WorksheetsSTS II BAHASA JAWA KELAS 6
Total questions: 25
Worksheet time: 5hrs 35mins
Wacanen teks ing ngisor iki kanthi tenanan!
"Gunung Merapi" Gunung Merapi dumunung ing wewatesan Provinsi DIY lan Jawa Tengah. Iki minangka salah sawijining gunung geni paling aktif ing Indonesia. Sajrone sejarah, Gunung Merapi wis njeblug kaping pirang-pirang lan nyebabake pangowahan lingkungan ing sakupenge. Letusan paling gedhe kedaden ing taun 2010, sing nyebabake sewu uwong kudu ngungsi. Sanajan bahaya, Gunung Merapi nyedhiyakake lemah sing subur kanggo tetanèn lan dadi papan riset geologi. Informasi sing ora trep miturut isine wacan Gunung Merapi yaiku ...
Gunung Merapi salah sawijining gunung geni sing aktif.
Sak ben taun, Gunung Merapi kedadean letusan seng gedhe.
Letusan sing paling gede kedadean taun 2010.
Gunung Merapi nyedhiyakake lemah sing subur.
Wacanen teks deskripsi ing ngisor iki kanthi teliti, banjur wangsulana pitakonan sing kasedhiya!
"Pasar Beringharjo" Pasar Beringharjo iku pasar tradisional sing dumunung ing pusat Kota Yogyakarta. Pasar iki wis misuwur wiwit jaman kolonial Belanda, lan dadi papan kanggo adol macem-macem barang, kaya panganan, sandhangan, lan barang-barang kerajinan. Pasar iki kerep banget rame, utamané ing dina-dina pasar utawa nalika musim liburan. Salah siji barang sing misuwur ing pasar iki yaiku batik Yogyakarta sing duwé desain khas.
Tegese tembung "desain" sing ana ing wacan yaiku ....
cara nggolek barang
gambar utawa bentuk sing digawe kanggo barang
papan ing pasar
cara ngatur pasar
"Beni nyuwek bukune kancane sarono ngongkon Antok." Tumindake Beni iku, Trep karo paribasan ....
ora kabeh sing keri bisa didol
sapa nandur bakal ngundhuh
luwih becik takon
nabok nyilih tangan
Pitik walik saba kebon, batangane ....
nanas
sulak
salak
semangka
Wacanen geguritan ing ngisor iki, banjur wangsulana pitakonan sing kasedhiya! "Alam Indonesia" Alam Indonesia kaya permata, Pemandangan sing endah banget, Gunung-gunung dhuwur nglindhungi, Segara biru sumringah sing nglantar. Tegese tembung “endah” ana ing larik kaloro yaiku ...
Segara Indonesia iku peteng lan ora ayem.
Segara biru iku nglantar lan nyedhiyakake kebahagiaan.
Segara biru iku nglantar amarga akeh ombak.
Segara biru iku katon sumringah, nanging ora bisa dijangkau.
Wacanen teks ing ngisor iki kanthi tenanan!
Kancil lan Baya Ing sawijining dina, Sang Kancil ngumbara menyang kali kanggo ngombe. Nalika ngliwati kali, dheweke weruh sawetara buaya sing lagi ngendhog ing pinggir kali. Buaya-buaya kuwi kepengin mangan Kancil. Kancil sing cerdik banjur ngandhani buaya-buaya kuwi, "Aku duwe kabar apik, ayo padha lunga menyang tengah kali, supaya bisa ndeleng kertu emas sing ana ing kana." Buaya-buaya padha seneng lan arep cepet-cepet menyang tengah kali, nanging Sang Kancil cepet-cepet mlaku ninggalake buaya-buaya kuwi. Pungkasane, buaya-buaya padha nesu amarga wis kapendhem trik Sang Kancil.
Teks ing dhuwur miturut titikane kalebu ....
teks deskripsi
teks narasi
teks eksposisi
teks argumentasi
Cangkriman: … . , anake diidak-idak
Bathangane: Andha/tangga
Jangkepane cangkriman ing dhuwur yaiku ....
mboke dielus-elus
bapake dielus-elus
simbahe diseneni
anake dielem
Tuku tahu ana ing pasar. Ukara ing dhuwur yen ditulis aksara jawa yaiku ... .
ꦠꦸꦏꦸꦠꦲꦸꦢꦶꦁꦥꦱꦂ
ꦠꦸꦏꦸꦠꦲꦸꦮꦤꦻꦁꦥꦱꦂ
ꦠꦸꦏꦸꦠꦲꦸꦮꦤꦻꦁꦥꦱ
ꦠꦸꦏꦸꦠꦲꦸꦮꦻꦻꦁꦥꦱꦂ
Pak Broto kerjo mangkat isuk nganti bengi gawe nyukupi kebutuhan kaluwargane. Bojone Pak Broto uga mbiyantu golek duwet gawe nyukupi kebutuhan sekolah anak-anake. Amarga anake akeh, Pak Broto lan bojone kudu nyambut gawe rekasa. Ukara saloka sing trep karo teks wacan ing dhuwur yaiku ... .
kebo kabotan sungu
jamur tuwuh ing sela
kebo nusu gudel
kuntul diunekake dhandhang
Wacanen penggalan teks pidato kang setiti!
Bapak-bapak saha ibu-ibu ingkang winulyo, manungsa mujudake makhluk sosial kang boten saged gesang tanpa manungsa lintunipun.Tegesipun saben-saben manungsa gesang mbutuhaken makhluk lintune. Mula saking punika kita kedah nduweni raos ngajeni lan ngormati dateng kahanan kang beda-beda agama, ras lan suku. Ing lelandhesan satuhunipun padha-padha anak bangsa, yaiku bangsa Indonesia. Monggo tulung tinulung, lan gesang tansah guyub rukun supados maujud Indonesia ingkang ayem tentrem aman tur raharjo.
Tema sing cocok karo teks pidato ing dhuwur yaiku ….
Manungsa saged gesang tanpa sabayantu manungsa liyane
Manungsa iku kalebu makhluk sosial
Dadi manungsa kudu tulung tinulung kanthi imbalan sing pantes
Manungsa aja nduweni rasa ngajeni
Urutna struktur pidato ing ngisor iki kanthi bener!
1. Salam penutup
2. Pambuka
3. Salam pambuka
4. Isi
5. Panutup
Struktur utawa urut-urutane kang bener kanggo pidhato yaiku….
2-3-4-5-4
3-2-1-4-5
3-2-4-5-1
4-3-2-1-5
Wacanen teks ing ngisor iki !
Sekolahku, SD Negeri 1 Sukoharjo, dumunung ing tengah kutha. Sekolahku duwe lapangan kang amba kanggo olahraga. Ing perpustakaan, ana buku-buku pelajaran lan buku cerita kang bisa diwaca dening siswa. Ruang kelas ing sekolahku resik lan nyaman kanggo sinau. Guru-guru ing sekolahku padha sabar lan tresna marang siswa. Aku seneng banget sekolah ing SD Negeri 1 Sukoharjo.
Ide pokok teks ing dhuwur yaiku ....
SD Negeri 1 Sukoharjo dumunung ing tengah kutha
Fasilitas ing SD Negeri 1 Sukoharjo lengkap
Guru-guru ing SD Negeri 1 Sukoharjo padha sabar lan tresna marang siswa
Aku seneng banget sekolah ing SD Negeri 1 Sukoharjo
Ing ngisor iki salah sajining tuladha tembang maskumambang.
Gereng-gereng Gathutkaca sru anangis,
Sambate mlas arsa,
Luhnya marawayan mili,
Gung tinameng astanira.
Guru gatra tembang macapat ing nduwur yaiku.…
4
5
6
7
Pak Dollah salah sawijine tukang nggambar ing desane Rudy. Gambare pancen apik banget. Pirang – pirang gambarane Pak Dollah wis akeh sing dituku dening para panggedhene kutha. Pak Dollah dhuwe siji putra, sing aran Mas Gendhon. Mas Gendhon isih siswa kelas 4 SD Putra Wijaya, nanging dheweke wis pinter nggambar lan kerep dadi juara ing pirang – pirang lomba nggambar.
Paribasan sing mathuk kanggo nggambarake kapinterane Mas Gendhon yaiku …
ancik – ancik pucuking eri
cebol nggayuh lintang
kacang ora ninggal lanjaran
mikul dhuwur, mendhem jero
Cangkriman pepindhan sing trep karo gambar ing dhuwur yaiku ...
Pitik walik saba kebon
Pitik walik saba alas
Pitik walik saba kandhang
Pitik walik saba meja
Longsor Sumedang
Dina Selasa, tanggal 20 September 2016, jam 22.00 WIB kedadean longsor ing Desa Cimareme, Kecamatan Sumedang kidul, Kabupaten Sumedang, Provinsi Jawa kulon. Longsor iku nguruk loro omah ing desa kuwi. Ana loro wong ing omah kuwi sing uga kauruk longsor, Mbah Parto lan putune sing aran Sulastri. Nganti isuk nasibe wong loro kuwi durung dimangerteni.
Prahara longsor ana wacan ing dhuwur kedadean ing desa ….
Sumedang
Sumedang Kidul
Jawa Kulon
Cimareme
Wacanen penggalan teks pidato kang setiti!
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
..................................
Bapak-bapak lan ibu-ibu, saha para kanca karang taruna, tujuan pepanggihan menika kangge ngrancang adicara Agustusan. Mangga sesarengan kita ngrancang jadwalipun. Lajeng kegiatan utawi lomba-lomba menapa ingkang badhe dipun wontenaken. Ingkang baku saged ngregengaken adicara Agustusan kanthi guyup-rukun ing kelurahan mriki.
Tema sing cocok karo teks pidato ing dhuwur yaiku ....
Rapat ngrancang gotong royong
Rapat ngracang plesiran
Rapat ngrancang pitulasan kamardikan
Rapat ngrancang adicara
Banjir Garut
Dina Selasa, tanggal 20 September 2016, wayah jam 19.00 WIB, udan deras marakake debit banyu kali Cimanuk lan kali Cikamuri ing kutha Garut, Propinsi Jawa Kulon munggah kanthi cepet. Ing jam 20.00 WIB banjir kedadean nganti sadhuwur dhengkul, lan ing jam 23.00 WIB dhuwure banjir wis kira – kira 2 meter. Wayah isuk jam 07.15 WIB banyu banjir wis kari 50 sentimeter.
Dhuwure banjir sadhengkul ing kutha Garut diwiwiti jam ….
07.15 WIB
19.00 WIB
20.00 WIB
23.00 WIB
Pak Brata lunga menyang Jakarta numpak sepur
Basa krama inggil ukara ing dhuwur yaiku… .
Pak Brata kesah menyang Jakarta numpak sepur
Pak Brata kesah menyang Jakarta nitih sepur
Pak Brata tindak dhateng Jakarta nitih sepur
Pak Brata tindak dhateng Jakarta numpak sepur
Mbah Kerto ngombe jamu pegel linu sawulan sepisan
Basa krama inggil sing paling bener saka ukara ing dhuwur yaiku ….
Mbah Kerto nginum jamu pegel linu sesasi sepindah
Mbah Kerto nginum jampi pegel linu sawulan sepisan
Mbah Kerto ngunjuk jamu pegel linu sesasi sepindah
Mbah Kerto ngunjuk jampi pegel linu sesasi sepindah
Becik ketitik ala ketara.
Apa tegese paribasan ing dhuwur?
Ing jaman saiki bedo karo jaman biyen. Majuning teknologi gawe urip tambah penak. Bocah-bocah enom saiki lueh pinter lan cepet anggone melajari majuning teknologi. Mulo akeh wong tuwa njaluk wuruk marang anake sing luwih enom umure.
Paribasan apa sing trep karo kahanan sing ana ing wacan?
Wacanen crita ngisor iki!
Budi bocah tasih sekolah ing bangku SD. Sak niki sampun kelas 6. Penggaweane saben dinten, sak sampune wangsul sekolah, niku ngerencangi bapak lan ibune menyang sawah ndamel ngeramut godhongan, kang biasane di sade ing pasar saben rong dinten.
Budi niku bocah ingkang sae. Teng sekolahan Budi disenengi kalian guru-guru lan rencang-rencang. Senajan anake wong ora nduwe, ananging Budi gadah akhlak ingkang sae, welas asih marang liyane lan seneng tinulung. Ora mung kuwi, Budi uga termasuk bocah pinter sering makili sekolah kanggem lomba-lomba. Iku gunu amarga budi sregep sinau.
Apa pesan moral kang iso dijupuk saka kisah Arjuna kuwi?
Gatekno ukara-ukara nisor iki!
(1) Sore iku awan mendhung lan angin semilir.
(2) Aku krasa adhem lan kepengin ngombe wedang anget.
(3) Banjur aku mlebu omah lan ndamel wedang jahe.
(4) Ora let suwe, udan deres tiba ing desaku.
Pilih urutan sing bener supaya dadi paragraf sing runtut!
Bapak lara untu.
Apa basa kramane lara?
