wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Soal PRA SUMATIF AKHIR JENJANG

Total questions: 40

Worksheet time: 2hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

GAMBUH : Aja nganti kebanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur kojur sayekti ta becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.

1. "Yen kebanjur kojur sayekti tan becik". Tembung KOJUR tegese... .

a)

ora nganggo

b)

bener

c)

nemahi cilaka

d)

mulang

2.

GAMBUH : Aja nganti kebanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur kojur sayekti ta becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.

2. "Aja nganti kebanjur, barang polah ingkang nora jujur" tegese... .

a)

ayo padha kebanjur marang tumindak kang ora jujur

b)

aja nganti kebacut marang sakabehing tumindak jujur

c)

aja nganti manungsa iku kulina nglakoni samubarang kang jujur

d)

aja nganti manungsa iku kulina nglakoni samubarang kang ora jujur

3.

Wacan kanggo nomer 3: Ning dhasar kancil, nek kepepet kaya ngene iki malah pikirane bisa mletik. "Sabar... sabar sabar...pak baya... sabar". Kancil wiwit muter mikire. "Aku iki jan jane diutus karo Kanjeng Nabi Sulaiman. Kanjeng Nabi arep maringi rejeki marang kaum baya kabeh. Lha aku terus diutus kon kudu ngetung ana pira baya sing ana neng kali iki", kancil crita karo ngatur ambegan ben ora ketok ndredheg arep diuntal baya.

3. Manut pethikan crita ing dhuwur Kancil iku duweni sifat... .

a)

bodho

b)

seneng tetulung

c)

angel mikire

d)

gampangan anggone mikir

4.

Wacan kanggo nomer 4 : KIDANG KENCANA

Kidang kang lagi golek pangan ana ing alas, nurut-nurut milih gegodhongan kang bisa dipangan, nganti tekan sacedhake Sinta kang lagi lelungguhan. Kidang ora wedi, malah-malah kaya-kaya ngajak dedolanan. Kidang kang ulese emas iku malah kaya mbebeda, nyedhak-nyedhak Sinta nanging yen arep dicekel mlayu. Kahanan ngono kuwi kang ndadekake Sinta kepranan karo kidang kuwi, wusana nyuwun marang Rama Wijaya supaya dicekelake.

4. Manut wacan ing dhuwur kang katon aneh ing crita iki yaiku... .

a)

ing alas ana kidang, ora wedi wong

b)

kidang ulese emas, ora wedi marang wong, malah ngajak dolanan

c)

kiang ulese emas, arep dicekel mlayu

d)

ing alas ana kidang, arep dicekel mlayu

5.

1.Dadi bocah mbok aja sok muna muni sakepenake dhewe, mundhak ora apik

2.Bocah kembar sakloron iku arane Kartana-Kartini

3.Wis bola bali dikandhani kok ora ngerti, jane mudheng apa ora ta?

4.Akeh mahasiswa-mahasiswi sing padha jejagongan ing plataran kampus PEM Akamigas Cepu

5. Ukara ing ndhuwur kang migunakake tembung yogyaswara yaiku ukara nomer... .

a)

4

b)

1,3

c)

1,2,3

d)

2,4

6.

Wong urip kuwi kudu enthengan tangan supaya disenengi sapa wae.

6. Tembung enthengan tangan tegese... .

a)

seneng mara tangan.

b)

seneng tetulung

c)

ora seneng tetulung

d)

ora seneng mara tangan

7.

Adhiku mangan sega goreng sapiring.

7. Perangan gatra wasesa ing ukara iki yaiku... .

a)

adhiku

b)

mangan sega

c)

mangan

d)

sega goreng

8.

Mripate Sapardi aboh sakepel amarga dijotos kancaku.

8.Tegese ater-ater sa- ana ing tembung sakepel yaiku... .

a)

kabeh

b)

siji

c)

padha karo

d)

tunggal

9.

PANGKUR : Sekar pangkur kang winarna, lelabuhan kang kanggo wngaurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipunkadulu, miwah ingkang tata krama, den kaesthi siyang ratri.

9. Tembang Pangkur ing dhuwur iku nyritakake manawa wong urip kudu ngerteni bab... .

a)

tumindak elek lan apik

b)

tumindak saru

c)

tumindak kurang utama wae

d)

unggah-ungguh bebrayan

10.

ASAL USULE CEPU

Sawise Bupati Harya Penangsang gugur Sultan Hadiwijawa utusan marang putra-putrahe supaya ndandani Jipang lan ngedegake maneh kraton ing Jipang Panolan Putra putrane meu vaiku Pangeran Benawa lan para kadange. Dening Sultan Palang putrane mau diparingi Pusaka Pajang kang rada akeh cacahe banjur diwadhahi genthong Pusaka pusaka mau banjur katalali Wulu domba pancal Panggung Ora suwe ana ing Jipang Panolan pusaka-pusaka mau ilang Mula Pangeran Benawa ngutus para kadange pangeran mau ngupadi pusaka nganti ketemu. Wulu Domba Pancal Panggung mau kadhusta dening Modin Kuncen kang kabantu dening Modin Ngoken utusan Kabupaten Rajegwesi (saiki Bojonegoro).

10. Wulu Domba Pancal Panggung mau kadhusta dening Modin Kuncen kong kabantu dening Modiy Ngoken utusan Kabupaten Rajegwesi (saiki Bojonegoro). Tembung kadhusta tegese... .

a)

digawa

b)

dibanting

c)

dicekel

d)

dicolong

11.

ASAL USULE CEPU

Sawise Bupati Harya Penangsang gugur Sultan Hadiwijawa utusan marang putra-putrahe supaya ndandani Jipang lan ngedegake maneh kraton ing Jipang Panolan Putra putrane meu vaiku Pangeran Benawa lan para kadange. Dening Sultan Palang putrane mau diparingi Pusaka Pajang kang rada akeh cacahe banjur diwadhahi genthong Pusaka pusaka mau banjur katalali Wulu domba pancal Panggung Ora suwe ana ing Jipang Panolan pusaka-pusaka mau ilang Mula Pangeran Benawa ngutus para kadange pangeran mau ngupadi pusaka nganti ketemu. Wulu Domba Pancal Panggung mau kadhusta dening Modin Kuncen kang kabantu dening Modin Ngoken utusan Kabupaten Rajegwesi (saiki Bojonegoro).

11. Pusaka Pajang kang cacahe rada akeh iku mau sabanjure diselehake ana ing... .

a)

kuncen

b)

genthong

c)

ngoken

d)

klenthing

12.

12. Ing jaman penjajahan mungsuh Walanda, para pejuwang Kamardikan padha perang riganti

direwangi tatune arang kranjang. Tatune arang kranjang tegese tatune... .

a)

sithik banget

b)

akeh banget

c)

arang-arang banget

d)

arang kaya kranjang

13.

13. Saben malem Jumat Kliwon ing desaku katon sepi banget. Jumat Kliwon iku basa kawine Sukra Kasih. Dene yen Sabtu Legi basa kawine... .

a)

Anggara Manis

b)

Respati Manis

c)

Soma Manis

d)

Tumpak Manis

14.

14. KINANTHI

Dadiya lakunireku,

cegah dhahar lawan guling.

lawan aja sukan-sukan,

anganggoa sawatawis,

ala watake wong suka,

nyuda prayitnaning batin.

Ing ngisor iki kalebu isining tembang Kinanthi ing dhuwur yaiku... .

a)

ngurangi mangan lan turu

b)

kerep seneng-seneng

c)

akeh mangan lan turu

d)

wong yen kakehan seneng-seneng bakal apik watake

15.

15. 1.Yen pinuju wayah sore akeh bocah padha seneng dolanan menek klapa.

2.Mbak Maimun lagi nyunduki daging amerga arep nggawe sate ayam

3.Le, ayo ndang padha mangan awan, mengko mundhak keleson!

4.Ing mangsa ketiga akeh wong padha ndhudhulk lemah kanggo nggawe sumur.

Ukara-ukarą ing dhuwur kang kalebu rura basa yaiku ukara nomer...

a)

1,2,3

b)

1,3

c)

2,4

d)

4.

16.

16. Anggone mergawe ing Kutha Sala yen kaeting suwene wis dasa warsa. Tembung dasa iku kalebu tembung wilangan kawi kang tegese... .

a)

wolu

b)

sanga

c)

sepuluh

d)

sewelas

17.

17. 1.Mbah Sarmonah mbunteli dhele tempe

2. Adhiku pinter nggambar kewan

3. Sarmini nyapu latar ngarep omah

4. Lawuh daginge dipangan kucing ireng.

Ukara ukara ing dhuwur kang kalebu ukara tanggap yaiku nomer... .

a)

1,2,3

b)

1,3

c)

2,4

d)

4

18.

18. Bagus Wisesa iku pancen bocah kang manut tur bagus rupane. Mula pantes yen dadi atmajane Bapak Purwanto.

Tembung atmaja iku padha karo yoga kang tegese... .

a)

kanca

b)

anak

c)

adhine

d)

kangmase

19.

19. "Merga untune Simbah lara mula dheweke ora gelem mangan

Manut unggah-ungguhe, ukara iki kurang trep. Mula yen diowahi nganggo basa ngoko alus

dadi... .

a)

Merga wajane Simbah sakit mula panjenengane ora kersa dhahar.

b)

Merga untune Simbah gerah mula panjenengane ora kersa nedha.

c)

Amargi wajanipun Simbah gerah mila panjenenganipun boten kersa dhahar.

d)

Merga wajane Simbah gerah mula panjenengane ora kersa dhahar.

20.

20. Ibu "Ndhuk, apa kowe ngerti ana ngendi Bapakmu?

Jeni "Inggih, Buk. Kalawau Bapak numpak montor badhe dhateng griyane Pak Lurah."

Ibu woalah, tindak ta. Ya wis yen ngono."

Jeni: "Inggih, Buk."

Ukarane Jeni ing pacelathon ndhuwur iku kurang trep, mula yen diowahi nganggo basa krama alus dadi....

a)

Inggih, Buk. Kalawau Bapak nitih montor badhe dhateng dalemipun Pak Lurah

b)

Inggih, Buk. Kalawau Bapak nitih montor badhe dhateng griyanipun Pak Lurah

c)

Inggih, Buk. Kalawau Bapak ngasta montor badhe dhateng dalemipun Pak Lurah

d)

Inggih, Buk. Kalawau Bapak ngasta montor badhe dhateng griyanipun Pak Lurah

21.

21. 1. Sampeyan yoganipun rak namung kalih ta?

2. Nggih, Lik. Kula kancanipun Parjo, putra panjenengan.

3. Sampeyan sadeyan teng peken pundi mawon, Lik?

4. Menawi makaten panjenengan asring tindakan, nggih?

Ukara-ukara ing dhuwur kang nggunakake basa krama lugu yaiku ukara nomer....

a)

1,2,3

b)

2,4

c)

1,3

d)

4

22.

22. Siti "Bu, menapa leres sampeyan ngundang aku?"

Ibu "lya, kae tilikana sajake ana pegawe pos mrenel Siti: "Inggih, leres Bu. Menika serat saking Pak Lik ing Bandung.

Basane Siti ing pacelathon ndhuwur iku kurang trep, kudune...

a)

Bu, menapa leres panjenengan ngaturi kula?

b)

Bu, menapa leres panjenengan nyaosi kula?

c)

Bu, menapa leres panjenengan nimbali kula?

d)

Bu, menapa leres panjenengan nyeluk kula?

23.

23. BUKALAH BUKU WASITA "UNGU" HALAMAN 52 (PRA SUMATIF), SOAL AKSARA JAWA NOMER 23.

Kemudian salin jawaban yang menurutmu benar dengan meng-klik opsi di bawah ini... .

a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

24.

24. BUKALAH BUKU WASITA "UNGU" HALAMAN 52 (PRA SUMATIF), SOAL AKSARA JAWA NOMER 24.

Kemudian salin jawaban yang menurutmu benar dengan meng-klik opsi di bawah ini... .

a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

25.

25. BUKALAH BUKU WASITA "UNGU" HALAMAN 52 (PRA SUMATIF), SOAL AKSARA JAWA NOMER 25.

Kemudian salin jawaban yang menurutmu benar dengan meng-klik opsi di bawah ini... .

a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

26.

26. BUKALAH BUKU WASITA "UNGU" HALAMAN 52 (PRA SUMATIF), SOAL AKSARA JAWA NOMER 26.

Kemudian salin jawaban yang menurutmu benar dengan meng-klik opsi di bawah ini... .

a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

27.

27. Bu Triman: "Ora les, Le. Kok ora nyang sekolahan?"

Sujono: "Ora,... males! Males sekolah!"

Pak Triman: "Lho, lho... cah bagus kok males sekolah. Ya isin karo jenengmu ta, Sujono!"

Sujono: "Mbuh..."

Bu Triman : "Kowe ngerti ra, Le tegese Sujono?"

Sujono: "Mbuh... ra ruh!"

Bu Triman: "Su iku tegese linuwih, su iku apik. Dene jonoiku tegese wong. Dadi Sujono iku tegese wong sing linuwih utawa wong sing apik."

Adhedhasar pethikan pacelathon ing dhuwur, watake Sujono yaiku... .

a)

Pinter

b)

Apik

c)

linuwih

d)

aras-arasen

28.

28.Pak Danu dadi repot lan susah atine amarga putrane sing lulus SMK ora gelem nerusake kuliah malah kenceng tekade arep dadi TKI ing negara manca. Prasasat ora kena dipenggak kekarepone.

Pratelan iki cocog karo paribasan kang unine... .

a)

didhadhunga medhot dipalangana mlumpat

b)

busuk ketekuk wong pinter keblinger

c)

kriwikan dadi grojogan

d)

blaba wuda

29.

29.Pak Karta iku anggone ngopeni putra-putrane sajake ora padha. Kara putrane sing disenengi, sakabehing panjaluke bakal dituruti. Nanging bareng kara putrane sing rada digethingi pelite ora karuwan.

Pratelan iki cocog karo bebasan... .

a)

kerot ora duwe untu

b)

kumrisik tanpa kanginan

c)

emban cindhe emban siladan

d)

sandhing kirik gudhigen

30.

30.Bocah-bocah padha nggarap PR Basa Jawa kajaba Laksono. Ukara iki nganggo gatra katrangan... .

a)

katemtuan

b)

wewatesan

c)

sarana

d)

kaanan

31.

31.Kabupaten Blora iku madeg ing tahun 1749.

Tahun 1749 yen ditulis nganggo sengkalan unine... .

a)

putri tata trus manunggil

b)

sapta catur wulang janmi

c)

catur panca trusing tyas

d)

trus kawarna sabdaning aji

32.

32. 1. Topan ndandani sepedha pancal

2. Kewan kang sikile papat kae

3. Purwanti nyirami kembang mawar abang kae

4. Bocah wadon kang ireng manis kae

Ukara ing dhuwur kang kalebu ukara elip (ora ganep) yaiku ukara nomer... .

a)

1.2.3

b)

1,3

c)

2,3

d)

2,4

33.

33.Ukara ing ngisor iki kang kalebu ukara ganep yaiku...

a)

Sinaua ing omahku wae!

b)

Bocah wadon kang nganggo pita abang kae

c)

Mas Wahyu nyekel pitik jago

d)

Pak guru kang mulang Basa Jawa

34.

34. Sardi tiba saka sepedha montor raine nganti babak....

Ganepane tembung kang kacithak kandel supaya dadi tembung saroja yaiku... .

a)

bundhas

b)

mbranang

c)

njingglang

d)

kabeh

35.

35. Yen nggawa gelas sing ngati-ati amerga gampang pecah.

Tembung gelas yen dikerata basa dadi... .

a)

yen tugel kena dilas

b)

yen tugel ora kena dilas

c)

yen tugel bakal melas

d)

nugel karo ngelas

36.

36. Bocah enom iku kudu sregep nyambut gawe kareben uripe mbesuk bisa mulya.

Tembung enom minangka sasmitane tembang macapat... .

a)

Kinanthi

b)

Gambuh

c)

Megatruh

d)

Sinom

37.

37. DHANDHANGGULA : Pamedhare wasitaning ati, Cumanthaka aniru pujangga, Dhahat mudha ing batine, Nanging kedah ginunggung, Datan wruh yen akeh ngesemi, Ameksa angrumpaka, Basa kang kalantur, Tutur kang katula-tula, Tinalaten rinuruh kalawan ririh, Mrih padhanging sasmita.

Manut tembang Dhandhanggula ing dhuwur, tembung tutur nduweni teges... .

a)

wewarah, omong

b)

kurang duga

c)

lambang

d)

dialem

38.

38.DURMA : Mapan ana sesiku telung prakara, nanging gedhe pribadi, paniki lilira, ingkang telung prakara, aja nggunggung sireki, kalawan aja, nacat kepati-pati.

Bab piwulang sing dikarepake ing tembang Durma ing dhuwur, supaya manungsa ora ngenggoni watak lan sipat... .

a)

meneng wae

b)

nyacat lan serik

c)

gumedhe lan seneng nyacat

d)

gumedhe lan ngalem

39.

39.1. Mangana wiwit mau, wetenge Mas Bejo ya isih krasa lesu.

2. Ardi, nganggoa jaket ben ora kadhemen!

3. Aja maneh tukua buku, sarupiyah wae ora duwe.

4. Ndang mangana sega saiki, Wahyu!

Ukara-ukara ing dhuwur kang migunakake rimbag sambawa yaiku ukara nomer... .

a)

1,2,3

b)

1,3

c)

2,3

d)

2,4

40.

40.Ing ngisor iki kalebu ukara kang nganggo rimbag hagnya yaiku... .

a)

Wahyuni, jogane saponana kareben resik!

b)

Mengko sore udana sing deres kareben sawahku agung

c)

Kowe maneh bisaa nggarap, Putri wae sing pinter ora bisa.

d)

Budhala esuk mau mesthi aku ora telat sekolah.