wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASAS 1/9

Total questions: 50

Worksheet time: 1hrs 15mins

Name
Class
Date
1.

Kang pinarcaya minangka dutaning Ramawijaya menyang kraton Alengka yaiku ….Kang pinarcaya minangka dutaning Ramawijaya menyang kraton Alengka yaiku ….

a)

Anoman

b)

Anggada

c)

Sugriwa

d)

Anila

2.

“Nalika wonten gegana, Anoman kraos dipunserot saking salebeting samodra saengga lumebet ing dhasaring samodra” Tembung kang ora nunggal teges karo gegana, yaiku ….

a)

langit

b)

tawang

c)

angkasa

d)

taranggana

3.

“Anoman dalah para panakawan kraos luwe sanget, tumuli lajeng sami pados warung. Ing ngriku wonten satunggaling warung ingkang mande who-wohan, dhaharan lan unjukan. Ingkang sadean jejering wanodya ingkang sanget sulistya ing warni.”

Tembung wanodya iku nunggal teges karo tembung ….

a)

wong ayu

b)

widadari

c)

prawan

d)

wanita

4.

“Pranyata wanodya punika niat maeka Anoman dalah panakawan kanthi cara dipunracun. Anoman saha para panakawan lajeng sami mbacutaken lampahipun seenajan kanti grayah-grayah amargi sami boten sumerep margi”

Pratelan kasebut nuduhake Manawa Anoman lan para panakawan nandhang ….

a)

kesel

b)

luwe

c)

wuta

d)

lara

5.

Anoman ugi sinebat Rewanda Seta, awit …

a)

Anoman awujud Rewanda utawi wanara.

b)

Anoman awujud sarpa awani pethak.

c)

Anoman menika kethek warni putih.

d)

Anoman menika putranipun Anjani.

6.

Nalika kautus Raden Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi pambengan ingkang matumpa-tumpa. Tanpa kanyana saderengipun, Anoman dipunracun dening Dewi Sayempraba ingkang boten sanes seliripun Rahwana. Kamangka sewaunipun Sang Dewi dipunanggep paring pitulungan dhateng Anomman. Awit kedadosan menika Anoman saandhahanipun nemahi wuta. Begja dene wutanipun saged dipunusadani dening Garuda Sempati.

Pambengan ingkang dipunprangguli Anoman inggih punika …

a)

Anoman dipunracun dening Dewi Sayempraba.

b)

Sang Wanara Seta nemahi kacilakan dados wuta.

c)

Anjaniputra lan para panakawan kraos luwe ing satengahing margi.

d)

Sang Kapi Anoman angsal pitulungan dipunusadani dening Garuda Sempati.

7.

Nalika kautus Raden Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi pambengan ingkang matumpa-tumpa.

Gatra katrangan ing ukara kasebut yaiku ….

a)

lampahipun Anoman

b)

nemahi pambengan

c)

ingkang matumpa-tumpa

d)

nalika kautus Raden Ramawijaya

8.

Anoman nglajengaken lampah. Dereng dumugi panggenan ingkang dipuntuju, piyambakipun bandayuda kaliyan Wil Kathaksini. Uwal saking sang ditya, Anoman tumuju Taman Asoka ing negari Ngalengkadiraja, papanipun Dewi Sinta kasingidaken. Ing tamanpunika Anoman kepanggih kaliyan Trijatha, putrinipun Raden Gunawan Wibisana. Dene Gunawan Wibisana punika rayinipun Rahwanaraja. Sumerep kaelokanipun Sang wanara, Trijatha wuyung, kesengsem dhumateng Sang Anoman.

Ingkang gadhah raos tresna dhumateng Anoman inggih punika ….

a)

Wil Kathaksini

b)

Rahwanaraja

c)

Wibisana

d)

Trijatha

9.

Dasamuka tetep ngukuhi ora gelem mbalekake Sinta, mula dadi peperangan. Senapati perang agul-aguling Alengka gugur, kaya ta Patih Prahastha, Tri Sirah, Aswani Kumba, lan Kumba-kumba. Sapa sing digadhang-gadhang bisa dadi Senapati perang ?

a)

A.     Sarpakenaka  

b)

B.      Sugriwa  

c)

C. Gunawan wibisana

d)

D. Kumbakarna

10.

Apa sing jalari Ngalengka diserang Rama kaliyan balatentara wanara?

a)

A. Rahwana nyulik dewi sinta

b)

B. Rahwana njajah negara ayodya

c)

C. Rahwana Jupuk Panahe Rama

d)

D. Rahwana nantang perang Rama

11.

Tembang macapat sing gatrane mung papat yaiku .....

a)

Pangkur

b)

Gambuh

c)

Pocung

d)

Dhandhanggula

12.

Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku

a)

7u, 8i, 8u, 8i, 8o

b)

6u, 8i, 10u, 6u, 8o

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

12u, 8u, 10i, 8u, 80

13.

Isine tembang pocung iku lumrahe ...

a)

Kasmaran

b)

Getun

c)

Susah

d)

Pitutur

14.

Ngelmu iku kelakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyantosani

Setya budaya pangekese Dur Angkara

Temtokake paugerane tembang macapat ing ndhuwur!

a)

12u, 6a, 8i, 12a

b)

12u, 6s, 8n, 12a

c)

12u, 6s, 8i, 12a

d)

12u, 6a, 8n, 12a

15.

Tembang Dhandhanggula nggadhahi watak....

a)

Galak, teges, judes

b)

Luwes, endah, nengsemake

c)

Seneng, tresna, asih

d)

Grapyak, semanak, mrabawani

16.

Tibaning swara ana ing pungkasane gatra dipunwastani.....

a)

Guru wilangan

b)

Guru gatra

c)

Guru lagu

d)

Guru basa

17.

Tembang macapat mujudaken salah setunggal jinis lagu tradisional. Jinising tembang macapat menika wonten.....

a)

12

b)

10

c)

9

d)

11

18.

Cacahe larik saben sapada dipunwastani....

a)

Guru gatra

b)

Guru wilangan

c)

Guru tembang

d)

Guru lagu

19.

Tembang ingkang nggadhahi watak sedhih, prihatin, lan nelangsa inggih menika....

a)

Pocung

b)

Mijil

c)

Dhandhanggula

d)

Megatruh

20.

Cacahe wanda saben sagatra dipunwastani ......

a)

Guru lagu

b)

Guru wilangan

c)

Guru larik

d)

Guru lagu

21.

Guru wilangan lan guru lagune tembang dhandhanggula yaiku....

a)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

b)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

c)

12i, 6i, 8i, 8a

d)

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12i

22.

Guru gatra yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

23.

Salah sijine sastra ing Basa Jawa yaiku tembang macapat. tegese macapat yaiku..............

a)

gedhe

b)

dolanan

c)

cilik

d)

tengahan

24.

Ngelmu iku kelakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyantosani

Setya budaya pangekese Dur Angkara

Temtokake paugerane tembang macapat ing ndhuwur!

a)

12u, 6a, 8i, 12a

b)

12u, 6s, 8n, 12a

c)

12u, 6s, 8i, 12a

d)

12u, 6a, 8n, 12a

25.

Guru lagu ing tembang yaiku....

a)

a, i, u, e, o

b)

s, t, v, u, i

c)

j, k, l, m, p

d)

z, s, c, k, l

26.

Tembang sing nyritakake nalika bayi lair utawa muncul saka gua garba sang ibu yaiku....

a)

Maskumambang

b)

Mijil

c)

Gambuh

d)

Kinanthi

27.

Sing kalebu tembang Macapat yaiku, kajaba . . .

a)

Jaran Goyang

b)

Maskumambang

c)

Mijil

d)

Sinom

28.

Watake tembang Dhandhanggula ....

a)

nyenengake

b)

sedhih

c)

welas asih

d)

guyonan

29.

Pamedhare wasitaning ati

Cumantaka aniru pujangga

Dahat mudha ing batine

Nanging kedah ginunggung

Datan wruh yen akeh ngesemi

Ameksa angrumoaka

Basa kang kalantur

Tutur kang katula tula

Tinalaten rinuruh kalawan ririh

Mrih padhanging sasmita

Pitutur luhur tembang kasebut yaiku...

a)

Aja gumedgehe aja bungah yen dialem tansah andhap asor

b)

Sing sabar aja kemrungsung

c)

Tumindake sing prayoga miturut aturan

d)

Kudu sregep nyambut gawe

30.

Tembang dhandhanggula mathuk kanggo..

a)

Nantang mungsuh

b)

Aweh pangalembana

c)

Medharake rasa susah

d)

Medharake pitutur

31.

Tibaning swara ing pungkasaning larik tembang diarani..

a)

Wilangan

b)

Gatra

c)

Swara

d)

Lagu

32.

Lamun ana wong micareng ngelmi

Tembung ngelmi tegesipun...

a)

isyarat

b)

nasihat

c)

ilmu

d)

Kekarepan

33.

Limbangen lan kang patang

Guru lagu ne baris kuwi yaiku...

a)

6a

b)

7a

c)

8a

d)

9a

34.

Ing jaman saiki akeh wong kang.....lan arang kang manut

a)

Njaja kasugihane

b)

pamer kaluhurane

c)

pamer kapinterane

d)

njaja ngelmune

35.

cacahe wanda ing saben larik diarani...

a)

guru gatra

b)

guru lagu

c)

guru wilangan

d)

guru wanda

36.

Ramawijaya tindak mbebedhag ing....

a)

Kraton Alengka

b)

Alas

c)

Padhepokan

d)

Keputren

37.

Rama Wijaya banjur utusan ....menyang negara Alengka

a)

Anoman

b)

Lesmana

c)

Kumbakarno

d)

Gunawan Wibisono

38.

Anoman konangan dening prajurite Rahwana banjur dirangket nuli disowanake Rahwana. Dening Rahwana , Anoman kapatrapan ukuman yaiku.......

a)

Dikunjara

b)

Digebugi

c)

Dibeleh

d)

Diobong

39.

Anoman kuwi kethek....

a)

Abang

b)

Putih

c)

Ireng

d)

Klawu

40.

Anoman minangka utusaning Rama. Utusan dasanamane....

a)

Adhine

b)

Kancane

c)

Duta

d)

Prajurit

41.

Lakon Anoman Duta iku salah sijine crita wayang kajupuk saka crita......

a)

Ramayana

b)

Mahabharata

c)

Serat Wulang Reh

d)

Serat Babad Tanah Jawi

42.

Kratone Rahwana iku ing....

a)

Wana

b)

Kraton Pancawati

c)

Kraton Alengka

d)

Kraton Ayodya

43.

Dewi Shinta iku garwane....

a)

Rahwana

b)

Dasamuka

c)

Prabu Rama Wijaya

d)

Lesmana

44.

Apa kang diwenehake Anoman sakwise bisa ketemu Dewi Sinta ing kraton Ngalengka?

a)

Gelang

b)

Kalung

c)

Ali-ali

d)

Surat

45.

Anoman banjur njujug ing .... kanggo nemoni Dewi Shinta

a)

Taman Ayodya

b)

Alun-alun Ngalengka

c)

Taman Keputren

d)

Kraton Ngalengka

46.

Sopo sing ngancani Dewi Shinta nalika ana ing Ngalengka?

a)

Ramawijaya

b)

Jatayu

c)

Anoman

d)

Dewi Trijatha

47.

Anoman disowanake Prabu Dasamuka kanggo nampa....

a)

arta

b)

bayaran

c)

paukuman

d)

girya

48.

Rahwana malih rupa dadi.... supaya penggalihe Dewi Shinta kapilut

a)

manuk merak

b)

kidang kencana

c)

kelinci

d)

kethek putih

49.

Sawuse Ramawijaya kondur saka mbebedhag, Shinta ora ono

Tembung mbebedhag nduweni teges

a)

perang

b)

golek mangan

c)

golek kewan

d)

mlaku-mlaku

50.

Miturut cerita Anoman Duta kepriye watake Anoman?

a)

adil lan narima

b)

setya karo garwane

c)

wengis lan kejem

d)

kendel lan sekti