wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Drama Jawa

Total questions: 25

Worksheet time: 21mins

Name
Class
Date
1.

Paraga ing sandiwara basa jawa kaperang dadi telu yaiku

a)

Protagonis, prosigonis, lan kartogonis

b)

Protagonis, antagonis lan tritagonis

c)

Vertagonis, Irvigonis lan antagonis

d)

Antagonis, fiksigonis, lan tritagonis

2.

Ing sandiwara , pengarang kudu menehi pesan moral marang wong sing maca crita drama. Pesan moral mau kasebut.....

a)

Tema

b)

Alur

c)

Amanat

d)

Setting

3.

Paraga kang nduweni watak ala diarani paraga.....

a)

Antagonis

b)

Protagonis

c)

Fiksigonis

d)

Metagonis

4.

Paraga protagonis yaiku paraga kang......

a)

ala wateke

b)

galak wateke

c)

becik wateke

d)

apik rupane

5.

Sawijining olah seni kang di pentasake , dening para paraga ing panggung lan nduweni pesen utawa amanat sinandhi kang bisa kanggo tepa tuladha ing urip bebrayan diarani...

a)

Sendratari

b)

Tari tradhisional

c)

Drama/sandhiwara

d)

Bedhaya katawang

6.

Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....

a)

Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.

b)

Pesan moral kang kinandhut ing crita.

c)

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.

d)

Tata urutan lumakune crita

7.

Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita. adate ana ngarep/pambuka,diarani ......

a)

epilog

b)

monolog

c)

dhialog

d)

prolog

8.

Bab kang dadi dasare naskah drama diarani....

a)

judul

b)

lakon

c)

tema

d)

plot

9.

Kedadeyan kang isine ngenani masalah masalah kang diadhepi paraga diarani....

a)

konflik

b)

crita

c)

anti konflik

d)

klimaks

10.

Paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya diarani paraga apa ?

a)

Paraga biyantu

b)

Paraga utama

c)

Paraga tambahan

d)

Paraga ekstra

11.

Menawa gawe dialog ing sandiwara basa Jawa kudu mangerteni....

a)

Unggah ungguh

b)

Pilihane kalimat

c)

Pilihane tembung

d)

Gedhe cilike artine

12.

Gatekna dialog drama iki !

Sinta : "Sar, ayo mangkat sekolah saiki !"

(Sinta ngadeg madhep lawang, lan Sari nyedhak)

Sari : "Pangapura Sin, entenana sedhela." (Sari akon Sinta lungguh)

Sinta : "Sik sik, apa maneh sing arep mbok garap?"

Sari : "Biasa, nggodhog banyu kanggo ngecong tek bapak saben dina."

Amanat cuplikan drama ing dhuwur yaiku ....

a)

Mangkat sekolah kudu luwih esuk

b)

Nyambut gawea kanthi temenan

c)

Dadia bocah manutan

d)

Garapen pakaryan omah kanthi becik lan tuntas.

13.

Gatekna cuplikan drama ing ngisor !

"Saka ngendi wae awkmu, Roni? Wis meh ganti dina, delengen jam kae, jam 11 bengi awakmu nembe bali? " pitakone Bapak sinambi malangkerik.

Dialog iku dilafalke kanthi irama ....

a)

banter sinambi guyon

b)

nesu lan katon tenanan

c)

andhap, kebak pitakonan

d)

rumangsa dendam

14.

Gatekna dialog iki ! "Apa? Bocah gudhigen iku isih wani mara mrene manehi? Enggal kon minggat saka kene!"

Ukara iku dilafalke kanthi ekspresi ....

a)

melas

b)

Alon-alon

c)

nesu

d)

seneng

15.

Wacaen teks drama iki!

Karso : "Heh, bocah-bocah liya wis padha latihan drama basa Jawa, terus kelompoke awake dewe piye?"

Sintai lan Adi : "Terus, gue harus bilang wow gitu? wow...!!!"

Karso : "Heladalah, iki tenanan lho...

Sinta : "Lhah dhek wingi awakmu nang di wae?"

Karso : Geneya aku sing kok takoni?"

Adi : "Kan wayahe kelompokan, kowe ya wis diomongi ...

Karso : Kapan kowe lek ngomong? (mulai nesu)

Adi : "Wow kowe wis pikun yo?"

....

Punggelan teks drama kasebut kalebu struktur drama bagian ...

a)

jejer

b)

pangudare prakara

c)

pasulayan

d)

pungkasaning crita

16.

Pagelaran lakon, bisa dadi salah sawijine sarana nggegulang moral sing cocok lan trep. Jalaran ...

a)

Tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon nduweni sifat doktriner kang meksa

b)

Tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon ora nduweni sifat doktriner kang meksa

c)

Kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral ora bisa rumesep lan kajiwaraga

d)

Kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral bisa rumesep lan kajiwaraga

e)

Kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral duweni sifat doktriner kang meksa

17.

Sing diarani alur yaiku....

a)

urutane crita ing teks drama

b)

underane crita

c)

pesen moral kang bisa kapethik saka teks drama

d)

sifat utawa watek sing dadi karaktere paraga

18.

Setting utawa latar kaperang dadi pira lan apa wae...

a)
  1. 1. setting wektu

  2. 2. setting panggonan

  3. 3. setting kahanan (suasana)

b)
  1. 1. setting maju

  2. 2. setting mundur

  3. 3. setting campuran

c)
  1. 1. setting wektu

  2. 2. setting panggonan

  3. 3. setting kabudayan

  4. 4. setting kahanan

d)
  1. 1. setting maju

  2. 2. setting mundur

  3. 3. setting flashback

  4. 4. setting campuran

19.

Drama kang lakone tumindak lucu sing ndadekake pamirsa ngguyu diarani...

a)

Drama komedi

b)

Drama tragedi

c)

Opera

d)

Dhagelan

e)

Pantomim

20.

Drama ingkang limrahipun nyariyosaken babagan kasekten,pagesangan ing kraton, gesangipun dewa-dewi, ugi kedadosan ingkang mboten saged dipunalar lan sanes - sanesipun dipunarani....

a)

Drama tradhisional

b)

Drama modern

c)

Pantomim

d)

Drama komedi

e)

Drama tragedi

21.

Wacanen pethikan pacelathon iki!


Rini : Bu, punapa enjing punika ibu tindak dhateng peken/pasar?

Ibu : Ya, mesthine ta, Rin. Janganan sing ana kulkas ya wis entek. Bik Sumi sing gawene ngiderke blanjane, dinane iki wis pamit yen ora dodol.

Rini : Nuwun sewu nggih, kula nyuwun ditumbasaken bubur campur, nggih.

Ibu : Iya, mengko daktukokake.


Latar wektu saka pethikan pacelathon kasebut yaiku ...

a)

Ing pasar

b)

Bakul blanja

c)

Nalika sarapan

d)

Wayah esuk

22.

Gatekna pethilan cerita drama ing ngisor iki!

Sawise pamitan lan ngucapake salam marang ibune, Ria terus budhal sekolah. Kanca-kancane wis padha ngenteni ing ngarepan, ana Fenti, Tari, lan Sinta. Bocah papat padha budhal sekolah mlaku bebarengan. Ora adoh saka papan kono, bocah-bocah weruh wong tuwa lanang sing lagi ngorak-ngarik tong sampah.

Latar jroning pethilan cerita ing nduwur yaiku ing….

a)

Panggonan sampah

b)

Omahe Ria

c)

Embong

d)

Taman

23.

Pawongan kang tugase mimpin lan ngatur lumakune drama diarani….

(a)  

24.

Gatekna pethilan teks drama ing ngisor iki!

Sawise saling cerita, Avilia mutusake gawe ngakhiri hubungane karo Putra. Tapi, meskipun wes putus kudu tetep dadi konco lan ora oleh musuhan. Ing suatu dino, Avilia ketemu kaleh Putra lan nyritakake maksude.

Avilia: “Putra, lek misal.e kita putus. Kita tetep iso dadi konco kan ?”

Putra : “Iyo lah, iku pasti. Tapi ojo sampek putus.”

Avilia : “Tapi, sepurane yo. Aku kudu ngakhiri hubungan iki”

Putra : (Kaget)“Loh, opo’o?”

Avilia : “Aku kepingin fokus nang pelajaran trus nglanjutno nang sekolah sing apik ndek Jakarta. Lagian, gara-gara awakdewe pacaran nilai awakdeweuga turun terutama nilai ujianmu. Dadi luwih apik kita gak pacaran dikek cek gak ngganggu pelajaran.”

Putra : “Yowes, lek ancen iku sing awakmu kepingini, aku ngerti. Mungkin iki ancen sing terbaik.”

(a)  


Alur jroning cerita ing nduwur yaiku….

25.

Sing kalebu setting yakuwe....

a)

Papan panggonan

b)

urutan crita

c)

paraga

d)

ringkesan