Font size
WorksheetsUH CERKAK (MAN 3 KLATEN)
Total questions: 30
Worksheet time: 26mins
Cerkak nduweni unsur intrinsik lan ekstrinsik. Nang ngisor kiye sing ora kalebu unsur ekstrinsik cerkak yakuwe....
pendhidhikan panganggit
sudhut pandhang
kahanan politik
ekonomi panganggit
kapitadosan panganggit
Sing kalebu topik wacan narasi (cerkak) ing ngisor iki yaiku ….
Budidaya lele tambah rejeki
Carane nggawe srabi
Narkotika lan Miras Mbebayani
Pacarku sing item manis
Lelampahane Pangeran Diponegoro
Rumangsa duwe utang, Kang Soma banjur ngedol wedhuse loro menyang pasar. Dheweke ngrekadaya amrih bisa mbayar utang lan mbayar SPP putrane. Miturut panjenengan, piweling saka andharan ing dhuwur yaiku ….
Urip kudu digawe seneng-seneng.
Urip kudu priatin, aja lali karo kewajiban
Aja seneng adol-adol barang kang larang
Urip kudu seneng utang, apa maneh nek butuh.
Nalika urip kudu seneng nyambut gawe, supaya mukti
Wacanen pethilan crita cekak nang ngisor kiye kanthi patitis !
Kaya saben dinane Bawang putih lunga maring kali kanggo ngumbaih. dheweke ketemu karo nini-nini. Dening nini-nini mau Bawang Putih diwei semangka sing ora patiya gedhe. Maune Bawang Putih ora gelem, nanging sawise dipeksa dening nini-nini mau akhire dheweke gelem lan ngaturaken matur nuwun. Sagutule ngumah semangkane disigar, kagete Bawang Putih isi semangkane arupa emas sing cacaeh akeh banget.
Adhedhasar tugelan cerkak nang ndhuwur, nilai-nilai sing bisa dijukut yakuwe ....
moral lan sosial
sosial lan agama
agama lan budaya
budaya lan pendidikan
pendidikan lan moral
Wacanen pethilan crita cekak nang ngisor kiye kanthi patitis !
“Saiki aja padha adu nepsu lan karep. Wis dha lerema! Aku sing bakale ngrumat bapak!”. Kabeh pada meneng nalika Saptono lagi ngomong kaya kuwe, kabeh pada krasa ayem uga wedi amarga omongane mau. Sita lan Sono banjur pada siap-siap bali maring umaeh sinambi nyepakake dhaharane bapak.
Manut pethilan cerkak nang ndhuwur, wateke paraga aku yakuwe ....
gampang kesuh
gawe nepsu
kemaki
ngalahan karo liyan
bekti maring wong tuwa
Unsur ing ngisor iki kang kalebu perangane unsur intrinsik setting yaiku….
alur, paraga, swasana
wektu, papan, swasana
tema, papan, swasana
amanat, nilai moral, paraga
sudut pandang, swasana, wayah
Ara kuwi wonge apikan, sering nraktir kancane jajan ing kantin. Saka andharan iku, Ara duwe watak/sipat ….
sabar
loman
kesed
pelit
srei
Cerkak kang isine bisa gawe wong bungah lan gemuyu, kalebu cerkak kang temane ….
lucu
nggelani
politik
sedhih
medeni
Paraga utama kang biasane duweni watek kang ala, senenge srei lan jahat marang liyane dijenengi paraga ….
protagonis
antagonis
tritagonis
figuran
palsu
Paraga utama kang biasane duweni watek kang apik, senenge aweh pitulungan marang liyane dijenengi paraga ….
tritagonis
antagonis
protagonis
figuran
palsu
Karya sastra Jawa periodhe anyar awujud crita kang nyritakake ngenani gegambarane urip masarakat saben dina, kang ngandhut pitutur, piweling, lan kritik, diarani ...
Basa rinengga
Crita rakyat
Geguritan
Crita cekak
Bageyan struktur teks cerkak kang ngandharake prakara kang lagi diadhepi dening paraga utama, klebu intine crita, lan kudu ana sajrone crita diarani …
Orientasi
Komplikasi
Resolusi
Pamecahe masalah
Bageyan pambuka kang ngenalake paraga (tokoh), latar/setting (panggonan, wektu, swasana) dumadine crita, kalebu struktur teks cerkak bageyan KOMPLIKASI.
Bener
Salah
Cerkak mujudake crita rekayasa (imajinatif) sing sumbere bisa crita kasunyatan. Ing crita cekak ngandhut unsur instrinsik lan ekstrinsik. Unsur instrinsik yaiku unsur sing ana sajrone cerkak. Sing kalebu unsur intrinsik ing crita cekak, yaiku ...
Kabudayan
Pendidikan
Latar/setting
Pariwisata
Perangan sing nggambarake masalah/konflik wiwit dirampungake utawa pamecahe prakara sajrone crita diarani struktur RESOLUSI.
Bener
Salah
Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!
Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut.
Manut wacan ing ndhuwur, sing dadi paraga utama yaiku ....
Ibu
Bapak
Adhik
Aku
Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!
Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut.
Sudut pandhang sing digunakake ing crita cekak kasebut, yaiku ....
Wong katelu paraga utama
Wong kapisan paraga utama
Wong katelu paraga tambahan
Wong kapisan paraga tambahan
Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi patitis!
Dhompet sing ditemu Tono ing ngisor kursi sing dilungguhi mau tansah ngganggu pikirane. Ing ngarepe Tono lungguh mau ana bapak-bapak kang rupane isih dieling banget dening Tono.
“Dhompet iki yen takserahne Pak Polisi, apa bener Pak Polisi bakal nyerahne marang sing nduwe? Dhompet iki rak isine dhuwit akeh?”
Tono dhewe ora kepengin ngepek barang kang dudu duweke. Kejujuran iku nomer siji, dhawuhe bapake. Wong dianggep luhur drajate yen jujur tumindake.
Watak sing digambarake paraga Tono ing crita kasebut, yaiku ...
Seneng
Susah
Jujur
Geleman
Ing ngisor iki sing kelebu struktur teks saka crita cerkak (cekak) yaiku ...
Identifikasi, klarifikasi/definisi, deskripsi bagean
Pambuka, (Orientasi), Pasulayan (Komplikasi), Pangudhare Prakara(Resolusi)
Pambuka, Surasa/isi, Panutup
Pambuka (Orientasi), panutup (reorientasi)
Unsur intrinsik sajrone crita kang nerangake watak wantune paraga ing crita kasebut, diarani ...
Paraga
Penokohan
Setting
Akting
wong kang nulis cerkak diarani...
pengarang
arkais
novel
penulis
Kang mangaribawani (mempengaruhi) dianggiti sawijining cerkak saka unsur ekstrinsik iku antarane kaya ing ngisor iki, kajaba...
paraga
ekonomi
agama
sosial
Paraga iku kaperang dadi 3, dene paraga mungsuh iku uga diarani...
antagonis
protagonis
tritagonis
artagonis
Dene paraga kang dadi lakon cerita utawa pameran utama diarani...
sastragonis
protagonis
tritagonis
antagonis
Gambaran papan kedadeyan, wektu, lan swasana uga diarani...
latar
blocking
layar
kelir
Ing ngisor iki sing ora kalebu unsur instrinsik cerkak yaiku...
tema
amanat
paraga
agama
tandha-tandha fisik lan tandha-tandha non fisik kang diduweni paraga bisa diarani...
agama
watak
latar
basa
Alur kang nyeritakake cerita kang runtut saka wiwitan nganti pungkasan, ora ana pengulangan wektu diarani...
campuran
maju
mundur
alur/plot
Cerita cekak yaiku karangan cekak kang awujud prosa. Lumrahe isine kurang saka 1.000 tembung, kira-kira 3 nganti 10 kaca kang menehi kesan tunggal kang dominan lan musatake prakara ing salah sawijining tokoh. Cerkak kalebu karya...
seni
sastra
musik
puitis
Pesen kang disampekake panulis kanggo wong kang maca carita supaya bisa dadi patuladhan kanggo urip diarani...
paraga
alur
sudhut pandhang
amanat
