WorksheetsSESORAH
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Ing ngisor iki kang dudu kalebu perangan purwaka ana ing sesorah yaiku.....
ngaturake dudutan sesorah
muji syukur marang Gusti
Ngaturake pakurmatan marang tamu
ngaturake ancas/tujuan sesorah
Ing ngisor iki kang kalebu perangan surasa ana ing sesorah yaiku.....
ngaturake dudutan sesorah
muji syukur marang Gusti
Ngaturake isi sesorah
ngaturake ancas/tujuan sesorah
"mekaten ingkang saged kula aturaken, hambok bilih wonten lepatipun anggen kula matur saestu nyuwun gunging pangaksama"
ukara iku kalebu ing perangan sesorah.....
Surasa
Wasana
Purwaka
Salam Panutup
Bapak kepala sekolah ingkang kinabekten, para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, sarta para rawuh ingkang pantes sinudarsana, ingkang (a)… mangga saderengipun adicara dinten menika kawiwitan, kula dalah panjenengan sami ngonjukaken raos puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT. ingkang sampun paring karohmatan, katentreman, sarta kasarasan dhumateng kula dalah panjenengan sedaya (b)… dumugi titiwanci punika kula dalah panjenengan taksih saged pinanggih ing pepanggihan menika.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kang gothang ing dhuwur yaiku....
a. sepisan
b. saengga
a. sepindhah
b. saengga
a. sepisan
b. satemah
a. angka sepindhah
b. satemah
tangan utawa asta ngapurancang ing sesorah iku kalebu babagan kang wigati ana ing sesorah, yaiku bab....
Wirama
Wirasa
Wiraga
Wicara
Membat mentuling swara kudu prasaja iku kalebu babagan kang wigati ana ing sesorah, yaiku bab....
Wiraga
Wirasa
Wirama
Wicara
Swara kudu keprungu marang para tamu iku kalebu babagan kang wigati ana ing sesorah, yaiku bab....
Wiraga
Wicara
Wirama
Wirasa
nalika sesorah ana ing wong kang kesripahan kudu empan papan, ora ngguya-ngguyu lan kudu nduweni empati lan kaya-kaya bisa ngrasakake apa kang dirasakake kluwarga kang lagi kesripahan.
bab iku kalebu ing sesorah babagan....
Wirama
Wirasa
Wicara
Wiraga
Nalika sesorah, astane ngapurancang kanggo wong lanang. Dene yen kanggo wong wedok iku diarani trep indriya lan hanggandamaru. Iki kalebu ing sesorah babagan.....
wirasa
wiraga
wicara
wirama
nalika sesorah anggone matur kudu bisa nggunakake ejaan kang bener, tuladhane bisa mbedakake antarane Ta lan Tha, Da lan Dha. Bab iki kalebu ing sesorah babagan.....
wicara
wirasa
wirama
wiraga
