NEW
Font size
WorksheetsAsesmen Resi Jathayu 8.2
Total questions: 25
Worksheet time: 25mins
Sawise kasil merjaya kabeh mungsuhe, Rama lan Lesmana banjur tumuju ing Negara Manthili. Tembung merjaya artine yaiku
Mateni
Dibudidayakake
Dimenangke
Ngunggahke
Prabu Dasarata iku Ratu ing Nagari
Alengka
Mahwapati
Ayodya
Majapahit
Sapa paraga kang digambarake saka gambar ing dhuwur?
Kumbakarna
Wibisana
Rahwana
Leksmana
Gambar ing ngisor iki kang nggambarake Raden Leksmana yaiku
Rama wijaya iku putrane sapa?
Dasamuka
Dasarata
Drestarasta
Dewabrata
Kaki-kaki mau terus nyedhaki Sang Dewi karo sambat ngorong nyuwun banyu kanggo jampi salit. Tembung jampi salit tegese ....
tamba sayah
tamba lara
tamba ngelak
tamba bingung
Jatayu ngoyak Dasamuka kang mbopong Dewi Sinta amarga ...
rasa seneng
adu kasekten
dadi musuh
arep nulungi
Yen niru prilakune Jatayu kudune manungsa iku duwe watek ...
seneng goroh
seneng umuk
seneng tetulung
seneng wadul
“ Dhuh Kakangmbok Rekyan Sinta, babarpisan kula boten gadhah pepenginan kados ngaten, pramila Kakangmbok, kangge mbuktekaken sucining manah kula, sineksenan bumi lan langit kula sumpah badhe nglampahi gesang wadat salaminipun. “
Iku sumpahe Laksmana kanggo mbuktekake menawa ....
Dheweke seneng karo Dewi Sinta.
Dheweke ngajeni banget marang Dewi Sinta
Dheweke ora duwe melik marang Dewi Sinta
Dheweke manut banget marang Dewi Sinta
Rahwana saya cepet lakune anggone nggondhol Sinta, Sinta kelaran, kabeh perangan awake krasa lara, satemene pengen uwal nanging sansaya kenceng sikepane Rahwana. Uwal tegese ....
Lawan
Ucul
Mateni
Nangis
Ingkang katindakaken Resi Jatayu wonten satengahipun wana, inggih punika ....
Perang kaliyan Prabu Dasarata ingkang ndhusta Sinta
Perang kaliyan Prabu Dasarata ngrebat wangsul negari Ayodya
Ngrebat Sinta saking regemaning Prabu Dasarata lajeng kadusta
Mbudidaya ngrebat Sinta saking regemanipun Prabu Rahwana
Tumeka Negara Alengka Sinta dipameri endahing kraton, barang-barang lan prabotan kang edi peni, mawarna-warna mas inten barleyan. Sinta ora gumun lan ora ngrewes. Ngrewes tegese ....
Bungah
Sedih
Peduli
Jengkel
Rahwana nyoba ngarih-arih sarta nglelipur Sinta. Ngarih-arih tegese ....
Ngrayu
Murka
Nesu
Janjeni
Rama nesu marang jagad saisine jalaran ....
Sinta ora ana ing papan marga dicolong
Lesamana ora bisa njaga dewi Sinta
Sinta lunga tanpa pamit marang Rama
Sinta nyuwun kidang kencana
Resi Jatayu iku kalebu ing cerita pewayangan ....
Anoman obong
Mahabarata
Ramayana
Pandawa Lima
Rahwana iku raja ana ing negara ....
Kiskenda
Alengka
Ayodya
Amarta
Resi Jathayu ingkang nulungi Dewi Sinta wujude ...
Peksi Garudha
Peksi Elang
Peksi emprit
Peksi gedhe
Jathayu kuwi mitra rakete Raja Dasarata.
Tembung mitra tegese
mungsuh
kanca
sedulur
sanak
Lesmana bungah amarga ingkang raka sampun boten duka.
tegese tembung raka ing ukara kasebut yaiku ...
adhi
kakang
mbak yu
bapak
Dewi Sinta kadhustha dening Rahwana.
Tembung kadhustha duweni teges ...
dijupuk
dijaga
dicolong
disawang
Sajatosipun kula saged mejahi Rahwana, nanging sasampnipun kuwandanipun kenging siti, piyambakipun saged gesang malih.
tembung siti duweni teges
banyu
lemah
geni
wit
Gambar wayang kasebut arane paraga ....
Brihawan
Sampati
Harna
Jathayu
Gambar wayang kasebut diarani ....
Indrajid
Kalamarica
Kumbakarna
Dasamuka
Gambar wayang kasebut diarani ....
Dewi Madrim
Dewi Sinta
Dewi Kunti
Sarpakenaka
Paraga wayang iki raja ing Alengka, yaiku ....
Kumbakarna
Dasamuka
Ramawijaya
Lesmana
