NEW
Font size
WorksheetsUH TANGGAP WACANA
Total questions: 25
Worksheet time: 2hrs 37mins
Bapak/ Ibu saha mitra kanca ingkang satuhu minulya, ing mriki badhe kula aturaken bilih kegiatan karang taruna ingkang badhe kaleksanan wulan ngajeng inggih punika awujud kegiatan kerja bakti. Perangan kasebut diarani.......
Assalamualaikum Wr. Wb Ingkang kawula kurmati para pinisepuh ing Desa Pakijangan ingkang dhahat kinurmatan Bapak/Ibu pangarsa Desa Pakijangan ingkang dhahat kinurmatan Bapak/Ibu tokoh masyarakat ing Desa Pakijangan, para pandhega Karang Taruna lan para kawula mudha Karang Taruna Desa Pakijangan ingkang tansah winantu ing karahayon. Langkung rumiyin, keparenga kula ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Kang Maha Agung ingkang tansah paring kawilujengan lan katentreman dhumateng kita sedaya, saengga kita saged makempal wonten ngriki kanthi kahanan sehat wal’afiat. Bapak/Ibu para undangan ingkang minulya, kula minangka pandhega Karang Taruna ing Desa Pakijangan ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, awit saking rawuhipun panjenengan sami. Salajengipun, sumangga kula aturi sami lenggah kanthi prayogi. Teks ing dhuwur kalebu jenise teks?
Assalamualaikum Wr. Wb Ingkang kawula kurmati para pinisepuh ing Desa Pakijangan ingkang dhahat kinurmatan Bapak/Ibu pangarsa Desa Pakijangan ingkang dhahat kinurmatan Bapak/Ibu tokoh masyarakat ing Desa Pakijangan, para pandhega Karang Taruna lan para kawula mudha Karang Taruna Desa Pakijangan ingkang tansah winantu ing karahayon. Langkung rumiyin, keparenga kula ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Kang Maha Agung ingkang tansah paring kawilujengan lan katentreman dhumateng kita sedaya, saengga kita saged makempal wonten ngriki kanthi kahanan sehat wal’afiat. Bapak/Ibu para undangan ingkang minulya, kula minagka pandhega Karang Taruna ing Desa Pakijangan ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, awit saking rawuhipun panjenengan sami. Salajengipun, sumangga kula aturi sami lenggah kanthi prayogi. Bapak/Ibu saha mitra kanca ingkang satuhu minulya, ing mriki badhe kula aturaken bilih kegiatan karang taruna ingkang badhe kaleksanan wulan ngajeng inggih punika awujud kegiatan kerja bakti. Kegiatan kerja bakti ingkang badhe dipuntindhakaken nggadhahi ancas kangge nyegah wabah lelara demam berdarah. Tanggap wacana ing dhuwur katindakaken ing adicara?
Para priyagung, wirotama, tamtama, manggalaning negari, trahing witaradya, satriyaning negari, sarjana sujaneng budi, sarjana sujana adi ingkang tansah anggung memardi pepoyaning kautaman, tansah anukarta anuraga amestuti titising tyas marsudi mardawaning budya tulus, dahat kinurmatan, tansah nengenaken kautaman, dahat sinuba sinukarta amakarti tuntuna edi, ingkang minulya ing karya, ambeg berbudi darma. Perangan sesorah arane atur …
Para rawuh ingkang kinurmatan, sumangga langkung rumiyin kula saha panjenengan sadaya tansah ngunjukaken raos sukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kawasa awit sadaya sih nugrahaning, pramila saged prapta ing papan menika kanthi ginanjar wilujeng nir ing sambekala. pethikan ing nginggil minangka perangan sesorah ingkang sinebut….
Ukara “Ing kalodhangan punika kangge mahargya dinten BEBAS NARKOBA, kula ngajak dhateng para tamu, mliginipun kanca-kanca, mangga sesarengan sami nyuksesaken progam pamerintah ingkang gadhah pangajab BEBAS NARKOBA TAHUN 2025. Awit saking kathahing kedadosan ingkang sampun kaetang, makaping-kaping korban ingkang ngginakaken narkoba tansaya mindhak.” kalebu perangan...
