WorksheetsSumatif Akhir Semester Kelas 8
Total questions: 75
Worksheet time: 1hrs 15mins
Salah sawijine bab kang kudu digatekne sajrone cerkak yaiku tema. Tema uga diarani ....
Plot
Sudut Pandang
Topik
Alur
Urutane kedadeyan sajrone cerkak yaiku
Alur
Gaya Basa
Tema
Amanat
Ing ngisor iki kang ora kalebu unsur instrinsik yaiku ...
Tema
Alur
Sudut Pandang
Rima
Kang kalebu strukture cerkak yaiku ...
Identifikasi
Klasifikasi
Komplikasi
Klarifikasi
Gegambaran watak paraga sajrone cerkak ora isa dilakokake dening ...
Komentar pamaca
Pacelathon paraga
Pacelathon paraga liyane
Gegambaran fisik paraga
Unsur pamangun cerkak yaiku
Instrinsik
Ekstrinsik
Instrinsik lan Ekstrinsik
Tema
Titikane cerkak yaiku
Critane cekak, ukarane ringkes lan padhet, nanging basane angel dingerteni
Critane dawa, isine padhet, basane luwih gampang dingerteni
Critane cekak, isine padhet, ukurane ringkes, basane gampang dingerteni
Critane dawa, isine ora padhet, basane gampang dingerteni
Gagasan utawa pesen kang pengin dituturake dening pangripta sajrone cerkak yaiku ...
Amanat
Tema
Alur
Paraga
Bab kang pungkasan ditindakake nalika nulis cerkak yaiku...
Nemtokake paraga lan watak paraga
Nemtokake alur crita
Pilihan tembung
Nemtokake tema
Sawise milih tema, bab kang ditindakake nalika nulis cerkak yaiku...
Pilihan tembung
Nemtokake paraga lan watak paraga
Nemtokake pamawas
Nemtokake amanat
Wacanen cerkak kanthi tenanan, kuwi kanggo mangsuli pitakonan 11-13. Manut cerkak ing ndhuwur, pakaryane paraga Arini yaiku
Guru
Dokter
Bidan
Pemandhu Tour
Simaken cerkak ing ndhuwur kanthi bener kanggo mangsuli pitakonan No.14-15. Undheraning rembag (tema) cerkak yaiku...
Sosial
Politik
Budi Pekerti
Lingkungan
Tokoh-tokoh kang ana ing sawijining cerkak diarani..
paraga
alur
latar
amanat
Unsur kang mangun cerkak saka sanjabane crita diarani..
unsur intrinsik
unsur ekstrinsik
sudut pandang
latar/setting
Ukara kang kalebu "ukara langsung" yaiku..
"De, coba sawangen iki!" prentahe Ibuk
Mireng kandhane Budi, Bu Ani ora sida duka.
Ingkang ngagem rasukan bathik menika ibu Lurah
Pak Ferdi maringi yatra marang Pak Rezky
Katrangan ngenani panggonan, wayah, lan kahanan ana sajroning crita diarani..
amanat
latar
tema
paraga
Kang ora kalebu titikane cerkak yaiku..
ukarane ringkes
tembunge gampang dingerteni
akeh konflik kang dumadi
critane ringkes
Kang ora kalebu unsur ekstrinsik cerkak yaiku..
adat istiadat
budaya
sikap masyarakat
tema
Perangan wiwitane crita kanggo nepungake paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure diarani..
resolusi
klimaks
orientasi
komplikasi
Cerkak iku kalebu golongane..
film
sastra fiksi
sastra nonfiksi
budaya
Lelandhesan utawa dhasar bakune crita diarani..
alur
latar
paraga
tema
Adhedhasar urutane crita, struktur teks cerkak kaperang dadi..
koda, orientasi, komplikasi, resolusi
resolusi, koda, orientasi, komplikasi
orientasi, komplikasi, resolusi, koda
orientasi, komplikasi, koda, resolusi
Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....
Fabel
Legendha
Mite
Sage
Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane cerita legendha yaiku.…
Dumadine desa Cluwak
Joko Tingkir
Nyi Rorokidul
Timun Mas
Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!
Legendha Desa Lahar
Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa.
..................................................
Irah-irahan saka carita Legendha ing dhuwur yaiku....
Legendha Gunung Muria
Legendha Desa Lahar
Legendha bom Hirosima
Legendha ledakan bom Sekutu
Sore mau aku bali sekolah, bapak lagi nonton tv. Yen diowahi basa krama dadi ....
Sonten wau kula wangsul sekolah, bapak saweg mirsani tv
Sonten wau kula kondur sekolah, bapak saweg mirsani tv
Sonten wau kula wangsul sekolah, bapak saweg ningali tv
Sonten wau kula kesah sekolah, bapak saweg mirsani tv
Unsur Intrinsik cerkak, kejaba
Alur
Tema
Pasulayan
Tokoh
Gatekna pethikan carita Legendha ing ngisor iki!
Asal-Usul Desa Sirahan-Cluwak-Pati
Desa Sirahan manggon ing tlatah Wates Kabupaten Pati-Jepara. Desa Sirahan kawentar dadi pusat pendhidikan Agama. Kacarita nalika samana Kadipaten Pati ngutus Ki Jiwonolo, punggawa Kadipaten Pati kanggo mbukak alas ing tlatah Tayu sisih kulon.
.......................................................
Tembung "kawentar" tegese....
Punggawa
Dikepung
Terkenal
Dijenengi
Karya sastra Jawa periodhe anyar awujud crita kang nyritakake ngenani gegambarane urip masarakat saben dina, kang ngandhut pitutur, piweling, lan kritik, diarani ...
Basa rinengga
Crita rakyat
Geguritan
Crita cekak
Cerkak mujudake crita rekayasa (imajinatif) sing sumbere bisa crita kasunyatan. Ing crita cekak ngandhut unsur instrinsik lan ekstrinsik. Unsur instrinsik yaiku unsur sing ana sajrone cerkak. Sing kalebu unsur intrinsik ing crita cekak, yaiku ...
Kabudayan
Pendidikan
Latar/setting
Pariwisata
Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!
Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut.
Manut wacan ing ndhuwur, sing dadi paraga utama yaiku ....
Ibu
Bapak
Adhik
Aku
Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!
Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut.
Sudut pandhang sing digunakake ing crita cekak kasebut, yaiku ....
Wong katelu paraga utama
Wong kapisan paraga utama
Wong katelu paraga tambahan
Wong kapisan paraga tambahan
Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi patitis!
Dhompet sing ditemu Tono ing ngisor kursi sing dilungguhi mau tansah ngganggu pikirane. Ing ngarepe Tono lungguh mau ana bapak-bapak kang rupane isih dieling banget dening Tono.
“Dhompet iki yen takserahne Pak Polisi, apa bener Pak Polisi bakal nyerahne marang sing nduwe? Dhompet iki rak isine dhuwit akeh?”
Tono dhewe ora kepengin ngepek barang kang dudu duweke. Kejujuran iku nomer siji, dhawuhe bapake. Wong dianggep luhur drajate yen jujur tumindake.
Watak sing digambarake paraga Tono ing crita kasebut, yaiku ...
Seneng
Susah
Jujur
Geleman
Unsur intrinsik sajrone crita kang nerangake watak wantune paraga ing crita kasebut, diarani ...
Paraga
Penokohan
Setting
Akting
sing ora termasuk unsur intrinsik cerkak yaiku ....
tema
alur
latar
koda
ngisor iki titikane crita cekak yaiku, kejaba ....
alure mung siji
paraga sithik
wose lelakon manungsa
nyritakake akeh prastawa
" Sidane ing bengi kuwi, najan wurung nikmati pasugatan ing resepsine Pak Kepala Dinas, nanging oleh ijol pasugatan sing ora oleh mirasa. Najan kanggo iku nimpuna Pardi kepeksa cucul dhuwit kanggo nraktir. Nanging tumrap nimpuna ora dadi apa, wong pancen wes diniyati".
tema sajroning crita yaiku ....
kesehatan
kekancan
katresnan
pendhidhikan
"Jam setengah siji kaya adhat sabene, wong loro leren ing ngarep benteng Vredeburg poncot kidul Malioboro, sinambi ngetung penghasilane".
Ukara ing ndhuwur nudhuhake latar ....
papan
wektu
wektu lan papan
papan lan wektu
"Ratih kuwi pawakane dhuwur, putih, lan mripate njedjer kothak".
Paraga Ratih digambarake lumantar ....
fisike
pachelathone
tindakane
bathine
Cerita cerkak yaiku crita kang ngandharake lelakon utawa kedhadean kanthi ringkes,saka wiwitan kanthi pungkasan Ciri-cirine cerkak yaiku……
Ukarane ringkes, tembunge gampang di mangerteni
Katrangan papan panggonan
Gagasn utawa ide
Paraga ciptaan
"Ana perlu apa kok sajak wigati banget" Tembung wigati tegese ...
Temenan
Gumun
Pengin
Penting
ana apa wae jinise basa rinengga?
bebasan, saloka, selaka, rurabasa, kreta basa
bebasan, paribasan, saloka, rurabasa, keratabasa, cangkriman
bebasan, perumpamaan, saloka, rurabasa, krama madya, cangkriman
bebasan, krama tengahan, saloka, rurabasa, keratabasa, geguritan
apa kang diarani paribasan?
unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges wantah (sabenere) lan ORA ngemu surasa pepindhan.
unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar lan ngemu surasa pepindhan.
unen-unen kang endah dipaesi/dipacaki utawa direngga
basa kang salah kaprah nanging amarga wis kulina digunakake mula dianggep bener
Basa rinengga yaiku....
Basa sing dipaesi utawa basa kang endah
Basa Jawa kang alus banget
Basa Jawa kulonan
Basa Jawa kang nduweni teges akeh
ukara ing ngisor iki kang kalebu basa rinengga yaiku...
Nalika wis bali tekan omah aja lali gek ndang ngasuh.
Padha karo kowe nek babagan tresna, aku ya mung melu-melu wae.
Pancen tenan nek bisa dadi patuladhan wong saben dinane tansah sinau.
Sadar nek wis telat, ing dalan Budi mlayu-mlayu kaya kidang diuber singa.
rinengga ing busana edi endah.
tembung kang digaris isore kuwi tegese...
endah banget
katon semburat
sarwa tresna
gumlegar banget
Waahh!!
Isih cilik kok ...... ana apa wae sing bisa dijupuk ya jupuk.
Tembung sing trep kanggo ngisi ceceg - ceceg ing dhuwur iku ...
dawa tangane
lunyu ilate
adus kringet
Gedhe endase
Untu krowok larane ora karu-karuan.
ukara ing nduwur iku wancahan saka tembung....
burnas kopen
buta buri
gerbong tulis
tuwok rawan
Bebasan sing nuduhake wong sing ora tau setya utawa gampang mblenjani janji yaiku...
a. Pagar mangan tanduran
b. Ngombé banyu kang bening
c. Lemah garing kari cakale
d. Tanggung ngendhog amarga kucing
Wong sing marani bebaya, saloka ne yaiku...
Yuyu rumpung mbarong ronge
Pitik trondhol diumbaring padaringanKebo nusu gudel
Timun mungsuh duren
Ula marani gepuk
Jer basuki mawa bea, tegese ....
kalakuane anak tiru-tiru wong tuwane
becik utawa ala bakal ketara
kabeh gegayuhan iku mesthi ana ragade utawa ana pangorbanan
sing ati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal nemu cilaka
Cebol nggayuh lintang tegese...
sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe
gawe kerusuhan ing papan kang tentrem
Becik ketitik ala ketara tegese...
wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka
ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapintarane
tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe mburine utawa dititeni tembe mburine
karepe arep ngirit jebul malah entek akeh
Anak polah bapa kapradhah tegese...
tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe mburine utawa dititeni tembe mburine
lelungan adoh tekan ngendi-endi desa, kutha, negara kabeh wis diparani
karepe arep ngirit jebul malah entek akeh
wong tuwa nemu pakewuh amarga saka tumindake anak kang kurang prayoga
Saben papan utawa dhaerah duwe adat utawa tatacara dhewe-dhewe, paribasane yaiku...
Njajah desa milang kori
Keplok ora tombok
Desa mawa cara negara mawa tata
Busuk ketekuk pinter keblinger
Diwenehi ati ngrogoh rempela tegese...
wong kang andum barang, nanging dheweke malah ora keduman
yen wong-tuwa oleh prekara, anak uga melu ngrasakake lan tanggung jawab
diwenehi enak, ananging isih kurang trima, njaluk sing luwih enak maneh
barang kang banget ditrisnani
Gampang molah-malih atine, ora teteg , bebasane yaiku...
Dikena iwake aja nganti buthek banyune
Ancik-ancik pucuking eri
Beras wutah arang mulih marang takere
Esuk dhele sore tempe
Kacang ora ninggalake lanjaran, tegese ....
kalakuane anak tiru-tiru wong tuwane
becik utawa ala bakal ketara
kabeh gegayuhan iku mesthi ana ragade utawa ana pangorbanan
sing ati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal nemu cilaka
Adigang , adigung, adiguna, tegese ....
ngendelake kakuwatane, kaluhurane, lan kapinterane
nyuwun, wis diparingi sathithik, ndadak nyuwun sing akeh
akeh omong, nanging ora ana nyatane
prakara cilik dadi gedhe
Tegese paribasan
"Ngubak-ubak banyu bening" yaiku...
gawe rerusuh ana ing panggonan kang tata tentrem
wong kang nyemoni wong, wusane sing krasa wong liya
wong kang sugih omong tandhane sithik kawruhe
wong kang kegedhen panjangka kurang sarana
Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, apike nggunakake basa...
krama alus
krama lugu
ngoko alus
ngoko lugu
Ing ngisor iki sing kudu disiapake sadurunge nindakake wawancara, kajaba...
nemtokake narasumber
nemtokake tema
nemtokake biaya
nemtokake tujuan
Nalika arep nindakake wawancara kudu nyiapake pedhoman wawancara kang wujude...
Dheskripsi sing arep ditakokake
Dhaftar pitakonan sing kanggo takon
Tape recorder kanggo ngrekam
Ringkesan materi sing arep ditakokake
Tujuan disusun pedhoman wawancara kaya ing ngisor iki, kajaba...
Supaya anggone nindakake wawancara runtut lan genep
Supaya ora ana pitakonan kang kliwatan
Supaya tumindake wawancara lumaku lancar lan mawa arah
Supaya anggone nindakake wawancara suwe
1) Kepriye carane ngembangake usaha bathik "Sekar Jagad" punka pak?
2) Kados pundi caranipun ngembangaken bathik "Sekar Jagad" punika pak?
3) Kenging punapa kok opah buruh awis pak?
4) Sinten ingkang paring bantuan?
Ukara pitakon ing ndhuwur sing nakokake cara yaiku ukara nomer...
1, 3
2, 4
1, 2
3, 4
Sing klebu tuladhane ukara tanduk yaiku...
Jamu iki diprodhuksi wiwit taun 2009.
Aku nampa pesenan sawayah-wayah.
Barang dagangan dakkirim seminggu ping pisan.
Kripik rasa original sing paling disenengi konsumen.
sing kalebu medhia cetak yaiku
ariwarti
interenet
youtube
radhio
paraga kang watake ala diarani paraga
paraga antagonis
oaraga protagonis
paraga tritagonis
oaraga utama
ilmu kawrah piwulange guruku kanggo sangu
urip ing dunyo
urip ing akhirat
dunyo lan akhirat
dunyo sa'angkasa
bocah nakal iku tembe bakal
ungah maca
mertobata
getun mburi
wuta hijaiyah
OLAHAN BANDENG
Tata : Kulanuwun, Bu.
Bu Suci : Oh, nggih mangga pinarak. Ana perlu apa, Mbak?
Tata : Punika kula kaliyan kanca kula kepengin mangertosi kadospundi caranipun ngolah bandeng lan kadospundi caranipun panjenengan masaraken prodhuk olahan bandeng punika.
Bu Suci : Oh, iya-iya
Lintang : Punapa naminipun prodhuk olahan bandeng ingkang panjenengan prodhuksi punika, Bu?
Bu Suci : Akeh, Mbak. Prodhuk olahan bandeng ing kene, kayata; bandeng presto, othak-othak bandeng, bandeng cabut duri, abon bandeng, lan sapanunggalane.
Teks kasebut kalebu teks...
Pawarta
Wawancara
Menehi kawruh
Teks prosedhur
Lintang : Menawi ingkang kondhang utawi ingkang laris punika prodhuk ingkang pundi, Bu?
Bu Suci : Sing paling laris lan sing asring digoleki pelanggan, yaiku othak-othak bandeng.
Tata : Kenging punapa othak-othakbandeng punika saged dados prodhuk ingkang laris?
Saka pacelathon ing ndhuwur sing minangka pawawancara yaiku....
Lintang & Bu Suci
Bu Suci
Tata & Tari
Lintang & Tata
Sing ora oleh ditindakake nalika wawancara yaiku........
Nakokake babagan dibutuhake
Pitakonan ora memper karo topik lan tema
Ngrungokake andharan kanthi setiti
Nulis babagan wigati
Sajroning nindakake wawancara ana bab-bab sing kudu digatekake, yaiku.......
Namtokake Tema lan Topik
Namtokake suguhan wawancara
Nyepakake pitakonan kang njlimet
Mara ing omahe narasumber
Rama lagi nindakake wawancara ngenani carane nggawe asbak saka lemah lempung, marang Pak Kasdu sing umure 56 taun. Rama becike nggunakake........
Krama Andhap
Basa kang sopan
Krama Inggil
Krama Lugu
