wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Geguritan - Sutarto Dwi S

Total questions: 8

Worksheet time: 4mins

Name
Class
Date
1.

Wacanen wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1-3!

Sun-gegurit

Kaanan jaman saiki

Sipat pemudha-pemudhi

Srawungane saya ndadi

Raket wewekane sepi

Tan kadi duk jaman nguni

Srawung sarwa ngati-ati

 

Yen manut wasiteng kuna

Priya srawung lan wanita

Gampang ketaman panggodha

Nerak ing laku susila

Temah darbe jeneng ala

Wasanene tibeng papa

 

(kapethik saka Ngengrengan Kasusastra Jawa II S. Padmosukatja

 

Geguritan ing ndhuwur sawijining wujud geguritan….

a)

Gagrak lawas, amarga diwiwiti tembung sun gurit

b)

Gagrak anyar, amarga saben sapada ajeg ana nem gatra

c)

Gagrak lawas, amarga ora kaiket dening paugeran gumathok

d)

Gagrak anyar, amarga sipate personal nggambarake rasa pangrasa

e)

Gagrak anyar, amarga nganggo basa sing ngemu surasa saklugune

2.

Wacanen wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1-3!

Sun-gegurit

Kaanan jaman saiki

Sipat pemudha-pemudhi

Srawungane saya ndadi

Raket wewekane sepi

Tan kadi duk jaman nguni

Srawung sarwa ngati-ati

 

Yen manut wasiteng kuna

Priya srawung lan wanita

Gampang ketaman panggodha

Nerak ing laku susila

Temah darbe jeneng ala

Wasanene tibeng papa

 

(kapethik saka Ngengrengan Kasusastra Jawa II S. Padmosukatja

Purwakanthi yaiku repetisi utawa ambaling aksara swara, konsonan uwata sawijing tembung. Purwakanthi sing jumbuh karo geguritan ing ndhuwur yaiku…

a)

Purwakanthi swara, awit ana ambaling aksara swara I lan a ing pungkasaning gatra

b)

Purwakanthi sastra, awit ana ambaling aksara swara I lan a ing pungkasaning gatra

c)

Purwakanthi basa, awit ana ambaling aksara swara I lan a ing pungkasaning gatra

d)

A. Purwakanthi lumaksita, awit ana ambaling aksara swara I lan a ing pungkasaning gatra

e)

Purwakanthi gatra, awit ana ambaling aksara swara I lan a ing pungkasaning gatra

3.

Wacanen wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1-3!

Sun-gegurit

Kaanan jaman saiki

Sipat pemudha-pemudhi

Srawungane saya ndadi

Raket wewekane sepi

Tan kadi duk jaman nguni

Srawung sarwa ngati-ati

 

Yen manut wasiteng kuna

Priya srawung lan wanita

Gampang ketaman panggodha

Nerak ing laku susila

Temah darbe jeneng ala

Wasanene tibeng papa

 

(kapethik saka Ngengrengan Kasusastra Jawa II S. Padmosukatja

Wasanene tibeng papa

Gatra ing dhuwur ana tembung tibeng. Tibeng duweni teges….

a)

Tiba + ing

b)

Tiban + ing

c)

Tiba + eng

d)

Tib + eng

e)

Tiban + eng

4.

Budaya Jawa

Dening Rizal Sofyana Fatahillah

 

Budayaku kang dak tresnani

Katon endah sulistya ing warni

Budayaku kang tak uri-uri

Ing pandelengku katon asri

 

Budayaku wus kondhang kaonang-onang

Ing saindenging Nuswantara

Uga tumeka mancanegara

 

Nanging….

Delengen kahanan iki!!!

Budaya jawa ora diuri-uri

Budaya Jawa ora diudi

Kabeh ora preduli

 

Jaman iki akeh wong ninggalake budaya Jawa

Ngakune wong Jawa

Nyatane dudu kaya Jawa trap-trapane

 

Wong jawa ngakune!!!

Nyatane nganggo rok ketok wudele

 

Kanca apa lila budaya Jawa bakal sirna

Apa lila budayane dhewe ilang, ngleyang

Ngremba ing negara manca

 

Ora..ora… kanca

Ayo bebarengan nata, niti lan nguri-uri budaya Jawa

 

Amrih tetep, raket, anget

Mbalung sungsum ing jiwa generasi mudha

 

Kapethik saka kalawarti Pajebar Semangat No.11-2015

 

Katon endah sulistya ing warni.

Gatra ing ndhuwur nuduhake sawijining citraan….

a)

Pandemok

b)

Panyawang

c)

Pangrungu

d)

Pangaras

e)

Rasa pangrasa

5.

Budaya Jawa

Dening Rizal Sofyana Fatahillah

 

Budayaku kang dak tresnani

Katon endah sulistya ing warni

Budayaku kang tak uri-uri

Ing pandelengku katon asri

 

Budayaku wus kondhang kaonang-onang

Ing saindenging Nuswantara

Uga tumeka mancanegara

 

Nanging….

Delengen kahanan iki!!!

Budaya jawa ora diuri-uri

Budaya Jawa ora diudi

Kabeh ora preduli

 

Jaman iki akeh wong ninggalake budaya Jawa

Ngakune wong Jawa

Nyatane dudu kaya Jawa trap-trapane

 

Wong jawa ngakune!!!

Nyatane nganggo rok ketok wudele

 

Kanca apa lila budaya Jawa bakal sirna

Apa lila budayane dhewe ilang, ngleyang

Ngremba ing negara manca

 

Ora..ora… kanca

Ayo bebarengan nata, niti lan nguri-uri budaya Jawa

 

Amrih tetep, raket, anget

Mbalung sungsum ing jiwa generasi mudha

 

Kapethik saka kalawarti Pajebar Semangat No.11-2015

Lelewaning basa  majas kuwi sawijining teknik basa, gaya basa sing maknane ora langsung marang makna salugune, makna tembung bisa dingerteni kanthi sinandhi. Ing ngisor iki sing kalebu jinising majas personifikasi yaiku….

a)

Budayaku wus kondhang kaonang-onang

b)

Budayaku kang dak tresnani

c)

Nyatane nganggo rok ketok wudele

d)

Apa lila budayane dhewe ilang, ngleyang

e)

Jaman iki akeh wong ninggalake budaya  Jawa

6.

Budaya Jawa

Dening Rizal Sofyana Fatahillah

 

Budayaku kang dak tresnani

Katon endah sulistya ing warni

Budayaku kang tak uri-uri

Ing pandelengku katon asri

 

Budayaku wus kondhang kaonang-onang

Ing saindenging Nuswantara

Uga tumeka mancanegara

 

Nanging….

Delengen kahanan iki!!!

Budaya jawa ora diuri-uri

Budaya Jawa ora diudi

Kabeh ora preduli

 

Jaman iki akeh wong ninggalake budaya Jawa

Ngakune wong Jawa

Nyatane dudu kaya Jawa trap-trapane

 

Wong jawa ngakune!!!

Nyatane nganggo rok ketok wudele

 

Kanca apa lila budaya Jawa bakal sirna

Apa lila budayane dhewe ilang, ngleyang

Ngremba ing negara manca

 

Ora..ora… kanca

Ayo bebarengan nata, niti lan nguri-uri budaya Jawa

 

Amrih tetep, raket, anget

Mbalung sungsum ing jiwa generasi mudha

 

Kapethik saka kalawarti Pajebar Semangat No.11-2015

Panulisane geguritan uga bisa nganggo tembung konkret kanggo neegesi makna. Ing ngisor iki sing kalebu tembung konkret yaiku….

a)

Delengen kahanan iki

b)

Ayo bebarengan nata, niti lan nguri-uri budaya jawa

c)

Kanca apa lila budaya jawa bakal sirna

d)

Jaman iki akeh wong ninggalake budaya Jawa

e)

Nyatane nganggo rok ketok wudele

7.

Tembung Sarojane Jaman Saiki

Dening Ayomi Palupi Irawan

 

Elek apik padha campur bawur

Dadi ciri wanci akhire jaman

Para ndhuwere bangsa iki

Sing kudune dadi tepa palupi

Cukeng adreng sak karepe dhewe

Ora padha  wani blaka suta

Pada deneng dora sura

Duwe pidhemen apus krama

Katon menawa padha mulang sarak

Namung sing dadi donga pamujiku

Muga-muga sing murbeng dumadi

Cepet nggawe bangsa iki aman santosa

Ing ngisor iki pesen/amanat sing jumbuh karo geguritan ing ndhuwur yaiku….

a)

Wong saiki padha tumindak sakarepe dhewe

b)

Atur donga supaya diparingi aman santosa

c)

Padha seneng ngapusi lan tumindak ala

d)

Ala lan becik saiki wis ora ana bedane

e)

Tumindak ala tandha akhire jaman

8.

Tembung Sarojane Jaman Saiki

Dening Ayomi Palupi Irawan

 

Elek apik padha campur bawur

Dadi ciri wanci akhire jaman

Para ndhuwere bangsa iki

Sing kudune dadi tepa palupi

Cukeng adreng sak karepe dhewe

Ora padha  wani blaka suta

Pada deneng dora sura

Duwe pidhemen apus krama

Katon menawa padha mulang sarak

Namung sing dadi donga pamujiku

Muga-muga sing murbeng dumadi

Cepet nggawe bangsa iki aman santosa

Sing kudune dadi tepa palupi


Cukeng adreng sak karepe dhewe

 Tegese tembung tepa palupi ing pethilan geguritan iku duweni makna….

a)

Tetulung marang sapadha

b)

Seneng ngomongke alaning liyan

c)

Ngapusi kanggo kabecikan

d)

Tansah nengenaken tumindak becik

e)

tuladha sing becik tumrap sasama