NEW
Font size
WorksheetsLATIHAN BASA JAWA
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Yen micara marang wong kang luwih tuwa nganggo basa ….
krama
ngoko
ngoko madya
kabeh bener
yen micara marang wong kang sakpantaran nganggo basa ….
bener kabeh
krama inggil
krama
ngoko
Guneman utawa omong omongan antarane wong siji lan sijine diarani ….
nembang
pacelathon
geguritan
sesorah
Pacelathon kudu nggunakake basa krama yen paragane antarane ….
wong tuwa marang wong enom
wong enom marang wong tuwa
wong enom marang wong enom
wong tuwa marang wong tuwa
Yen mlaku ngliwati wong kang lagi lungguh, matur kang sopan yaiku ….
nyuwun ngapunten
nderek langkung
sugeng sonten
sugeng dalu
"Wah mendunge kok peteng banget ya!”. Gesture kang pas yaiku ….
tangane ngapurancang
ngawe ngawe langit
duding langit
dungkluk
Ibu, maturnuwun wes diwenehi werni werni jajanan. ukara iki yen diowahi nganggo basa krama yaiku ....
Ibu maturnuwun wis dipun paringi werni - werni jajanan
Ibu matur nuwun sampun diparingi werni - werni jajanan
Ibu maturnuwun sampun diwenehi werni - werni jajanan
Ibu maturnuwun wis diwenehi werni - werni jajanan
“Kula ndedonga, mugi-mugi Ibu enggal dangan!” gesture kang pas yaiku ….
tangane digegem kenceng
nyakupke tangan ing dhadha
tangane ngapurancang
tangane nengadah mendhuwur
Ing ngisor iki tembung uluk salam kang jumbuh karo wektune kajaba….
sugeng ndalu (wayah bengi)
sugeng siyang (wayah awan)
sugeng sonten (wayah bengi)
sugeng enjing (wayah esuk)
Megan pamit simbahe arep mulih, sikape Megan kang pas yaiku....
ngadeg
lungguh
salaman
dungkluk
Ing ngisor iki ukara kang kalebu ngoko alus yaiku ….
Simbah nyerat serat kagem wayahipun
Bapak wis rawuh mau esuk
Bapak nembe sare, menawi guyonan ampun banter banter
Ibu ngasta tas werni abrit
Ukara ing ngisor iki kang kalebu krama alus utawa krama inggil yaiku ….
Wes kana dhahar sik, wis awan!
Kenzo lagi mangan sego goreng
Bapak kondur saking Semarang nitih sepur
Simbah nulis layang kagem wayahipun
Panganggone basa ngoko alus yaiku ….
sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate
kanggo wong enom menawa matur karo wong tuwa
anak buah marang pimpinane
wong kang durung kenal
Kang dadi titikane ngoko alus yaiku ….
tetembungan krama kang ora kecampuran ngoko
tetembungan krama kang kecampuran ngoko madya
tetembungan ngoko kang ora kecampuran krama inggil
tetembungan ngoko kecampuran krama inggil
Aku ngenteni bis saka jam lima nganti jam sepuluh. Ukara iki yen diowahi nganggo basa krama yaiku ....
Kula ngenteni bis saka jam lima nganti jam sepuluh
Kula ngrantos bis saking tabuh gangsal ngantos tabuh sedoso
Aku ngenteni bis saka tabuh gangsal nganti tabuh sedoso
Kula ngentosi bis saka tabuh gangsal ngantos tabuh sepuluh
Kang dadi titikane krama alus utawa krama inggil yaiku ….
tetembungan krama kang ora kecampuran ngoko
tetembungan krama kang kecampuran ngoko madya
tetembungan ngoko kang ora kecampuran krama inggil
tetembungan ngoko kecampuran krama inggil
Panganggone basa krama alus utawa krama inggil yaiku ….
kanggo wong enom menawa matur karo wong tuwa
priyayi marang priyayi sing wis kulina
sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate
garwane priyayai marang sing kakung
Nalika rumangsa salah, carane njaluk pangapura miturut unggah ungguh lan tata krama jawa yaiku matur “kula nyuwun pangapunten” lan patrape….
ngadeg
dungkluk
ngapurancang
lungguh
Menawa ketemu guru, wong kang luwih tuwa ngucapake salam jumbuh karo wektune, tangane karo ngapurancang. Ngapurancang yaiku ….
ngadeg sinambi tangan di kumpulke ing weteng bagian ngisor
mlaku karo rodo mbungkug
salaman
nyakupke tangan ing dada
1Yen mlaku ngliwati wong kang lagi lungguh, matur kang sopan yaiku ….
nderek langkung
maturnuwun
ngapunten
sami sami
