NEW
Font size
WorksheetsUjian Akhir Semester Bahasa Jawa
Total questions: 20
Worksheet time: 33mins
Ing dina Minggu aku lan Indah dolan menyang omahe Lita arep dolanan lompat tali. Satekane kana jebul Lita wis ngantu-atu. Aku lan kanca-kancaku dolanan nganti wayah sore. Banjur aku lan Indah pamit karo Lita.
Waca kasebut diarani ….
narasi
deskripsi
eksposisi
persuasi
Rerangkening ukara kang ngandhut siji gagasan pokok dikantheni ukara panjelas diarani ….
koherensi
kohesi
induktif
paragrap
Sajroning pawarta iku surasane kudu tansah nyawisake informasi kang paling anyar. Kang mangkono ngemu teges pawarta asipat ….
informatif
objektif
faktual
aktual
Kedadeyan utawa prastawa kang diwedharake sajroning tulisan ing medhia cithak apadene lapuran ing medhia elektronik diarani ….
geguritan
pawarta
prosa
crita pengalaman
Gatekna katrangan ing ngisor!
Mula kuwi, akeh tukang jamas pusaka banjur kebak pesenan ing sasi Sura. Salah sijine tukang jamas pusaka ing Ponorogo, Gondo Puspito. Warga kelurahan Paju, Kecamatan / Kabupaten Ponorogo Jawa Timur.
Unsur pawarta kang dianggo yaiku ….
kapan lan sapa
sapa lan ana ngendi
geneya lan kepriye
kapan lan kepriye
Tembung descripcere minangka asal-usul tembung deskripsi saka basa ….
Latin
Kawi
Walanda
Sanskerta
Dolanan tradhisional uga bisa dicawisake kanthi wujud teks. Upamane wacan kang surasane nggambarake sawijining dolanan asale saka tlatah Sumatra Barat. Dolanan jinis iki nggunakake jinis sandhal kang tlapake kagawe saka kayu lan sarana kanggo nali dlamakan sikil kagawe saka ban kang dipaku ing sisi kiwa lan tengen. Piranti dolanan iki bisa dianggo bocah telu utawa lima. Umume kanggo lomba kanthi nengenake kakompakan. Jinis dolanan kang dikarepake yaiku ….
bakiak
patil lele
dhakon
egrang
Gatekna pratelan ing ngisor iki!
(1) Ngedohake saka salah tampa / seling surup.
(2) Kendhang kala nggambarake isine pawarta.
(3) Ora ngedu antarane wong apadene golongan.
Tetembungane dawa ngayawara
Perangan kang digatekake nalika nulis irah-irahan yaiku ….
(1) lan (2)
(1) lan (3)
(2) lan (3)
(3) lan (4)
Ana pawarta saka tangga teparo menawa ing prapatan desa ana kacilakan. Pawarta kasebut awujud ….
siaran
lesan
internet
cetak
Sawijining pawarta kang tinulis kudu duweni rasa publisitas. Tegese lapuran kang diwenehake ditujokake kanggo ….
pendhidhikan
umum
dinas
pribadi
Pak Rahmat asring dijaluki panemu saweneh babagan amarga pangalamane sing njajah desa milang kori.
Tembung sing kacithak miring klebu ….
paribasan
saloka
tembung entar
bebasan
Sinta pancen bocahe ayu, rambute ngembang bakung, pipine nduren sajuring, drijine ….
mucuk eri
miji timun
emas sinangling
damar kanginan
Bu Ida iku priyayine menawa ngendikan alus tembunge
Tembung kang kacithak miring tegese ….
swarane alon
swarane merbawani
omongane kepenak dirungokake
omongane sora
Warga Desa Tegalsari gugur gunung gawe gapura kanthi guyub rukun.
Tembung gugur gunung klebu ….
tembung camboran
tembung entar
tembung saroja
purwakanthi swara
Uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu
Yen kabul kabuki
Ing drajat kajating ….
Kaya kang wus winahya sekar srinata
Guru wilangan lan guru lagu gatra kapapat, yaiku ….
10a
12u
12a
10u
Uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu
Yen kabul kabuki
Ing drajat kajating ….
Kaya kang wus winahya sekar srinata
Tembung kang trep kanggo njangkepi tembang ing dhuwur kajumbuhake karo paugerane yaiku ….
manungsa
urip
angga
wirangi
Uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu
Yen kabul kabuki
Ing drajat kajating ….
Kaya kang wus winahya sekar srinata
Sasmita tembang macapat ing dhuwur yaiku ….
srinata
gandheng
mungkur
kaluwak
Kang diarani guru wilangan yaiku ….
cacahing aksara saben sagatra
cacahing pada satembang
cacahing wanda saben sagatra
cacahing gatra sapada
Tembang macapat saliyane kawengku paugeran kang gumathok, uga duwe watak lan sasmita dhewe. Upamane duwe sipat nelangsa, prihatin, lan keranta-ranta.
Pratelan iku diduweni dening tembang ….
Pocung
Kinanthi
Megatruh
Maskumambang
Andi dolanan karo kanca-kancane katon sumyah gumbira.
Tembung sumyah gumbira kagolong tembung ….
camboran
saroja
entar
lugas
