wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

GEGURITAN KELAS XI

Total questions: 25

Worksheet time: 43mins

Name
Class
Date
1.

aja nangis anakku, 
ibumu isih lunga,
sedhela maneh teka
aja nangis, anakku
umpama Hongkong kuwi mung lor kali
wis wingi-wingi
dakparani

Ing geguritan kasebut, panggurit dadi...

a)

ibu

b)

bapak

c)

simbah

d)

putu

e)

adhi

2.

aja nangis anakku, 
ibumu isih lunga,
sedhela maneh teka
aja nangis, anakku
umpama Hongkong kuwi mung lor kali
wis wingi-wingi
dakparani

isine geguritan kasebut yaiku....

a)

wong tuwa iku mesthi duweni rasa kangen marang anak

b)

bapak kang nggoleki bojone nganti lor kali

c)

susahe bapak amarga tangise anak sing kangen marang ibune kang lagi nyambut gawe ing Hongkong

d)

ibu kang nggoleki anake tekan Hongkong sinambi nyambut gawe ing kana

e)

anak kang kangen marang bapak lan ibune kang nyambut gawe ing lor kali

3.

Tujuane maca endah geguritan yaiku...

a)

nemokake struktur lair geguritan

b)

nemokake struktur batin geguritan

c)

supaya sing ngrungokake bisa nggumun marang kawasisane sing maca geguritan

d)

bisa menehi tandha andhegan lan intonasi ing teks geguritan

e)

sing nyemak lan mrisani bisa ngerteni isi, piweling, lan kaendahane geguritan

4.

Kang kalebu struktur batin geguritan yaiku....

a)

tema lan amanat

b)

tipografi lan diksi

c)

imaji lan tipografi

d)

tema lan imaji

e)

imaji lan rasa

5.

Ing ngisor iki sing kalebu struktur lair geguritan, yaiku...

a)

tipografi lan purwakanthi

b)

tema lan amanat

c)

amanat lan rasa

d)

tema, amanat, lan rasa

e)

rasa lan nada

6.

Wangun geguritan kang tinulis ora ngebeki lari lan ora kudu kawiwitan aksara gedhe sarta ora dipungkasi tanda titik utawa tanda pawacan liyane, struktur fisik geguritan kasebut diarani...

a)

tipografi

b)

diksi

c)

imaji

d)

wirama

e)

busananing basa

7.

Endahing geguritan iku gumantung kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba....

a)

pilihane tembung kang mentes

b)

runtute swara utawa migunakake purwakanthi

c)

tembung entar kang digunakake

d)

tembung andhahan kang karimbag

e)

bagus lan ayune kang maca geguritan

8.

Ing ngisor iki kalebu tembung entar, kajaba....

a)

bocah kae pancen dawa tangane

b)

gajak ngidak rapah

c)

entek atiku krungu kabar ana kacilakan

d)

wong kuwi atine ana wulune

e)

bojone nardi kae pancen dawa ususe

9.

Olehe nyambut gawe direwangi adus kringet. Ukara kasebut tegese...

a)

olehe nyambut gawe ing panggonan kang panas

b)

olehe nyambut gawe rekasa banget

c)

nyambute gawe ing panggonan kanggo olah raga

d)

olehe nyambut gawe nggarahi sehat

e)

olehe nyambut gawe kepenak banget

10.

Ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi guru sastra, yaiku...

a)

sluman, slumun, slamet

b)

abang abang ora legi, tiwas magang ora dadi

c)

kolik priya, priyagung anjani putra

d)

kawi sekar, sekar pepundhen sri kresna

e)

witing tresna jalaran saka kulina

11.

Ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi guru basa utawa lumaksita, yaiku....

a)

bibit, bebet, bobot

b)

sluman, slumun, slamet

c)

desa mawa cara, negara mawa tata

d)

rujak degan, degane krambil ijo

e)

ana awan ana pangan

12.

Kusuma, padma, puspita, sekar iku dasanamane....

a)

banyu

b)

angin

c)

kembang

d)

bumi

e)

segara

13.

Ing ngisor iki dasanamane manungsa, yaiku....

a)

antariksa

b)

jumantara

c)

janma

d)

ernawa

e)

jaladri

14.

Jisim, kunarpa, kuwanda, wangke iku dasanamane...

a)

lanang

b)

mayit

c)

ula

d)

kali

e)

segara

15.

tembung giri, himawan, agni, dahana, tirta, bayu, sukma kalebu...

a)

tembung saroja

b)

tembung entar

c)

tembung garba

d)

tembung camboran

e)

tembung kawi

16.

Geguritan utawa puisi kalebu gagrag...

(a)  

17.

Tembang macapat sejatine kalebu geguritan gagrag (a)  

18.

Parafrase geguritan iku ngowahi geguritan dadi (a)  

19.

Ing ngisor unen-unen iki kang kalebu bebasan, yaiku...

a)

emban cinde emban siladan

b)

kriwikan dadi grojogan

c)

jer basuki mawa beya

d)

ana gula ana semut

e)

arep jamure emoh wathange

20.

Ing ngisor iki tembung-tembung sing kalebu tembung saroja, yaiku...

a)

bathara bathari

b)

ayem tentrem

c)

jabang bayi

d)

cilik atine

e)

siswa siswa

21.

Ing ngisor iki tembung-tembung sing kalebu yogaswara, yaiku....

a)

bagya mulya

b)

adem asrep

c)

dewa dewi

d)

abang kupinge

e)

hapsara hapsari

22.

sejatine (a)   yaiku tetembungan kang duweni daya panyitra kanggo nglairake gagasane.

23.

Ing ngisor iki sing kalebu struktur batin geguritan, yaiku....

a)

tipografi

b)

tema

c)

imaji/panyitra

d)

lelewaning basa

e)

purwakanthi

24.

............

Tresna oh tresna

bisa gawe bungah, bisa gawe susah

bungah kanggone wong kang kasinungan nugraha

tresna tuhu tresna suci

susah tumrap kang nampa tresna lamis

lelemeran

samudana

sedhih, kingkin, kelara-lara


Jumbuh karo pethikan geguritan ing dhuwur, wong bakal susah menawa ketaman tresna kang....

a)

suci

b)

tuhu

c)

lamis

d)

murni

e)

tulus

25.

............

Tresna oh tresna

bisa gawe bungah, bisa gawe susah

bungah kanggone wong kang kasinungan nugraha

tresna tuhu tresna suci

susah tumrap kang nampa tresna lamis

lelemeran

samudana

sedhih, kingkin, kelara-lara


Larik bisa gawe bungah bisa gawe susah iku kalebu purwakanthi....

a)

guru swara

b)

guru sastra

c)

guru basa

d)

guru lagu

e)

guru lumaksita