Font size
WorksheetsSumatif Tembang Dolanan Kelas VIII Asy-Syifa'
Total questions: 15
Worksheet time: 24mins
Tembang Jawa kang ora kaiket dening paugeran lan lumrahe ditembangake dening bocah cilik disebut...
Tembang Macapat
Tembang Dolanan
Langgam Campursari
Kidungan
Ing ngisor iki titikan utawa ciri-ciri tembang dolanan yaiku...
Basane prasaja lan gampang dimangerti
Basane angel lan ndakik-ndakik
kaiket dening paugeran
Nyeritakake bab katresnan
Tembang dolanan "Padang Wulan" nyeritakake piweling kang wigati marang bocah cilik. Piweling saka tembang dolanan kasebut yaiku...
Kudu gemi
Dolanan nganthi wayah maghrib
Ora oleh turu sore
Manut marang wong kang luwih tuwa
Padhang Bulan padange kaya rina
.......................
Bacutake tembang dolanan ing ndhuwur!
Rembulane e sing ngguya-ngguyu
Yo prakanca dolanan ing njaba
Rembulane e sing awe-awe
Ngelingake aja padha turu sore
Menthog-menthog tak kandhani.
Mung rupamu angisin-isini.
Mbokya aja ngetok.
Ana kandhang wae.
Enak-enak ngorok.
Ora nyambut gawe.
Menthog-menthog mung lakumu.
Megal-megol gawe guyu.
Judhul saka tembang dolanan ing dhuwur yaiku...
Padhang Wulan
Gundhul-Gundhul Pacul
Gajah-Gajah
Menthog-Menthog
Menthog-menthog tak kandhani.
Mung rupamu angisin-isini.
Mbokya aja ngetok.
Ana kandhang wae.
Enak-enak ngorok.
Ora nyambut gawe.
Menthog-menthog mung lakumu.
Megal-megol gawe guyu.
Tembung ngorok padha karo...
Melek
Ngantuk
Pegel
Turu
Tembang dolanan lumrahe ditembangake dening...
Bocah cilik
Mbah-Mbah
Guru
Pakdhe
Ing ngisor iki kang ora klebu tembang dolanan yaiku...
Padhang Wulan
Lir-Ilir
Pangkur
Sluku-Sluku Bathok
Lir ilir lir ilir tandure wong sumilir tak ijo royo royo
Tak sengguh panganten anyar
Ana ing pethikan tembang dolanan kasebut sing ijo royo-royo yaiku...
Woh-Wohan
Gegodhongan
Pala pendhem
Alas
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si rama menyang Solo
Leh olehe payung mutha
Mak Jenthit Lolo lo bah
Wong mati ora obah
yen obah medeno bocah
Yen urip goleka dhuwit
Bathok yaiku perangan saka tanduran...
Nangka
Pelem
Kacang
Klapa
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si rama menyang Solo
Leh olehe payung mutha
Mak Jenthit Lolo lo bah
Wong mati ora obah
yen obah medeno bocah
Yen urip goleka dhuwit
Miturut tembang kasebut, sing menyang Solo yaiku...
Pakdhe
Paman
Paklik
Bapak
SEPURAN
Sinten nunggang sepur lunga nyang Kediri
Wong niki sepur dhur bayare setali
Sapa trima nggonceng konangan kondhektur
Yen didhendha kenceng napa boten kojur
Sinten nunggang sepur lunga dhateng Nganjuk
Sinten pengin makmur aja seneng umuk.
Piwulang tembang dolanan ong dhuwur yaiku...
Urip kudu mandhiri
Aja umuk marang wong liya
Ora milih-milih kanca
Urip kudu jujur
Menthog-menthog tak kandhani.
Mung rupamu angisin-isini.
Mbokya aja ngetok.
Ana kandhang wae.
Enak-enak ngorok.
Ora nyambut gawe.
Menthog-menthog mung lakumu.
Megal-megol gawe guyu.
Ana ing tembang dolanan kasebut, mlakune kewan menthog yaiku...
(a)
Gundhul-Gundhul Pacul
Gundhul-gundhul pacul cul gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi salatar
Wakul ngglimpang segane dadi salatar
Miturutmu piwulang kang bisa didudut saka tembang dolanan kasebut yaiku...
Lir ilir lir ilir tandure wong sumilir tak ijo royo royo
Tak sengguh panganten anyar
Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira
Dodotira dodotira kumintir bedah ing pinggir
Dondomana jrumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung padhang rembulane mumpung jembar kalangane
Ya suraka surak hiyo
Miturutmu piwulang kang bisa didudut saka tembang dolanan kasebut yaiku...
