wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KUIS ARTIKEL BAHASA JAWA KELAS XI

Total questions: 20

Worksheet time: 29mins

Name
Class
Date
1.

kang ora kalebu ancase nulis artikel yaiku ...

a)

ngandharake gagasan

b)

ngandharake fakta kang gawe pamaca yakin

c)

njembarake kawruh

d)

menehi panglipur

e)

mengaruhi pamaca

2.

kang ora dadi titikane artikel yaiku ...

a)

umume artikel digawe kanthi ringkes, jelas, lan tuntas

b)

isi kang ana ing artikel adhedhasar fiksi utawa mitos sing faktane isih mangu-mangu

c)

artikel informatif lan faktual

d)

artikel bisa ngemot panyaruwe lan analisis

e)

nulis artikel migunakake basa baku utawa resmi

3.

Adhedhasar survei lan laporan saka Human Development Report (UNDP) taub 2005, nilai indeks pembangunan manungsa (HDI) kanggo masyarakat Indonesia kurang banget, yaiku 0,697 lan ana peringkat 110 saka 174 negara. Tegese SUmber Daya Manusia (SDM) Indonesia isih ketinggalan dibandhingake negara-negara Asia Tenggara malah ASEAN.

Teks kasebut minangka teks kang nduweni isi ...

a)

fakta

b)

panyaruwe

c)

argumentasi

d)

pamanggih

e)

opini

4.

Struktur teks artikel yaiku ...

a)

abstrak-orientasi-komplikasi-evaluasi-resolusi-koda

b)

ancas-cara nulis

c)

tesis-argumentasi-penegasan ulang

d)

identifikasi-kedadeyan-ulasan

e)

pambuka-isi-panutup

5.

Brokoli luwih becik dimasak utawa digodhog nganggo banyu kanthi kondisi setengah mateng. Tambahke uyah supaya mateni kuman, banjur dientas. Sabubare dientas, grujug nganggo banyu adhem. fungsine banyu adhem iku supaya njaga wernane tetep ijo lan ora lonyot brokoline. Ingkang kahanan kasebut, brokoli bisa disimpen 2-3 dina ing kulkas lan aman kanggo konsumsi.

Ide popok paragrap kasebut yaiku ...

a)

carane nyimpen brokoli

b)

fungsine uyah naliko nggodhog brokoli

c)

cara masak supaya wernane brokoli tetep apik

d)

carane ngresiki brokoli

e)

daya tahan brokoli nalika disimpen ing kulkas

6.

Gatekake ukara ing ngisor iki!

“Kudu bisa njaga lingkungan supaya ora nandhang kapitunan tumrap awake dhewe, uga ana mumpangate kanggo generasi sabanjure”

Tembung kang kacetak kandel duweni teges yaiku….

a)

Ilang, manfaat

b)

Rugi, keslametan

c)

Pengaruh, perubahan

d)

Tumindak, perubahan

e)

Rugi, manfaat

7.

Gatekake ukara ing ngisor iki!

”Mula saka kuwi saben pangreka daya pembangunan, sakehe prabeya social sesambungan karo lestarine lingkungan, perlu dipetung luwih dhisik”

Tembung kang kacetak kandel duweni teges yaiku….

a)

Masalah, kaitane, dikira-kira

b)

Kebutuhan, kaitane, dikira-kira

c)

Kebutuhan, penelitian, diteliti

d)

Kebutuhan, kaitane, dietung

e)

Biaya, kaitane, dietung

8.

Karangan nyata sing jangkep kanthi dawa tinamtu sing digawé kanggo disebaraké lumantar ariwarti (koran), kalawarti (majalah), buletin, lan sapanunggalane, diarani ...

a)

geguritan

b)

artikel

c)

pawarta

d)

parikan

e)

tembang

9.

Ludruk punika salah siji kesenian drama tradisional ing Jawa Timur. Seni ludruk ngembang teko kesenian rakyat Besutan uga Lerok teko Jombang.

Seni drama Besutan biyen dipentasake ing latar omah uga dideloki dening wong akeh. Kala iki kesenian Ludruk dadi hiburan njero acara hajatan masyarakat Jombang uga Jawa Timur. pagelaran ludruk nggeret minat pengunjung saka wisatawan ning tlatah Jawa Timur.

Ludruk saka Jawa Timur bedo karo ketoprak saka Jawa Tengah. Cerito ketoprak dijupuk saka cerito sejarah uga dongeng karo cerito kegesangan zaman biyen. Kesenian ludruk nyeritono penggawean rutin ing masyarakat, biasane saka kalangan wong cilik.

Adhedhasar jenise artikel ing dhuwur diaranai artikel ...

a)

argumentasi

b)

persuasi

c)

dheskripsi

d)

narasi

e)

eksposisi

10.

Godhong Mlati Ampuh Kanggo Ngusadani Belek

Mlati [Jasminum Sambac] kalebu tanduran kang akeh mupangate. Kembange putih, cilik methikil nanging gandane ngambar arum. Kurang luwih ana 200 spesies kang kalebu familia oleranceae sumebar ing ngendi-ngendi. Tanduran kang asale saka Eurasia, Australasia an Oceania iki bisa thukul subur ing lemah kang gembur nganti 600-800 apl sauger cukup oleh sunare srengenge.

Ing negara inggris ditandur kawitan jinis mlathi putih kang karan Jasmine Sambac taun 1665. Ing Itali nembe taun 1692 ditemokake mlathi cassablanca kang tembe burine kondhang kanthi jeneng Spanish Jasmine. Ing india barat taun 1991 ditemokake mlathi jinis Jasmine Parlaris kang tembe burine taun 1923 wiwit ditandur ing Inggris.

Ing negara-negara kasebut mlathi dibudidayakake kanggo nyukupi kabutuhan industri parfum sarira lan pengharum ruangan.

Akeh pigunane

Ing bumi nuswantara ana kang nyebut mlathi kanthi aran Malateh [Madura], malati [Sunda], Menuh [Bali], Riwit [Aceh], lan Melur ing karang padesan.

Malah ana kang nyebut manawa mlathi putih kang darbeni ateges kesucian dalah kemurnian mujudake “puspa bangsa”. Ing sadhengah upacara pengantin apadene peresmian gedhung [pengguntingan pita] ora lali reroncean kembang mlati ora kari. Saliyane iku kembang mlathi uga mujudake kembang sawur lan lan aroma ing pabrik the kanthi prodhuke kang khas. Saka andharan ing dhuwur, pranyata mlathi uga duweni khasiyat kang warna-warna. Kayata, lara mata [belek], abuh dientup kewan, mriyang, lara sirah, sesak napas lan bisa ngendeg metune ASI kang kliwat wates.

Kagem kang lara abuh karana dientup kewan [tawon utawa klabang]. Mundhuta kembang mlati 1 gegem lan terus didheplok nganti alus. Nuli bisa ditempelake ana perangan kang abuh lan banjur diperban, kanggo kang gerah mripat [belekan] goleka godhong mlati watara sakgegem, kunir sakuler, didheplok kanthi alus. Yen wis bobokan kasebut bisa kanggo pilisan esok lan sore sawise adus.

Kagem kang lagi sesak napas, mundhuta watara 20-25 lembar godhong mlathi, uyah 2-3 sendok the. Godhong mlathi lan uyah nuli digodhog nganggpo banyu 3 gelas. Sawise umob lan kari 2 gelas nuli disaring. Jladren [ampas] kasebut nuli ditempelake ing perangan dhadha, esuk lan sore sawise siram.

Kagem ibu-ibu kang metune Asi tanpa winates [kaluwih-luwih] mundhuta godhong mlathi 1 gegem sawise dipipis [didheplok] nuli ditemplake ing pener dhuwur payudara [kaya pilis] diagem esok lan sasore. Sesuke bisa ngracik maneh kanthi ukuran kang padha. Miturut ibu-ibu ing padesan watara 4-5 dina metune As iwis normal.

[Kapethik saka: PS No. 35-1 September 2018]

Ing Inggris mlathi ditandur kawitan jinis mlathi putih kang karan Jasmine Sambac taun . . .

a)

1665

b)

1692

c)

1991

d)

1920

e)

1923

11.

Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam kang dumadine ora saben dina. Owahe iklim global dadekake Negara-negara maju duweni kawigaten gedhe tumrap rusake Alam. Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang duweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.

Gagasan pokok ing cuplikan wacan mau yaiku ...

a)

Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.

b)

Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam kang dumadine ora saben dina.

c)

Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global).

d)

Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang duweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan.

e)

Owahe iklim global dadekake Negara-negara maju duweni kawigaten gedhe tumrap rusake Alam

12.

Lingkungan Resik, Uripe Sehat

Lingkungan resik urip sehat duweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat. Tegese saka lingkungan resik urip sehat yaiku urip lingkungan sing kita panggone nduweni kesan becik kanggo sesawangan lan menehi sehat.

Lingkungan sing kita panggone bisa ndukung lan nduweni pengaruh tumrah panguripane manungsa dhewe. Yen lingkungan kita, wargane duweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat. Ananging suwalike yen kita manggon ing warga kang duweni pakulinan kemroh lan seneng omben – omben bab iki bakal duweni pengaruh psikis lan mental kita. Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita.

Lingkungan kudu resik amarga ....

a)

saka lingkungan resik bisa ndadekan urip sehat.

b)

wargane nduweni kebiyasaan becik

c)

kahanan iki bisa nuwuhake sesawangan kang asri.

d)

panggonan sehat bisa dukung panguripane manungsa.

e)

wargane supaya ora kemroh

13.

gathekna wacan ing ngisor iki !

jroning atur ambukaning pameran, Museum Gubug Wayang Mojokerto mratelakake menawa pameran kasebut ora uwal karo inspirasi saka buku asesirah Teguh Srimulat Berpacu dalam Komedi dan Melodi karyane Herry Gendut Janarto. Pameran uga ngiras minangka momentum tumrap Museum Gubug Wayang kanggo persiapan ngedegake Museum Srimulat. Tumrap Museum Gubug Wayang, Srimulat kalebu legenda sing tansah ditresnani dening masyarakat. Srimulat mujudake bentuk budaya 'Kamardikan' sing isih bisa dinikmati. 'Srimulat abadi, Srimulat ora bakal kiamat' tulise museum kasebut.

saka wacan ing dhuwur kalebu ukara opini yaiku ...

a)

pameran uga ngiras minangka momentum tumrap Museum Gubug Wayang kanggo persiapan ngedegake Museum Srimulat

b)

Jroning atur pambukaning pameran, Museum Gubug Wayang Purwokerto

c)

Pameran kasebut ora uwal karo inspirasi saka buku asesirah Teguh Srimulat Berpacu dalam Komedi dan Melodi karyane Herry Gendut Janarto

d)

Srimulat kalebu legenda

e)

Srimulat abadi, Srimulat ora bakal kiamat

14.

Pameran kasebut ora uwal karo inspirasi saka buku asesirah Teguh Srimulat Berpacu dalam Komedi dan Melodi karyane Herry Gendut Janarto.

Tembung kang kacithak kandel, tegese yaiku ...

a)

Karangan

b)

Tulisan

c)

Judul

d)

Bagean

e)

Anggitan

15.

Ukara kang nuduhake sifat ora resikan yaiku ....

a)

Lingkungan resik urip sehat nduweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat

b)

Kita manggon ing warga kang nduweni pakulinan kemroh lan seneng ombenomben bab iki bakal nduweni pengaruh psikis lan mental kita

c)

Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita.

d)

Wargane nduweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat.

e)

Lingkungan sing kita panggoni bisa ndhukung lan nduweni pengaruh tumrap panguripane manungsa dhewe.

16.

Dipuntambahakaen bilih kegiyatan punika saget ngajak utawi memprovokasi sekolah sanesipun. Ali Amron ngandharaken bilih prestasi ingkang sampun kasil kagayuh dening SMA Negri 1 wiwit saking tahun 2006 dumagi 2014 inggih punika perolehan nilai Ujian Nasional ( UN) paling inggil. Kepala sekolah SMA Negeri Blitar, Ahmad Damanhuri wonten ingkang palapuranipun ngandharaken bilih kegiyatan punika nggadahi tujuan mujudaken program adiwiyata kados daur ulang, wontenipun kandhang ayam lan kolam ikan saha damel rabuk.

Adhedhasar jenise artikel ing dhuwur diaranai artikel ...

a)

persuasi

b)

argumentasi

c)

dheskripsi

d)

narasi

e)

eksposisi

17.

jinise artikel kayata ing ngisor iki, kajaba ...

a)

Artikel Praktis

b)

Artikel Ringan

c)

Artikel Opini

d)

Artikel Analisis Ahli

e)

Artikel Fakta

18.

Gathekna wacan ing ngisor iki!

tilas tatu kang ora ilang-ilang pancen bisa nyuda kinclonge kulit. sapa nyana, sejatine tilas kasebut bisa diusadani kanthi srana kang prasaja yaiku migunakake brambang. Yen ngelingi ambune brambang mentah ya pancen sengak, ananging bumbon kang tumengkare ing ngisor lemah iku akaeh banget mupangate kanggo kasarasan awak. Kanggo ngusadani tilas tatu kang diarani mata ikan brambang dirajang alus banjur dileletake ing tilas tatu kasebut banjur diperban. Prayogane katindakake sore lan dinengke nganti sesuke.

sing kalebu ukara fakta dituduhake ukara nomor ...

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

19.

Gathekna wacan ing ngisor iki!

tilas tatu kang ora ilang-ilang pancen bisa nyuda kinclonge kulit. sapa nyana, sejatine tilas kasebut bisa diusadani kanthi srana kang prasaja yaiku migunakake brambang. Yen ngelingi ambune brambang mentah ya pancen sengak, ananging bumbon kang tumengkare ing ngisor lemah iku akaeh banget mupangate kanggo kasarasan awak. Kanggo ngusadani tilas tatu kang diarani mata ikan brambang dirajang alus banjur dileletake ing tilas tatu kasebut banjur diperban. Prayogane katindakake sore lan dinengke nganti sesuke.

Pethilan wacan ing ndhuwur kalebu jinis artikel ...

a)

Artikel praktis

b)

Artikel ringan

c)

Artikel opini

d)

Artikel panemu

e)

Artikel analisis ahli

20.

yen wong diwasa, bisa uga kemu nganggo wedang anget dicampur uyah. Wedange secangkir, uyahe udakara setengah sendok cilik, diudhak nganti nyampur. Banjur dienggo kemu. Sefina bisa pindho utawa ping telu.

Pethilan wacan iku kalebu jinising artikel ...

a)

Artikel praktis

b)

Artikel ringan

c)

Artikel opini

d)

Artikel panemu

e)

Artikel Analisis ahli