wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ujian Akhir Semester Bahasa Jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.

Raden werkudara iku dadi panegak pandhawa kang duweni pawakan gedhe dhuwur lan gagah .... Tembung sarojo kang mathuk kanngo njangkepi cecek-cecek ing dhuwur yoiku ....

a)

prakosa

b)

rekasa

c)

raseksa

d)

santosa

2.

Surti nggawe nagasari nganti jam rolas bengi. Sing kalebu tembung camboran ing ukara dhuwur taiku ....

a)

nggawe

b)

nagasari

c)

jam

d)

bengi

3.

Tembung loro kang digandheng dadi siji duwe teges anyar diarani ....

a)

saroja

b)

garba

c)

camboran

d)

entar

4.

Sodin kandha yen dolanane didhelikake Parmin. Parmin pancen dawa tangane. Tembung sing digaris ngisor tegese ....

a)

njupukan

b)

nesuan

c)

seneng ngomong

d)

mangkel

5.

Tata paugerane tembang macapat sing baku iku ana 3, yaiku ....

a)

guru gatra, guru sastra, guru basa

b)

guru gatra, guru wilangan, guru basa

c)

guru gatra, guru wilangan, guru lagu

d)

guru gatra, guru lumaksita, guru lagu

6.

Cacahing gatra saben sak pada diarani ....

a)

Guru wilangan

b)

Guru sastra

c)

Guru gatra

d)

Guru lagu

7.

Eyang kakung...................saking Kalimantan

a)

Wangsul

b)

teka

c)

Kondor

d)

Mulih

8.

Ayu lagi (sapu) latar. Tembung sing trep kanggo ngganepi ukara ing jero kurung yaiku...............

a)

Disapu

b)

kosapu

c)

Nyapu

d)

daksapu

9.

Teks kang njelasne kadadeyan ing rerangken sawijine urutan wektu jenenge....

a)

Teks Narasi

b)

Teks Eksposisi

c)

Teks Deskripsi

d)

Teks Argumentasi

10.

Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip

Guru gatra tembung ing nduwur yaiku ana...

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

11.

Guyub rukun salh sawijine contoh tembung...

a)

saroja

b)

camboran

c)

entar

d)

paribasan

12.

Tibane swara ing pungkasaning gatra diarani...

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru lagu

d)

guru wanda

13.

Gambuh

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

Tanpa tutur katula-tula katali

Kadaluwarsa kapaluh

Kapatuh pan dadi awan

  1. Guru wilanagan tembang macapat ing nduwur yaiku….

a)

7, 10, 12, 8, 8

b)

8, 7, 8, 8, 9, 9

c)

7, 9, 10, 7, 8

d)

8, 10, 12, 8, 8

14.

Saben wayah preinan akeh wiasatawan sing padha plesiran ing Kutha Batu. Tembung " plesiran " tegese...

a)

Sinau

b)

Rekreasi

c)

Mondok

d)

Nginep

15.

Dhandhanggula iku salah sijine jinis tembang ...

a)

Dolanan

b)

Gedhe

c)

Macapat

d)

Tengahan

16.

Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung.

Gatra ing nduwur cacahe guru wilangane ana ...

a)

11

b)

12

c)

10

d)

9

17.

Guru lagu lan guru wiilanngan Tembang mijil yaiku

a)

10i,6o,10e,10i,6i,6u

b)

10i,6o,10e,10i,6i,6a

c)

10i,6o,10o,10i,6i,6o

d)

10u,6o,10e,10i,6i,6o

18.

Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolingga . ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem.Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan.Saperangan ana kang nenandur janganan.


Wacan kasebut yen dideleng saka isine kalebu jinise teks....

a)

Narasi

b)

Eksposisi

c)

Deskripsi

d)

Argumentasi

19.

Wacanen kanthi satiti!


Dina senin wingi Sofa dolanan layangan mbi Rudi lan Wawan. Cah telu iku dolanaan layangan ana ing ratan. Saking senenge dolanan, ujug-ujug ana mobil sing lewat banter. Bocah telu iku ameh ketabrak. Nanging sopir mobile untung wae iso mandekake mobile kanthi cepet. Sahingga cah telu iku ora ana sing ketabrak. Bocah telu iku langsung diseneni pak sopire. Dikandani nek dolanan layangan ora oleh nang ratan.


Sapa sing dolanan layangan nang ratan ?

a)

Sofa

b)

Wawan

c)

Rudi

d)

Sofa, Rudi lan Wawan

20.

Surya teka ing sekolah esuk banget, amarga wayahe piket kelas. Dheweke banjur mlebu kelas, njupuk sapu kanggo nyapu kelase. durung suwe olehe nyapu, kancane, sari, Dimas, lan Dina pada teka. saiki bareng-bareng padha ngresiki kelase.


Miturut jenise wacan ing ndhuwur kalebu teks...

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

eksposisi

d)

persuasi