wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UNGGAH UNGGUH BASA-1

Total questions: 20

Worksheet time: 28mins

Name
Class
Date
1.

Basa ngoko sing ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani basa....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama Alus

e)

Krama madya

2.

Basa ngoko sing kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani basa....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama Alus

e)

Krama madya

3.

Basa krama sing tembung-tembunge ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani basa....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama Alus

e)

Krama madya

4.

Basa krama sing tembung-tembunge alus lan kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani basa....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama Alus

e)

Krama madya

5.

Yen lagi ngowahi basa ngoko lugu dadi ngoko alus perlu merhatekno pepeling-pepeling iki....

(pilih 2 wangsulan)

a)

Tembung saloka (kiasan)

b)

Tembung garba (singkatan)

c)

Tembung sesulih purusa II (kata ganti orang)

d)

Tembung kriya (kata kerja)

e)

Tembung saroja (kata keterangan)

6.

Jodohno panggonane undha usuk basa iki marang wangsulan kang trep!

Categorize the following

Pimpinan marang anak buahe

Rencang-rencang sing padha umur

Wong tuwa marang anak

Adik marang kakang lan mbakyune

Pegawai sing umure luwih tuwa marang pimpinane

Ibu marang bapak kang wes kulina ngoko

Marang wong seumuran nanging durung akrab

Anak marang Bapak lan Ibune

Pegawai marang pimpinane

Murid marang gurune

Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
7.

Jodohno tuladha undha usuk basa iki marang wangsulan kang trep!

Categorize the following

Kowe wis mangan apa durung?

Tindake nitih bis apa ngasta kendharaan dhewe?

Menyang o pasar saiki, tukokno bayem lan tempe

Panjenengan mengko kondur jam pira?

Kula mangke badhe ningali bal-balan

Lare-lare sampeyan tumbasaken sekul

Bapak mawon ingkang paring dhawuh pangandika

Panjenengan manke punapa siyos tindak?

Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
8.

Ngoko Lugu : Adik dikongkon ibu nukokake obat kanggo Bapak. Bapak lagi lara

Krama alus : Adik​ (a)   ​ Ibu ​ (b)   usada kagem Bapak. Bapak taksih ​ ​ (c)  

Choose from the below words
dipunkengken
dipundhawuhi
sakit
mundutaken
gerah
numbasake
mundhutake
9.

Ngoko lugu : Yen oleh, aku arep melu Bapak menyang Surabaya lan nggawa oleh-oleh

Krama lugu : Menawi pareng, kula badhe ​ (a)   Bapak dhateng Surabaya kaliyan​ (b)   oleh-oleh

Choose from the below words
nderek
tumut
mbeta
ngasta
10.

Ngoko lugu : Yen Bapak wis mulih, aku arep ditukokake sepatu rodha

Ngoko alus : Yen Bapak wis ​ (a)   , aku arep​ (b)   sepatu rodha

Choose from the below words
kondur
wangsul
pamit
dipundhutake
dipunpundutaken
ditumbasake
dipuntumbasaken
11.

Ngoko lugu : Yen turu, aku nggawe kemul sing tipis

Krama lugu : Menawi ​ (a)   , kula ​ (b)   kemul ingkang tipis

Choose from the below words
tilem
ndamel
sare
ngagem
12.

Ngoko lugu : Kowe yen gelem ora usah lungo saiki

Ngoko alus : ​ (a)   yen ​ (b)   ora usah ​ (c)   saiki

Choose from the below words
Panjenengan
kersa
tindak
sampeyan
purun
kesah
13.

Ngoko lugu : Omongane Ibu utawa Bapak kudu dirungokake

Ngoko alus : ​ (a)   Ibu utawa Bapak kudu ​ (b)  

Choose from the below words
Ngendikane
dimidhangetake
ginemanipun
ginamane
dipunmidhangetaken
dipunmirengaken
dimirengake
Ngendikanipun
14.

Ngoko lugu : Bapak mangan sega gule ing warung lan ngombe es jeruk

Krama alus : Bapak ​ (a)   sekul gule wonten warung kaliyan ​ (b)   es jeruk

Choose from the below words
dhahar
nedha
ngunjuk
nginem
15.

Ngoko lugu : Paklik ora gelem mangan iwak gurame

Krama alus : Paklik mboten ​ (a)   ​ (b)   ulam gurame

Choose from the below words
kersa
dhahar
purun
nedha
16.

Ngoko lugu : Wingi sore aku melu Bapak ndelok wayang ing lapangan

Krama lugu : Kalawingi sonten kula​ ​​ (a)   Bapak ​ (b)   jejer wonten lapangan

Choose from the below words
mirsani
nderek
tumut
ningali
17.

Ngoko lugu : Aja kesusu mulih, Bapak lagi arep teka

Krama lugu : Mboten pareng kesesa ​ (a)   , Bapak taksih bade ​ (b)  

Choose from the below words
wangsul
dugi
kondur
rawuh
18.

Ngoko lugu : Ibu lara untu, saiki turu ing kamar

Krama alus : Ibu ​ (a)   waja, sakmenika ​ (b)   wonten kamar

Choose from the below words
gerah
sare
sakit
tilem
19.

Ngoko lugu : Adhiku dikongkon Mas maca buku

Ngoko alus : Adhiku ​ (a)   Mas maos buku

Choose from the below words
diutus
dipunutus
dikengken
dipunkengken
20.

Ngoko lugu : Adik teka nalika aku lagi adus

Krama lugu : Adik ​ (a)   nalika kula taksih ​ (b)  

Choose from the below words
dugi
siram
adus
rawuh