WorksheetsBAHASA JAWA KELAS 4
Total questions: 50
Worksheet time: 54mins
Wacanen karangan ing ngisor Iki kang titi!
Rini seneng banget, amarga ing taman bisa nyawang kembang Maneka warna. Sing luwih nyenengake maneh akeh kupu miber lan menclok ing kembang-kembang.
Karangan ing ndhuwur nggambarake kahanan ing ...
Sekolah
Pasar
Kolam renang
Taman
Wacanen karangan ing ngisor Iki kang Titi!
Bima melu adu ngumbulake layangan. Layangane Bima wangune kaya kupu. Swiwine digambari kembang rupa abang, wungu, lan ijo. Sirahe dirupa ireng ana galer-galere coklat. Buntut ane nglewer dawa diwerna putih belang Ireng. Yen disawang kaya ula ngunggi kupu-kupu. Layangane Bima wis suwe mumbul gleyang-gleyong ing angkasa. Sing ndeleng padha keplok-keplok seneng.
Isine karangan ing ndhuwur, nggambarake kahanan Bima sing lagi ...
Mancing iwak
Dolanan bal-balan
Ngumbulake layangan
Dolanan sepedhah
Bedane karangan narasi Karo karangan deskripsi ing ngisor Iki sing bener yaitu ...
Karangan narasi nggambarake kahanane objek kanthi rinci, yen deskripsi nyritakake urutane kedadean
Karangan narasi nduweni wektu, panggonan, lan kahanan sosial sing bisa ganti, Yen deskripsi mung nggambarake kahanan objek
Karangan narasi ora ana konflik, yen deskripsi ana konflik
Karangan narasi nggunakake ukara sing bisa nggugaj rasa, yen deskripsi nggunakake ukara sedina-dina
wong sing penggaweane mulang diarani ...
guru
juru kunci
gerji
emban
Yen nyusun teks narasi bisa mingunakake rumus 5W+1H sing dijabarna ana ing ngisor Iki, kajaba ...
what
where
who
was
wong sing penggaweane nandur ning sawah diarani ...
polisi
petani
dhalang
juru kunci
dhalang yaiku arane penggawean ing bidang kesenian sing tugase
Ngresiki masjid
Dodolan kewan
Nglakokake wayang
Ngrumat pesarean
Yen wis krungu adzan Subuh, Rani cepet - cepet tangi banjur njupuk wudhu. Sakbanjure wudhu, Rani nglakoni sholat subuh 2 rakaat. Sakmarine sholat subuh Rani banjur nata kasure supaya rapi, terus adhus ing jedhing. Yen wis mari adus lan nganggo seragam sekolah, Rani sarapan kan siap-siap zoom meeting Karo guru lain kanca - kancane.
Karangan ing ndhuwur kalebu jenis karangan ...
Narasi
Deskripsi
Eksposisi
Persuasi
Tulisan kang ngandharake lelakon utawa kedadeyan anut urutan wektu ( kronologis), ana praga, latar lan alur diarani karangan ...
narasi
deskripsi
Eksposisi
Persuasi
Nangkep iwak nganggo jaring ing segara Kuwi penggawean sing diarani ...
pilot
nelayan
dokter
polisi
gegayuhan uga bisa diarani ...
cita- cita
kerja keras
puisi
pantun
pande yaiku tukang sing penggaweane nggawe barang saka ...
atom
plastik
kayu
wesi
Bakul kewan biasane diarani ...
gamel
blantik
dalang
blandong
Karangan sing isine gambaran bab kahanan sawijining prastawa yaiku ...
Deskripsi
narasi
ekspositori
imperi
Pilihan tembung ing teks deskripsi ....
nggambarake konflik / perang sing bisa ndadekake owahowahan nasibe paraga
mung nggambarake kahanane objek ing siji wektu, panggonan, lan sosial
migunakake tembung/ukara sing biasa digunakake ing saben dina
migunakake tembung/ukara sing bisa nggugah rasa utawa narik kawigaten
Tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake objek, panggonan, utawa kedadean nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek sing digambarake panulis, diarani ....
narasi
deskripsi
argumentasi
eksposisi
Jeruk yaiku salah siji tetuwuhan sing bentuke bunder. Ana warna ijo lan warna oranye. Rasane ana kang kecut, ana kang manis. Kandungan banyu sing ana ing jeruk ngandut vitamin c. Mula Kuwi rasane jeruk seger banget.
Teks ing dhuwur kalebu jenis karangan ….
narasi
argumentasi
deskripsi
persuasi
Nggunaake tembung utawa ukara sing bisa nggugah rasa lan ora ono konfilk yaiku salah siji titikane karangan. ….
persuasi
narasi
argumentasi
deskripsi
Dian oleh tugas nulis karangan deskripsi saka gurune. Langkah kapisan nalika Dian nulis karangan dheskripsi yaiku ….
milih objek sing migunani, wigati, lan bisa ndudut ati
nepungake objek sing arep didheskripsekno
nyangkut pancadriya, utamakake pancadriya pandeleng
ndheskripsekna perasaane paraga utama
Karangan narasi yaiku karangan sing isine….
kahanane objek
nyritaake kahanan objek
nggambarake proses kedadean
nyritaake proses kedadeyan
Bab sing bisa diangkat kanggo ngembangake karangan narasi yaiku ….
asile panalitian sing dianakake dening para ahli lan saka kabar ing ariwarti utawa kalawarti
asil rekadaya pikirane pengarang dhewe lan asile panaliten sing dianakake dening para ahli
asile panaliten sing dianakake dening para ahli lan pengalaman uripe manungsa
pengalaman uripe manungsa utawa saka asline rekadaya pikirane pengarang dhewe
Langkah kapisan nalika ngarang narasi yaiku nemtokake ….
paraga
setting
tema
alur
Crita pengalaman kang gawe bungah atine wong kang ngalami diarani ....
pengalaman seneng
pengalaman lucu
pengalaman humor
pengalaman susah
Urutan kedadeyan kan dilakoni paraga utama saka babak kapisan nganti babak akir yaiku ....
tema
alur
pacelathon
latar
Cacahing gatra saben sapada iku diarani ....
Guru lagu
Guru wilangan
Guru gatra
Guru basa
Crita rakyat asring ngemot piwulang moral, yaiku ....
latar sing menarik
pesan sing bisa dipetik saka crita
alur sing rumit
karakter sing unik
Crita rakyat, yaiku ....
crita jaman saiki sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun-tumurun digethok tularake lumantar lesan
crita jaman biyen sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun-tumurun digethok tularake lumantar tulisan
crita jaman saiki sing tuwuh ları ngrembaka ing masyarakat kanthi turun-tumurun digethok tularake lumantar lesan.
crita jaman biyen sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun-tumurun digethok tularake lumantar lesan
Kita kudu gemi energi supaya ora kentekan. Tembung gemi tegese yaiku
awet
boros
utuh
Bensin, pertalit, pertamak lan batubara iku kalebu energi kang diasilake dening....
pabrik
bumi
manungsa
omahan
Miturut unggah-ungguh utawa undha usuk, basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku
ngoko lugu lan ngoko alus
krama lugu lan krama alus
basa ngoko lan basa krama
krama lugu lan krama inggil
isine teks pachelathon yaiku ...
muji Gusti kang Maha Kuwasa
nelakake rasa tresna asih
nyritakake lelakone manungso
pangajak lan panerangan
Sakabehane ukara ing teks pacelathon iku nggunakake ...
ukara kandha (kalimat langsung)
ukara crita (kalimat ora langsung)
ukara pakon (kalimat perintah)
ukara panjaluk (kalimat permohonan)
Basa krama alus saka tembung "turu", yaiku....
siram
sare
unjuk
mundhut
Bocah marang Ibune ngunakake basa ...
ngoko alus
krama
krama alus
ngoko lugu
Tegese unggah-ungguh basa yaiku ...
sopan santune wong-wong jawa
sopan-santun, tata susila, tata pranata
kebiasaane wong jawa marang liyane
sopan-santun, tata susila, tata pranatane basa sing tujuane kanggo ngajeni wong liya
Cacahing paraga (tokoh) ing teks pacelathon yaiku ....
siji
loro utawa luwih
ora bisa dietung
akeh banget
Rembugan antarane wong loro utawa luwih ngenani sawenehing bab lan diatur dening tata krama sing diarani unggah-ungguh basa yaiku ....
geguritan
pacelathon
undha-usuk basa
unggah-ungguh basa
Teks pacelathon iku katulis kanthi wujud ...
imbal wacana (dhialog)
gancaran (prosa)
geguritan (puisi)
pada (bait)
5. Yen bocah-bocah nindhakake pacelathon karo Guru kudu nganggo basa ....
a. Krama inggil
b. Ngoko lugu
C. Ngoko andhap
3. Nalika nindhakake pacelathon, awake dhewe kudu nganggo unggah .... sing trep.
a. inggih
b. ungguh
c. lungguh
wacanen geguritan ing ngisor iki !
Golek Ilmu
Panganggit : Afrilia Puji Astuti
Ilmu iku tanpa wates
apa kang sinebar pasthi kaundhuh
tumindhak becik alus ing tata krama
kalakone dadi kusumaning bangsa
tekade ora bakal mundur
golek ilmu kanthi mempeng
supaya dadi pemimpin sing jujur
tuladha iku patut ditiru
kanggo putra putri bangsa
supaya misuwur ing jagad raya
- saben sapada geguritan, dumadi saka siji ......
tema
gagasan
gagasan tambahan
gagasan pokok
Pitutur luhur sing nuduhake supaya manungsa tansah eling marang Gusti iku bisa dideleng saka gatra kang munine ....
Thole ayo tangi
Wengi wis manjing pungkasane
Banjur manembah marang Gusti
Tandhane simbok wis wiwit olah-olah
Pitutur luhur sing bisa dijupuk saka pethilan geguritan ing ndhuwur yaiku ....
Dadi manungsa kudu nglokro
Dadi manungsa kudu nesunan
Dadi manungsa kudu tangi awan
Dadi manungsa kudu nduwe semangat
Tegese nggatekake wirama nalika maca geguritan yaiku ....
Nalika maca geguritan ora cetha
Nalika maca geguritan lirih banget
Nalika maca geguritan kecepeten utawa kalonen
Nalika maca geguritan ora kecepeten utawa kalonen
Kang ora kalebu titikane geguritan yaiku ....
Isine mentes
Nganggo basa padinan
Cacahe larikan ora katemtokake
Migunakake tembung-tembung kang pinilih
Miturut kamus, geguritan yaiku ....
Iketaning basa kayadene syair
Puisi jawa gagrag lawas kang dilagoke lan kaiket dening paugeran tartamtu
Tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kayadene tembang, nanging guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora ajeg
Unen-unen kang mbicarake masalah utawa ngucapake rasa syukur utawa njlentrehane idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh
Luhku tumetes ...tes... Neleesi bumi. Ukara iku nggambarake wong sing lagi ....
ngguyu
nesu
nangis
bungah
Ing ngisor iki kang klebu latar panggonan yaiku…
Jam pitu esuk
Sapinggire tlaga
Wayah wengi
Peteng ndhedhet
Crita rakyat sing asale saka Sumatera Barat yaiku…
Timun Mas
Si kancil
Malin Kundang
Jaka Tingkir
