WorksheetsBahasa Jawa KLS 6 SMS 1
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Informasi kang diwedar mujudake kahanan sanyatane saka prastiwa utawa kedadean, data faktual, samubarang kahanan kang dumadi ing masyarakat diarani …
Teks informasi
Teks persuasi
Teks narasi
Teks deskripsi
Ing ngisor iki kang ora kalebu teks informasi yaiku …
Pawarta
paribasan
pariwara
slogan
Unsur kang mangun sajroning pawarta yaiku 5W+1H, dene sing ngandharake tokoh sing ngalami kedadeyan prastiwa yaiku …
What (apa)
Who (sapa)
When (kapan)
Where (ing ngendi)
Pawarta kang mbutuhake media elektronik kanggo nyawisake, tuladhane pawarta ing radhio utawa TV diarani pawarta wujud …
Wujud cetak
Wujud lesan
Wujud siaran
internet
Pawarta kang cakupan wilayahe nganthi sanagara diarani …
Pawarta lokal
Pawarta regional
Pawarta nasional
Pawarta internasional
Gambar ing samping iku termasuk ……….
Pawarta
Pariwara
Slogan
Teks Persuasi
Gatekno teks ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no. 7 - 9
“Ayo padha nggawe kebiasaan maca buku. Buku iku ora mung bisa nambah wawasan, nanging uga bisa dadi cara sing nyenengake kanggo ngisi wektu luang. Maca buku bisa nggawe kita luwih kreatif lan ngerti babagan donya iki luwih jero. Yen sampeyan durung biasa, coba mulai saka buku sing sampeyan senengi. Ayo, dadi bagian saka masyarakat sing pinter lan ceria!”
Teks kasebut termasuk teks persuasi amargo duweni titikan …
Isine ngandut khayalan
Nawakake barang utawa jasa
Surasane semboyan
Isine ngandut fakta
Irah-irahan kang cocok kanggo teks kasebut yaiku …
Ayo maca buku
Ayo nulis crita
Peduli lingkungan
Ngisi waktu luang
Kang ora termasuk manfaat maca buku yaiku …
Bisa nambah wawasan
Nyenengake kanggo ngisi waktu luang
Kreatif lan ngerti babagan donya luwih jero
Dadi bagian masyarakat sing males
Teks informasi kang bisa kanggo nawakake barang utawa layanan jasa diarani …
Pawarta
Paribasan
Pariwara
Slogan
Tembang tradisional kang kaiket guru gatra, guru wilangan lan guru lagu diarani …
Tembang Dolanan
Geguritan
Tembang Macapat
Paribasan
Tembang macapat asmaradana duweni watak …
Seneng
Trisno Asih
Sumanak
Galak
Ing ngisor iki kang kalebu tembang macapat yaiku …
maskumambang, sinom, prau layar, lan kinanthi
gambuh, dandhanggula, pocung, lan padhang bulan
Kinanthi, asmaradana, durma, lan pocung
mijil, gambuh, pangkur, lan kodok ngorek
Paugeran babagan cacahing wanda saben sagatra kang diarani …
guru lagu
guru swara
guru wilangan
guru gatra
Tembang macapat kang duweni ateges ngandharake kauripan manungsa nalika mlebu umur anom (remaja) diarani tembang macapat …
sinom
kinanti
asmaradhana
gambuh
Guru gatrane tembang macapat Dandhanggula yaiku …
6 gatra
7 gatra
9 gatra
10 gatra
Gatekno tembang ing isor iki kanggo mangsuli pitakon no 17 – 20
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat mawon puniku dipunkadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Guru gatrane tembang macapat ing dhuwur yaiku …
6 gatra
7 gatra
9 gatra
10 gatra
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat mawon puniku dipunkadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Guru wilangan tembang macapat kasebut yaiku …
8, 10, 8, 8, 12, 8, 8
8, 10, 8, 7, 11, 8, 8
8, 11, 7, 7, 11, 8, 8
8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat mawon puniku dipunkadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Guru lagu tembang macapat kasebut yaiku …
a, i, u, a, u, a, a
a, i, a, a, i, u, a
a, i, u, a, u, a, i
a, i, a, a, u, a, i
Tembang kasebut termasuk tembang macapat …
kinanti
durma
pangkur
asmaradhana
Gatekno teks ing isor iki kanggo mangsuli pitakon no 21 – 23
Pejuang Wanita Raden Dewi Sartika
Raden Dewi Sartika iku salah sawijine tokoh pejuang emansipasi wanita kaya dene Raden Ajeng Kartini sing padha-padha duweni gegayuhan tumprap kamajuan pendhidhikan kanggo kaum wanita. Dewi Sartika miyos ing Cicalengka, Bandung, Jawa Barat rikala tanggal 4 Desember 1884. Ramane Dewi Sartika isih klebu priyayi Sunda, asmane Raden Somanagara, dene ibune duwe asma Nyi Raden Ayu Rajapermas.
Apa irah-irahan wacan ing dhuwur …
Pejuang wanita Raden Ajeng Kartini
Pejuang Wanita Raden Dewi Sartika
Pejuang Priya Raden Prawira Negara
Pejuang Wanita Raden Cut Nyak Din
Siapa tokoh kang dicritakake sajroning wacan kasebut …
Raden Ajeng Kartini
Raden Dewi Sartika
Raden Kumalasari
Raden Ayu Anjar Penas
Kapan lan ing ngendi Raden Dewi Sartika miyos?
Cicalengka, Bandung, Jawa Barat rikala tanggal 14 Desember 1884
Cicalengka, Jakarta, Jawa Barat rikala tanggal 4 Desember 1884
Cicalengka, Bandung, Jawa Barat rikala tanggal 4 Desember 1984
Cicalengka, Bandung, Jawa Barat rikala tanggal 4 Desember 1884
Rerakitaning tetembungan kanthi teges mligi sing umume dijupuk saka reriptan sastra nanging wis lumrah digunakake ing basa padinan diarani …
unen-unen
Paribasan
bebasan
saloka
Ing ngisor iki kang ora kalebu unen-unen yaiku …
Paribasan
Pariwara
Bebasan
Saloka
Paribasan Adigang adigung adiguna duweni teges …
Tumindak becik lan ala bakal ketara
Golek wektu kang becik
Ngendel-ngendelake kekuatane, kaluhurane, lan kapinterane
Lelungan adoh tekan ngendi-ngendi desa, kutha, negara kabeh wes diparani
Gelem kepenake nanging ora gelem rekasane, bebasane sing bener yaiku …
Ana bapang sumimpang
Arep jamure emoh watangane
Cebol ngayuh lintang
Njajah desa milang kori
Saloka Emprit abuntut bedhug duweni teges …
Wong pinter memusuhan karo wong pinter nanging sijine kalah ulet lan trampil
Mungsuh wong sing sejatine isih sanak sadulure dhewe
Perkara sepele dadi ngedhe ngambra-ambra
Lelungan adoh tekan ngendi-ngendi desa, kutha, negara kabeh wes diparani
Ing ngisor iki kang termasuk paribasan yaiku …
Ana bapang sumimpang
Arep jamure emoh watangane
Buru uceng kelangan deleg
Adigang adigung adiguna
Bebasan lan saloka duweni teges unen-unen kang ajeg panganggone lan ngemu surasa pepindhan sing bedhakne yaiku …
Bebasan kang dipindhakake iku sipate manungsa yen saloka wonge
Saloka kang dipindhakake iku sipate manungsa yen bebasan wonge
Bebasan kang dipindhakake iku manungsa yen saloka barang utawa kewan
Bebasan kang dipindhakake iku barang utawa kewan yen saloka manungsa
