Font size
WorksheetsUjian Bahasa Jawa Kelas 4
Total questions: 40
Worksheet time: 3hrs 20mins
Bocah-bocah kang ana omah
Uga kang ana papan pawiyatan
Pada sregep ing sinaune
Kanggo nggayuh ngilmu kanggo selawase
Saben dino kudu eling
Aja lali marang paweling
Elingana ajarane
Ndisikake bab sinau budi pakertine
Sakprelu kanggo sangu
Mbesok urip bangun kang mituhu
Sinau maca, nulis, lan etung
Anglantipake pamikir lan kalbu
1. Miturut wacan ing dhuwur, ing ngendi papane bocah sinau iku ....
a. ing sawah
b. ing omah
c. ing omah lan sekolah
d. ing wiyata dharma
Bocah-bocah kang ana omah
Uga kang ana papan pawiyatan
Pada sregep ing sinaune
Kanggo nggayuh ngilmu kanggo selawase
Saben dino kudu eling
Aja lali marang paweling
Elingana ajarane
Ndisikake bab sinau budi pakertine
Sakprelu kanggo sangu
Mbesok urip bangun kang mituhu
Sinau maca, nulis, lan etung
Anglantipake pamikir lan kalbu
2. Geguritan 'Bocah Sinau' ing dhuwur karakit ana … pupuh.
a. loro
b. telu
c. papat
d. limo
3. Pacelathon ing ngisor iki, ditindakake dening … paraga.
a. siji
b. telu
c. limo
d. loro
4. Irah-irahan utawa judul kang trep kanggo wacan ing dhuwur yaiku ….
a. Nyuwun Pelem
b. Nyolong Wit Pelem
c. Mbantu Pak Bayu
d. Pardi Nyidam
5. Miturut panemumu, Pak Bayu iku kalebu paraga kang wewatak ….
a. cethil
b. medhit
c. loman
d. dumeh
6. Adhedasar wacan ing dhuwur, crita rakyat "Lembu Suro" yaiku crita rakyat kang tuwuh ngrembaka saka dhaerah ....
a. Malang
b. Surabaya
c. Madiun
d. Blitar
7. Paraga yaiku tokoh utawa pawongan kang ana ing crita rakyat. Kang ora kalebu paragane crita rakyat ing dhuwur yaiku ….
a. Prabu Sriwijaya
b. Prabu Brawijaya
c. Putri Pusparani
d. Lembu Suro
8. Wacan ing dhuwur ngemot pitutur kang luhur lan bisa digawe sangu urip bebrayan. Crita rakyat "Lembu Suro" ngemot pitutur yen wong kuwi ora becik nyepelekake liyan. Bukti Lembu Suro kuwi wewujudan pawongan sirah sapi, nanging ....
a. bisa mateni Prabu Brawijaya
b. sekti mandraguna
c. garwane akeh
d. tukang gawe sumur
9. Wong Jawa yen pacelathon ditata dening tata krama sing diarani unggah-ungguh basa. Kanthi unggah-ungguh basa kang trep, kita bisa ngajeni lan nresnani marang wong liya kang diajak guneman. Pacelathone siswa marang gurune migunakake basa ....
a. krama alus
b. ngoko alus
c. ngoko lugu
d. krama lugu
10. "Bu Ajeng tuku gula abang ing warunge Pak Hadi". Ukara kasebut yen diganti migunakake basa krama alus yaiku ....
a. Bu Ajeng tumbas gula abang wonten warunge Rama Hadi
b. Bu Ajeng mundhut gendhis abrit wonten wandenipun Pak Hadi
c. Bu Ajeng mundhut gendhis abang wonten wandenipun Pak Hadi
d. Bu Ajeng tumbas gendhis abrit wonten wandenipun Pak Hadi
11. Wacan ing dhuwur iku kalebu wacan kang aran ….
a. narasi
b. deskripsi
c. argumentasi
d. persuasi
12. Wacan ing dhuwur migunakake tembung ….
a. nggambarake perang utawa konflik
b. nggambarake kahanane objek ing siji wektu, panggonan, lan sosial
c. kang digunakake ing saben dina
d. kang nggugah rasa utawa narik kawigaten
13. Kahanane swasana paraga miturut wacan ing dhuwur yaiku ….
a. seneng
b. susah
c. repot
d. serik
14. Karangan deskripsi ana gegayutane karo ….
a. latar utawa papan
b. paraga
c. urutan wektu utawa wayah
d. pancadriya utawa rasa karsa
15. Basa kang apik kanggo guneman ing pacelathon marang wong kang luwih tuwa yaiku ….
a. mentes lan mantesi
b. basa krama alus
c. basa kawi
d. basa padinan
16. Tembung "dikongkon" basa krama alusse yaiku ....
a. dikengken
b. diutus
c. diaturi
d. disuruh
17. Salah sawijining crita kang ana masyarakat ing dhaerah Blitar yaiku "Dumadine Kutha Blitar", iku kalebu crita … jalaran sumebare kanthi gethok tular.
a. kuna
b. sejarah
c. rakyat
d. modern
18. Ukara kang lumrah kanggo pacelathon iku migunakake ukara ....
a. pakon
b. pitakon
c. kandha
d. cerita
19. Ing geguritan iku uga ana kang aran pupuh utawa bait. Pupuh mujudake kumpulan larik kang tumata kanthi laras (harmonis). Saben sapupuh dumadi saka siji gagasan utama sing beda karo pada liyane. Wacan ing dhuwur iku karakit saka … pupuh.
a. 3
b. 4
c. 2
d. 5
20. Miturut wacan ing dhuwur, pupuh ketelu baris kepapat ana ukara "rebut balung ing pabaratan". Tembung pabaratan nduweni teges yaiku ....
a. tukar padu
b. tukaran
c. gelut
d. perang tandhing
21. Geguritan diripta dening pangripta nduweni teges utawa makna uga pesen kang becik. Teges utawa pesen kang ana Wacan ing dhuwur yaiku ….
a. dadi manungsa kudu tansah eling klawan waspada
b. perang tandhing ana ing pabaratan
c. kudu dadi prajurit sekti
d. milih warna ireng lan putih
22. Ukara kang ana wacan ing dhuwur, migunakake basa ….
a. krama alus
b. ngoko alus
c. kawi
d. jawa kuna
23. "Damarwulan lajeng nututi mlebet pasareanipun Prabu Menakjingga". Tembung pesareanipun nduweni teges yaiku ….
a. kuburan
b. pawon
c. jeding
d. senthong
24. "anggonmu nata pring aja kotcuk". Tembung kang dikandhelli ireng iku dumadi saka tembung ….
a. bobot + pincuk
b. bongkot + pucuk
c. angkot + mucuk
d. bongkot + mucuk
25. Ing wayah esuk jagone … manuke ngoceh ana wit-witan. Tembung kang trep kanggo jangkepi ceceg-ceceg yaiku ....
a. kluruk
b. tarung
c. muni
d. mabur
26. Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ….
27. Papan utawa panggonan kang dicritakake ing geguritan yaiku ….
28. Pacelathone bocah marang kakang lan mbakyune migunakake basa ….
29. "Bu Ponirah badhe … dhateng Kutha Malang" Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….
30. "Mas Pardi nembe dhahar rambutan kalih garwane" Ukara kasebut migunakake basa ….
31. Saka wacan ing dhuwur, nyritakake babagan ....
32. Wacan ing dhuwur kalebu wacan sinebut crita ….
33. Karangan kang nggambarake objek tartamtu diarani ….
34. Karangan kang nyritakake sawijining prastawa diarani ….
35. Cacahing paraga ing pacelathon ana ….
36. Geguritan ing dhuwur nduweni isi utawa makna kang becik. Tulisen apa isine geguritan ing dhuwur iku!
37. Saka pacelathon ing dhuwur, ngrembagne babagan apa?
38. Aranana lima wae crita rakyat kang ana ing tlatah jawa wetan!
39. Apa wae sipat utawa wewatakane karangan deskripsi?
40. Wacan ing dhuwur nyritakake babagan apa? Njlentrehna!
