WorksheetsUlangan Harian Tembang Sinom
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Gatekaken Tembang Sinom ing ngisor niki :
Ambege kang wus utama
Tan ngendhak gunaning janmi
Amiguna ing aguna
Sasolahe kudu bathi
Pintere den alingi
Bodhone dinekek ngayun
Pamrihe den inaa
Mring padha-padhaning janmi
Suka lila den ina sapadha-padha
Apa paugeran (pathokan) Tembang Sinom ing babagan guru wilangan lan guru lagu?
8-a, 8-i, 8-a, 8-u, 7-i, 8-a, 7-i, 8-u, 12-a
8-a, 8-i, 8-a, 8-i, 7-i, 8-u, 7-a, 8-i, 12-a
7-a, 8-i, 8-u, 7-i, 8-a, 8-i, 8-a, 12-a
8-a, 7-i, 8-a, 8-u, 7-i, 8-a, 7-u, 8-i, 12-a
Apa amanat utama ing Pada 1 Tembang Sinom Serat Wulangreh?
Ambege kang wus utama
Tan ngendhak gunaning janmi
Amiguna ing aguna
Sasolahe kudu bathi
Pintere den alingi
Bodhone dinekek ngayun
Pamrihe den inaa
Mring padha-padhaning janmi
Suka lila den ina sapadha-padha
Wong kang pinter kudu dipamerake kapinterane.
Wong sing bener-bener pinter ora bakal ngremehake wong liya.
Wong bodho kudu nyumputake kekurangane.
Wong kudu rumangsa luwih pinter tinimbang liyane.
Sasmita kang ana ing Tembang Sinom nuduhake:
Kasedhihan lan kesangsaran urip.
Semangat, keceriaan, lan keprigelan para nom-noman.
Kawicaksanan wong tuwa.
Kewaspadaan lan ketakutan.
Gatekaken Tembang Sinom Padha 2 ing ngisor iki :
Ingsun uga tan mangkana
Balilu kang sun alingi
Kabisan sun dokok ngarsa
Isin menek den arani
Balilune ngluwihi
Nanging tenanipun cubluk
Suprandene jroning tyas
Lumaku ingaran wasis
Tanpa ngasa prandene sugih carita
Ing Pada 2, penulis nuduhake sifat cubluk. Apa makna saka cubluk miturut konteks tembang?
Wong kang cerdas nanging sumanak.
Wong sing kepinterane nyata nanging dirahasiakake.
Wong kang asline bodho nanging kepengin diarani pinter.
Wong kang becik tumindake nanging ora ngaku pinter.
Apa hubungan antara ajaran Tembang Sinom lan konsep tatakrama ing budaya Jawa?
Tembang Sinom ngleresake tatakrama supaya luwih modern.
Tembang Sinom nguwatake ajaran tatakrama kanggo ngendhaleni tumindak.
Tembang Sinom ngancam wong sing ora manut tatakrama.
Tembang Sinom mung fokus marang kawruh agama.
Kanggone Tembang Sinom cocok dienggo ing kahanan:
Upacara pangabenan.
Swasana perang lan perjuangan.
Ngambarake ketrampilan lan grapyak para muda.
Sembahyang ing papan suci.
Apa fungsi saka guru lagu ing Tembang Sinom?
Mastiake jumlah larik ing saben pada.
Nemtokake swara pungkasaning gatra kang ngemu makna.
Mastiake tema lan watek tembang.
Nemtokake cacahing suku kata saben larik.
Gatekaken Tembang Sinom padha 3 ing ngisor iki
Tur duk masihe bocah
akeh kang amituturi
lelabetan kang abecik
miwah carita ugi
kang kajaba saking ngebuk
iku kang aran kojah
susprandene ingsun iki
teka nora nana undaking kabisan
Ing Pada 3, penulis nyritakake babagan:
A. Ajaran wong kuna sing menehi inspirasi.
B. Pengalaman sinau saka wong tuwa.
C. Dongeng kang ora mesthi bener nanging dadi piwulang.
D. Kepinteran kang tuwuh kanthi gampang.
Gatekaken padha 5 tembang sinom niki
Nanging padha estokana
pitutur kang muni tulis
yen sira nedya raharja
anggonen pitutur iki
nggoningsun ngeling-eling
pitutur wong sepuh-sepuh
mugi padha bisa
anganggo pitutur iki
ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa
Apa kritik sosial kang ana ing Pada 5 Tembang Sinom?
Wong enom kudu mandiri tanpa pitutur wong tuwa.
Pitutur wong sepuh kudu dipilih-pilih sadurunge ditiru.
Wong kudu yakin kabeh piwulang wong tuwa iku migunani.
Ana pitutur kang kudu ditinggal amarga ora relevan.
Manawa Tembang Sinom dienggo nyiptaake karya seni anyar, tema apa sing paling mathuk adhedhasar watak lan sasmita?
Perjuangan kemerdekaan bangsa.
Cerita asmara lan patah hati.
Semangat belajar lan keceriaan remaja.
Kawicaksanan pemimpin bangsa.
