wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Tembang Macapat Kelas XI

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Tembang macapat sing nduweni guru gatra padha yaiku ....

a)

Mijil lan Maskumambang

b)

Pocung lan Maskumambang

c)

Sinom lan Dhandhanggula

d)

Pangkur lan Durma

e)

Asmaradana lan Gambuh

2.

Kumpulaning tembang sawarna kang kadadean saka pirang-pirang pada lan kang surasaning cakepan siji lan sijine ana gegayutane diarani ....

a)

pada

b)

guru lagu

c)

guru wilangan

d)

guru lagu

e)

pupuh

3.

Ing ngisor iki tembang-tembang kang ora kalebu tembang macapat yaiku ....

a)

Gambuh, Pocung, lan Sinom

b)

Megatruh, Pangkur, lan Dhandhanggula

c)

Asmaradana, Mijil, lan Gambuh

d)

Maskumambang, Durma, lan Megatruh

e)

Kusumastuti, Balabak, lan Jurudemung

4.

Tetembungan utawa unen-unen kang dianggo utawa tinemu ana ing tembang diarani ....

a)

pupuh

b)

guru lagu

c)

guru wilangan

d)

guru gatra

e)

cakepan

5.

Yogyanira kang para prajurit.

Tembung kang kagaris ngisor gatra kasebut nduweni teges ....

a)

pantese

b)

dheweke

c)

nalika

d)

jaman

e)

upama

6.

Gatekna tembang ing ngisor iki!

  1. 1. Akale kaliru enggon

  2. 2. Tan wruh kang mangkono iku

  3. 3. Cahyaning Hyang kinira yen karuh

  4. 4. Ngarep-arep urup arsa den kurebi

  5. 5. Kasusu arsa weruh

  6. Urutan gatra tembang Gambuh kang bener yaiku ....

a)

2, 5, 3, 4, 1

b)

2, 4, 3, 5, 1

c)

5, 3, 4, 2, 1

d)

5, 3, 4, 1, 2

e)

5, 2, 3, 1, 4

7.

Tan wruh kang mangkono iku

Tembung kang kagaris ngisor asale saka tembung "weruh" lan kalebu jinis tembung ....

a)

garba

b)

plutan

c)

sesulih

d)

camboran

e)

entar

8.

Lamun bisa sira anulada.

Tembung kang kaagaris ngisor padha tegese karo tembung ....

a)

melu

b)

nyonto

c)

ngerti

d)

nulis

e)

ngupaya

9.

Kang ginelung tri prakara

Guru wilangan lan guru lagune gatra kasebut padha karo gatra ....

a)

Lelabuhanipun

b)

Sekar Pangkur kang winarna

c)

Amung cipta labuh nagari

d)

Aywa kongsi buwang palupi

e)

Pantes sagung kang para prawira

10.

Tembang macapat kuwi asale saka tembung ma + mat, tegese ....

a)

waosan serat kaping papat

b)

maca kanthi ngematake utawa ngrasakake supaya endah lagune

c)

pamacane rikat, ora alon, lagune ora kakehan cengkok

d)

maca kanthi alon-alon

e)

pamacane saben patang wanda