wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Asesmen Sumatif

Total questions: 76

Worksheet time: 2hrs 11mins

Name
Class
Date
1.

Jinis artikel maneka warana. Ing ngisor iki kang ora klebu jinis artikel miturut ancase, yaiku...

a)

Artikel deskripsi

b)

Artikel eksposisi

c)

Artikel ilmiah

d)

Artikel argumentasi

e)

Artikel persuasi

2.

Nalika nulis artikel ana babagan sing kudu digatekake, yaiku babagan...

a)

Dudutan

b)

IRah-irahan

c)

Isi

d)

Gagasan

e)

Pambuka

3.

Perangan artikel kang isine ngenani andharan sawijining perkara sing dirembug sajroning wacan klebu ing babagan...

a)

Dudutan

b)

Irah-irahan

c)

Isi

d)

Gagasan

e)

Pambuka

4.

Akeh dahuru kang njalari rusake lingkungan, salah sijine amarga gunung jeblug.

Tembung dahuru tegese...

a)

Entek

b)

karugian

c)

Kaslametan

d)

Bencana

e)

Muspra

5.

Bocah cilik durung duwe duga kira. Ukara ing dhuwur ngandhut tembung...

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Plutan

d)

Rura Basa

e)

Panyandra

6.

Sing dadi gurune pandawa lan kurawa yaiku...

a)

Pandhita Durna

b)

Patihh sengkuni

c)

Dursasana

d)

Adipati karna

e)

Bathara guru

7.

Putrane prabu pandhu karo dewi kunthi yaiku...

a)

Arjuna, nakula, sadewa

b)

Yudhistira, Arjuna, Nakula

c)

Bima, arjuna, sadewa

d)

Puntadewa, arjuna, sadewa

e)

Yudhistira, werkudara, arjuna

8.

Kakawin Ramayana wujude tambang...

a)

Dolanan

b)

alit

c)

Tengahan

d)

Gedhe

e)

Kuna

9.

Paraga wayang ing dhuwur salah sawiji saka pandhawa lima minangka panenggaking pandhawa. Paraga kasebut, yaiku...

a)

Yudhistira

b)

Permadi

c)

Nakula

d)

Bima

e)

Sadewa

10.

Kumbakarna rangu-rangu atine awit dheweke mangetteni jalaran keneng apa prabu Ramawijaya ngebroki Ngalengka. Tembung rangu-rangu tegese...

a)

Mantep

b)

Gojag-gajeg

c)

Kukuh

d)

was sumeleng

e)

Yakin

11.

Wujud wayang kang kagawe saka kulit umume.... Dimensi

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

e)

6

12.

Ing ngisor iki sing ora mlebu tembung plutan yaiku...

a)

Kwalon

b)

Pra

c)

wanodyayu

d)

Kalapa

e)

Yeku

13.

Gunemane wong kang srawunge wis raket migunakake basa...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

e)

Krama desa

14.

Ukara kang gagasane mung siji kang dumadi saka jejer lan wasesa diarani...

a)

Camboran

b)

Lamba

c)

Andharan

d)

Pitakon

e)

Pakon

15.

Tata cara nganalisis teks artikel bisa kanthi urutan. Ingngisor iki kang ora klebu tata cara nganalisis teks artikel, yaiku...

a)

Irah-irahan

b)

Asmane penulis

c)

Medhia sing digunakake

d)

Swasana

e)

Papan panggonan dumadine

16.

Unen-unen kang ajeg panganggone,mawa teges entar, di arani...

a)

saloka

b)

bebasan

c)

paribasan

d)

guru wilangan

e)

guru gatra

17.

Purwakanthi kaperang dadi telu,yaiku Guru Swara,Guru Sastra lan.. ..

a)

guru basa

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru lagu

e)

krama inggil

18.

Bocah pinter, pintere ngungkuli dhokter, kalebu puwakanthi guru....

a)

sastra

b)

basa

c)

swara

d)

wilangan

e)

lagu

19.

Tembung panyandra asale saka tembung lingga utawa basa Kawi, kang ateges. ...

a)

tunggal

b)

endah

c)

kahanan

d)

dumadi

e)

maneka warna

20.

Tembang macapat iku kaiket paugeran...

a)

Guru gatra,guru sastra,guru wilangan

b)

Guru swara,guru sastra,guru basa

c)

Guru gatra,guru wilangan,guru lagu

d)

Guru lagu,guru wilangan,guru swara

e)

Guru gatra,guru wilangan,guru basa

21.

Cacahing tembang macapat, ana.....

a)

7

b)

11

c)

9

d)

10

e)

12

22.

Tembang Pucung, paugerane ana.....

a)

4 gatra

b)

5 gatra

c)

6 gatra

d)

7 gatra

e)

8 gatra

23.

Tembang macapat kang cacahing 6 gatra,yaiku..

a)

Mijil, Kinanthi, Gambuh

b)

Durma, Sinom, Pangkur

c)

Kinanthi, Megatruh, Mijil

d)

Sinom, Durma, Kinanthi

e)

Pangkur, Dhandhanggula, Pucung

24.

Tembang Kinanthi guru lagune.....

a)

7u, 8a,8i,6a

b)

12u, 8i,8u,7a

c)

6a,8i,9a,7i,8u

d)

8i,8a,8e,7a,8u

e)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

25.

Guru lagu 7u, 10u, 12i, 8u,80 , kalebu tembang....

a)

Gambuh

b)

Kinanthi

c)

Asmarandana

d)

Sinom

e)

Pucung

26.

Cacahing gatra saben sapada diarani..

a)

Guru wilangan

b)

Guru wanda

c)

Guru tembung

d)

A. Guru gatra

e)

A. Guru basa

27.

Paugerane tembang Dhandhanggula ...

a)

Sapada = 10 gatra

b)

Sapada = 10 wanda

c)

Sagatra = 10 pada

d)

Sawanda = 10 gatra

e)

Sagatra = 10 wanda

28.

Kang diarani guru wilangan, yaiku....

a)

Cacahing wanda saben sapada

b)

Cacahing wanda saben sagatra

c)

A. Cacahing wanda saben satembung

d)

Cacahing gatra saben sapada

e)

Cacahing pada saben sagatra

29.

Dhong dhinging swara saben pungkasane gatra, diarani....

a)

Guru basa

b)

Guru gatra

c)

Guru wilangan

d)

Guru lagu

e)

Guru swara

30.

Guru lagune Tembang Megatruh, yaiku.....

a)

A, u, i, o

b)

I, a, i,u, o

c)

U, u, i, u, o

d)

U, a, i,a,o

e)

U, i, u, i, o

31.

Jinener ing wedhatama

Mrih tan kemba kembaning pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepi sepa lir sepah asamun

Samasane pakumpulan

Gonyak-ganyuk nglelingsemi

Tembang macapat ing dhuwur diarani tembang...

a)

kinanti

b)

mijil

c)

pangkur

d)

pocung

e)

gambuh

32.

Tembang macapat kuwi nyritakake bab...

a)

sastra Jawa

b)

lelagon Jawa

c)

lelewane basa

d)

solah bawa

e)

laku jantrane manungsa

33.

Tembang pangkur duweni watak...

a)

Sedih, sereng, gagah

b)

Sedih, anteping ati, semangat

c)

Gela, sedih, kuciwa

d)

Sereng, anteping ati, gagah

e)

Sereng, gela, kuciwa

34.

Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot pathokan cacahe larik saben sapada yaiku...

a)

Guru sastra

b)

Guru basa

c)

Guru lagu

d)

Guru wilangan

e)

Guru gatra

35.

Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra diarani...

a)

Guru gatra

b)

Guru lagu

c)

Guru sastra

d)

Guru wilangan

e)

Guru basa

36.

Jinener ing wedhatama

Mrih tan kemba kembaning pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepi sepa lir sepah asamun

Samasane pakumpulan

Gonyak-ganyuk nglelingsemi

Etungen gunggunge wanda (suku kata) saben larike tembang ing dhuwur...

a)

8, 11, 8, 7, 12, 8, 8

b)

8, 11, 7, 8, 12, 8, 8

c)

7, 11, 8, 8, 12, 8, 8

d)

7, 12, 8, 8, 11, 8, 8

e)

8, 12, 8, 7, 11, 8, 8

37.

Ingkang boten kalebet unsur-unsur geguritan ingkang sae inggih menika . . . .

a)

Tembung-tembungipun rinengga

b)

Tembung-tembungipun pinilih

c)

Ukarane cekak

d)

Tembung-tembunge mentes

e)

Tembung-tembunge endah

38.

Pangertosan geguritan miturut Subahdinata inggih menika . . .

a)

Tembang utawi kidhung ingkang memper syair

b)

Iketaning basa ingkang memper syair

c)

Tulisan / tatahan ingkang indah

d)

Tembung utawi ukara ingkang rinengga

e)

Pitutur kang luhur

39.

Ingkang boten kalebet sifatipun geguritan gagrak enggal inggih menika . . . .

a)

Boten kaiket kathahipun wanda lan gatra

b)

Kalebet puisi modern

c)

Pungkasaning gatra kedah runtut

d)

Kawastanan puisi bebas

e)

Boten dipun awali ukara sung gegurit

40.

Maos geguritan kedah narik kawigaten utawi nglarasaken kaliyan isinipun geguritan dipunwastani gatosan bab . . . .

a)

wicara

b)

wiraga

c)

wirasa

d)

wirama

e)

busana

41.

Anggenipun maos geguritan sag panjiwanipun saget trap kaliyan suwasananipun saget kawastanan . . . . becik.

a)

wibawa

b)

wicara

c)

wirama

d)

wiraga

e)

wirasa

42.

Supados saged nyerat geguritan sing kanthi sae lampah ingkang kedah dipun tindakaken inggih menika, kejaba . . . .

a)

nggladhi tanggap sasmita

b)

nyepeng ilham

c)

ngolah tembung

d)

maringi vitamin ing tembung-tembung wau

e)

Milih tembung ingkang mentes

43.

Tembung-tembung ingkang sami swantenipun utawi aksaranipun wonten ing geguritan kawastanan . . . .

a)

Parikan

b)

Paribasan

c)

Wangsalan

d)

Purwakanthi

e)

Geguritan

44.

Teras ngarep omah kampung jaman rumiyin kawastanan . . ..

a)

Emper

b)

Genter

c)

Geger

d)

Gandhok

e)

Cabikan

45.

Sumangga apa kang dadi parjangkamu aku ora bakalngaru siku. Tembung “ngaru siku” tegesipun . . . .

a)

pambiyantu

b)

ngregoni

c)

ngrusuhi

d)

ngalang – ngalangi

e)

canduk lawung

46.

Ingkang boten dipun gatosaken nalika nyerat carios pengalaman inggih menika . . .

a)

Tembung-tembungipun luwes lan prasaja

b)

Cariosipun boten nggladrah (gampil dimangertosi)

c)

Tetembunganipun kirang prasaja sanget

d)

Boten nyariosaken wadinipun tiyang sanes

e)

Boten ngawonaken suku, agama, saha kabudayan sanes

47.

Ingkang boten kalebet mancarupanipun wong kang nindakake sesorah inggih menika . . . .

a)

sesorah kanthi cara apalan

b)

sesorah kanthi maca naskah

c)

sesorah kanthi impromtu

d)

sesorah kanthi ningali kawontenan

e)

sesorah kanthi cara ekstemporan

48.

Sesorah ingkang ancas lan isinipun nanggapi during pambagiya harja kawastanan sesorah . . . .

a)

wursita wara

b)

pambagiya harja

c)

atur pawartos

d)

tanggap wacana

e)

medhar sabda

49.

Rantamanipun wing sesorah ingkang becik yaiku . . . .

a)

salam pambuka, purwaka, pandonga, panutup

b)

pambuka, purwaka, wigatosing atur, wigatining pandonga, panutup

c)

purwaka, isi, wigatining pandonga, panutup

d)

pambuka, purwaka, pandonga, isi, panutup

e)

pambuka, purwaka, isi, pandonga, panutup


50.

Ingkang boten dipun gatosaken nalika lagi nindakake sesorah inggih menika . . . .

a)

wicara

b)

wibawa

c)

wirasa

d)

wirama

e)

wiraga

51.

Wong sesorah kedah ngadi busana lan ngadi sarira trep, pantes, lan jangkep saget kawastanan . . . .

a)

magastra

b)

mawastha

c)

maraga

d)

matanggap

e)

malagawa

52.

Ukara / tembung ing ngandhap menika boten becik menawi dipun ucapaken nalika nindakake seorah . . . .

a)

Para Bapak + ibu ingkang kula urmati

b)

Para Bapak-Bapak lan ibu-ibu ingkang kula urmati

c)

Para pinembahan sepuh ingkang kula urmati

d)

Para sesepuh lan pini sepuh ingkang kula urmati

e)

Para tamu undangan ingkang kinurmatan

53.

Ukara tembung-tembung ing ngandhap menika becik tumrap kangge sesorah kejaba . . . .

a)

Kadhos sedaya sampun sami nglempak

b)

Ing bokbilih wonten lepatipun, kula nyuwun pangapunten

c)

Pramila mangga adicara dipunpungkasi

d)

Kabeta saking kirang seserepan kula

e)

Sumangga kita sesarengan pungkasi

54.

Menapa tegesipun tembung “ngangsu kawruh” menika . . . .

a)

wong golek banyu

b)

wong sinau

c)

golek sandang pangan

d)

wong pinter

e)

golek ngelmu

55.

Budaya wayang kulit ingkang nyariosaken lakon Ramayana lan Mahabarata inggih menika . . .

a)

Wayang madya

b)

Wayang gedhog

c)

Wayang suluh

d)

Wayang purwa

e)

Wayang shadhad

56.

Piranti kabudayan wayang kulit kang nglambangake pasemoning jagad gumelar dipun wastani . . . .

a)

Cempola

b)

Kepyak

c)

Blencong

d)

Simpingan

e)

Kelir

57.

Dasanamaning tembung-tembung lintang, inggih menika . . . .

a)

Kartika

b)

Candra

c)

Dahono

d)

Maruta

e)

Kisma

58.

“Wanora sito” tegesipun inggih menika . . . .

a)

Satrio Agung

b)

Kethek Putih

c)

Keraton

d)

Wadiya Bala Kurawa

e)

Wadiya Bala Alengka

59.

Tegesipun tembung “perbawa” inggih menika . . . .

a)

Kekuatan raga

b)

Kekuatan batin

c)

Kekuatan lahir

d)

Kekuatan manungsa

e)

Kekuatan kang linuwih

60.

Yen damel geguritan kedah nggatosaken bab ing ngandap menika, kejaba . . . .

a)

nentoaken tema

b)

ukaranipun panjang

c)

milih irah-irahan

d)

tembungipun mentes

e)

migunaake purwakanthi

61.

Nalika maos geguritan kedah gatosaken pocapan, kudu cetha aja alon utawa kebanteren, iku diarani . . . .

a)

wirasa

b)

wirama

c)

wicara

d)

wiraga

e)

witata

62.

Ingkang boten kalebet gunanipun basa krama inggih menika . . . .

a)

Kangge putra dateng tiyang sepuh

b)

Kangge andhaan dateng pimpinan

c)

Kangge tiyang ingkang dereng kenal

d)

Kangge tiyang sepuh dateng lare

e)

Kangge siswa dateng gurunipun

63.

Dasanamaning tembung “warih” inggih menika . . . .

a)

bumi, bantala, buana

b)

ilang, musna, muksa, lan sirna

c)

dalan, gili, lurong, lan marga

d)

nur, cahya, sinar, sorot

e)

her, tirta, toya, lan banyu

64.

Ingkang boten kalebet para punakawane para satriya yaiku . . . .

a)

gareng

b)

petruk

c)

bagong

d)

antaga

e)

ismaya

65.

Seni budaya campur sari saged kangge selingan ing wayang kulit wonten adegan . . . .

a)

gara-gara

b)

tancap kayun

c)

jijiran

d)

perang kembang

e)

perang brubuh

66.

Para satriyo pandhawa lima yaiku, kajawi . . . .

a)

Arjuna

b)

Kresna

c)

Bima

d)

Nakula

e)

Sadewa

67.

Paribasan sura dira jaya ningrat lebur dening pangastuti tegesipun . . . .

a)

Tumindak ala bakal lebur dening tumindake

b)

Tumindak ala lan becik bakal ketara

c)

Tumindak ala bakal lebur dening tumindak becik

d)

Tumindak ala bakal ketara becik ketitik

e)

Tumindak ala bakal lebur dening pakartine dewe

68.

Miturut patih ing kayangan wong sing utama iku yaiku . . . .

a)

wicaranipun alus dateng tiyang sanes

b)

boten seneng pamer lan ngino tiyang sanes

c)

saged dados patuladhan tiyang sanes

d)

wicaranipun sae seneng dedana lan jujur

e)

pinter wasis lan sekti

69.

Sesorah ingkang ancasipun supados kapilut lan derek menapa ingkang dipun wedharaken dipun wastani . . . .

a)

panglipur

b)

pangajak

c)

pawarta

d)

pambagya

e)

informasi

70.

Migunakaken basa ingkang sae trep lan laras kaliyan kawontenanipun saged kawastanan . . . .

a)

witata

b)

wibawa

c)

wicara

d)

wirasa

e)

wiraga

71.

Ingkang boten kalebet ancasipun wong sesorah inggih menika . . . .

a)

pambagya

b)

pawarta

c)

panglipur

d)

pangajak

e)

purwaka

72.

Gegambarane wong adigang, adigung, adiguna yaiku . . . .

a)

murang tata

b)

andhap asor

c)

manggih cilaka

d)

remen pamer

e)

tumindak awon

73.

Ukara ing ngandap menika pundi ingkang leres trep lan sae . . . .

a)

Dumateng para bapak-bapak, ibu-ibu ingkang kinabekten

b)

Dumateng para Bapak-bapak, Ibu-ibu, ingkang tuhu kinabekten

c)

Dumateng para Bapak Ibu ingkang tuhu kinabekten

d)

Dumateng ngarsanipun Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kinabekten

e)

Dumateng ngarsanipun para Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kinabekten

74.

Ukara ing ngandap menika sae, trep lan leres, kejawi . . . .

a)

Acara sampun bade dipun awiti

b)

Acara sampun bade dipun milahi

c)

Acara sampun dipun mulai

d)

Acara sampun bade dipun wiwiti

e)

Acara sampun bade dipun awali

75.

Tuladha panutup . . . .

a)

Raos syukur mangga tansah katur dumateng Gusti ...

b)

Kula minangka wakil para siswa ngaturaken panuwun awit rawuh panjenengan ...

c)

Ing pungkasane atur, kula sak kanca nyuwun pangapunten ...

d)

Sumangga kita sedaya nindakaken pakaryan kanthi remen ...

e)

Panyuwun kula, mugi para rawuh tansah paring pangestu ...

76.

Langkung rumiyin mangga nderek muji syukur dumateng Allah SWT . . . lan sak lajengipun, pangandikan kasebat saget dipun wastani . . . .

a)

Purwaka

b)

Panutup

c)

Uluk salam

d)

Wigatining atur

e)

Pangarep-arep