NEW
Font size
WorksheetsUyon-uyon
Total questions: 20
Worksheet time: 15mins
Tembung uyon-uyon menika saking tembung nguyu-uyu ingkang tegesipun....
gegendhingan nabuh tetabuhan
gegendhingan nabuh gamelan
gegendhingan nabuh kendhang
gegendhingan nabuh perkusi
gegendhingan ingkang ngiringi tembang macapat
Jinising uyon-uyon menika wonten tiga. Uyon-uyon ingkang ngginakaken piranti karawitan naming saperangan, boten ginakaken bonang, kethuk, kempul saha kenong dipunwastani....
Jangkep
Gandhon
Cokekan
Saperangan
Cukilan
Ing uyon-uyon wonten perangan-perangan ingkang nyengkuyung pagelaran uyon-uyon supados kalampahan kanthi sae. Ing ngandhap menika ingkang kalebet peranganipun uyon-uyon, kejawi...
Gangsa
Wiyaga
Gendhing
Paraga
Pesindhen
Gamelan inggih menika tetabuhan ingkang racikanipun kathah sanget. Tembung gamelan menika saking tembuh "gamel" ingkang tegesipun "tabuh". Pramila menawi dipuntegesi kanthi jangkep gamelan inggih menika...
Piranti alat musik ingkang dipuntabuh piyambak-piyambak
Piranti musik ingkang dipuntabuh sareng pesindhen
piranti musik ingkang dipuntabuh soran-soran
piranti musik ingkang dipuntabuh sesarengan
piranti musik ingkang dipuntabuh nglamba
Racikan gamelan ingkang wujud tebokan inggih menika Bedhug, Kendhang, Ketipung saha Tambur. Kendhang menika piranti gamelan ingkang dipuntabuh ngangge kombinasi antawis tlapak kalih driji (dikebuk). Ing ngandhap menika ingkang boten kalebet jinising kendhang inggih menika...
Kendhang Gedhe
Kendhang Ketipung
Kendhang Wayangan
Kendhang Alitan
Kendhang Gendhing
Instrumen gamelan Jawa ingkang dipunwastani ricikan gadhah paugeran-paugeran ingkang pakem, antawisipun saben piranti gadhah fungsi piyambak-piyambak. Ricikan gamelan ingkang ginanipun kangge murba lagu inggih menika..
Bonang
Siter
Bedhug
Kendhang
Kempul
Gamelan menika wujudipun maneka warni, tabuhanipun inggih beda-beda, saha caranipun nabuh beda-beda ugi. Perkawis menika mengku piwulang....
bilih manungsa menika sinaosa beda wujudipun, beda pakaryanipun, beda agaminipun, ananging kedah setunggal paugeran ingkang kedah dipunugemi
bilih manungsa menika beda wujudipun, beda pakaryanipun pramila kadhangkala dadosaken beda pamanggih
bilih manungsa menika sinaosa beda wujudipun, beda pakaryanipun, ananging menawi nyawiji saged nuwuhaken congkrah
bilih manungsa beda wujudipun, beda pakaryanipun ananging menawi sami manunggal ancas ingkang sami saged nuwuhaken karegengan ing masyarakat
Bilih manungsa menika beda wujudipun, beda pakaryanipun, beda agaminipun, nanging menawi sami manunggal ing ancas saged nuwuhaken katentreman lan kaendahan
Pesindhen inggih menika tiyang ingkang pedamelanipun nyekar nyarengi gamelan. Ing ngandhap menika sebatan kangge pesindhen putri inggih menika...
Wiraswara
Swarawati
Wiraswasta
Wiraguna
Swaraloka
Ing ngandhap menika piranti gamelan ingkang cara nabuhipun kanthi dipunkosok inggih menika..
Piranti gamelan ingkang kawastanan saron inggih menika...
Piranti gamelan ingkang kawastanan Slenthem inggih menika...
Piranti gamelan ingkang kawastanan kempul inggih menika...
Piranti gamelan ingkang kawastanan kenong inggih menika...
Piranti gamelan ingkang kawastanan Gambang inggih menika...
Piranti gamelan ingkang kawastanan Gender inggih menika...
Piranti gamelan ingkang wujudipun pencon inggih menika...
Pagelaran uyon-uyon menika asring katindakaken ing adicara kangge panglipur. Ing ngandhap menika adicara ingkng boten wonten pagelaran uyon-uyon inggih menika...
Sunatan/khitanan
Merti dhusun
Manten
Syukuran
Nyadran
Laras ingkang boten wonten angka 4, utawi nada namung 1 2 3 5 6 inggih menika kawastanan..
Pelog
Slendro
Pathet
Uyon-uyon
Tetembungan ingkang dipunginakaken ing tembang dipunwastani...
Cakepan
Cengkok
Bawa
Gendhing
Laras
Lak-luking swara ing tembang dipunwastani...
Cakepan
Cengkok
Bawa
Gendhing
Laras
