan asmanipun sinten?
Bagas nalika ing toko buku ketemu karo gurune kang asmane Bu Bekti, anggone sapa aruh Bagas marang Bu Bekti becike yaiku …
Bu Bekti, badhe napa niki?
Bu Bekti, ajeng tumbas napa bu?
“Bu Bekti, badhe mundhut menapa bu?”
“Bu Bekti, badhe tumbas napa bu?”
“Kados pundi kabaripun?”. Ukara iki lumrah diarani tata krama kanggo …
njaluk ngapura
atur panuwun
sapa aruh
tetepungan
Nalika pamitan marang bapak sing bener menawa arep budhal sekolah yaiku …
Pak, kula bidhal sekolah, nyuwun pangestunipun.
Pak, kula tindak sekolah, nyuwun sangune.
Pak, kula ajeng mangkat sekolah.
Pak, kula badhe tindak sekolah.
Ing sawijining dina, ibumu duka marang kowe jalaran anggonmu dolan nganti kliwat wayah, mula anggonmu nyuwun pangapura marang ibu kang trep yaiku …
Bu, kula lepat saestu, sanes wektu ajeng kula ambali malih.
Bu, kula nyuwun pangapunten, sanes wekdal boten kula ambali malih.
Bu, sorry tenan kula njaluk ngapura, liya wektu boten kula baleni malih.
Bu, kula sing kleru, ibu kedah ngapunten kula, boten ajeng tak baleni malih.
Nalika dhuwitmu tiba, kancamu ana sing ngerti lan jupukake, banjur kancamu menehake dhuwitmu marang kowe maneh. Anggonmu menehi wangsulan marang kancamu yaiku …
Matur nuwun, dhuwitku ora sida ilang.
Matur nuwun, untunge kowe ora ngepek dhuwitku.
Matur nuwun, begjane durung ditemu wong liya dhuwite.
Matur nuwun, iki mau bisa dadi pangajaran menawa nyimpen dhuwit kudu pener.
“Mbah nyuwun sewu kula ngrumiyini nggih.” Ukara kasebut diucapake menawa kowe …
Arep sowan ing daleme simbah
Arep pamit mulih nalika mertamu
Arep nglancangi wong sing luwih tuwa
Liwat ing ngarepe wong kang lagi lungguhan.
Aksara Jawa kasebut yen ditulis nganggo aksara Latin, yaiku...
Seneng maca buku.
Iku senengane maca buku.
Aku seneng maca buku.
Sapa seneng maca?
Sandhangan sing digunakake ing ukara kasebut, yaiku....
Taling
Pepet
Suku
Wulu
Supaya konsonan "r" ing tembung "Seger" bisa diwaca luluh/mati, ditulis kanthi nggunakake sandhangan.....
Wignyan
Pepet
Layar
Taling
Cacahe/jumlahe aksara Jawa ana........
11
22
19
20
Ukara aksara Jawa kasebut nggunakake sandhangan....
Wulu
Layar
Pepet
Wignyan
Sandhangan "pangkon,wignyan,layar, lan cecak" kalebu sandhangan...
swara
wyanjana
panyigeg wanda
pasangan
Menawa ditulis latin unine ....
Ati daya
Adi daya
Ari Raya
Adi Budaya
Tulisan aksara jawa sing bener kanggo tembung dijaga yaiku ....
Apa sing diarani tembung camboran?
Tembung camboran yaiku tembung sing wis mati.
Tembung camboran yaiku tembung sing mung ana siji.
Tembung camboran yaiku gabungan saka loro utawa luwih tembung sing ngasilaké makna anyar.
Tembung camboran yaiku tembung sing ora ana hubungane.
Tembung lingga yaiku ....
Tembung sing wis owah saka asale
Tembung sing durung owah saka asale
Tembung sing oleh seselan
Tembung sing durung oleh seselan
Tuladhane tembung lingga yaiku ....
Tangis
Nangis
Ditangisi
Ditangis
Tembung andhahan yaiku ....
Tembung sing nggunakake tembung panguwuh
Tembung sing kacambor
Tembung sing wis owah saka asale
Tembung sing durung owah saka asale
Tembung lingga bisa dadi tembung andhahan amarga oleh ....
Wuwuhan
Seselan
Kacambor
Kabeh wangsulan bener
wuwuhan ing tembung basa jawa ana 3, yaiku ater-ater, seselan, lan panambang. ing ngisor iki kang kalebu tembung sing entuk ater-ater yaiku....
dakgawa
tukunen
tura-turu
kelingan
Tembung lingga saka tembung mengarep yaiku....
arep
ngarep
menga
ngare
tembung nemokake menawa dirumuske duweni wujud
n+temu+ake
n+nemu+ake
ne+temo+ake
ne+nemo+ke
Ana ing serat Wedhatama, pupuh Kinanthi ana .... pada.
16
17
18
19
Saben sapada, pupuh Kinanthi ana .... gatra
5
6
7
8
Serat Wedhatama anggitanipun ....
KGPAA Mangkunegara IV
KGPAA Mangkunegara X
KGPAA Mangkunegara IX
KGPAA Mangkunegara III
wateke tembang gambuh yaiku
tegas
nelangsa
sumanak
asih
trenyuh
guru wilangan tembang gambuh gatra kaping pindho....
7
10
12
8
5
Serat wulangreh kaanggit dening...
Pakubuwana IV
Raden Mas Suwandi
Kraton Surakarta
Sri Sultan Hamengkubuwana X
guru wilangan tegese ........
tibaning swara ing pungkasan gatra
cacahing gatra saben sapada
cacahing baris saben sabait
cacahing wanda saben sagatra
guru gatra tegese ......
tibaning swara ing pungkasan gatra
cacahing larik saben sapada
cacahing suku kata saben sapada
cacahing wanda saben sagatra
guru lagu tembang gambuh ing gatra kapindo yaiku .....
a
i
u
e
guru wilangan tembang gambuh gatra kapapat yaiku ......
8
7
6
9
8. Ing ngisor iki sing kalebu tembung camboran tugel yaiku...
Siswa-siswi
Pakdhe
Enom tuwa
Gedhe cilik
Tembung camboran jinise yaiku...
camboran tugel lan ora tugel
camboran wutuh lan ora wutuh
camboran tugel lan cambotan wutuh
camboran wutuh lan cambora setengan wutuh
Tembung nagasari iku termasuk camboran....
wutuh
tugel
wutuh lan tugel
lengkap
Ing ngisor iki sing kalebu contohe camboran wutuh yaiku...
Bulik
pakdhe
bangjo
dadar gulung
