WorksheetsBahasa Jawa
Total questions: 20
Worksheet time: 49mins
basa krama kang ora kacampur karo krama inggil diarani...
ngoko alus
krama alus
krama lugu
krama inggil
ngoko lugu
ing ngisor iki tuladhane basa ngoko alus sing trep yaiku...
bapak durung mulih nganti jam 7 bengi
simbah lara untu wis 3 dina
bulik Maryati nembe kemawon dhahar wonten warungipun Yu Juwariyah
menawi panjenengan kersa, mangga dipunpundhut
mas Joko tindak menyang Bali mau esuk
ing ngisor tuladhane tembung saroja, kejaba...
gedhe endhase
abang mbranang
gagah prakosa
tahu tempe
rina wengi
Geguritan yaiku...
sawijine karya sastra kang basane dawa, mentes, lan ora endah
sawijine karya sastra kang basane cekak, mentes lan endah
sawijine karya sastra kang basane dawa, mentes lan endah
sawijine karya sastra kang basane cekak, mentes lan ora endah
sawijine karya sastra kang basane cekak, ora mentes, lan endah
Pesen kang kinandhut ing geguritan kang diandharake panggurit marang pamaca yaiku...
nada
rasa
amanat
tema
dhiksi
Wacanen kanthi premati geguritan ing ngisor iki!
Sinau Budaya
Budaya jawa saya suwe saya ilang
Kesaput jaman kang saya modern
Cah-cah saiki ora bisa basa jawa Banjur sapa?
Nelangsa banget budaya jawa
Ora kabeh wong mangerteni
Ana gamelan sing cacahe akeh
Tembang macapat kang endah
Crita wayang kang kondhang
Dakgawe ing ngendi budaya jawa
Ayo padha nguri-nguri budaya jawa
Sinau tradhisi
geguritan ing dhuwur kasusun saka ... gatra
10
11
9
13
12
"ayo padha nguri-nguri budaya jawa"
gulu lagu lan guru wilangan saka ukara ing dhuwur yaiku...
14a
11a
12a
13a
10a
paraga sajrone drama ana (3) watake, yaiku...
Antagonis, protagonis, sensitif
Antagonis, protagonis, tritagonis
Sensor, ritme, imajinasi
Sensitif, erotis, medis
Protagonis, sinis, magis
sajrone tembang macapat kaiket dening...
guru gatra, guru wilangan, guru lagu
guru lagu, guru sastra, guru swara
Guru swara, guru lagu, guru basa
Guru wilangan, guru sastra, guru basa
Guru pada, guru sastra,guru lagu
Sandhangan aksara Jawa kang unine (u), diarani...
suku
wulu
taling
taling tarung
pepet
"Adhiku durung gelem mlebu sekolah".
Yen disalin dadi basa krama alus yaiku...
Adhiku dereng gelem mlebet sekolah
Rayi kula durung gelem mlebu sekolah
Adhi kula dereng gelem mlebet sekolah
Rayi kula dereng kersa mlebet sekolah
Rayi kula durung purun mlebet sekolah
Kang diarani cerkak yaiku karangan cekak kang awujud...
guritan
gancaran
serat
tembang
pawarta
Ing ngisor iki kang dadi titikane basa ngoko alus yaiku...
basa ngoko kang tembunge basa rinengga
basa ngoko kang ora kacampuran ragam basa krama alus
basa ngoko kang tembunge dienggo saben dina
basa ngoko kang ora kacampuran ragam basa ngko
basa ngoko kang kacampuran ragam basa krama alus
"Mas, panjenengan mengko didhawuhi bapak menyang daleme pakdhe. "
Tataran basa kang digunakake ing ukara kasebut yaiku...
krama inggil
ngoko lugu
ngoko alus
krama alus
krama madya
Bapak nembe kemawon ... kula mboten wantun nggigah.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku...
turu
sare
merem
tilem
bobok
Pacelathon ing crita drama diarani...
prolog
epilog
monolog
dhialog
pawarta
Gatekna pratelan drama ing ngisor iki!
(Ing tengah dalan ketepakan ketemu karo Mas Pri sing lagi ngrondha, kemulan sarung sajak males lan ngantuk banget)
Mbak Sukinah : “Hla, iki uwonge!”
Mas Pri : “Ya ampun, ngaget-ngageti wae Mbak! Mbak! Ana apa iki kok rombongan?”
Jaenuri : “Mas Pri, aku takon.”
Mas Pri : “E, ana Mas Amat barang ta iki? Em, nggawa tape ora, Mas?”
Mas Amat : “Ora. Tapeku buyar diborong pocong.”
Mas Pri : “Jaenuri arep takon apa mau?”
Latar ana pratelan drama kasebut manggon ing….
dalan
kuburan
pos ronda
pinggir kali
ngarep omah
Gatekna pratelan drama ing ngisor iki!
Tira : “Ran, sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”
Rani : “Sida Tir, apa kowe ora ngerti?”
Tira : “Ora, jalaran pertemuan minggu kepungkur aku ora mlebu sekolah amarga lara.”
Rani : “Yen ngono mengko sore sinau bareng wae ya Tir neng omahku.”
Tira : “Ya, kebeneran aku mengko arep ngajak Sinta.”
Rani : “Ya, taktunggu tekamu. Kae bel sakolah wis muni. Ayo ndang mlebu kelas.
Pratelan drama ing ndhuwur nggunakake ragam basa....
krama inggil
krama alus
ngoko alus
krama lugu
ngoko lugu
alise ...
ukara panyandra kang trep kanggo ngganepi tembung ing dhuwur yaiku...
miji timun
nanggal sepisan
nduren sajuring
tumenga ing tawang
nawon kemit
"Badan kari ngglinthing"
pethikan tembang macapat kasebut dumadi saka ... wilangan
10 wanda
5 wanda
7 wanda
6 wanda
3 wanda
