Font size
WorksheetsASAS Bahasa Jawa
Total questions: 25
Worksheet time: 15mins
Teks wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kanthi runtut saka wiwitan pungkasan utawa kronologis. Teks wacan kuwi diarani …
narasi
deskripsi
eksposisi
argumentasi
Cermati struktur teks ing ngisor iki !
(1) alur
(2) latar
(3) klasifikasi
(4) idhentifikasi
(5) paraga / tokoh
Struktur teks narasi yaiku … .
(1), (2), (3)
(1), (2), (5)
(1), (3), (5)
(2), (4), (5)
Tutik garap tugas saking bu guru yaiku nulis teks deskripsi tema dolanan sing disenengi. Teks deskripsi yaiku … .
Teks ingkang isine pendapat saking panulis utawa pendapat ahli
Tulisan sing nyeritakake kedadean tokoh utama kanthi rinci urutan wektune
Teks wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kanthi runtut saka wiwitan pungkasan utawa kronologis
Tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake objek, panggon, utawa kedadean kanthi rinci, nganti sing maca rumangsa nyawang utawa ngalami dhewe objek sing digambarake
Dina Sabtu isuk kepungkur Raka lan Sultan padha semayanan arep dolanan gangsingan. Kira-kira jam setengah 8 Raka lan Sultan wis mangkat menyang daleme Eyang Cakra. Daleme eyang Cakra iku latare jembar. Yen isuk lan sore akeh bocah dolanan ing kono. Mula Raka dan Sultan mrono arep dolanan gangsingan. Raka lan Sultan nggawa gangsingan saka omah dhewe-dhewe. Dolanan iki adu suwe-suwean mubenge gangsingan lan dudu pathon. Yen pathon biasane gangsingane rusak. Raka lan Sultan ora seneng sing pathon, jalaran eman gangsingane rusak. Sing digawe gangsingan iku saka kayu lamtara, kayu iku atos. Dolanan gangsingan iku nglatih manthenge pikir (konsentrasi), jalaran yen anggone ngeculake gangsingan ora mantheng gangsingan ora bakal munyer seser, lan suwe mandhege. Sing gangsingan munyer suwe munyere iku sing menang. Rikala semana sing menang Sultan. Bocah loro seneng banget. Wes awan bocah-bocah enggal-enggal mulih menyang omahe.
Bahan bakune gawe gangsingan yaiku … .
kayu lamtara
wit klapa
pring
wesi
Bocah-bocah seneng dolanan ing daleme Eyang Cakra amarga … .
Eyang Cakra welas asih
daleme eyang Cakra latare jembar
daleme eyang Cakra ora ana latare
Eyang Cakra pinter gawe gangsingan
Mupangate dolanan gangsingan yaiku kanggo nglatih … .
manthenge pikir / konsentrasi
kekuatan otot
kelincahan
suwe mikir
Wetenge Simbah krasa lara, jalaran mau mangan lombok.
Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo basa krama alus yaiku … .
Padharanipun simbah kraos gerah, jalaran wau dhahar pedesan
Padharanipun simbah kraos gerah, jalaran wau dhahar lombok
Padharan simbah krasa sakit, jalaran wau dhahar pedesan
Wetenge simbah kraos gerah, jalaran wau dhahar pedesan
Ayo mangan dhisik, mengko terus budhal.
Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo basa krama alus yaiku … .
Monggo maem rumiyin, mangke lajeng bidhal
Monggo maem rumiyin, mangke lajeng budhal
Monggo dhahar rumiyin, mangke lajeng bidhal
Monggo dhahar rumiyin, mangke lajeng budhal
Tina (siram) tanduran ing ngarep omah.
Tembung siram sing mathuk supaya ukara ing dhuwur dadi ukara tanduk yaiku … .
dak siram
Kosiram
Nyiram
Disiram
Panyebar Semangat, Mekar Sari, Jaya Baya, lan Jaka Lodhang iku tuladhane kalawarti. Kalawarti yaiku … .
Warta kang diterbitake sakala-kala, ora saben dina
Warta kang diterbitake taraf internasional
Warta kang diterbitake saben dina
Warta kang diterbitake isuk-isuk
Pak Tani nandur pari jenis raja lele
tembung camboran wutuh
tembung camboran tugel
tembung entar
tembang macapat
Neni awake kuru kari lunglit jalaran mentas lara
tembung entar
tembang macapat
tembung camboran tugel
tembung saroja
Olehe nyambut gawe rina wengi prasasat adus kringet
tembung entar
tembung saroja
tembung camboran wutuh
tembung camboran tugel
Sesawangan ing kutha Malang edi peni
tembang macapat
tembung camboran tugel
tembung entar
tembung saroja
Maskumambang, Pucung, Kinanthi, Sinom, Durma, Gambuh, Mijil, Megatruh, Dhandhang gula, Pangkur lan Asmaradana
Tembung saroja
Tembung entar
Tembung macopat
tembung camboran tugel
Ariwarti yaiku kabar (warta) kang diterbitake saben dina
Bener
Salah
Pawarta kudu ngandharake kedadean kang nyata
Bener
Salah
Entek atine tegese ora duwe ati
Bener
Salah
Guru gatra yaiku dhong-dhing/tibaning swara (vocal) ing saben pungkasane gatra
Bener
Salah
Guru wilangan yaiku cacahing wanda/suku kata saben sagatra/sabaris
Bener
Salah
Tembung loro kang tegese padha digandheng dadi siji dianggo bebarengan, duwe teges
mbangetake diarani tembung … .
(a)
Sawahe katon ijo … jalaran mentas dirabuk
(a)
ditulis ing tulisan latin yaiku …
(a)
Mas Banu ngangsu kaweruh ing Jepang. Ngangsu kaweruh tegese … .
(a)
Mbak Santi kae pinter nanging ora gedhe sirahe. Gedhe sirahe tegese … .
(a)
