wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

STS B. JAWA KLS IV SMT 2 TP. 25/26

Total questions: 45

Worksheet time: 51mins

Name
Class
Date
1.

Kang klebu tetengere tembang dolanan yaiku . . .

a)

Ora kaiket dening aturan tartamtu

b)

Nduwe paugeran guru wilangan

c)

Manut paugeran guru lagu

d)

Kaiket dening aturan tartamtu

2.

Tembang "Padhang Wulan" diarani tembang . . .

a)

Dolanan

b)

Pocung

c)

Pangkur

d)

Macapat

3.

Ing ngisor iki klebu tembang dolanan, kajaba . . .

a)

Lir-ilir

b)

Dhandhanggula

c)

Jamuran

d)

Kidang Talun

4.

Ing ngisor iki kang ora klebu tembang dolanan gagrag lawas yaiku . . .

a)

Jaranan

b)

Gula Klapa

c)

Lir-ilir

d)

Gambang Suling

5.

Piranti dolanan "Cublak-cublak suweng" yaiku . . .

a)

Karet

b)

Tali

c)

Krikil

d)

Preng

6.

Kewan kang digambarake ana tembang dolanan kang nduweni watak males yaiku . . .

a)

Menthog

b)

Sapi

c)

Macan

d)

Singa

7.

Anggone latian pramuka mangkat jam pitu esuk.

Tembung liyane mangkat yaiku . . .

a)

Teka

b)

Budhal

c)

Mulih

d)

Menyang

8.

Pak Guru maca buku.

Yen dikramakake alus dadi . . .

a)

Pak Guru nyerat buku

b)

Pak Guru maos buku

c)

Pak Guru mundhut buku

d)

Pak Guru maca serat

9.

Ing ngisor iki kang ora klebu tembang dolanan yaiku . . .

a)

Cublak-Cublak Suweng

b)

Caping Gunung

c)

Pocung

d)

Menthog-Menthog

10.

Menthog iso gawe senenge ati kanthi . . .

a)

Lakune

b)

Wulune

c)

Swarane

d)

Wernane

11.

Tembang dolanan bisa diiringi nganggo . . .

a)

Rebana

b)

Gitar

c)

Gamelan

d)

Suling

12.

Prau layar klebu tembang dolanan gagrag . . .

a)

Jawa

b)

Anyar

c)

Lawas

d)

Kreasi

13.

Sing kalebu tembang dolanan ing ngisor iki yaiku . . . .

a)

Pucung, Ilir-ilir, Mijil

b)

Kodhok Ngorek, Jago Kate, Pucung

c)

Kupu Kuwi, Jamuran, Gambang Suling

d)

Jaranan, Pangkur, Cublak-cublak Suweng

14.

Jaranan-jaranan, jarane jaran teji.

Cuplikan ukara ing tembang iki bisa digancarake dadi . . . .

a)

dolanan jaran-jaranan

b)

numpak jaran-jaranan arane jaran teji

c)

ana wong padha numpak jaran, jaran sing ditumpaki jaran teji

d)

sing numpaki jaran teji ndara bei, diiringi para mentri

15.

Kaendahane nagari Indonesia ora mung alame, nanging uga ing kebudayan, lan kesenian. Salah siji tuladha kaendahane seni lan salaras karo bocah-bocah sing seneng dolanan yaiku . . . .

a)

tembang campursari

b)

tembang macapat

c)

tembang dolanan

d)

tembang lagam

16.

Tujuan utama lan isine tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang marang bocah-bocah ngenani . . . .

a)

ilmu pengetahuan

b)

olahraga

c)

ketrampilan

d)

budi pakerti

17.

Salah siji cirine tembang dolanan yaiku . . . .

a)

ukarane cekak lan prasaja

b)

ukarane endah lan angel

c)

ukarane dawa-dawa

d)

cengkok utawa lagune angel

18.

Tembang ing ndhuwur dumadi saka . . . baris.

a)

3

b)

5

c)

7

d)

9

19.

Nilai budi pekerti saka tembang ing dhuwur sing bisa dijupuk yaiku . . . .

a)

gotong royong

b)

jujur

c)

mandiri

d)

kurmat kinurmatan

20.

Tembang ing dhuwur iku kalebu jinise tembang....

a)

dolanan

b)

kenangan

c)

macapat

d)

campursari

21.

Mempharafrasekan tembang iku padha karo ngowahi tetembangan dadi ....

a)

puisi

b)

aksara jawa

c)

gancaran

d)

macapat

22.

Gancaran ing dhuwur iku minangka parafrase saka tembang dolanan ....

a)

Kupu Kuwi

b)

Jaranan

c)

Jamuran

d)

Gundul-Gundul Pacul

23.

Bapak lagi mangan. Basa kramane yaiku ....

a)

Bapak nembe sare

b)

Bapak nembe ngunjuk

c)

Bapak nembe dhahar

d)

Bapak nembe tindak

24.

Tembung dolanan kang isine nyaritakake babagan kerja bakti yaiku ....

a)

Lumbung Desa

b)

Gugur Gunung

c)

Kupu Kuwi

d)

Jaranan

25.

Ing ngisor iki tuladhane tembang dolanan, kajaba (kecuali) ....

a)

kinanthi

b)

jaranan

c)

gajah-gajah

d)

cublak-cublak suweng

26.

Tembang dolanan lumrahe dilagokake dening bocah-bocah ing ....

a)

pelataran

b)

lapangan

c)

kelas

d)

ruang tamu

27.

Jenis tembang reripta gagrak anyar kang ora nganggo paugeran gatra, guru lau, guru wilangan, lan dongdhing kinesebut ....

a)

tembang macapat

b)

tembang dolanan

c)

tembang campur sari

d)

tembang kenangan

28.

cublak-cublak suweng

suwenge teng gelenter

mambu ketundhung gudel

pak empo lera-lere

sopo ngguyu ndelikake

sir-sir pong dele kopong

sir-sir pong dele kopong

sir-sir pong dele kopong


Tembang ing dhuwur paring pelajaran marang kita supaya ....

a)

ora mlikginuruti hawa nafsu jroning golek bandha donya

b)

kita ndhuweni rasa kormat, welas asih, gotong royong, tulung tinulung, lan liya-liyane

c)

manungsa kudu ngresiki batine lan tansah eling marang Gusti Allah menawa pati uripe manungsa ing astane Gusti Allah

d)

manungsa nduweni nilai budi pekerti religius utawa keagamaan

29.

Gundul gundul pacul cul

Gembelengan

Nyunggi nyunggi wakul kul

Gembelengan

Wakul ngglimpang

Segone dadi sak latar

Wakul ngglimpang

Segone dadi sak latar


Surasane tembang dolanan ing dhuwur yaiku ....

a)

kudu duwe ati nurani sing resik lan ora sesat

b)

ajaran nilai budi pekerti bab rasa kormat, welas asih, gotong royong lan liya-liyane

c)

manungsa kudu eling marang Gusti Allah

d)

manungsa kudu resik ing batin

30.

Tembang kang selaras karo kasenengane bocah-bocah padha dedolanan ing tanah Jawa mligine, ing Indonesia umume yaiku ....

a)

tembang langgam

b)

tembang dolanan

c)

tembang campursari

d)

tembang macapat

31.

Padang Bulan

Padang bulan, padange koyo rino

Rembulane sing awe-awe

Padang bulan, padange koyo rino

Rembulane sing awe-awe

Ngelengake, ojo turu sore

Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore


Irahan-irhan tembang dolanan ing dhuwur yaiku ....

a)

Padang Bulan

b)

padange koyo rino

c)

Rembulane

d)

Padang bulan, padange koyo rino

32.

"Gendhong apa mbecak, mlaku timik-timik" cuplikan tebung kuwi sing mathuk kanggo tembang ....

a)

Cublak-cublak Suweng

b)

Dhondong opo Salak

c)

Padhang Bulan

d)

Suwe ora Jamu

33.

Gambang suling, kumandhang ... thulat-thulit, kepenak unine.

a)

unine

b)

swarane

c)

lagune

d)

musike

34.

Manut isine tembang Gambang Suling, sawise ngrungokake unine kepriye rasane atine?

a)

sedih

b)

nangis

c)

susah

d)

seneng

35.

Tembang dolanan ora mung kanggo sarana lelipuran, nanging lumrahe isine uga ngandhut babagan . . . .

a)

dhawuh

b)

pitutur

c)

pitakon

d)

lelegon

36.

Ibu mengko mesthi ngasta oleh-oleh. Tembung ngasta tembung ngoko . . . .

a)

ndeleng

b)

gawa

c)

jaluk

d)

takon

37.

Ngandhong apa mbecak mlaku thimik-thimik.

Tegese tembung thimik-thimik, yaiku . . . .

a)

mlaku rikat rada mlayu

b)

mlaku rindhik-rindhik jangkahe ciyut

c)

mlanku jangkahe ombo

d)

mlaku rikat

38.

Tembang dolanan ora mung kanggo sarana seneng-seneng apa dene lelipuran. Nanging sing wigati tembang dolanan kanggo sarana . . . .

a)

sinau basa

b)

medhar kawruh marang bocah

c)

ninggalake kuwajiban

d)

dolanan lan ninggalake pasinon

39.

Wong kang drajate dhuwur ing tembang dolanan jaranan digambarake kanthi paraga . . .

a)

Para menteri

b)

Para abdi

c)

Ndara Bei

d)

Para raja

40.

Tujuan utama isine tembang dolanan yaiku nuwuhake ajaran .... tumraping bocah-bocah.

a)

budi pekerti

b)

dolanan wae

c)

seneng-seneng

d)

ngapalake tetembangan

41.

Dadi bocah kuwi aja sok seneng goroh.

Dasanamane tembung goroh yaiku ....

a)

dolanan

b)

gumede

c)

gawean

d)

ngapusi

42.

Neng endi biasane kupu kuwi mabur?

a)

ing ngarep omah

b)

Ing Taman

c)

Ing sawah

d)

Saparan paran

43.

Gambang ing duwur, sing cocok kanggo irah-irahan tembang yaiku ....

a)

Gundhul-gundhul Pacul

b)

Jamuran

c)

Cublak-Cublak Suweng

d)

Lir Ilir

44.

Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

45.

Ketemu mbah wayah esuk ngucapake ... .

a)

sugeng dalu

b)

sugeng enjing

c)

sugeng siang

d)

sugeng sore