wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS BDA 8

Total questions: 50

Worksheet time: 2hrs 47mins

Name
Class
Date
1.

Crita kang asale saka masyarakat lan dikembangake ana masyarakat wektu zaman biyen diarani ....

a)

crita rakyat

b)

geguritan

c)

paribasan

d)

cangkriman

2.

"Rina iku bocah kang duwe unggah-ungguh marang wong tuwa".

Nilai cerkak saka pethikan kasebut yaiku...

a)

Nilai Moral

b)

Nilai Etika

c)

Nilai sosial

d)

Nilai Religius

e)

Nilai Kultural

3.

Nilai sajrone cerkak kang ana hubungane karo masarakat/bebyaran yaiku nilai...

a)

Nilai Religius

b)

Nilai Moral

c)

Nilai Sosial

d)

Nilai Agama

e)

Nilai Etika

4.

punjering crita ing crita cekak kang nggunakake tokoh "Aku utawa kula" diarani sudut pandang.....

a)

wong ke-2

b)

wong ke-1

c)

wong ke-3 sajabane crita

d)

Wong ke-3 ing sajrone crita

e)

Wong ke-2 pengamat

5.

kang kalebu setting yaiku... kejaba (kecuali)

a)

Wektu

b)

Swasana Seneng

c)

Panggonan

d)

Swasana sedhih

e)

paraga/ tokoh

6.

Fani sregep banget anggone sinau supaya bisa dadi wong sukses.

Tema kang trep (cocok) kanggo pethikan kasebut yaiku...

a)

Kaprawiran

b)

Kekancan

c)

Pendhidhikan

d)

Katresnan

7.

Tokoh sajrone cerkak kang duweni sifat kang ala yaiku tokoh...

a)

Tokoh antagonis

b)

Tokoh protagonis

c)

Tokoh tirtagonis

d)

Tokoh Figuran

e)

Tokoh sampingan

8.

Alur kang nyritakake prastawa kang wis dumadi/kepungkur yaiku...

a)

Alur Progresif

b)

Alur campuran

c)

Alur maju

d)

Alur Flashback

e)

Alur maju + mundur

9.

urut-urutaning crita sajrone crita cekak diarani...

a)

Penokohan

b)

Alur/Plot

c)

Tema

d)

Punjering crita

e)

Pitutur luhur

10.

ciri/ titikane crita cekak ing ngisor iki kejaba...

a)

crita luwih ringkes

b)

konflik tunggal

c)

tembung kurang saka 1.000 tembung

d)

gegayutan karo crita padinan

e)

Alur kompleks luwih saka sakkonflik

11.

karangan kang nyritakake bab kang ana gegayutane karo lelakon uripe manungsa diarani?

a)

novel

b)

crita sambung

c)

crita cekak

d)

crita rakyat

e)

crita bergambar

12.

Kabeh katon guyub rukun anggone padha nyuwun donga pangestu. jroning ukara kasebut nggunakake basa rinengga. . .

a)

tembung entar

b)

tembung garba

c)

tembung saroja

d)

basa kawi

e)

paribasan

13.

Kenek apa basa rinengga diarani basa sing edi peni (apik banget)?

a)

Mergane basane dipaesi

b)

Basane katon endah

c)

Basane singkat padat

d)

Basane angel dimangerteni

14.

Miturut tegese basa rinengga, apa kang dadi tujuwane basa rinengga...

a)

Kanggo nambahi kaendahan ing sajrone ukara

b)

Kanggo nambahi tembung-tembung

c)

Kanggo nambahi variasi teambung

d)

Kanggo nambahi ukara supaya luwih dawa

15.

Ing ngisor iki kang klebu tembung entar yaiku...

a)

Entheng tangane

b)

Alise nanggal sepisan

c)

Dewa-dewi

d)

Kembang salak, kembang mlathi. Aja galak, mengko nglarani ati.

16.

ARTINE BASA RINENGGA YAIKU?

a)

BASA SING ORA KENA DIOWAHI (DIRUBAH)

b)

BASA SING DIPAESI

c)

BASA SING SINGKAT

d)

BASA SING ENDAH LAN ORA SABENDINO DIGAE

17.

BASA RINENGGA NARIK KAWIGATEN ANTARANE ....

a)

KRIDANING SWARA

b)

PAMILIHANING TEMBUNG KANG TREP

c)

SINGKAT, PADET, LAN JELAS

d)

BASANE ENDAH

18.

NGRENGRENG ALIAS RANCAK UTAWA RUNTUT KLEBU ING?

a)

KAGUNAN BASA RINENGGA

b)

PENGERTIANE BASA RINENGGA

c)

JINISE BASA RINENGGA

19.

GUNANE BASA RINENGGA?

a)

HIASAN

b)

SUPAYA KATON ENDAH

c)

BREGAS (MAKNANE DUWUR)

d)

DIGAE PANYANDRA

20.

Cerita rakyat kang ngemu bab-bab sing aneh/ajaib jenenge ....

a)

legenda

b)

sage

c)

mithe

d)

dongeng

21.
Ing naskah dialog iki ana tembung njaga rasa, tembung iki diarani tembung...
a)
lingga
b)
kriya wantah
c)
kriya tanduk
d)
kriya tangga
22.
Sapa sing dadi nara sumber ing naskah dialog iki?
a)
Sing dadi nara sumber ing naskah dialog iki yaiku Tiyas.
b)
Sing dadi nara sumber ing naskah dialog iki, yaiku bu Ratih.
c)
Sing dadi nara sumber naskah dialog iki, Tiyas lan bu Ratih.
d)
Sing dadi nara sumber naskah dialig.iki ora ana.
23.
Apa sing dikarepake (dimaksud) *Rasa bintang 5 rega kaki 5*iku?
a)
Rasane enak laya masakan ing hotel mewah bintang 5, ananging regane murah kaya rega panganan ing rombong-rombong (warung pinggir dalan).
b)
Rasane kaya bintang ing langit sap ( tingkat 5), regane larang.
c)
Rasane kaya masakan ing hotel bintang 5, regane larang tikel (kali lipat) ping 5.
d)
Saben masakan diincipi wong 5 , regane 5 ewunan
24.
Masakan dodolane bu Ratih ana pira?
a)
Masakan dodolane bu Ratih ana10
b)
Masakan dodolane bu Ratih ana 5.
c)
Masakan dodolane bu Ratih ana 7
d)
Masakan dodolane bu Ratih ana 6.
25.
Basa dialoge Tiyas nganggo ukara...
a)
Ukara ngoko lugu
b)
Ukara ngoko alus
c)
Ukara krama lugu
d)
Ukara krama alus
26.
Bu Ratih : O ,iya, ayo pinarak ing ruang ngarep ya.Ukarane bu Ratih iku , nganggo basa...
a)
Krama lugu
b)
Krama alus
c)
Ngoko lugu
d)
Ngoko alus
27.
Ing sajroning dialog mau, Tiyas migunakake basa ....
a)
Ngoko lugu
b)
Ngoko alus
c)
Krama lugu
d)
Krama alus
28.
Suwe ora jamu, jamu godhong kates Sal, suwe ora ketemu ketemu Salsa sing tansah kenes. Unen-unen iki kalebu basa rinengga...
a)
Saloka
b)
Cangkriman
c)
Bebasan
d)
Purwakanthi
29.
Ing naskah dialog mau ana basa rinengga cangkriman, yaiku....
a)
Untune mijitimun lan eseme pait madu
b)
Eseme pait madu lan njanur gunung
c)
Pitik walik saba kebon lan Sega sekepel dirubung semut.
d)
Suwe ora jamu, jamu godhong kates, suwe ora ketemu ketemu Salsa sing tansah kenes.
30.
Eseme Nabila pait madu, tegese...
a)
kenthel kaya madu
b)
manis banget
c)
sinis glarakake ati
d)
nggawe kangen
31.
Njanur gunung kalebu basa rinengga , sing tegese...
a)
kadingaren (tumben)
b)
janure wit aren
c)
wohe aren
d)
kolang-kaling
32.
Untune miji timun , diarani basa rinengga ...
a)
Panyandra
b)
Cangkriman
c)
Bebasan
d)
Paribasan
33.
Dene paraga Budi, nganggo basa...
a)
Ngoko lugu
b)
Ngoko alus
c)
Krama lugu
d)
Krama alus
34.
Ing cerkak Budi Dhemen Tetulung bu Ani migunakake basa....
a)
Ngoko lugu
b)
Ngoko alus
c)
Krama lugu
d)
Krama alus
35.
Tema saka cerkak Budi Dhemen Tetulung, yaiku...
a)
Sosial.
b)
Kesehatan
c)
Gotong royong.
d)
Pendhidhikan
36.
Sakwise maca cerkak "Budi Dhemen Tetulung" . kita mangerti manawa , alur cerkak mau kakebu alur...
a)
mundur.
b)
campuran
c)
maju.
d)
maju mundur
37.
Latar/setting panggonan cerkak kasebut, ana ing ...
a)
dalan
b)
Kelas,
c)
Omah
d)
Bengkel
38.
Paraga utama cerkak 'Budi Dhemen Tetulung' yaiku...
a)
Budi
b)
Bu Ani
c)
Pak Farso
d)
Bocah-bocah sakelas
39.

Amanat utawa pesen sajrone geguritan yaiku .....

a)

Nemtokake tema sajrone gegurotan kanthi cara nggathukake ukara

b)

Tatacara ngudhari utawa negesi tembung-tembung sing utama sajrone geguritan sing dikarang

c)

Piwulangan apa wae sing kepengin diandharake dening panggurit marang pamaca lumantar geguritane

d)

Carane ngonceki isine geguritan sarana negesi tembung-tembung sing utama lan nggoleki bakune gagasan

40.

Pahlawanku

Dening (R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Pahlawanku

Mugya Gusti paring nugraha

Semana gedhene bektimu

Jiwa raga, bandha donya

Tanpa sisa

Amung siji pangajabmu

Merdeka


Geguritan ing nduwur irah-irahabe yaiku ....

a)

R Tantriningsih

b)

Pahlawanku

c)

2 pada

d)

pangurit

41.

Kanca-kanca aku ….. kawigatenmu sedhela, aku arep …… wara-wara !.

a)

njaluk, aweh

b)

nyuwun, paring

c)

njaluk, caos

d)

njaluk, paring

42.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantingingsih

b)

Pahlawan

c)

Pahlawanku

d)

Karajang

43.

Dina minggu wingi aku ketemu pak Guru lagi mangan bakso lan aku mangan mie ayam. Menawi diowahi dadi basa krama dadi ....

a)

Dinten minggu kalawingi kula ketemu pak Guru saweg neda bakso lan kula neda mie ayam

b)

Dina minggu kalawingi kula kepanggih pak Guru saweg neda bakso lan kula mangan mie ayam

c)

Dina minggu kalawingi kula kepanggih pak Guru saweg neda bakso lan kula madhang mie ayam

d)

Dinten minggu kalawingi kula kepanggih pak Guru saweg dhahar bakso lan kula neda mie ayam

44.

Wacanen teks ing ngisor iki

Sang Adipati Kertabangsa maringi priksa nek keris mau dititipna maring Ki Gedhe Ngorean nang Prapatan sendang Balong. Sewise midhanget ngendikane Ramane, Raden Kaligenteng banjur nyuwun pamit.

Neng Adipati Kertabangsa, Keris Brongot Setan Kober dititipna maring ….

a)

Raden Kuncung

b)

Ki Gedhe Ngorean

c)

Punggawa Kadipaten

d)

Adipati Jebuh Kusuma

45.

Wacanen teks ing ngisor iki

Gatekna tuladha crita legenda ngisor kiye!

a. Lutung kasarung sekang Banyumas

b. Rara Mendut sekang Jawa Tengah

c. Desa trunyan sekang Bali

d. Sura menggala sekang Jawa Timur

Tuladha crita legendha ing dhuwur kang kalebu legendha pawongan yakuwe ….

a)

a, b, c

b)

a, c, d

c)

b, c, d

d)

a, b, d

46.

Legenda kang nyritakna sawijining paraga sing dianggep ana lan kelakon temenan diarani legenda....

a)

Keagamaan

b)

Kegaiban

c)

Pawongan

d)

Lokal

47.

Crita rakyat sing dianggep temenan kelakon, sing critane digathuk-gathukna karo tokoh Sejarah kang duwe kasekten diarani ….

a)

legendha

b)

biografi

c)

cerkak

d)

novel

48.

karangan kang nyritakake bab kang ana gegayutane karo lelakon uripe manungsa diarani?

a)

novel

b)

crita sambung

c)

crita cekak

d)

crita rakyat

e)

crita bergambar

49.

Andharan ingkang jumbuh kalihan tegesipun cerkak inggih menika ….

a)

Cerkak ngginakaken alur ganda.

b)

Cerkak kadhapuk saking 5.000 dumugi 10.000 tembung.

c)

Maos cerkak mbetahaken wekdal ingkang dangu.

d)

Konflik ing cerkak saged langkung saking setunggal.

e)

Cerkak mbabar gesangipun sedaya paraga kanthi cetha.

50.

waosana paragrap ing ngandhap menika kanthi pratitis!

Langit wulan April tansah petheng ndhedet kaya-kaya arep ambruk, dasar nganggo angin gedhe lan bledek nyamber-nyamber, mangka wulan iki lumrahe wis mangsa ketiga. Dina iki tanggal 10 mbeneri pengetan pendhak pisane eyang.

Paragrap ing nginggil menika kalebet nedahaken latar .....

a)

Wektu

b)

Spiritual

c)

Panggonan

d)

Swasana

Similar Resources on Wayground