wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Soal Bahasa Jawa Kelas 6

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Sing duwe tanggung jawab njaga kalestarene alam yaiku ...

a)

pemerintah

b)

wong ndesa

c)

wong kutha

d)

kabeh masyarakat

2.

Lembaga pemerintah sing ditugasi njaga kalestarene alam Indonesia yaiku ...

a)

TNI

b)

Polisi

c)

Kemenhut dan LH

d)

Masyarakat

3.

Sing wis dilakoni dening Kemenhut dan LH kanggo njaga kalestarene alam Indonesia yaiku ...

a)

netepake Jatim Park

b)

netepake Jembatan Suramadu

c)

netepake alun-alun Nganjuk

d)

netepake Taman Nasional Baluran

4.

Dununge Taman Nasional Baluran yaiku ana ing ...

a)

Situbondo

b)

Banyuwangi

c)

Jakarta

d)

Nganjuk

5.

Isi iklan ing duwur yaiku ...

a)

ayo padha njaga kalestarena banyu supaya tetep bisa dadi sumber panguripan

b)

ayo padha njaga banyu supaya ora dijupuk masyarakat

c)

ora ana banyu maneh ing ndonya

d)

banyune akeh banget, mula ayo padha njaga

6.

Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake kuwi pancen bener-bener ana lan dumadi iku nuduhake menawa pawarta iku ...

a)

ora bener

b)

ora akurat

c)

blenjani

d)

akurat

7.

Salah siji tata carane maca teks pawarta yaiku ...

a)

kudu banter lan cepet

b)

diwaca judule wae

c)

maca nganggo pengeras swara

d)

olehe maca kudu bener lan cetha

8.

Kapan kedadeyan sing diwartakake jroning pawarta iku mujudake jawaban kanggo tembung pitakon (5W+1H) ...

a)

when

b)

what

c)

who

d)

why

9.

Sawise adus aku terus mangan.

Yen dadekake basa krama ...

a)

Sasampunipun siram kula langsung dhahar

b)

Sasampunipun adus kula langsung dhahar

c)

Sasampunipun siram kula langsung nedha

d)

Sasampunipun adus kula langsung nedha

10.

Basa ngoko lugu digunakake kanggo omong-omongan ...

a)

bocah marang wong tuwa

b)

garwa marang kakunge

c)

bocah karo bocah

d)

murid marang gurune

11.

Turu basa krama inggile ...

a)

Dhahar

b)

Siram

c)

Sare

d)

Ngunjuk

12.

Klawan kanca ora gampang cecongkrahan. Cecongkrahan tegese ...

a)

ngajak dolanan

b)

ngabekti

c)

seneng tukaran

d)

guyup rukun

13.

Dadi siswa kang prayoga ora mung wasis. Tembung wasis tegese...

a)

sregep

b)

kendel

c)

becik

d)

pinter

14.

Marang guru aja wani, ngabekti lan mituhu. Tembung mituhu tegese ...

a)

melu

b)

ngajak

c)

takon

d)

nurut

15.

Jenise Tembang Macapat yaiku ana ...

a)

9

b)

10

c)

11

d)

12

16.

Sing ora kelebu tembang macapat ing ngisor iki yaiku ...

a)

Pocung

b)

Gambuh

c)

Sinom

d)

Gundul-Gundul Pacul

17.

Larik utawa baris ana ing tembang macapat diarani ...

a)

gatra

b)

pada

c)

wanda

d)

pupuh

18.

Bait utawa koplet ana ing tembang macapat diarani ...

a)

gatra

b)

pada

c)

wanda

d)

pupuh

19.

Guru Wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) saben...

a)

lagu

b)

wanda

c)

gatra

d)

pupuh

20.

Watake tembang Megatruh yaiku ...

a)

nesu

b)

tresna

c)

grapyak

d)

sedhih

21.

Watake tembang Dhurma ...

a)

nesu

b)

tresna

c)

grapyak

d)

sedhih

22.

Wektu isih tengah wengi. Rara Anteng gage-gage nggugah ibune lan para wanita tangga kiwa tengene. Kabeh diajak ngobong damen. Merga warga desa padha ngobong damen, saka sisih wetan wis katon padhang kaya wis wancine esuk. Ora mung iku wae, kanca-kancane padha dijak nutu pari nganti keprungu swarane lesung “thak..., thek..., thak...., thek...,” banter banget swarane lesung. Ora watara suwe keprungu swarane jago kluruk kanthi genti-genten.

Minangka setting wektu, kedadeyan crita ing ndhuwur yaiku ...

a)

wayah esuk

b)

wayah awan

c)

wayah sore

d)

wayah wengi

23.

Wektu isih tengah wengi. Rara Anteng gage-gage nggugah ibune lan para wanita tangga kiwa tengene. Kabeh diajak ngobong damen. Merga warga desa padha ngobong damen, saka sisih wetan wis katon padhang kaya wis wancine esuk. Ora mung iku wae, kanca-kancane padha dijak nutu pari nganti keprungu swarane lesung “thak..., thek..., thak...., thek...,” banter banget swarane lesung. Ora watara suwe keprungu swarane jago kluruk kanthi genti-genten.

Sing kalebu paragane crita ndhuwur yaiku ana ing ngisor iki, kajaba ...

a)

Adine Rara Anteng

b)

Rara Anteng

c)

Ibune Rara Anteng

d)

Tangga kiwa tengene Rara Anteng

24.

Basa sing ngoko kabeh ora dicampuri krama apa dene krama inggil diarani basa...

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama lugu

d)

krama alus

25.

Basa ngoko sing dicampuri krama apa dene krama inggil diarani ...

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama lugu

d)

krama alus