wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ujian Akhir Tahun B. Jawa

Total questions: 29

Worksheet time: 1hrs 7mins

Name
Class
Date
1.

Apa tegese cangkriman kasebut …

a)

Lawa

b)

Lintang

c)

Bulan

d)

Gajah

2.

Batangane tembang pucung ing ndhuwur yaiku .....

a)

Sabuk

b)

Sepur

c)

Ula

d)

Bis

3.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

(1)   Gawe cengkorongan teks pidhato

(2)   Nemtokake tema

(3)   Ngumpulake bahan kanggo gawe naskah pidhato

(4)   Nemtokake ancase pidhato kang bakal digawe

(5)   Ngembangake cengkorongan teks pidhato kanthi utuh

Urutane nalika arep nu;is teks pidhato sing bener yaiku ...

a)

(1), (2), (3), (4), (5)

b)

(2), (4), (3), (1), (5)

c)

(1), (3), (5), (2), (4)

d)

(2), (3), (5), (4), (1)

4.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

(1)   Mahami materi sing diandharna

(2)   Patrap utawa sikep jumeneng jejeg ananging ora kaku

(3)   Ngomong kanthi swara sing rindhik

(4)   Gatekna wektu

Sing kelebu bab-bab kang kudu digatekna nalika nindakake pidhato yaiku ...

a)

(1), (2), (3)

b)

(2), (3), (4)

c)

(1), (3), (4)

d)

(1), (2), (4)

5.

Sinom

Edane wong keneng guna,

Ambatik sinambi nangis,

Malam wantah balabaran,

Geni mati muring-muring,

Prembenahan brebes mili,

Gawangan sinendhal putung,

Ya talah ta si kakang, puluh- puluh awak mami,

Petis manis wis kudu dadi pocapan.

 

Tembang sinom kasebut kalebu wangsalan jenis …

a)

Lamba

b)

Padinan

c)

Sinawung ing tembang

d)

Memet

6.

Siti  : Kula nyuwun ngapunten nggeh wes nibokke gelas mu

Lani: Yo rapopo Siti

Siti  :  Janji aku bakal ngganti

Lani : nuwun yoan nek meh ngganti

Apa isi teko paceltahon ing ndukur?

a)

Nyuwun pangapura

b)

Nguwun pirsani

c)

Nyuwun matur nuwun

d)

Nyuwun cerita

7.

pasangan antarane cangkriman lan batangane kang bener yaiku ana ing ngisor iki, pilihen luwih saka siji!

a)

Nasgithel= panas legi kenthel

b)

Tuwan sinyo=tuku awan nulis krinyo

c)

Pitik walik saba meja= sulak

d)

Dhuwur kencrengan, ngisor jedoran=wong ngunduh semongko

8.

Gatekno pacelathon ing ngisor iki!

Iman: “San, kowe mengko awan ana acara opo?”

Insan: “Ora ana, apa kowe arep ngajak aku dolan?”

Iman: “Yo ayo dolanan nanging disambi karo sinau. Sesuk awak dhehe ana ulangan basa Jawa babagan cangkriman”

Insan: “oh iya, ayo lek ngono! Aja lali ngajak kamil pisan”

Iman: “awan jam piro? Kumpul nang omahe sapa?”

Insan:”Jam 1 Nang omahku wae sepi bapak ku lagi ngasta, Ibu ku yo takseh mucal durung kundur”

Iman:”Ayo wis, aku nang omahe Kamil ya!

(Awane Iman lan Kamil mara neng omahe Insan)

Insan:”Ayo Man, Mil langsung melbu nang bale. Langsung wae yo olehe bedhek- bedhekan!”

Iman,Kamil:”Ayo wis!”

Insan:”Pitik walik saba kebon?”

Kamil:”Nanas”

Insan:”Iyo bener!”

Iman:”saiki aku yo! Bakul sate dibakari”

Insan:”sing dibakar satene. Saiki kowe Mil. Sega sakepel dirubung tinggi”

Kamil:”salak. Saiki aku Bot ginawa entheng”

Insan:”klobot ginawa entheng”

Kamil:”Pak boletus”

Iman:”Tapak kebo lelene satus. Saiki Insan, dikethok malah dhuwur?”

Insan:”Clana. Nah berarti awak dhewe iki wis padha iso bedhek- bedhekan. Berarti sesuk bijine kudu apik-apik”.

Apa isi pacelathon ing ngisor iki?

4 lines
9.

Miturut pacelathon ing dhuwur ing ngisor iki pasangan cangkriman lan jenise kang bener. Pilih luwih siji!

a)

Pitik walik saba kebon= cangkriman pepindhan

b)

Bakul sate dibakari= cangkriman blenderan

c)

Sega sak kepel dirubung tinggi= cangkriman wancahan

d)

Bot ginawa entheng= cangkriman pepindhan

10.

puwakanthi sing bener ing ngisor iki yaiku...

a)

1. Negara mawa tata, desa mawa cara

b)

2. Ana dina, ana sega

c)

3. Tata, titi, tatas, titis

d)

4. Bayem arda, ardane ngrasuk busana

e)

5. Bocah bocah longa longo kaya kebo

11.

Delengen Gambar ing nduwur!. Ing ngisor iki salah sawijine jenis cangkriman kang pada kaya ing gambar. Pilih luwih saka siji!

a)

Emboke wuda anake tapihan

b)

Bocah cilik nggendhong omah

c)

Gerbong tulis

d)

Sekakuran

12.

Adhedhasar tabel jenis wangsalan lan tuladhane, nomer endi wae seng cocog! Pilih luwih saka siji!

a)

No 1 lan no 2

b)

No 3 lan no 4

c)

No 5 lan no 6

d)

No 1 lan no 5

13.

Adhedhasar saka gambar sing kalebu jinis purwakanthi guru basa yaiku …. Pilihen luwih saka siji!

a)

Kolik priya, priyagung Anjani putra lan Mingkar mingkuring ukara

b)

Kolik Priya, priyagung Anjani putra lan Mong ing tirta, Tirta kandheng ing samodra

c)

Mong ing tirta, Tirta kandheng ing samodra lan Jarwa roga, roganing driya wis sirna

d)

Entek ngamek kurang golek, rarah, ririh, ruruh, ngarah- arah

14.

Tuladhae wangsalan lamba ing ngisor iki yaiku … Pilihen jawaban luwih teko siji!

a)

Pindhang lulang, kacèk apa aku karo kowé. (Pindhang lulang =krecek)

b)

Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) apurata, yen wonten lepat kawula

c)

Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa

d)

Mbalung klapa, gelemé mung éthok-éthokan. (Balung Klapa = bathok)

15.

paribasan " Kebo Kaboten Sungu" tegese

a)

Entek amek kurang golek

b)

rekasa merga kakehan anak.

c)

Mong ing tirta, tirta kandheg ing samodra

d)

kebo duwe sungu gede

16.

a)       Ranah, ririh, ruruh, ngarah-arah

b)      Jarwa roga, roganing driya wis sirna

c)       Mingkar-mingkuring ukara

d)      Kolik priya, priyagung Anjani putra

e)       Entek amek kurang golek

f)       Bayem arda, ardane ngrasuk busana

g)      Mong ing tirta, tirta kandheg ing samodra

Saka tuladha purwakanthi ing dukur, sing kelebu purwakanthi Guru sastra yaiku...

a)

(a), (b), (e)

b)

(c), (e), (g)

c)

(b), (d), (f)

d)

(d), (f), (g)

17.

Pilihen jawaban luweh teko siji! Ranah, ririh, ruruh, ngarah-arah

a)

Entek amek kurang golek

b)

Bayem arda, ardane ngrasuk busana

c)

Mong ing tirta, tirta kandheg ing samodra

18.

Isine bagean pembuka yaiku ukara aruh-aruh kanggo wong kang ngrungokake. Tuladhane isine purwaka yaiku...

a)

Atur sugeng enjing

b)

Atur puji syukur marang Gusti

c)

Atur assalamualaikum

d)

Atur pakurmatan marang wong sing rawuh

19.

Gatekna pratelan teks pidhato ing ngisor iki! Mangga langkung rumiyin kita sesarengan ngunjukake puja lan puji syukur marang Gusti Allah swt., amargi sampun maringi berkah lan rahmat saengga kita sedaya saged kempal sesarengan kanthi sehat wal'afiyat. Isine prathelan teks pidhato kasebut yaiku …

a)

Atur salam kanggo nutup pidhato

b)

Atur Puji saha syukur kita panjataken dumateng allah

c)

Atur puji syukur marang Gusti

d)

Atur salam marang wongkang ngrungokake pidhato

20.

Gathokna Cangkriman ing ngisor iki !

"Bapak pucung

Dudu watu dudu gunung

Sabamu ing alas

Ngon-ingone Sang Bupati

Prapteng marga

Si pucung lembehan grana"

Apa batangane cangkriman engge nduwur?

4 lines
21.

Gaweya karangan 2 paragraf wae, pilihen salah siji irah-irahan ing ngisor iki!

a. Menyang pantai Kondang Merak

b. Nonton bal-balan

c. Ndeleng TV

4 lines
22.

Saben dina minggu Bima prei ora melbu sekolah Bima ngewangi bapake angon wedhus ing sawah bongkor wedhuse Bima jenis wedhus gibas, cacahe ana limolas.Bima budhal angon jam enem isuk,wedhuse diculne teka kandhang,senengane blayon karo wedhus liyane.wedhus gibas uga gampang nyruduk,kancane Bima jenenge Huda sing lagi layangan kenej sruduk wedhuse sampek kecemplung kalen ing lapangan uga akeh wong angon saliyane wedhus gibas, kayata sapi,angon wedhus jawa, angon kebo lan liya liyane. Bima gawa mangan,dipangan karo nunggoni wedhuse engko jam 10 wedhuse digiring moleh nyang kandhang, mari ngono Bima ngaritne suket digawe mangane wedhus sore.

Saka cerita kasebut coba jawaben pertanyaan ing ngisor niki!

a. Tema saka cerita iku apa?

b. Sapa sing anggon wedhus?

c. Jelasno alasane Bima ora mlebu sekolah?

4 lines
23.

Preian ing Omah

Preian sekolah wingi aku ora lunga menyang endi wae. Aku tetep ing omah karo bapak, ibu lan mbakyuku.

Sanadyan ora lunga ing panggonan wisata, aku tetep seneng amarga Bapak uga prei dadi kabeh bisa kumpul ing omah.

Aku seneng amarga bisa kumpul karo keluwarga lan masak-masak bareng. Bapak ngajak bakar-bakar sosis ing omah.

Kapan latar panggon saka cerita kasebut?

4 lines
24.

. "Ana catur mungkur" tegese....

4 lines
25.

pidhato seng koyo di woco pak presiden diarani metode pidhato jenis ……

4 lines
26.

Miturut Sulanjari (2010: 17-19), metode utawa cara pidhato iku bisa kaperang dadi 4, sebutno opo wae …

4 lines
27.

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Para bapak ibu serta secara sedaya ingkang kinurmatan. Ten dalem dinten ingkang dan iki monggo kito sareng-sareng ngaturaken raos syukur dumateng gusti ingkang maha agung. Maringi nikmat lan rahmat sahinggo ing wekdal punika kita sedaya saged kempal ten mriki panggenan perlu ngengeti pendidikan nasional. Sangat perlu kito sedoyo sumerapi pemerintah kita bangsa indonesia dan dalam kitabipun undang-undang dasar 1945 sampun wonten program pajak belajar kagem sedoyo wargo milahi umur pitung tahun. Uga meniko kito sumerap ing dalam agama kita Islam ingkang sampun lami ngantos pinten pinten 4 meniko. Sangat perlu kita sedaya sumerapi pemerintah bangsa indonesia dan dalam kitabipun UUD 1945 sampun wonten program wajib belajar 9 tahun.

Sawuse maca cuplikan pidhato kasebut, coba wenehana bagian pambuka rupa salam pambuka lan atur pakurmatan banjur tulisen !

4 lines
28.

pitik walek saba kebon. batangane....

4 lines
29.

Aksara Jawa "ꦩꦸꦤ꧀ꦱꦶ" diwaca …



(a)