Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Daerah 9

Total questions: 50

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Bentor utawa biasane diarani Becak Motor kuwi kalebu sawijine transportasi sing wis  dimodifikasi, tegese wis ana bab sing wis ana owah-owahane. Manut jenenge bentor iki  saka becak sing wis diwenehi mesin sepeda motor. Dadi sing sadurunge becak kuwi  dipancal, ing bentor iki wis nganggo mesin. Dadi ing mburine iku wis digathukake karo  mesine sepedha motor. Bentor iki isih ana ing kutha-kutha gedhe, saben pertelon utawa  prapatan iku ana bentor sing ngenteni penumpange.

Gatekna teks palapuran asil observasi ing ngisor iki! Sing dadi isine pethikan teks lapuran observasi ing ndhuwur, yaiku ...

a)

Bentor kalebu alat komunikasi modern.

b)

Becak kang mlakune dipancal diarani bentor.

c)

Bentor uga bisa tinemu ing desa-desa sing wis maju.

d)

Bentor iki saka becak sing wis diwenehi mesin sepeda motor.

2.

Gatekna teks palapuran asil observasi ing ngisor iki!!

Gamelane Suku Jawa bisa diarani gamelan kang ranjak utawa jangkep, amerga meh kabeh piranti gamelan Jawa iku nggunakake wesi utawa perunggu. Mung ninggal kendhang lan gambang sing ora nggunakake piranti wesi utawa perunggu. Bagean bagean gamelan iku ana sing diarani wilahan, pencon, lan alusan. Sing diarani wilahan iku piranti sing wujude wilah-wilah utawa gepeng-gepeng kayata saron, demung, peking, slenthem. Dene pencon iku piranti sing wujude bunder-bunder kaya cemung lan ana bendholane sing dithuthuk. Piranti pencon iki kaya bonang, kenong, kempul, lan gong.

Dene sing bagean pungkasan yaiku alusan, tegese piranti sing unine kalem banget kayata  gender lan rebab. Ketelu bagean kuwi lumrahe ditemokake ing piranti gamelanJawa.

Ing ngisor iki kalebu isine pethikan teks lapuran observasi ing ndhuwur, kajaba ...

a)

Piranti gamelan sing unine kalem banget diarani alusan.

b)

Bagean gamelan dumadi saka wilahan,pencon lan alusan.

c)

Demung, peking lan slenthem iku kalebu bagean gamelan pencon.

d)

Piranti gamelan Jawa meh kabeh nggunakake wesi utawa perunggu

3.

Wacanen teks palapuran asil observasi ing ngisor iki! Kates utawa ana sing ngarani gandhul utawa pepaya (Carica papaya L) mujudake woh sing wiwitane tuwuh ing Meksiko sisih kidul uga ing Amerika Selatan. Sabanjure tanduran iki tumangkar lan sumebar ing Negara-negara tropis kayata ing Indonesia. Kates ya iku woh sing kadar vitamin C-ne dhuwur, uga vitamin A-ne. Woh kates wis kawentar bisa ngusadani bebelan utawa angel bebuwang. Yen dideleng saka isine, teks lapuran observasi ing ndhuwur kalebu bagean ....

a)

definisi umum

b)

definisi tujuwan

c)

deskripsi bagean

d)

deskripsi manfaat

4.

Struktur palapuran asil observasi kasebut ... .

a)

definisi umum, deskripsi bagian, definisi manfaat.

b)

deskripsi bagian, definisi manfaat , definisi umum,

c)

defskripsi manfaat, definisi umum, deskripsi bagian

d)

definisi umum, deskripsi bagian, definisi manfaat.

5.

... komodo uga bisa mangsa kewan melata liyane, kayata: jinis-jinis kewan mamalia kang duweni ukuran gedhe.

tembung "mangsa" ngemu teges ....

a)

Musim

b)

Mangan

c)

Mungsuh

d)

kekancan

6.

Komodo mujudake jinis kewan melata paling gedhe sa-Indonesia kang dilindungi dening pamarentah Indonesia. Komodo iki urip ing semak-semak belukar lan ing sawatara alas kang ana ing Indonesia. Komodo uga dianggep minangka kewan melata paling abot ing Indonesia awit aboting awake komodo kurang luwih 100 kg malah bisa kepara luwih. Komodo sing paling gedhe ing Indonesia bisa nggayuh 166 kg lan dawane nggayuh 3 meter.

Basa kang digunakake sajrone lapuran observasi ing ndhuwur, yaiku....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

7.

Gamelane Suku Jawa bisa diarani gamelan kang ranjak utawa jangkep, amerga meh kabeh piranti gamelan Jawa iku nggunakake wesi utawa perunggu. Mung ninggal kendhang lan gambang sing ora nggunakake piranti wesi utawa perunggu. Bagean bagean gamelan iku ana sing diarani wilahan, pencon, lan alusan. Sing diarani wilahan iku piranti sing wujude wilah-wilah utawa gepeng-gepeng kayata saron, demung, peking, slenthem. Dene pencon iku piranti sing wujude bunder-bunder kaya cemung lan ana bendholane sing dithuthuk. Piranti pencon iki kaya bonang, kenong, kempul, lan gong. Dene sing bagean pungkasan yaiku alusan, tegese piranti sing unine kalem banget kayata gender lan rebab. Ketelu bagean kuwi lumrahe ditemokake ing piranti gamelan Jawa.

Yen dideleng saka isine, pethikan ing ndhuwur kalebu struktur teks laporan asil observasi yaiku....

a)

definisi umum

b)

deskripsi umum

c)

deskripsi bagian

d)

deskripsi manfaat

8.

Energi listrik migunani tumrap sakehe kapreluane manungsa lan bisa dadi sarana kanggo ngirim energi ing panggonan sing adoh. Bab iki wigati kanggo sakehe proses indhustri, telekomunikasi, internet, komputer, TV, lan piranti liyane kang lumrah digunakake. Listrik uga bisa diowahi dadi wujud energi liya kang bisa dienggo ing saperangan aplikasi liyane.

Miturut isine, teks ing dhuwur bisa digolongake jinis struktur ...

a)

definisi umum

b)

deskripsi umum

c)

deskripsi bagian

d)

deskripsi manfaat

9.

Global warming minangka sawijine proses mundhake  suhu rata -rata ing bumi , yaiku ing lapisan atmosfer,  daratan, lan segara. Manut Natural Resources Defense Council (NRDC),

Global warming yaiku proses mundhake  suhu utawa temperature udara amarga ora bisa uwale   panas ing atmosfer kang disebabake dening gas karbondioksida. Kahanan kasebut bisa ndadekake perub ahan iklim lan mujudake bencana ing permukaan bumi. NRDC ngendikan  menawa Gobal warming minangka krisis lingkungan lan kamanungsan paling gedhe kang dumadi ig jaman saiki.

Miturut isine, teks ing dhuwur bisa digolongake jinis struktur ....

a)

definisi umum

b)

deskripsi umum

c)

deskripsi bagian

d)

deskripsi manfaat

10.

NRDC ngendikan menawa Global warming minangka krisis lingkungan lan kamanungsan paling gedhe kang dumadi ing jaman saiki.

Ukara kasebut migunakake basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

11.

Perangan teks kang isine ngandharake pangerten sawijine objek kang diamati/ditaliti diarani ...

a)

definisi umum

b)

deskripsi umum

c)

deskripsi bagian

d)

deskripsi manfaat

12.

“Maneka jinis wortel kasebut ngandhut mawarna-warna zat sing mupangati tumrap manungsa. Wortel minangka sumber vitamin A, sing banget gedhe mupangate  kanggo kasarasane mripat. Wortel uga ngandhut vitamin B1, B2,B3, B6, B9 lan vitamin C, kalsium, zat besi, magnesium, fosfor, kalium, sodium. Saliyane becik kanggo kasarasane mripat, wortel uga becik kanggo kanker, kolesterol lan sembelit. Kanggo bisa ngrasakake gunane wortel, kita bisa ngonsumsi kanthi cara dijus utawa dipangan langsung.

Miturut isine, teks ing dhuwur bisa digolongake jinis struktur ....

a)

definisi umum

b)

deskripsi umum

c)

deskripsi bagian

d)

deskripsi manfaat

13.

Rangga  maca teks palapuran asil observasi kanthi irah-irahan Teknologi RGI (Rumah Garam Industri). Sawise maca, dheweke dadi ngerti menawa saiki petani tambak utawa petambak uyah ing kabupaten Demak iku bisa panen uyah sanajan ing mangsa rendheng, kamangka biyen sakdurunge ana teknologi RGI petambak mung bisa panen uyah ing mangsa ketiga wae

Saka ilustrasi ing dhuwur nggambarake menawa palapuran asil observasi iku duweni sipat ....

a)

fiktif

b)

objektif

c)

informatif

d)

komunikatif

14.

Perangan teks kang isine ngandharake paedah saka objek kang diamati/ditaliti diarani ....

a)

definisi umum

b)

deskripsi bagian

c)

deskripsi umum

d)

deskripsi manfaat

15.

Ing ngisor iki sing ora kalebu titikan utawa ciri-cirine teks palapuran asil observasi yaiku...

a)

sifat apa anane (objektif).

b)

ditulis kanthi sampurna lan jangkep..

c)

ngandhut fakta utawa kedadeyan kang sabenere.

d)

ngandharake bab-bab kang ora salaras lan ngandhut prasangka.

16.

Teks palapuran asil observasi asipat apa anane (objektif), tegese yaiku ...

a)

Isi teks asil observasi salaras karo kasunyatan.

b)

Teks bisa didadekake minangka sumber pengalaman tumrap wong liya kang arep nindakake pengamatan babagan kang padha.

c)

Teks diandharake kanthi basa kang cetha lang gampang dimangerteni dening para Maos .

d)

ngandhut panemu (opini) kang diandharake dening para ahli sing wis mangerteni luwe mirunggan.

17.

Andika   lagi ana tugas ing sekolahe, dheweke lan kanca-kancane nindakake kagiyatan panaliten ngenani daur ulang  sampah. Andika  minangka observer melu mudhun menyang lapangan kanggo observasi.

Saka ilustrasi ing ndhuwur nuduhake observasi jinis....

a)

Aktif

b)

Pasif

c)

Partisipaif

d)

Non partisipatif

18.

Dheskripsi bagean minangka perangan teks kang isine ngandharake kanthi jangkep bagean-bagean saka objek kang diamati. Pethikan ing ngisor iki kang kalebu ing dheskripsi bagean yaiku ...

a)

Dluwang yaiku bahan tipis lan rata sing digawe saka pulp. Dluwang lumrahe dienggo nulis, nyethak, nggambar, lan sapiturute. Anane dluwang minangka revolusi anyar kang nduweni pangaribawa tumrap donya.

b)

Pencemaran lingkungan yaiku sawijining kahanan mrihatinake kang bisa ndadekake karusakan lingkungan kang dumadi ing banyu (perairan), lemah utawa dharatan lan hawa (udara) kang disebabake saka tata kelola limbah utawa uwuh kang kurang becik, keluke pabrik utawa kendharaan bermotor, lan sapiturute.

c)

Jinise dluwang maneka werna, salah sawijine yaiku hvs. Jinis iki rada kasar, lumrahe kanggo nyethak file. Jinis kapindho yaiku kalkir, jinis kang meh padha karo hvs nanging luwih mligi kanggo medhia sablon lan ora putih utawa luwih burek, katon trawang kayadene dluwang kutahan minyak.

d)

Pakulinan mbuwang samubarang sampah ing sembarang panggonan pancen isih dadi pakulinan masyarakat kita. Kamangka pakulinan ala kuwi, manut para ahli tata lingkungan kota bisa wae ndadekake salah sijine faktor kang nyebabake bebaya banjir kaya kang wis kedaden ing sawatara dhaerah lan kutha durung suwe iki. Pakulinan ala wis mesthine kudu enggal kita tinggal.

19.

Ing Indonesia yen wis ngancik mangsa rendheng asring dumadi bencana banjir lan lemah longsor. Bencana kasebut disebabake saka tumindake warga sing ngrusak kalestarene lingkungan alam. Tuladhane ngethoki wit-witan ing alas sembarangan utawa ora kanthi ijin resmi, sing lumrah diarani ilegal loging. Yen wis anjrah wit-witan ing alas dikethoki lan dijupuki kayune tanpa aturan, tundhone alas dadi gundhul, tibane mangsa rendheng alas ora bisa nahan ilining banyu.  Wis bisa dibadhe apa akibate yen udane deres ing wektu sing rada suwe. Alas sing mapan ing perenge gunung bakal longsor lan banjir.

Basa kang digunakake sajrone lapuran observasi ing ndhuwur, yaiku....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

20.

I.              Nulis irah-irahan (judhul)

II.            Nulis pambuka (definisi umum)

III.           Nulis panutup (dheskripsi manfaat)

IV.          Ngembangake cengkorongan dadi sawijine teks

V.            Nyusun isi palapuran kang ngandhut gagasan pokok tumrap asil pengamatan saka sawijine objek (dheskripsi bagean)

Bab-bab ing ndhuwur minangka bab kang kudu digatekake kanggo nyusun cengkorongan/kerangka teks laporan asil observasi. Supaya dadi lapuran kang apik, urutan kang bener yaiku....

a)

I, II, III, V, IV

b)

I, II, V, III, IV

c)

II, I, IV, III, V

d)

II, III, IV, I, V

21.

Uwuh sing ana ing masyarakat bisa keperang dadi loro, yaiku uwuh organik lan  an organik. Uwuh  organik  yaiku  sawenehing  uwuh  sing  dumadi  saka  tetuwuhan   utawa urip-uripan, upamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane.

Tembung uwuh padha tegese karo tembung ...

a)

bahan

b)

piranti

c)

sampah

d)

campuran

22.

Taman Nasional Baluran minangka salah  sijine kawasan konservasi sing duweni maneka warna tetuwuhan lan kewan. Ekosistem sing maneka warna bisa narik kawigaten panaliti kanggo nliti t aman iki. Hawane sing seger uga bisa dadi papan rekreasi. Wayah srengenge gumlewang mangulon ndadekake endahe swasana kang nentremake ati.     

Tetuwuhan ing Taman Nasional iki gunggunge ana 444 jinis, ing antarane ana tetuwuhan asli  ingkang mligi utawa khas lan nenarik yaiku widoro bukol (Ziziphus rotundifolia), mimba  ( Azadirachta indica), lan pilang (Acacia leucophloea). Widoro bukol, mimba, dan pilang mujudake tetuwuhan kang bisa adaptasi marang mangsa ketiga ngerak, tetuwuhan iki isih katon

            ijo nalika tetuwuhan liyane wis padha alum.

Ukara sing nuduhake menawa teks palapuran asil observasi ing dhuwur asipat objektif yaiku...

a)

Hawane sing seger uga bisa dadi papan rekreasi kanggo keluwarga.

b)

Ekosistem sing maneka warna bisa narik kawigaten panaliti lan wisatawan kanggo teka ing taman iki

c)

Wayah srengenge gumlewang mangulon ndadekake endahe swasana kang bisa nentremake ati.

d)

Tetuwuhan ing Taman Nasional iki gunggunge ana 444 jinis ing antarane ana tetuwuhan asli ingkang mligi utawa khas.

23.

i.       Pupuk nduweni khasiat supaya tanduran bisa tuwuh lan subur. Bisa katitik tanduran kang diwenehi pupuk kandhang katon luwih akeh kembang lan godhonge. Tanduran uga katon sehat lan kuwat, dene tanduran kang nggunakake pupuk kimia, kembang lan godhonge luwih sithik. 

ii.      Pupuk kang gampang golekane yaiku pupuk kandhang. Pupuk jinis iki bisa digawe saka tlethonge sapi, wedhus, lan sapiturute. Pupuk kandhang nduweni kaluwihan yaiku murah, lan luwih apik kanggo tanduran tinimbang pupuk kimia.

iii.     Kanthi nggunakake pupuk kandhang, unsur hara sing ana ing jerone lemah bakal tetep kajaga. Amarga kuwi, tanduran bakal antuk nutrisi kang apik lan pas kabutuhane. Dene pupuk kimia bisa ngrusak zat hara kang ana jero lemah.

Urutan kang bener supaya dadi teks lapuran observasi, yaiku ....

a)

i, iii, ii

b)

ii, iii, i

c)

ii, i, iii

d)

iii, ii, i

24.

I.       Ing madyaning masyarakat indhustri omahan bisa kaperang dadi telu. Sepisan, indhustri omahan ngasilake jasa, kapindho indhustri omahan sing ngasilake barang, lan katelu, indhustri kang nyalurake barang. Saka katelu indhustri omahan kasebut isih bisa kaperang maneh dadi pirang-pirang kegiyatan usaha. Usaha jasa, yaiku sawenehing wujud usaha dilakokake dening pawongan kang ngepenake keahlian, tuladhane jasa bengkel mobil, gerji, jasa ngumbah karpet, lan liya-liyane.

II.      Beda maneh karo jinis indhustri omahan kang ngolah utawa ngasilake barang. Jinis indhustri omahan iki didhominasi dening sawenehing indhustri panganan. Ing saben kutha mesthi akeh ditemoni jinis panganan kang bisa dadi ciri khase kutha kasebut.

III.     Usaha home industri utawa indhustri omahan mujudake salah sijine indhustri sing ora mbutuhake modhal sing gedhe. Indhustri omahan luwih asring minangka wujud saka bisnis  sampingan.  Sanajan  wiwitane  wujud  bisnis  sampingan  wusanane  ndadekake bisnis sing ngrembaka lan nguntungake.

IV.    Malang salah sawijining kutha ing Jawa Timur, akeh maneka warna usaha indhustri omahan kang bisa ditemoni. Salah sawijining indhustri omahan kang wektu dina iki dadi kembang lambe, yaiku indhustri kripik. Manawa ing masyarakat wis lumrah keprungu lan ditemoni jinis kripik tempe, lan kripik tela, ing Malang saiku bisa ditemokake maneka jinis kripik, utamane kripik maneka woh-wohan. Mula ora aneh yen padha plesiran ing kutha Malang kurang jangkep manawa durung tuku maneka kripik woh-wohan mau.

Bagean-bagean teks ing dhuwur durung urut. Urutan kang bener manut struktur Teks palapuran Asil Observasi yaiku...

a)

I, II, IV, III

b)

III, I, II, IV

c)

III, IV, II, I

d)

II, I, III, IV

25.

Ing bebrayan Jawa drama uga diarani . . . .

a)

sandhiwara

b)

sandhiasma

c)

teliksandhi

d)

sandhiyudha

26.

Ing ngisor iki kalebu tuladhane drama tradhisional, kajaba . . . .

a)

ludruk

b)

kethoprak

c)

wayang kulit

d)

wayang wong

27.

Pesen kang diandharake ing panutupe crita drama diarani . . . .

a)

prolog

b)

epilog

c)

dialog

d)

monolog

28.

Ing ngisor iki sing ora kalebu struktur teks crita drama yaiku ....

a)

Orientasi

b)

Resolusi

c)

Komplik

d)

Reorientasi

29.

Nalika ana pasulayan/konfik ing crita drama,katitik saka struktur tekse kalebu perangan kang diarani . . . .

a)

Konflik

b)

Resolusi

c)

Orientasi

d)

Kompikasi

30.

….

 Kanthi gumelenge tekad lan pawitan ilmu saka gurune ing Jalatundha, Pananggungan, Jaka Sambang kasil ngasorake lan mrejaya Lurah Bargowo. Wondene Carik Abilowo kasil dikalahake Jaka Buntek. Prajurit Kumpeni uga keplayu salang tunjang ngadhepi para pemudha saka Gunung Gangsir, desa Gondhanglegi, Beji, Pasuruan.

Adhedhasar pethilan teks drama ing dhuwur sing minangka paraga utama ing crita kasebut yaiku ....

a)

Carik Abilowo

b)

Jaka Sambang

c)

Lurah Bargawa

d)

Kumpeni Walanda

31.

Lurah Bintoro            :“Ya ngono... kita kudu saiyeg saeka kapti berjuwang mbela bangsa                                                 lan nagara amrih bisa mardika.”

           Carik Wicaksono        : “Ngestokaken dhawuh Ki Lurah... Kula lan para warga tansah badhe                     dados bebentenge nagara, mbela bebener lan kaadilan. Kula rilla ngurbanaken jiwa lan raga kangge kamardikan.”

Manut pethilan wacan teks drama ing dhuwur watake Lurah Bintoro yaiku ...

a)

ora wedi karo penjajah Walanda.

b)

bisa ngayomi wargane saka penjajahan.

c)

tansah mbela bangsa lan nagara amrih mardika

d)

wangsulan a, b, lan c kabeh bener

32.

Jaka Sambang : “Gak katene aku mundur barek panantangmu. Utang pati, nyaur pati. Aku bakal  mbales  sedane  bapakku  sing  wis  kok pateni.  Dhasar gedibale kumpeni. Sirna dening aku, rika....!

Tembung kang nuduhake anane dialek Surabayan yaiku...

a)

sirna

b)

mundur

c)

sedane

d)

gedibale

33.

Pengawal : “Niku, Malin tasih mlampah kalih garwane.”

          Ibu                    : “Malin, Ya Allah Malin.... Kowe wis sukses. Alhamdullilah.”            Malin                : “Sampeyan ki sapa?”

              IbuMalin                                                                     :: “Aku ibumu sing nglairake kowe.” “Ibu? Ibuku wis seda, Mbah.”      

                Ibu                    : “Astagfirullahal’adzim... , nyebut Le, ya Allah.”

                Cahaya             : “Iku sapa, Mas? Menawi wanci leres, kenging menapa kok boten ngakeni kemawon,

                                        Mas?”

                Malin                 : “Ora ngerti aku, ngaku-ngaku dadi ibuku. Wis ora sah diurus. Ayo lunga wae!”

                Ibu                Le.”: “Malin, Malin aku iki ibumu, Nak! Ibumu sing nglairake kowe, sing nggedhekake kowe, 

                Malin                : “Mbah, sampun Mbah, ibuku sampun seda.”

 Ibu  : “Malin... Kowe tega Malin... Malin... Ya Allah, siji-sijine anakku kaya ngono kuwi? Aku  sing nglairake, sing nggedhekake kowe, Le! Panjenengan paringi balesan ya Allah.

           

            (ora suwe ana angin gedhe banget, kilate nyamber-nyamber ngenani Malin. Malin saknalika dadi watu).

Saka punggelan drama ing dhuwur, amanat sing bisa dijupuk yaiku ...

a)

Setya tuhu marang janji.

b)

Anak kang duraka bakal cilaka.

c)

Kudu bisa njunjung drajate wong tuwa.

d)

Darma baktine anak marang wong tuwa

34.

Lurah Bintoro            :“Ya ngono... kita kudu saiyeg saeka kapti berjuwang mbela bangsa                                                 lan nagara amrih bisa mardika.”

             Carik Wicaksono        : “Ngestokaken dhawuh Ki Lurah... Kula lan para warga tansah badhe                       dados bebentenge nagara, mbela bebener lan kaadilan. Kula rilla ngurbanaken jiwa lan raga kangge kamardikan.”

Adhedhasar pethilan drama ing ndhuwur Lurah Bintoro kalebu paraga ....

a)

Antagonis

b)

Tritagonis

c)

Protagonis

d)

Ambisionis

35.

Kumpeni Walanda :           “Heee… Lulah Bintolo, kenapa kamu olang dan lakyatmu tidak mau        kelja sama dengan pemelintah Netherland hah…?” 

     Lurah Bintoro    :           “Aku lan rakyatku ora bakal tundhuk karo prentahmu, heee… bangsa       penjajah. Gawe apa rakyatku melu kerja rodhi? Luwih becik padha          nyambut gawe neng sawah lan pategalan.”

     Kumpeni Walanda         :           “Weee…lha…! Jadi kamu olang mau membangkang dan melawan       pemelentah ya…? Kamu olang akan tahu akibatnya.”

                      Carik Wicaksono        :    “Rakyat ing Gondhanglegi ora bakal nuruti bangsa penjajah sing

                                                           sakwiyah-wiyah marang rakyat. Wong Gondhanglegi ora wedi karo

            bedhilmu lan mriyem-mu.”

Adhedhasar pethilan drama ing ndhuwur Kumpeni Walanda kalebu paraga ....

a)

Antagonis

b)

Tritagonis

c)

Protagonis

d)

Ambisionis

36.

Ayo, Rik...! Para warga padha disiyagakake kanggo ngadepi tentara Kumpeni Walanda! Para nom-noman enggal digladhi olah kanuragan lan olah sanjata. Tembung digladhi ing ukara kasebut tegese ....

a)

dilatih

b)

dididhik

c)

dibimbing

d)

digulawenthah

37.

Kanggo narik kawigatene para nom-noman lan mancing supaya Jaka Sambang gelem metu, Walanda nganakake patembaya, sok sapa wonge kasil ngethok wit ringin putih sing gawat awingit ing sapinggire kali Porong, bakal oleh bebana dhuwit 100 ewu Gulden saka pamarentah Hindia Belanda. Kabeh pawongan lan para nom-noman sing kesusra kasektene padha nyoba melu patembaya, nanging ora ana sing kasil. Akeh sing padha kesurupan kena kridhane jin sing nunggu wit ringin putih kasebut.

Tembung patembaya padha tegese karo....

a)

ujian

b)

latihan

c)

dolanan

d)

sayembara

38.

Kumpeni Walanda                  :    “Heee… Lulah Bintolo, kenapa kamu olang dan lakyatmu tidak mau kelja

                                                      sama dengan pemelintah Netherland hah…?” 

 Lurah Bintoro      :           “Aku lan rakyatku ora bakal tundhuk karo prentahmu, heee… bangsa            penjajah. Gawe apa rakyatku melu kerja rodhi? Luwih becik padha          nyambut gawe neng sawah lan pategalan.”

 Kumpeni Walanda           :           “Weee…lha…! Jadi kamu olang mau membangkang dan melawan    pemelentah ya…? Kamu olang akan tahu akibatnya.”

              Carik Wicaksono         : “Rakyat ing Gondhanglegi ora bakal nuruti bangsa penjajah sing sakwiyah-wiyah marang rakyat. Wong Gondhanglegi ora wedi karo

            bedhilmu lan mriyem-mu.”

Pasulayan ing antarane Kumpeni Walanda lan Lurah Bintoro ing punggelan drama ing dhuwur, diarani ....

a)

konflik

b)

setting

c)

klimaks

d)

anti klimaks

39.

…

Kasan :  “Cekak cukupe aku gak lega lan gak lila nek desa kene iki dipimpin ambek arek                    wingi sore. Cikal bakal sing mbangun desa kene, ngantek oleh piagam                   penghargaan desa swasembada pangan, iku sapa? Kabeh wong wis melek,                  gak liya ya Lurah Nata Sudira swarga, ambek Carik Kasan.”

Mitra   :  “Sing gol-golaken lurah anyar niki merga sarjana. Napa perlu jabatan lurah niku                   kudu sarjana? Napa Undang-undang Pemerintah daerah niku unine ngaten??”  Kasan  :  “Gak ana, sing ana pokoke Kades iku bisa maca nulis. Tamat SR cara lawas,                   apa tamat SD cara anyar iki, wis cukup. Lha gelar sarjana iku lak pokal-pokale                  arek wingi sore, perlune kanggo nyingkirna sing tuwek-tuwek ngene iki.”

Isi kang kinandhut sajrone pethikan teks drama ing ndhuwur yaiku ...

a)

Mitra yaiku calon lurah anyar.

b)

Syarat bisa dadi kades iku kudu lulus sarjana.

c)

Carik Kasan ora sarujuk yen lurahe diganti wong nom.

d)

Lurah Nata Sudira didukung Carik Kasan dadi kades maneh.

40.

Badri mlaku alon-alon karo nglamun ing trotoar. Koran saktumpuk digendhong ing pundhake durung ana sing payu. Dina iku ora kaya padatan, panase nylomot bun-bunan nganti gosong. Raine rada gosong, gulune asat, ngelak lan luwe. Swarane kendharaan ing prapatan pasar Manukan iku gemrubug nambahi ati susah.  

Badri  :  (guneman ijen sinambi mripate nyawang langit biru kang panas)  

                “Saupama wong tuwaku sugih, aku numpak Honda kang kinyis-kinyis utawa montor gedhe sing kinclong-kinclong, ora bakal aku dodolan koran kaya ngene iki. Wiwit bar subuh mau sikilku wis mecaki dalan-dalan ing kutha Surabaya, ngalor, ngulon banjur ngidul nganti tekan prapatan kene. Rasane dlamakanku perih, dhengkulku keju kabeh.

Adhedhasar pethilan drama ing dhuwur gunemane Badri diarani ....

a)

prolog

b)

epilog

c)

dialog

d)

monolog

41.

...

Tribuwana                :  “Paman Patih Harya Tadah, saklengseripun kakang Jayanegara, kula                                        ingkang  gumantos, nanging Mojoapahit boten saya tentrem, malah saya           kathah rubeda ngreribeti… saya-saya paman Patih Harya Tadhah nyuwun           lengser, menapa menika boten saya damel ringkihing Mojopahit?” 

Patih Harya Tadah  :  “Gusti Prabu Putri, kula sampun ringkih lan sepuh, sampun wancinipun 

          Mojopahit ndhudhah para mudha taruna manggala praja njejegaken saka guru, ngandelaken bebeteng murih saged tentrem nigari Mojopahit tumuju ing kejayan.

Basa kang digunakake Patih Harya Tadah ing pethikan drama ing dhuwur, yaiku basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

42.

.....

Mbok Randha            : Piye ta Le, Le! Sing ayu-ayu padha koktampik bareng sing elek rupane isih mambu telek malah ditampa. Simbok gela Le...! Andhe-Andhe Lumut : Mbok sakniki kula dakngomong Mbok. Sampeyan dereng ngerti, satenane kula niki putra saking kraton Jenggala. Dene nami kula Panji Asmara Bangun.

.

Basa sing digunakake Andhe-andhe Lumut ing pacelathon dhuwur yaiku

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

43.

Sinta          :  “Bu, panjenengan mangke punapa siyos tindak Malang?” (1) 

Ibu             :   “Iya, nanging ngenteni Bapakmu dhisik. Iki, Bapak rak durung kondur ta saka anggone                           tenis”. (2) 

Sinta        :  “Kula mangke boten saged tumut, Bu. Awit badhe dhateng toko buku kaliyan kanca-                         kanca”. (3) 

Ibu             :  “Yen ngono, adhimu wae sing takjak lunga. Sebab, yen Kowe ora melu lan adhimu ora                         melu pisan, mengko simbahmu gela”. (4) 

Sinta            : “Punapa kula mangke kesah Malangipun sareng Paklik Seta mawon, nggih Bu?”(5) 

Ibu        :  “Iya-iya! Ngono ya kena, Paklikmu rak ya isih ing Surabaya saiki!” (6)     Sinta  :   “Nggih matur nuwun menawi ngaten, kula dhateng toko buku rumiyin.” (7)

Ing perangan teks kasebut, basa sing digunakake ing ukara nomer 1 lan 2, yaiku basa … .

a)

ngoko lugu – ngoko lugu

b)

ngoko alus – krama alus

c)

krama alus – ngoko alus

d)

krama lugu – krama alus

44.

Sawijine dina Jumat ing sekolahan Suka Maju. Wektu ngaso, Gimun, Siti, Sekar,    

          Bagas, lan Yanto mlaku-mlaku ing plataran sekolahan. Bocah lima kasebut  ditugasi bu guru njupuki sampah sing kleleran.

        II.        

Gimun : “Aku nemu sampah iki, trus dibuwang ngendi, ora ana papan sampahe?”

       Siti          : “Gawanen dhisik! mengko yen nemu papan sampahe, enggal buwangen!”

Gimun  : “Oh ngono ta. Iya-iya, aku sarujuk.”

        Yanto      : “Lho, nyapo kawit mau Kowe iku njupuki sampah?”

       Sekar      : “Piye ta Kowe iku, awake dhewe iki rak ditugasi bu guru.”

        Yanto      : “Iya sih aku lali. Awake dhewe rak diutus njupuki sampah sing kleleran.”

Bagas  : “Iki aku nggawa kresek. Endi sampah-sampahe, buwangen kene wae!”

       Siti          : “Iya, aku daknunut mbuwang sampah ing kresek plastikmu wae!”

        Yanto     : “Klompok liyane lagi ngapa ya saiki?”

       Sekar      : “Klompok liya ya duwe tugas dhewe-dhewe, ana sing nyapu, ngepel, ngelap.

Ana uga sing nandur kembang lan nyiram taman.” (Sawise sawatara waktu, tugas njupuki sampah wis rampung).

Bagas  : “Ayo enggal bali menyang kelas, tugase awake dhewe wis rampung.”

III. Wusanane bocah lima saklompok mau mbalik menyang kelas lan matur karo bu guru yen tugase njupuki sampah wis rampung lan kabeh mbacutake kegiyatan belajar mengajar ing kelas.

Struktur teks drama ing dhuwur yaiku… .

a)

(I) prolog, (II) dhialog, (III) epilog

b)

(I) epilog, (II) dhialog, (III) prolog

c)

(I) monolog, (II) dhialog, (III) epilog

d)

(I) prolog, (II) dhialog, (III) monolog

45.

“Ingkang telas handsanitazeripun Dhok, kosong cadhanganipun, kantun  kangge                                     sakmenika lan mbenjang mawon.” 

I.       (Para perawat durung tutug anggone omong-omongan karo dhokter, ndadak kesaru tekane pasien lanang loro sing wis antri ngenteni. Rupane bagus-bagus, sajake ya isih padha sehat-sehat, nanging kenapa kok menyang Klinik Sehat?).  

II.      Ing dina Senin esuk antara jam woluan, Klinik Sehat wis bukak. Dhokter Sakti wis rawuh, perawat Sahla lan Yasmin uga wis rawuh. Kabeh padha siyaga tumandang gawe mapag tekane para pasien sing arep mertamba menyang papan kono. 

III.    Leo            : Mbak Perawat, aku arep berobat. 

Sahla            : Ya-ya, kene mlebu mrene dhisik. Ayo timbang badan dhisik, sakdurunge      dipriksa Pak Dhokter! (Leo ditimbang nganggo timbangan badan) Lo,      Mas, abotmu pira kok timbangane njomplang?  

           

    Leo                  : Alat timbangane klinik iki sing rusak, Mbak! 

Sahla    : Rusak yok apa sih? Gak rusak iki, sing rusak ya awakmu. Iki lo deloken          bobotmu sakkwintal. Sampeyan mau sarapan apa? Wesi tah?

Urutan kang bener nalika arep nyusun teks drama yaiku ....

a)

I, II, IV, III

b)

III, I, II, IV

c)

III, IV, II, I

d)

II, I, III, IV

46.

Arya Tadah  :   Gusti Prabu Putri Tribuana Tungga Dewi... sedaya para punggawa sampun ngadhep  ing  pasewakan  dinten  menika  lan  Gajah  Mada  ugi  sampun  sowan. Gajah Mada saged nyirep reratuning Keta lan Sadeng.

....

Manut basa kang dienggo ing pethikan teks drama kasebut, nuduhake latar panggonan ing

a)

alas

b)

desa

c)

omah

d)

krajan

47.

Limang sasi candhake Ken Arok nagih pesenane marang Empu Gandring yaiku nedya njupuk keris ampuh sing kudu didadekake jroning wektu limang sasi. Ananging keris kasebut durung mari lan warangkane uga durung digawe. Ken Arok kang duwe watek brangasan banjur nagih keris ampuh pesenane marang Empu Gandring.

Ken Arok           : (Omong dhewekan) “Iki wis limang sasi, wektune aku njupuk keris    

                            pesenanku.  Ki…. Keris pesenanku apa wis rampung?”

Empu Gandring : “Dhuh kaki, kerismu kuwi yaiki sing lagi takikir.”

Ken Arok  : “Keris iki durung rampung!  Aku rak wis wanti-wanti. Ora ana gunane aku kandha manawa kaya ngene kasunyatane. Kebangeten Ki ngikir keris wae limang sasi ora rampung.” (Ken Arok katon ngamuk lan muntab).

Pethikan ing ndhuwur nuduhake struktur teks drama bagean….

a)

koda

b)

resolusi

c)

orientasi

d)

komplikasi

48.

Gatekna pethilan teks pidhato ing ngisor iki!

           

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, tuwin para pinisepuh ingkang  dhahat kinurmatan,

Para priyagung kakung miwah putri ingkang satuhu pantes sinudarsana,  Para rawuh lan hadirin para undhangan ingkang minulya.

 

                         Sawise salam, manut teks ing dhuwur kalebu perangan pidhato kang diarani . . . .

a)

panyapa

b)

purwaka

c)

wusana

d)

surasa basa(isi)

49.

Bapak/Ibu saha kanca-kanca ingkang satuhu minulya, ing mriki kula aturaken babagan karesikan. Karesikan punika saperangan saking iman, pramila mangga sami-sami njagi karesikan. Babagan karesikan punika gegayutan kaliyan karesikan   badan ugi karesikan lingkungan. Badan resik nanging lingkungan boten resik saged nuwuhaken penyakit, suwalikipun  ugi mekaten.   

    

     Perangan teks pidhato kasebut kalebu ....

a)

pambuka

b)

surasa basa

c)

wusana basa

d)

salam pambuka

50.

Saben tanggal wolulikur Oktober, bangsa Indonesia mliginipun kawula mudha sampun mengeti dinten bersejarah punika. Awit ing tanggal wolulikur Oktober taun setunggal ewu sangangatus wolulikur kepengker, para pemudha Indonesia ngawontenaken kongres kaping kalih ng Jakarta kanthi ngikraraken sumpah sakti minangka tali pengikat peratuan lan kesatuan bangsa  

 

Isi  teks pidhato  ing dhuwur  yaiku pengetan dina

a)

Pahlawan

b)

Kamardikan RI

c)

Sumpah Pemudha

d)

Kesaktian Pancasila