wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Soal Bahasa Jawa

Total questions: 21

Worksheet time: 31mins

Name
Class
Date
1.

Kenging menapa kathah tiyang ingkang nggadhahi pamanggih menawi sesorah menika padamelan ingkang ngajrihi?

a)

amargi ajrih mbok menawi kathah lepat basanipun

b)

amargi sesorah dipunraosaken mujudaken kaprigelan ingkang mboten sedaya tiyang saged nindhakna

c)

amargi mboten sedaya tiyang saged basa karma inggil

d)

amargi menawi mboten siyaga mental saged nglingsem-nglingsemaken

e)

amargi kedah siyaga mental kalihan materi

2.

Kagatosna rantamaning sesorah ing ngandhap punika!

1. Salam pambuka

2. Wasana basa

3. Pangajeng-ajeng

4. Surasa basa

5. Purwaka basa

6. Salam panutup

Rerantamaning sesorah ing nginggil ingkang leres inggih menika….

a)

1,2,3,4,5,6

b)

1,3,4,5,2,6

c)

1,4,2,3,5,6

d)

1,5,4,3,2,6

e)

1,5,3,4,2,6

3.

Nalika saweg sesorah, ing satengahing sesorah pamicara kesupen kalihan menapa ingkang badhe dipunaturaken pramila sesorahipun mboten lancar/kisruh lan ancas saking sesorah menika boten dipunlampahi kanthi sae. Bab menika kadadosan amargi pamicara ngginakaken sesorah kanthi metode….

a)

impromptu

b)

teks

c)

ekstemporan

d)

naskah

e)

apalan

4.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.


Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah

a)

pangajeng - ajeng

b)

panutup

c)

isi

d)

pambuka

e)

Dhudutan

5.

Sesorah kang ditindakake kanthi kudu nyekel cathetan utawa tulisan sing diapalake supaya ora lali nalika sesorah diarani…

a)

Apalan

b)

Naskah

c)

Dadakan

d)

Impromptu

e)

Ekstemporan

6.

Sesorah kang ditindakake kanthi kudu nyekel cathetan utawa tulisan sing diapalake supaya ora lali nalika sesorah diarani…

a)

Apalan

b)

Naskah

c)

Dadakan

d)

Impromptu

e)

Ekstemporan

7.

Gatekana urutan-urutan nggawe sesorah ing ngisor iki!

a.       Ndumuk kahanane sing ngrungokake;

b.      Nemtokake tema;

c.       Nemtokake tujuwan;

d.      Nliti tembung, ukara, lan paragrafe jumbuh karo paramasastra lan unggah-ungguh

e.       Ngempalake bahan sesorah;

f.        Ngembangake cengkorongan dadi ukara-ukara lan paragraf;

g.      Nggawe ragangan (cengkorongan);

Urutan carane nggawe sesorah sing bener yaiku…

a)

c-b-a-g-e-f-d

b)

a-b-c-d-e-f-g

c)

d-e-f-a-b-g-c

d)

g-f-e-d-c-b-a

e)

e-b-f-d-a-c-g

8.

Sadurunge sesorah kudu ngerteni acara apa kang bakal digelar, amarga sesorah iku mesthi ana ing acara kang beda. Umpamane ing acara pengajian mesthi beda nalika ing acara kamardikan RI. Perangan iki wigati supaya pamrayogane wedharan kang diarani ...

a)

Ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake tanggap wacana

b)

Ngreteni wektu utawa durasi tanggap wacana kang diwenehake

c)

Ngreti jinise tanggap wacana lan tema acara

d)

Nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggap wacana

e)

Busana kang jumbuh karo swasana

9.

Ing desaku bapak kulina kadhapuk dadi sesulih piyayi kang duwe gawe, pakaryan iki atur pambagyaharja. Nalika pasamuan ing desa bapak ngageme jas nasional, nanging nalika ana ing karaton ngagem kejawen jangkep. Perangan iki bab-bab wigati amrih prayogane wedharan kang diarani ...

a)

Ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake tanggap wacana

b)

Ngreteni wektu utawa durasi tanggap wacana kang diwenehake

c)

Ngreti jinise tanggap wacana lan tema acara

d)

Nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggap wacana

e)

Busana kang jumbuh karo swasana

10.

Kados namung semanten ingkang saged kula aturaken wonten ing ngarsa  panjenengan sedaya, bilih kathah atur kula ingkang mboten mranani penggalih,kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Perangan ing sesorah kuwi ana ing bagian ...

a)

Pambuka

b)

Purwaka

c)

Purwaka

d)

Pangarep-arep

e)

Wasana/ panutup

11.

samengko ingsun tutur,

sembah catur supaya lumuntur,

dhingin raga cipta jiwa rasa kaki,

ing kana lamun tinemu,

tandha nugrahaning Manon.


tembang ing dhuwur kalebu jinis tembang macapat?

a)

sinom

b)

pangkur

c)

gambuh

d)

durma

e)

pocung

12.

tembang kang nggambarake wong kang seneng aweh marang liyane, yaiku ...

a)

megatruh

b)

pocung

c)

pangkur

d)

durma

e)

maskumambang

13.

tembang kang nggambarake wong kang mungkur saka nepsu kadonyan, yaiku ...

a)

megatruh

b)

pocung

c)

pangkur

d)

durma

e)

maskumambang

14.

Tembang kang nggambarake pisahing antarane jiwa lan raga, yaiku ...

a)

gambuh

b)

megatruh

c)

dhandhanggula

d)

mijil

e)

pangkur

15.
Tembang kang watake seneng, antepan ati lan gagah, mangkelake yaiku tembang
a)
Dhandhanggula
b)
Gambuh
c)
Pocung
d)
Pangkur
e)

Mijil

16.

Krepriye caramu angene nyusun sesorah miturut struktur sesorah kanthi trep !

4 lines
17.

Apa sing digathekake dadi pambiwara ing acara? Jelasna !

4 lines
18.

Kepriye caramu supaya tembang macapat tetep bisa dilestarikake lan ora bakal ilang saka owahing jaman ? Jelasna kanthi gamblang !

4 lines
19.

Jelasna kathi gamblang filosofi ing salebeting tembang “Mingkar Mingkuring Angkara” miturut bahasamu dhewe !

4 lines
20.

Jelasna miturut pendapatmu ngengingi paedahe tembang macapat ing jaman modern saiki !

4 lines
21.

Jelasna miturut pendapatmu ngengingi paedahe sinau sesorah ing jaman modern saiki !

4 lines