Font size
WorksheetsASAS 1 BAHASA JAWA TAHUN AJARAN 2025/2026
Total questions: 50
Worksheet time: 30mins
Crita sing asale saka masyarakat lan ngrembaka sajrone masyarakat nalika jaman biyen, sarta dadi tetenger saben bangsa kang nduweni kultur budaya diarani . . . .
fabel
komik
crita rakyat
koran
Ing budaya masyarakat, crita sing asale saka pengalaman lan tradisi lisan diarani . . . .
cerita pendek
puisi
legenda
novel
Crita rakyat asring ngemot ajaran moral lan nilai-nilai budaya, lan iki diarani . . . .
drama
fabel
epos
mitos
Crita sing nyritakake asal-usul sawijining bangsa utawa suku diarani . . . .
biografi
cerita rakyat
folklore
sejarah
Ing ngisor sing dudu titikane crita rakyat yaiku . . . .
diandharake kanthi cara turun-temurun
asipat anonim
nyritakne kedadean saiki
ngandhut nilai-nilai luhur
Gagasan pokok / dhasar sing dadi punjering crita diarani . . . .
paraga
tema
alur
latar
Wong sing ana sajrone crita diarani . . . .
paraga
tema
alur
latar
Urut-urutaning prastawa sing dumadi sajrone crita diarani . . . .
paraga
tema
alur
latar
Unsur sing nggambarake panggonan wektu, lan kahanan sing dumadi sajrone crita diarani . . . .
paraga
tema
alur
latar
Pesen sing diandharake dening pangripta marang para pamaos diarani . . . .
tema
amanat
latar
alur
Crita rakyat lumrahe nyritakake ngenani asal usule sawijining . . . .
panggonan
kebudayaan
kedadeyan
kesenian
Unsur sing ana sajrone crita diarani unsur . . . . (jawaban di tulis gawe huruf cilik)
(a)
Crita rakyat Roro Jonggrang iku crita legendha dumadine candi . . . . (jawaban di tulis gawe huruf cilik)
(a)
Gatekna crita ing ngisor iki.
Kacarita ing jaman semana ana kraton gedhe ing tanah Jawa kang duwe jeneng Prambanan. Kraton Prambanan duwe ratu ingkang adil lan wicaksana arane Prabu Baka. Mula kabeh kawula Prambanan bisa urip adil lan tentrem.
Watake Prabu Baka miturut crita ing dhuwur yaiku . . . .
serakah
bengis
kejam
adil lan wicaksana
Wacanen crita rakyat ing ngisor iki !
Jaka Tarub
Biyen ing Desa Tarub wonten randha sing becik budi pekertine. Sawijining dina Nyi Randha pados godhong jati ing alas. Dumadakan Nyi Randha nemukake bayi. Bayi wau banjur digawa mulih lan diopeni Nyi Randha. Bayi wau banjur diparingi jeneng Jaka Tarub. Suwe suwe bayi wau dadi jejaka ingkang bagus rupa lan budi pekertine.
Jaka Tarub remen nulup manuk ing alas. Sawijining dina Jaka Tarub nguyak manuk tekan pinggire sendhang. Dumadakan ing langit ana kluwung manjer, ana widadari kang medhun ing pinggire sendhang. Para widadari wau banjur ucul sandangane lan lelumban wonten sendhang. Tarub kanthi dhedhelikan nyuthik sandhangane salah sijine widadari sing tumumpang ing watu banjur didhelikake.
Para widadari rampung anggone lelumban banjur bali menyang langit utawi kahyangan. Ana setunggal widadari nangis goleki sandangane, arane Dewi Nawang Wulan. Banjur Jaka Tarub saguh nulungi, cepet cepet njupuk sandhangane simboke lan ndelikake sandangan kang dijupuk wau wonten lumbung pari. Nawang Wulan banjur dijak mulih uga banjur dipek bojo Jaka Tarub. Nawang Wulan Mbobot, nuli nglairake bayi wadon diparingi jeneng Nawangsih.
Apa irah irahane crita kasebut ing dhuwur?
(a)
Wacanen crita rakyat ing ngisor iki !
Jaka Tarub
Biyen ing Desa Tarub wonten randha sing becik budi pekertine. Sawijining dina Nyi Randha pados godhong jati ing alas. Dumadakan Nyi Randha nemukake bayi. Bayi wau banjur digawa mulih lan diopeni Nyi Randha. Bayi wau banjur diparingi jeneng Jaka Tarub. Suwe suwe bayi wau dadi jejaka ingkang bagus rupa lan budi pekertine.
Jaka Tarub remen nulup manuk ing alas. Sawijining dina Jaka Tarub nguyak manuk tekan pinggire sendhang. Dumadakan ing langit ana kluwung manjer, ana widadari kang medhun ing pinggire sendhang. Para widadari wau banjur ucul sandangane lan lelumban wonten sendhang. Tarub kanthi dhedhelikan nyuthik sandhangane salah sijine widadari sing tumumpang ing watu banjur didhelikake.
Para widadari rampung anggone lelumban banjur bali menyang langit utawi kahyangan. Ana setunggal widadari nangis goleki sandangane, arane Dewi Nawang Wulan. Banjur Jaka Tarub saguh nulungi, cepet cepet njupuk sandhangane simboke lan ndelikake sandangan kang dijupuk wau wonten lumbung pari. Nawang Wulan banjur dijak mulih uga banjur dipek bojo Jaka Tarub. Nawang Wulan Mbobot, nuli nglairake bayi wadon diparingi jeneng Nawangsih.
Bayi Jaka Tarub ditemokake Nyi Randha ana ndi . . . .
(jawaban di tulis gawe huruf cilik)
(a)
Sing ngarang crita rakyat ora dingerteni sapa sing nggawe diarani . . . .
(jawaban di tulis gawe huruf cilik)
(a)
Crita rakyat "Timun Mas" asale soko ndi?
Jawa Timur
Jawa Barat
Jawa Tengah
Bali
Geguritan Jawa gagrag lawas sing dilagokake lan kaiket dening paugeran-paugeran tartamtu diarani . . . .
tembang lagu
tembang moco
tembang anyar
tembang macapat
Cacahe gatra (larik) saben pada diarani guru . . . .
(jawaban di tulis gawe huruf cilik)
(a)
Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra diarani guru . . . .
(a)
Tibaning swara (vokal) ing pungkasane gatra diarani guru . . . .
(jawaban di tulis gawe huruf cilik)
(a)
Tembang macapat mujudake salah sijine jinis lagu dhaerah utawa tradhisional jawa. Jinise tembang macapat kuwi ana . . . .
8
9
10
11
Tembung macapat tegese . . . .
maca papat-papat
maca cepat-cepat
maca seprapat
maca
Tembang macapat uga bisa diarani tembang . . . .
tengahan
gedhe
cilik
kuno
Mijil, Kinanthi, Pucung, Sinom, Pangkur, Asmaradana, Dhandhanggula, Durma, Gambuh, Maskumambang, lan Megatruh kalebu jinise tembang . . . .
jawa
kenangan
daerah
macapat
Guru wilangan lan guru lagu 12u, 6a, 8i, 12a diduweni tembang . . . .
kinanthi
pangkur
pocung
gambuh
Guru wilangan lan guru lagu saka tembang macapat ing ngisor iki ....
Gambuh
Sekar gambuh ping catur,
Kang cinatur, polah kang kalantur,
Tanpa tutur, katula-tula katali,
Kadaluwarsa kapatuh,
Kapatuhpan dadi awon . . . . .
7u, 8i, 8u, 8i, 8o
6u, 8i, 10u, 6u, 8o
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
12u, 8u, 10i, 8u, 80
Unen-unen sing ajeg panggonane, mawa teges entar, naning ora ngemu surasa pepindhan diarani . . . .
paribasan
bebasan
saloka
nembang
Unen-unen sing ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan, sing dipindhanake kahanan, tindak-tanduk, utawa wewatekane manungsa diarani . . . .
paribasan
bebasan
saloka
nembang
Unen-unen sing ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan sing dipindhanake wonge diarani . . . .
paribasan
bebasan
saloka
nembang
Becik ketitik ala ketara kalebu jinise Basa Rinengga . . . .
paribasan
babesan
saloka
nembang
Nabok nyilih tangan kalebu jinise Basa Rinengga . . . .
paribasan
bebasan
saloka
nembang
Idu didilat maneh kalebu jinise Basa Rinengga . . . .
Paribasan
Bebasan
Saloka
Nembang
Baladewa ilang gapite kalebu Jinise Basa Rinengga . . . .
Paribasan
Bebasan
Saloka
Nembang
Mikul dhuwur mendhem jero kalebu jinise Basa Rinengga . . . .
paribasan
bebasan
saloka
nembang
Wong kena apus kanthi gampang iku tegese saloka kang unine iwak lumebu . . . .
(jawaban di tulis gawe huruf cilik)
(a)
Ana gula ana semut, tegese . . . .
saben panggonan sing ora nyenengake, mesthi akeh sing nekani
saben panggonan sing nyenengake mesthi ora ana sing nekani
saben panggonan sing nyenengake mesthi wae wong-wong ora gelem nekani
saben panggonan sing nyenengake mesthi akeh sing nekani
Ing jaman sing nganggo teknologi maju, akeh wong tuwa sing njaluk wuruk/ golek ilmu marang wong enom.
Ukara paribasan sing mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku . . . .
kebo kabotan sungu
kebo nusu gudel
mikul dhuwur mendhem jero
cebol nggayuh lintang
"Kaya asu karo kucing" kalebu Basa Rinengga . . . .
paribasan
bebasan
saloka
nembang
(1) ancik-ancik pucuke eri
(2) arep nangkane emoh pulute
(3) diwenehi ati ngrogoh rempelo
(4) iwak klebu ing wuwu
Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer . . . .
(1) lan (2)
(1) lan (3)
(2) lan (3)
(2) lan (4)
Pentinge Nguri-uri Basa Jawa
Basa Jawa minangka salah siji warisan budaya sing kudu dijaga lan dilestarekake. Ing jaman globalisasi, akeh bocah lan mudha sing luwih seneng migunakaké basa Indonesia utawa basa asing tinimbang basa ibuné dhéwé. Kanthi nguri-uri basa Jawa, kita bisa njaga identitas lan jati diri bangsa. Saliyane kuwi, basa Jawa nduwé undha-usuk sing nglatih sopan santun nalika komunikasi. Mula saka kuwi, generasi enom kudu luwih semangat sinau lan ngginakaké basa Jawa ing saben dina.
Apa tujuan utama teks eksposisi ing ndhuwur?
Nritakake kedadeyan sejarah basa Jawa
Nerangake pentinge nguri-uri basa Jawa
Ngandharake cara sinau basa Jawa
Njelasake bedane basa Jawa lan Indonesia
Teks eksposisi tujuane supaya pamaos . . . .
Percaya marang imajinasi
Ngerti lan paham marang gagasan
Kesengsem karo tokoh
Seneng crita
Struktur teks eksposisi sing bener yaiku . . . .
Tesis – Argumentasi – Rekomendasi
Tesis – Orientasi – Sintesis
Pendapat – Tokoh – Adegan
Evaluasi – Komplikasi – Resolusi
Sawijine teks sing ngandhut informasi lan kawruh, sarta disusun kanthi cekak lan padhet diarani teks . . . .
argumentasi
persuasi
eksposisi
deskripsi
Gagasan baku yaiku gagasan utama/pokok sing arep diandharake pangripta marang pamaos, gagasan bakune ana ing pungkasane diarani paragrap . . . .
deduktif
induktif
campuran
narasi
Pentingé Nguri-uri Tembang Macapat
Tembang macapat minangka salah siji warisan budaya Jawa sing kudu dilestarekake. Tembang iki ora mung minangka hiburan, nanging uga ngandhut nilai-nilai moral lan filosofi. Generasi enom kudu sinau lan ngaplikasikake tembang macapat supaya ora punah. Apa tujuan utama teks eksposisi ing ndhuwur?
Ngandharake cara sinau tembang macapat
Njelasake bedane tembang macapat lan lagu modern
Nerangake pentinge nguri-uri tembang macapat
Njelasake sejarah tembang macapat
Unen-unen "Golek banyu ing kali" kalebu jinise Basa Rinengga . . . .
saloka
paribasan
nembang
bebasan
Struktur teks eksposisi dumadi saka telung perangan yaiku . . .
pambuka, layang, panutup
pambuka, panutup, buku
pambuka, buku, peneges
pambuka, paneges, panutup
Pesen-pesen sing bisa menehi tepa palupi utawa patuladhan becik tumrap pamaos diarani . . . .
latar
pesan moral
senyap
lagu
