wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Evaluasi Bahasa Jawa Kelas VI Bab 1 Semester II

Total questions: 50

Worksheet time: 1hrs 21mins

Name
Class
Date
1.

Gotong Royong

Dinten Ahad wonten ing dusun

Masyarakat kang tansah rukun

Gotong royong tumindak bareng

Nyingkirake lingkungan pepeteng

Resik indah bisa kadeleng

Lingkungan sehat agawe seneng

Surasane geguritan ing dhuwur yaiku …….

a)

Dinten Ahad

b)

Gotong Royong

c)

Ing dusun

d)

Rukun

2.

Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....

a)

Geguritan

b)

Paribasan

c)

Pantun

d)

Tembung

3.

Nalika penulis ngarang teks geguritan miwit kanthi netepake ....

a)

Tema karangan

b)

Judul karangan

c)

Isi karangan

d)

Kesimpulan karangan

4.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun

b)

Sapu sada

c)

Adiwiyata murih rahayu

d)

Jumat asri

5.

Tema geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun ing keluarga

b)

Guyub rukun ing sekolah

c)

Guyub rukun ing lingkungan

d)

Guyub rukun ing masyarakat

6.

Para murid ngelakoni kerja bakti ngeresiki sekolahan ing dina ....

a)

Jumat asri

b)

Sabtu asri

c)

Minggu asri

d)

Senin asri

7.

Wirama yaiku ....

a)

Kumpulan larik kang selaras

b)

Tujuane penulis gawe geguritan

c)

Endhek-dhuwur, cendak-dawa, utawa alus kasare swara seng diucapake

d)

Tembung seng ora sebenere

8.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng

b)

Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia

c)

Katun Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat

d)

Katun sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih

9.

Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani ....

a)

Wirama

b)

Purwakanthi

c)

Surasa

d)

Sastra

10.

Tema geguritan bisa ditemoake kanthi cara ....

a)

Ngerungokno kanthi saksama

b)

Ngerungokno kanthi ngomong

c)

Maca geguritan kang titi

d)

Maca kanthi ngomong

11.

Tembung-tembung sing dipilih kanggo nulis geguritan yaiku tembung-tembung kang ....

a)

Mentes lan mantesi

b)

Lumrah digunake

c)

Angel dingerteni

d)

Ora tau digunakake

12.

(R. Tantiningsih)

Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane

Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tanti

b)

R. Tantiningsih

c)

R.A. Kartini

d)

R.A. ningsih

13.

Kang ora kalebu titikane geguritan yaiku ....

a)

Migunakake tembung-tembung kang pinilih

b)

Isine mentes

c)

Nganggo basa padinan

d)

Cacahe larikan ora katemtokake

14.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani

Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...

bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali

a)

wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak

b)

susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong

c)

bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara

d)

susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak

15.

Wong sing nulis geguritan diarani . . .

a)

novelis

b)

panggurit

c)

dening

d)

pamaos

16.

Dhiksi yaiku ....

a)

a. pilihan tembung

b)

b. pilihan tembang

c)

c. pilihan makna

d)

d. pilihan swara

17.

Wong maca geguritan sing paling apik yaiku ....

a)

a. kanthi solah bawa lan patrape dewe-dewe

b)

b. kanthi nuladha solah bawa lan patrape liyan

c)

c. kanthi tanpa solah bawa lan patrap

d)

d. kanthi solah bawa sing digawe-gawe

18.

Salah sijine cara kanggo mahami geguritan yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/ crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani .....

a)

a. ngowahi gancaran

b)

b. prosa/ crita

c)

c. ngarang gancaran

d)

d. parafrase

19.

Tema karangan yaiku ....

a)

a. gagasn pokok sing arep diwadahi sajerone tulisan

b)

b. gagasan tambahan sing arep diwadhahi sajerone tulisan

c)

c. gagasan tambahan sing diandharake sajerone tulisan

d)

d. gagasan pokok sing arep diandharake sajerone tulisan

20.

obahe awak ora kaku, luwes, mlaku kanthi prayoga. Kanggo mbangun swasana wayah maca geguritan diarani ...

a)

wiraga

b)

wirama

c)

wirasa

d)

wicara

21.

Geguritan uga bisa diarani ...

a)

pantun jawa

b)

wacan jawa

c)

puisi jawa

d)

tulisan jawa

22.

amanat ing geguritan kuwi kayata ...

a)

kedadean apa anane

b)

kahanan kang ora nyata

c)

kahanan kang keliru

d)

pesen kang bisa dijupuk

23.

Maceme geguritan iku opo ae

a)

Geguritan gagrak lawas

b)

Geguritan gagrak anyar

c)

Geguritan gagrak anyar lan Geguritan gagrak lawas

d)

Kabeh bener

24.

cacahe gatra utawa larik saben pada utawa bait diarani

....

a)

Guru Gatra

b)

Guru Lagu

c)

Guru wilangan

d)

Guru Swara

25.
Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake . . .
a)
tema
b)
inspirasi
c)
bahasa
d)
foto
26.

Gunane teks prosedur yaiku ....

a)

nyedhiyani hiburan kanggo sing

pamaca

b)

nyedhiyakake instruksi tata-cara

c)

nyritakake crita fiksi

d)

nerangake konsep ilmiah

27.

(1) Irah-irahan.

(2) Tata-cara.

(3) Kesimpulan.

(4) Sinopsis.

Kang klebu struktur teks prosedur katunjkake nomer ....

a)

(1) lan (2)

b)

(2) lan (4)

c)

(1) lan (3)

d)

(3) lan (4)

28.

Sing kudu digatekake sajrone nulis teks prosedur yaiku ....

a)

nggunakake basa sing angel

dimangerteni

b)

nglirwakake tujuan sing arep digayuh

c)

nyedhiyakake tata-cara kanthi cara sing ora terstruktur

d)

nulis kanthi cetha lan sistematis

29.

Teks prosedur kudu nggunakake basa kang cetha amarga ....

a)

supaya pamaca bingung nalika nindakake tata cara

b)

supaya angel mangerteni teks prosedur

c)

supaya para pamaca bisa mangerteni lan nindakake tatacara kanthi bener

d)

supaya pamaca ora nggatekake teks tata cara kang disuguhake

30.

Tatanan kanggo nggawe teks prosedhur sing becik kudu ngemot paramasastra utawa ....

a)

kaidah kebahasaan

b)

Basane elok

c)

Tuntunane maca

d)

Urutane nulis

31.

Tuladhane tembung kriya tanduk ing ngisor iki sing bener ....

a)

Nggawe

b)

Jupukna

c)

Aja mrene

d)

Mangana

32.

Tembung Panggandheng (konjungsi), sing digunakake kanggo ngurutake bagian utawa pandhuan pakaryan sacara kronologis. Contone tembung ....

a)

Terusna

b)

Banjur

c)

Lagek

d)

Kudune

33.

Teks prosedhur sing amung dumadi saka loro utawa telung cak-cakan wae diarani ....

a)

Teks prosedhur Prasaja

b)

Teks Prosedhur Kompleks

c)

Teks Prosedhur Protokol

d)

Teks Prosedhur kronologis

34.

Teks prosedhur kang urutan cak-cakane bisa diwolak-walik waton tujuwane tetep bisa kagayuh iku diarani ....

a)

Teks Prosedhur Prasaja

b)

Teks Prosedhur Kompleks

c)

Teks Prosedhur Protokol

d)

Teks Prosedhur Njlimet

35.

Langkah-langkah gawe teks prosedhur seng sepisan yaiku ....

a)

gawe tujuan

b)

gawe irah-irahan

c)

gawe piranti lan ubarampe

d)

gawe dudutan

36.

Sing ora klebu titikane teks prosedhur yaiku ....

a)

nggunakake tembung kriya tanduk

b)

nggunakake konjungsi (tembung panyambung)

c)

Ana angger-angger babagan ubarampe utawa pakaryan

d)

Tulisane sakpenake wae

37.

Nggunakake tembung katrangan kanggo nerangake papan, wektu lan ....

a)

katrangan

b)

cara

c)

tujuan

d)

saran

38.
Teks kang isine nerangake carane nindakake samubarang kanthi bener, awujud undhak-undhakan kanthi urut-urutane supaya ancas kang dikarepake bisa kawujud, diarani ....
a)
Teks narasi
b)
Teks prosedur
c)
Teks deskripsi
d)
Teks argumentasi
39.
Ukara kang ngemot prentah, penjaluk utawa larangan kanggo nindakakae samubarang ing teks prosedur, yaiku ....
a)
imperatif
b)
interogatif
c)
pitakon
d)
deklaratif
40.
Irah-irahan ing ngisor iki sing trep kanggo teks prosedur gawe samubarang yaiku …
a)
cara nyemprot tetuwuhan nganggo insektisida
b)
cara ngethok kain flanel
c)
cara ngombe obat batuk
d)
cara nggawe plastisin
41.
Teks prosedur ngandharake kegiyatan-kegiyatan kang kang kudu ditindakake supaya pamaca bisa kanthi tliti ngetutake proses nggawe, nindakake penggawean utawa nggunakake piranti. Pratelan kasebut kelebu … teks prosedur.
a)
ringkesan
b)
katrangan
c)
tujuan
d)
dudutan
42.

Langkah-langkah ing teks prosedur kudu dipunurutake kanthi...

a)

Bebas

b)

Sing acak

c)

Sistematis

d)

Ngganggu

43.

Teks prosedur sing njelaskake langkah-langkah cara masak mesti ngandhut ...

a)

Urutan kegiatan

b)

Ulasan pribadi

c)

Cerita pengalaman

d)

Bagian pengantar

44.

Maca geguritan klebu jinise maca ........

a)

cepet

b)

banter

c)

endah

d)

batin

45.

Irah-irahan kang klebu jinise maca ....

a)

Dumadine Kutha Surabaya

b)

Banjir lan Kobongan ing Taun 2023

c)

Dolan menyang Gunung Bromo

d)

Cara Nggawe Pangsit

46.

Basa teks prosedur sing becik yaiku .........

a)

nggunakake lelewaning basa

b)

ukara kang njilimet lan dawa

c)

basa kang prasaja lan gamplang

d)

ngganggo simbol-simbol

47.

Daptar bahan lan piranti wigati ing teks prosedur amarga .........

a)

nambah bobot teks

b)

aweh panjurung marang pamaca

c)

nggampangake pamaca nyawisake kaperluane

d)

kanggo referensi

48.

Teks prosedur disusun kang ngrakit prabotan biyasane ngemot perangan .....

a)

piadato pambuka

b)

tanggapan cekak

c)

daptar rega prabotan

d)

langkah-langkah ngrakit prabotan

49.

Panganggone nomer ing teks prosedur dibutuhake supaya

a)

nambah hiasan teks

b)

supaya teks luwih resmi

c)

gaya panulisan

d)

nindakake samubarang kanthi runtut

50.

Penyuntigan nalika nulis teks prosedur tujuane supaya ......

a)

teks rapi lan cetha

b)

teks luwih gamblang lan becik

c)

nambah unsur kasunyatan

d)

nuduhake panemune panulis