WorksheetsSoal PSAJ Bahasa Jawa Kelas XII
Total questions: 50
Worksheet time: 57mins
Unsur-unsur instrinsik kang ana ing sajrone teks wacan drama yaiku…
Tema, plot, paraga, dialog, monolog, epilog, lan piwulang
Prolog, dhialog, orientasi, komplikasi, resolusi, lan koda
Abstraksi, orientasi, komplikasi, klimak, resolusi, lan koda
Tema, alur, lelewane basa, komplikasi, resolusi, lan koda
Tema, plot, paraga, watak, seting, lan piwulang.
Eksposisi yaiku salah siji perangan alur crita drama kang duweni teges….
Perangan adegan drama kang pungkasan sing nyritakake adegan kanggo ngrampungake konflik utawa masalah sing diadhepi dening paraga utama
Perangane crita adegan drama ngenani klimaks ing saben adegan nyawiji lan wiwit nemokake dalan kanggo ngudhari reruwet utawa masalah sing diadhepi paraga
Perangan crita sing nudhuhake dumadi anane konflik jroning adegan-adegan drama lan kena diarani tekan ing pucuking masalah kang njalari penonton padha gregeten
Perangan crita sing nudhuhake wiwit anane dredah utawa masalah konflik ing antarane paraga utama karo paraga liyane (lumrahe karo paraga antagonis)
Lumakune crita kang diwiwti saka pengenalan para paraga, pengenalan seting (nudhuhake panggonan, nudhuhake wektu, lan kepriye swasanane) crita drama
Sing diarani komplikasi jroning alur crita drama yaiku….
Lumakune crita kang diwiwiti saka pengenalan para paraga, pengenalan setting (nuduhake panggonan, nuduhake wektu, lan kepriye swasanane) crita drama
Perangane crita sing nudhuhake wiwit anane dredah utawa masalah konflik ing antarane paraga utama karo paraga liyane (lumrahe karo paraga antagonis)
Perangane crita sing nudhuhake dumadi anane konflik jroning adegan-adegan drama lan kena diarani tekan ing pucuking masalah kang njalari penonton padha gregeten.
Perangane crita adegan drama ngenani klimak ing saben adegan nyawiji lan wiwit nemokake dalan kanggo ngudhari reruwet utawa masalah sing diadhepi paraga.
Perangane adegan drama kang pungkasan sing nyritakake adegan kanggo ngrampungake konflik utawa masalah sing diadhepi dening paraga utama.
Sing diarani resolusi jroning alur crita drama yaiku…
Lumakune crita kang diwiwiti saka pengenalan para paraga, pengenalan setting (nuduhake panggonan, nuduhake wektu, lan kepriye swasanane) crita drama
Perangane crita sing nudhuhake wiwit anane dredah utawa masalah konflik ing antarane paraga utama karo paraga liyane (lumrahe karo paraga antagonis)
Perangane crita sing nudhuhake dumadi anane konflik jroning adegan-adegan drama lan kena diarani tekan ing pucuking masalah kang njalari penonton padha gregeten.
Perangane crita adegan drama ngenani klimak ing saben adegan nyawiji lan wiwit nemokake dalan kanggo ngudhari reruwet utawa masalah sing diadhepi paraga.
Perangane adegan drama kang pungkasan sing nyritakake adegan kanggo ngrampungake konflik utawa masalah sing diadhepi dening paraga utama.
Struktur wacan drama sing mujudake perangan wiwitane wacan drama kang mujudake katerangan gegambarane drama kanthi umum kanggo nepungake paraga, nerangake papan panggonan lan wektu jroning drama diarani…
Prolog
Dialog
Analog
Epilog
Monolog
Struktur wacan drama sing mujudake perangan pungksan sajroning wacan drama kang dadi panutup kang awujud dudutan (Kesimpulan) lan piweling (pesen moral) kang dijupuk saka sawijine wacan drama diarani….
Prolog
Dialog
Analog
Epilog
Monolog
Jroning pagelaran seni kegiatan sing mujudake Latihan kang pungkasan kanthi para paraga kaya-kaya wis nganakake pagelaran sing satemene diarani….
Gladhi resik
Ngrancang seni
Gladhi kotor
Milih para paraga
Nganakake gladhen
Jinise seni drama tradisional (sandhiwara) sing tuwuh ngrembaka ing Jawa Tengah , Yogyakarta, lan Jawa Timur kang sumber critane dijupukake saka crita babad, Epos Mahabharata-Ramayana, sejarah, dongeng, lan crita rakyat diarani…
Ludruk
Janger
Kethoprak
Wayang kulit
Tari remong
Jinis tari ritual kang mujudake tarian khas osing ing Banyuwangi sing biasane dimainake dening wong sing umure wis tuwa banget diarani tari….
Tayub
Topeng
Remong
Seblang
Janger
Kanggo ngrancang sawijine pagelaran seni, kegiatan dhisik dhewe sing kudu ditindakake yaiku….
Ngevaluasi Latihan
Ndhapuk panitia kerja
Nyepakake ubarampe
Nganakake gladhi resik
Nglumpukake para seniman
Kowe yen dikongkon bapak kudu manut, supaya bapak ora nesu. Tembung sing dicithak miring krama inggile yaiku…
Dikengken, duka
Dikengken, muring-muring
Diutus, duka
Diutus, muring-muring
Dikongkon, duka
Perangane crita kang nerangake papan panggonan kanggo main drama, wektu dumadine kedadeyan, lan kahanan kang dicritakake jroning pagelaran drama diarani….
Tema
Plot
Alur
Seting
Dhialog
Underaning perkara kang dadi wosing rembug utawa sing dadi bakune crita jroning drama diarani….
Tema
Plot
Alur
Seting
Dhialog
Rerangkening crita utawa reroncening konflik para paraga saka wiwitan nganti tumekane pungkasan jroning pagelaran drama diarani….
Tema
Plot
Alur
Seting
Dhialog
Sajroning sandhiwara radhio amarga mung disemak kanthi cara dirungokake wae, mula pamaraga/pemain sandhiwara radhio kudu temen-temen duweni swara kang bisa…
Kaprungu endhek-dhuwure dening panyemak
Nggambarake figure/karakter tokoh kang diparagani
Kaprungu kanthi cetha/jelas dening panyemak
Diatur intensitas, intonasi, lan artikulasine
Kepenak dirungokake kaya swarane waranggana.
Sing diarani pagelaran seni tradhisional yaiku….
Sawijine pagelaran seni kang thukul lan ngrembaka ing sawijine dhaerah kang isih disenengi lan diopeni dening masarakate.
Sawijine pagelaran seni isih ngugemi pakem tradhisional lan pakem sing wis ana kasebut aja nganti ana sing diowahi utawa diganti.
Sawijine pagelaran seni sing mung oleh ditindakake dening para pelaku seni ing sawijine dhaerah ngendi kesenian kuwi thukule
Sawijine pagelaran seni sing sakabehane ubarampe (alate) nggunakake ubarampe tradhisional ora oleh dicampur ubarampe modern.
Sawijine pagelaran seni sing mung sikhususake kanggo upacara-upacara adat sing tujuane kanggo ngleluri tradhisi sing isih lumaku.
Sing diarani pagelaran seni modhern yaiku….
Jinise pagelaran seni sing ora gelem nampa saka seni budaya manca negara
Jinise pagelaran seni tradhisional sing isih diopeni dening masarakat modern
Pagelaran seni sing durung oleh pangaribawa saka kesenian budaya manca
Pagelaran seni sing kudu digabungake seni tradhisi karo budaya dhaerah
Jinise pagelaran seni sing wis oleh pangaribawa dening seni budaya manca.
Udan riwis-riwis kesisan maruta kengis saya nambahi temah pepes jroning penggalih Begawan Wiragni.
Tembung maruta tegese….
Gunung
Angin
Nala
Wengi
Dalan
Nuwun sewu Bu Ratna, menawi dipunkeparengaken kula nyuwun ijin… (1) rumiyin amargi sakmenika garwa kula….(2), asam lambungipun kimat malih. Rencana badhe kula…. (3) dhateng Rumah Sakit Mardi Waluya. Kula wau inggih sampun…. (4) dhateng Kepala sekolah.
Tembung sing cocog kanggo ngisi titik-titik ing dhuwur kanthi urut yaiku….
(1) wangsul; (2) gerah; (3) asta; (4) dhawuh
(1) kondur; (2) gerah; (3) asta; (4) matur
(1) kondur; (2) sakit; (3) asta; (4) matur
(1) wangsul; (2) sakit; (3) bekta; (4) matur
(1) wangsul; (2) gerah; (3) bekta; (4) sanjang
Seni drama kang mijil saka wewengkon Jawa Timur yaiku….
Kethoprak
Dhagelan
Wayang wong
Lenong
Ludruk
Seni drama kang mijil saka wewengkon Jawa Tengah yaiku….
Kethoprak
Dhagelan
Wayang wong
Lenong
Ludruk
Seni drama kang mijil saka wewengkon Jakarta yaiku….
Kethoprak
Dhagelan
Wayang wong
Lenong
Ludruk
Setitekna punggelan cerkak ing ngisor iki!
Angger : “Del, aja mlaku disambi HP-an!”
Adin : “Delengen iku Adel yen ora semaur.”
(Angger lan Adin mlaku pinuju kelas ninggal Adel. Sakwise bocah loro kuwi mau mlaku saktekane ngarep kelas Adel mlayu-mlayu nututi kancane sinambi HP-an)
Adel : “Waduh! Tulung!” (Grubyakkkkk)
Tekan tangga keprungu suara ana sing ceblok.
Latar panggonan punggelan drama ing dhuwur yaiku…
Sekolah
Kelas
Kantin
Ngarep kelas
lapangan
ing ngisor iki panulisan ukara dhialog kang trep yaiku….
"Apa bukuku katut kok gawa Bali, Ma? Pitakone Mia.
Tugase kae garapen sik ya! Ature Irvan.
"Ayo, kelase ndang diresiki cah" ngendikane Pak Andi.
Aku pancen nate takon, ngapa kok ngantii buku iki isa suwek? Ature Dama menyang Lisa.
Andi ngomong menyang kanca-kancane, "Wis-wis kelompokane dirampungake sesok meneh. Saiki wis magrib."
Undha usuk basa bakune ana loro, yaiku….
Ragam ngoko lan ragam krama inggil
Ragam ngoko lan ragam krama
Ragam krama lugu lan ragam krama inggil
Ragam ngoko lan ragam krama inggil
Ragam krama alus lan krama inggil.
Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake…
Kedadeyan saperlune
Kedadeyan sajroning keraton
Kedadedayen padinan
Prastawa Sejarah
Epos Mahabharata-Ramayana
Sandhiwara radio yaiku jinise sandhiwara kang mung bisa kasemak kanthi migunakake….
Antawacana (dhialog)
Indra Pengecap utawa pangrasa
Indra Pangrungu (audio)
Audio Visual elektronik
Perkakas kang canggih
Tumrap adhegan lan kahanan kang ora bisa utawa angel diswarakake (umpamane kobongan, banjir, rasa, rupa) bisa dicritakake dening….
Sutradara
Pamaraga
Penulis naskah
Narator
Edhitor
tari pambuka ing pagelaran Ludruk yaiku….
Tari srimpi
Tari merak
Tari remo
Tari gambyong
Tari kreasi
Para dhagelan ludruk biasane miwiti lawakane kanthi….
Nembang lagu dolanan
Nembang macapat
Nembang kenangan
Nembang campursari
Ngidung jula-juli
Pagelaran kang kawiwiti kanthi gendhing lan lelagon pangayubagya dening wiyaga, lan sindhen biasane kanggo mangayubagya kasuguhake beksan gambyong diarani pagelaran…
Ludruk
Kethoprak
Lenong
Tayub
Bedhayan
Crita gancaran kang ngandharake kedadeyan saka wiwitan nganti pungkasan kanthi cekak aos diarani….
Geguritan
Cerkak
Drama
Novel
Anekdot
Trap-trapane gawe naskah sandiwara, ing watarane kaya ing ngisor iki kejaba….
Nemtokake tema
Nemtokake kontemplasi
Wawan rembug
Eksplorasi
Improvisasi
Dhialog ing sajroning sandhiwara kudu nggambarake….paraga-paragane.
Karakter
Tema
Alur
Plot
Setting
Supaya penonton bisa ngrasakake dialek utawa ritme omongan saka para paraga kasebut, awake dhewe kudu gladhen supaya paguneman bisa nduweni sipat estetis, yaiku kanthi…
Guneman
Olah raga
Olah vokal
Olah rasa
Meditasi
Sing nglakokake crita ana ing sajroning sandhiwara yaiku….
Paraga
Alur
Sutradara
Tema
Alur
Sing ngatur lakune paraga ing sandhiwara diarani…
Paraga
Alur
Sutradara
Tema
Alur
Pacelathon wis ora padha karo sing ana ing naskah, nanging wose pacelathon tetep gegebengan karo naskah diarani….
Tetembungan
Paragon
Impromptu
Improvisasi
Sinopsis
cacahe aksara Jawa Legena ana…
15
20
25
30
35
Crita kang awujud rerangkening adhegan-adhegan utawa rantaman lakon sandhiwara diarani….
Skenario
gaya Bahasa
rurabasa
kratabasa
tema
Gatekna tulisan aksara Jawa iki!
Tulisan aksara kang migunakake sandhangan cakra katunjukke nomer….
(1) lan (3)
(2) lan (3)
(3) lan (5)
(1) lan (4)
(4) lan (5)
Jroning tata panulisan aksara Jawa, pranyata ana sawijine sarana kang kena digunakake kanggo tata prungu, tegese kanggo asung pakurmatan marang para pawongan kang kudu diluhurake (umpamane ratu utawa raja). Jinise aksara Jawa sing digunakake kanggo asung pakurmatan marang para ngaluhur diarani….
Aksara Rekan
Aksara Murda
Aksara Swara
Aksara Garba
Denta Wyanjana
Jroning panulisan aksara Jawa uga kena kanggo nulis aksara vokal kang awujud wanda sing pangucapane kudu dicethakake lan tembung-tembung saka basa manca (kata serapan) diarani….
Aksara Rekan
Aksara Murda
Aksara Swara
Aksara Garba
Denta Wyanjana
Jroning panulisan aksara Jawa kang digunakake kanggo nulis tembung-tembung manca mligine tembung-tembung saka basa Arab diarani….
Aksara Rekan
Aksara Murda
Aksara Swara
Aksara Garba
Denta Wyanjana
Setitekna punggelan cerkak ing ngisor iki!
Dakakoni, wiwit biyen Sugeng pancen rada beda karo kanca-kancaku tenaga kebersihan liyane. Yen kanca liyane rata-rata ora akeh guneme lan arang-arang wangsulan yen dak kandhani bab gaweyan, nanging ora ngono tumrape Sugeng. Dheweke kalebu sugih gunem lan kadang kala sok klebat-kliwat anggone omong yen saben-saben dak kandhani bab gaweyan. Nanging sok ngonoa, sauger wis dak dunungake kanthi nalar sing bisa ditampa, wekasane dheweke gelem ngerti lan nadhangi gaweyan kanthi becik lan tumata.
Unsur kang katon ana ing sajroning punggelan cerkak ing dhuwur yaiku…..
Latar swasana
Watak
Paraga
Pamawase pangripta
Latar panggonan
Perangan sajroning drama kang ngandhut piweling kanggo pamirsa saengga bisa dadi tepa tuladha diarani….
Paraga
Latar
Tema
Amanat
Konflik
Sadurunge pementasan drama digelar, sutradara milih paraga kang maragakake tokoh sajroning drama. Kagiyatan kasebut diarani….
Rekaman
Casting
Blocking
Akting
Improvisasi
Mendhung angendanu ngemuli pertapan jatisrana. Kembang-kembang padha alum temah gogrog ganda arum wus ilang kasapu dening angin. Kumbang kekiter bingung bilulungan ngupadi dununing sarining memanis. Udan riwis-riwis kesisan maruta kengis saya nambahi kekes temah pepes jroning penggalih Begawan Wiragni.
Punggelan wacan ing dhuwur nggambarake babagan….
Kulawarga kang sedhihh amarga wayah wengi sepi.
Negara kang sedhih amarga mentas perang
Jroning nala Begawan Wiragni kang sedhih
Wayah wengi, sepi, lan udan grimis.
Begawan wiragni kang wus sepuh
Tulisan “ingkang catur yaiku nakula” aksara jawane yaiku….
