wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SAS Basa Jawa 9 Genap 24/25

Total questions: 40

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.

Sawijining olah seni kang dipentasake dening para paraga ing punggung lan duweni pesen utawa amanat sinandhi kang bisa kanggo tepa tuladha ing urip bebrayan diarani...

a)

Sendratari

b)

Karawitan

c)

Sandiwara

d)

Bedhayan

2.

Ing ngisor iki kang ora kelebu unsur intristik (fisik) drama yaiku ....

a)

Amanat

b)

Pacelathon (dialog)

c)

Paraga

d)

Alur

3.

Sajroning unsur intrinsik crita ana kang diarani setting, yaiku .....

a)

Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.

b)

Pesan moral kang kinandhut ing crita.

c)

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.

d)

Tata urutan lumakune crita

4.

Ing sandiwara kang kudu digatekake saliyane dhialog yaiku pilihan tembung. Pilihan tembung uga diarani.....

a)

Mentes

b)

Diksi

c)

Fiksi

d)

Non Fiksi

5.

Sajrone crita sandiwara kudu ana kang diarani .... supaya crita sandiwara mau bisa urip.

a)

Tragedi

b)

Urutan

c)

Alur

d)

Konflik

6.

Ing sandiwara pengarang kudu menehi pesen marang wong kang maca crita drama. Pesen mau kasebut.....

a)

Tema

b)

Alur

c)

Amanat

d)

Setting

7.

Paraga ing sandiwara kaperang dadi telu, yaiku ....

a)

Protagonis, prosigonis, lan tritagonis

b)

Protagonis, antagonis, lan tritagonis

c)

Vertagonis, tritagonis, lan antagonis

d)

Antagonis, fiksigonis, lan tritagonis

8.

Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita.

Adate ana ing pambuka, diarani ......

a)

epilog

b)

monolog

c)

dhialog

d)

prolog

9.

Tembung sandiwara asale saka tembung sandi lan wara. Tembung sandi nduweni teges apa?

a)

Tembung

b)

Ukara

c)

Rahasia

d)

Kode

10.

Menawa gawe dhialog ing sandiwara kudu mangerteni ....

a)

Unggah-ungguh

b)

Pilihan ukara

c)

Pilihan tembung

d)

Gedhe cilik teges

11.

Sesorah yaiku ....

a)

Kegiatan micara ing ngarepe wong akeh kanggo ngandharake gagasan.

b)

Asiling karya sastra sing wujude kaya puisi modern ing basa Jawa.

c)

Tembang Jawa anggitane kang diwulangake ing pawiyatan.

d)

Hasil karya sastra Jawa ing jaman Jawa Kuna sing isih ana nganti saiki.

12.

Tuladha surasa/isi sesorah yaiku ....

a)

Cekap semanten atur kula, menawi lepat kula nyuwun pangapunten.

b)

Mangga sami muji marang Gusti Ingkang Kuwaos, awit dinten niki kita taksih saged makempal wonten papan ngriki.

c)

Dhumateng Bapak lan Ibu Guru ingkang kula bekteni, lan kanca kanca ingkang kula tresnani.

d)

Kanca-kanca ingkang kula tresnani, dados siswa kedah sregep sinau, manut marang guru, lan netepi aturan sekolah.

13.

Bapak Ketua Komite dalah para pengurus ingkang kula mulyakaken.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kinabekten,

Bapak /Ibu Guru dalah Bapak/ Ibu Tenaga Kependidikan ingkang kula urmati

Bapak /Ibu wali murid kelas IX dalah Tamu Undangan ingkang kula urmati sarta para kadang kelas IX punapa dene adhik-adhik kelas VII lan VIII ingkang kula tresnani.

Ukara ing dhuwur mau klebu perangan pambukaning sesorah kang diarani ….

a)

atur pakurmatan

b)

atur puji syukur

c)

isi

d)

panutup

14.

Sapa sing pidhato?

a)

wali murid

b)

wakil sekolah

c)

siswa kelas VI

d)

kepala sekolah

15.

Puji syukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, kebagaswarasan dhateng kula lan panjenengan sedaya.

Tembung “kebagaswarasan” ing ukara dhuwur tegese ….

a)

kamulyan

b)

kapinteran

c)

kesehatan

d)

kabegjan

16.

Cekap semanten atur kula, kupat siniram santen menawi lepat kula nyuwun pangapunten.

Pethikan ukara ing dhuwur diucapake ana ing .....

a)

purwaka

b)

wasana

c)

surasa

d)

salam panutup

17.

Ing ngisor iki kang ora kalebu perangan pambuka sesorah, yaiku ….

a)

salam pambuka

b)

penyapa

c)

purwaka

d)

wosing pranatacara

18.

Ing ngisor iki bab sing kudu digatekake supaya basa kang digunakake komunikatif lan trep, yaiku ….

a)

sapa sing digunemake

b)

sapa sing guneman

c)

cacahe sing guneman

d)

sapa sing diajak guneman

19.

Minangka purwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngunjukake pudya pudyastuti konjuk ing ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang tansah paring kawilujengan, ketentreman, lan kasarasan dhumateng kita sedaya.

Ukara kasebut kalebu perangan teks sesorah kang diarani ….

a)

salam pambuka

b)

purwaka

c)

surasa basa

d)

salam penutup

20.

1) atur pamuji

2) surasa

3) atur pakurmatan

4) pambuka

5) panutup


Urut-urutanipun sesorah ingkang leres inggih menika ….

a)

2, 3, 5, 1, 4

b)

4, 3, 1, 2, 5

c)

4, 2, 1, 3, 5

d)

4, 1, 2, 3, 5

21.

Tulisan sing isine ngandharake lumakune sawijine kegiyatan sing mentas diayahi diarani….

a)

Karangan dheskripsi

b)

Laporan observasi

c)

Laporan kegiyatan

d)

Karangan narasi

22.

Struktur teks laporan kegiyatan sing runtut yaiku….

a)

Pambuka, isi, lan saran

b)

Pambuka, isi, lan panutup

c)

Isi, saran, lan atur panuwun

d)

Pambuka, isi, lan atur panuwun

23.

Bagean teks sing nerangake lelandhesan/latar belakang lan tujuwan dianakake kegiatan, diarani....

a)

Isi

b)

Saran

c)

Panutup

d)

Pambuka

24.

Paugeran panulise teks laporan kegiyatan ing antarane yaiku….

a)

Tulisane kudu bener

b)

Dilampiri data lan foto

c)

Runtut manut strukture

d)

Nganggo basa sing endah

25.

Kegiyatan Sosialisasi Uwuh Organik

Uwuh organik utawa diarani uwuh teles yaiku uwuh kang bisa didaur ulang dadi rabuk. Uwuh organik tuladhane yaiku telek kewan, godhong garing lsp. Jaman saiki akeh masarakat kang ora bisa mbedakake uwuh organik lan anorganik. Bab iki nyebabake uwuh kasebut ora bisa utawa angel diurai. Uwuh organik iki asline nduwe guna kanggo masarakat akeh yen bisa ngolah.

1. Siswa dikenalake uwuh organik

2. Siswa diajari cara milah uwuh organik lan anorganik

Jinis kegiyatan : Sosialisasi uwuh organik

Pasarta : 345 siswa, 15 guru, 5 TU

Wektu : Rebo, 3 April 2024 (07.00 – 10.00)

Panggonan : Lapangan SMP Negeri 2 Bungkal

Ukara kang kacetak kandel mujudake ....

a)

Lelandhesane laporan kegiyatan

b)

Wektu lan panggonan kegiyatan

c)

Andharan bab asil kegiyatan

d)

Tujuwan kegiyatan

26.

Bageyan teks sing manggon ing pungkasane laporan, bisa ditambahi saran tumrap lumakune kegiyatan, kanthi pangajab supaya kegiyatan sing dianakake ing liya wektu bisa lumaku luwih apik, diarani....

a)

surasa

b)

pangarep-arep

c)

panyaruwe

d)

dudutan

27.

“Pungkasane tulisan iki panulis nduweni pangajab ing saben taun sekolah tetep nganakake kegiyatan karya wisata lan asile bisa luwih apik”, iki kalebu struktur teks palapuran kagiyatan ing perangan ….

a)

pembuka

b)

wos/isi

c)

panutup

d)

dudutan

28.

Laporan kegiyatan katulis kanggo pertanggungjawaban marang pawongan utawa lembaga sing menehi kegiyatan. Kajaba kuwi laporan kegiyatan katulis minangka ....

a)

dokumen pribadi para siswa

b)

dokumen kanggo sekolah

c)

bukti manawa kegiatan wis temen-temen dilaksanakake

d)

latihan nulis laporan

29.

1. Kegiyatan karya wisata dileksanakake tanggal 12 nganti 13 April 2024.

2. Adhedasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake ing liburan semester genap.

3. Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancar.

4. Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisa nglumpukake data tinggalan sejarah.

Ukara sing trep kanggo bageyan pambuka ing laporan kegiyatan yaiku ing ukara nomer ...

a)

1,2

b)

3,4

c)

1,3

d)

2,4

30.

1. Sambutan kepala sekolah ( 07.00 )

2. Sosilisasi uwuh organik ( 07.45 )

3. Sosialisasi Adiwiyata ( 07.45 – 08.40)

4. Palereman ( 08.40 – 09.00 )

5. Sosialisasi milah uwuh ( 09.00 – 10.00 )

6. Sosialisasi njaga karesikan ( 10.00 – 11.00 )

7. Sesi pitakonan ( 11.00 – 12.00)

8. Sambutan kepala sekolah lan upacara penutupan ( 12.00 – 12.30 )

Miturut struktur teks laporan kegiyatan ing nduwur kelebu…

a)

Jadwal

b)

Jadwal kegiyatan

c)

Kegiyatan lumaku

d)

Acara-acara

31.

Crita kang dadi mula bukane aksara Jawa yaiku ....

a)

Damar Wulan

b)

Ajisaka

c)

Roro Jonggrang

d)

Ciung Wanara

32.

Sandhangan kang digunakake kanggo ngganteni aksara sigeg diarani ....

a)

Sandhangan swara

b)

Sandhangan wyanjana

c)

Sandhangan panyigeg wanda

d)

Sandhangan pangkon

33.

Tembung kang gunakake sandhangan pepet yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....

a)

Sambel

b)

Tempe

c)

Gule

d)

Sate

34.

Pasangan kang manggon jejer karo aksara legenane yaiku ....

a)

na, ta, sa

b)

nya, ga, sa

c)

pa, la, ga

d)

ha, sa, pa

35.

Pasangan kang owah wujud asline menawa oleh sandhangan suku, cakra, cakra keret, lan pengkal yaiku pasangan ....

a)

na, ga, pa

b)

ka, ta, la

c)

sa, ra, nga

d)

nya, tha, ma

36.

Tembung kang mathuk kanggo mbacutna ukara kasebut yaiku ....

a)

b)

c)

d)

37.

Tembung kang panulisane gunakake cakra keret yaiku ....

a)

Kreta

b)

Kreteg

c)

Kretek

d)

Krecek

38.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....

a)

b)

c)

d)

39.

Ambarengi lenggah, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....

a)

b)

c)

d)

40.

Panulise aksara Jawa kang bener yaiku ....

a)

b)

c)

d)