NEW
Font size
WorksheetsATS 2 Bahasa Jawa
Total questions: 50
Worksheet time: 42mins
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?
R. Tantingingsih
Pahlawan
Pahlawanku
Karajang
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?
mangkat, mlampah
mlampah, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!
mundhut
nyuwun
tanglet
njaluk
Kanca-kanca aku ….. kawigatenmu sedhela, aku arep …… wara-wara !.
njaluk, aweh
nyuwun, paring
njaluk, caos
njaluk, paring
diparingi hadiah bapak ngucapake ... .
matur nuwun
kula nuwun
tindak pundi
nyuwun pirsa
Pak Lik aturana ... wedang kopi
ngombe
dhahar
maem
ngunjuk
Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama inggil
Kesenian Reog Ponorogo asale saka tlatah . . . .
Ponorogo
Banyuwangi
Semarang
Solo
Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.
Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .
numpak
nitih
ngasta
mbeta
geguritan yaiku...
puisi basa jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
puisi basa jawa gagrag lawas (kuno) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
pamilihe tembung sing pantes lan mentes dadekake geguritan dadi...
alus lan nyrenuhake
endah lan aji
kasar lan mangkelake
suci lan nyenengake
cacahing paraga (tokoh) ing teks pacelathon yaiku...
siji utawa luweh
ora bisa dietung
loro utawa luweh
akeh banget
ukara ing teks pachelaton yaiku...
dawa boseni
cekak aos
ngelantur
cekak banget
Ketemu mbah wayah esuk ngucapake ... .
sugeng dalu
sugeng enjing
sugeng siang
sugeng selamet
supaya pinter kudu ... .
sinau
dulinan
tuku jajan
ngelawan wong tuwa
momong - ayo - adik
tatanane tembung iki yaiku ... .
adik ayo momong
ayo adik momong
ayo momong adik
Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur.
Kang ngasilake oksigen yaiku ..............
kewan ingon-ingon
banyu kang resik
tanduran sing subur
manungsa
Sapu Sada
(Dening : Astuti)
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kebecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Pada (bait) ing puisi ana . . .
siji
loro
telu
papat
Ibu...
Aku njaluk restu
Supaya anggonku sinau
Bisa migunani kanggo masa depanku
tegese tembung migunani yaiku ....
berguna
bertujuan
berusaha
bersepakat
Guru
Cahyaning ati
Polahmu digugu lan ditiru
Pahlawan ilang tanpa pamrih
Jasamu sak dawaning jaman
Mula...
Bektia marang guru
Kang dadi boring pendidikan
Kan mandhengani pembangunan moral
Tema geguritan ing ndhuwur yaiku ....
ibu
guru
pahlawan
murid
Pancen luhur bebudenmu
Urip prasaja ora kesusu
Ana ing desa kang asri
Urip rukun dadi petani
Geguritan ing ndhuwur nyeritaake bab ....
uring ing ndesa
uripe warga desa
uripe pak tani
luhur bebudene
Padhang mbulan madhangi pelataran
Bocah-bocah padha dolanan ana latar
Jamuran, dhelikan, lan gobaksodoran
Geguritan ing ndhuwur nyritaake kahanan ing wayah ....
sore
awan
isuk
mbengi
Layangan
dening : Aming
Kayadene layangan ana ing tawang
Awakku kagoyang-goyang
Sing ditali benang nanging ati kebimbang
Layangan iku pedhot
Tiba ngleyang embuh nyang endi parane
Aku ora ngerti atiku kaya pepes susahe
sing nulis utawa sing nggurit geguritan ing ndhuwur yaiku ....
Endah
Sinta
Aming
Indah
Nduk Anakku Wadon
Dening Mira Aulia Alamanda
Ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe
Dadi wong wadon iku kudu
Suci uni, suci rupi, lan suci ati
Mula iku omonga sing apik
Dandana sing resik
Mlakuwa sing becik
Ing ngalam donya
Ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe
Golekna dalan swarga liwat tetep madhep
Lan mantep terus dhedhep marang Gusti
Nasehat geguritan ing ndhuwur yaiku ....
Nduk Anakku Wadon
Dening Mira Aulia Alamanda
Ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe
Dadi wong wadon iku kudu
Suci uni, suci rupi, lan suci ati
Mula iku omonga sing apik
Dandana sing resik
Mlakuwa sing becik
Ing ngalam donya
Ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe
Golekna dalan swarga liwat tetep madhep
Lan mantep terus dhedhep marang Gusti
Miturut geguritan ing ndhuwur bocah wedok kudu ...
goleka dalan swarga kanthi nglawan marang wong tuwa
goleka dalan swarga kanthi cara sing salah
goleka dalan swarga tanpa nggatekake Gusti
goleka dalan swarga liwat tetep madhep lan mantep terus dhedhep marang Gusti
Nduk Anakku Wadon
Dening Mira Aulia Alamanda
Ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe
Dadi wong wadon iku kudu
Suci uni, suci rupi, lan suci ati
Mula iku omonga sing apik
Dandana sing resik
Mlakuwa sing becik
Ing ngalam donya
Ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe
Goleka dalan swarga liwat tetep madhep
Lan mantep terus dhedhep marang Gusti
Sing bener miturut geguritan ing ndhuwur yaiku ....
geguritan ing ndhuwur ana 3 pada
geguritan ing ndhuwur 10 gatra
sing nggawe geguritan kasebut yaiku Rani
nasehate geguritan ing ndhuwur yaiku kudu nglawan wong tuwa ben mlebu suwarga
Sekolahku,
Panggonku ngangsu kawruh
Dididik dening guru
Amrih dadi bocah kang mituhu
Sekolahku,
Gedungmu ora megah
Tegelmu dudu keramik
Nanging kenanganmu tansah takeling-eling
Geguritan ing ndhuwur nyritaake bab ....
Peraturan sekolah sing ketat.
Kegiatan olahraga ing sekolah.
Fasilitas sekolah sing modern.
Sumilir angin pesisir
Bebarengan klawan ombak;
kang nabrak watu ing pinggir
Minangka tandha mangsa rendheng teka
Pra nelayan wiwit ngati-ati lunga segara
geguritan ing ndhuwur nyritaake papan ....
alas
pantai
Guruku,
Lakumu saben dina taktiru
Dadi tuladha kanggo awakku
Amarga sliramu sugih ilmu
Guruku,
Sifatmu kang sabar
Sanajan aku ora bisa cepet paham
Bakal dadi semangatku
....
Gatra kanggo njangkepi geguritan ing ndhuwur yaiku ....
supaya aku dadi bocah sing males
supaya aku dadi bocah sing ora tahu ngrungoake wong tuwa
supaya aku dadi bocah sing ora manut karo guruku
supaya aku dadi bocah sing sregep sinau
Geguritan sing nggambarake kaendahane alam gunung yaiku ....
Saben dina kowe madeg kanthi gagah
Dhuwurmu ngalahke langit kang amba
warna birumu nggawe santosa
banyu oyak-oyakan ing pinggirmu
nggawe aku pengen nglangi ing sak njeromu
angin semilir
wit klapa obah prasaja
kaweningan swasana nggawe atiku lega
bangunanmu kuno
nanging sewu siji kenangan nggawe atiku mongkog marang sliramu, sekolahku.
Sing perlu digateake nalika arep maca geguritan, yaiku ... kejaba ....
intonasi
klambi kang apik
wiraga utawa gerakan badan
wirasa utawa ekspresi wajah
Cahyaning ati
Polahmu digugu lan ditiru muridmu
Pahlawan ilang tanpa pamrih
Jasamu sak dawaning jaman
Pahlawan sing dikarepake geguritan ing ndhuwur yaiku ....
guru
dokter
ibu
Ibu, aku sayang banget marang awakmu
Amarga awakmu, Ibu, aku dadi kaya saiki
amarga awakmu, ibu, aku dadi bocah sing sregep sinau
amarga awakmu, ibu, aku dadi bocah sing temen
Bocah ing geguritan ing ndhuwur nduwe rasa ... marang ibune.
biasa
mangkel
sengit
sayang
Esuk budhal sekolah
Sore nyekel buku
Awan daknggo turu
Mung arep nggayuh cita-citaku
Yen dak roso ora ono wektu dinggo senenge atiku
Aku sinau saben dina
Tansah manut dhawuhe wong tuwaku
Supaya aku dadi bocah pinter
Ing tembe bisa mujudake cita-citaku
Bisa mendhem jero lan mikul dhuwur marang wong tuwa
Bisa mulyakne wong tuwaku
Lan utamane bisa bekti marang wong tuwaku
Yagene utawa kenangopo aku kudu manut marang wing tuwaku?
Dongeng kang ana gegayutane karo kedadeyan alam utawa dumadine sawijining papan/panggonan diarani ...
Fabel
Legenda
Mitos
Sage
Gagasan, ide, utawa pikiran utama kang dadi dhasare crita diarani ...
tema
latar
alur
paraga
Katrangan bab papan panggonan, wektu lan swasana utawa kahanan sajroning crita diarani ...
tema
latar
alur
paraga
Urutane kedadeyan ing crita saka wiwitan nganti pungkasan diarani ...
tema
alur
latar
paraga
Tokoh sing ana ing sajroning crita diarani ...
alur
tema
paraga
wewatak
Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!
Legendha Desa Lahar
Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa.
..................................................
Irah-irahan saka carita Legendha ing dhuwur yaiku....
Legendha Gunung Muria
Legendha Desa Lahar
Legendha bom Hirosima
Legendha ledakan bom Sekutu
Paraga utawa tokoh kang nduweni watak sae/becik/apikan, diarani paraga ...
antagonis
tritagonis
protagonis
anonim
Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane cerita legendha yaiku.…
Dumadine desa Cluwak
Joko Tingkir
Nyi Rorokidul
Timun Mas
Gatekna pethikan carita Legendha ing ngisor iki!
Asal-Usul Desa Sirahan-Cluwak-Pati
Desa Sirahan manggon ing tlatah Wates Kabupaten Pati-Jepara. Desa Sirahan kawentar dadi pusat pendhidikan Agama. Kacarita nalika samana Kadipaten Pati ngutus Ki Jiwonolo, punggawa Kadipaten Pati kanggo mbukak alas ing tlatah Tayu sisih kulon.
.......................................................
Sapa kang diarani punggawa Kadipaten?
Ki Joyodrono
Raden Alim
Ki Gabul
Ki Jiwonolo
....
Sunan Kalijaga lan Ki Rangga serta para santrine pada nuju padepokan Sunan Muria. Nadyan papan dununge adoh, Sunan Kalijaga kaya-kaya ora ndue kesel babar blas.
...
penggalan crita ing dhuwur, tembung nadyan nduweni teges ... .
ora gelem
nanging
supaya
dadi
Crita Rawa Pening iku asale saka . . . .
Sumatera Selatan
Jawa Timur
Jawa Barat
Jawa Tengah
Ing ngisor iki kang kalebu cerita legenda kajaba . . .
Asal- usule Banyuwangi
Dumadhine Rawa Pening
Kancil Nyolong Timun
Asal-usule Gunung Tidar
Kutha malang yaiku salah sawijine kutha sing ana ing wilayah Jawa Timur. Nalika, semana, Malang iku kalebu kerajaan sing punjere ana ing wilayah Dinoyo. Ing jaman biyen ono raja sing wicaksana lan sekti mandraguna ingkang kagungan asma Dewashima. Miturut cuplikane crita ing duwur Dewashima nduweni watak ….
lalian
keset
pinter
wicaksana
Legenda yaiku crita rakyat sing ana bukti papan panggonan. Tuladhane legenda yaiku ….
Crita Si Kancil
Crita Timun Mas
Crita Bawang Abang lan Bawang Putih
Crita Sangkuriang lan Tangkuban Prau
cerita Rawa Pening yaiku salah sijine crita kang kalebu crita . . . .
mite
fabel
legendha
pandhawa
